Total Tayangan Halaman

Senin, 14 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (37)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

37

Cantrik sing lagi teka kuwi nyedhak, sawise atur kurmat banjur mapan lungguh ing sisihe Rangga lan Marga. Ki Guru Sukirna banjur takon apa wigatine cantrik kuwi ngadhep.

"Nyuwun Pangapunten Bapa Guru, namung badhe atur uninga" Cantrik kuwi matur "ing regol kedhatengan Ki Suyudi kaliyan tiyang kalih ingkang dereng kula tepangi, badhe panggih kaliyan Bapa Guru".

"Lho Ki Suyudi karo wong loro sing kowe durung tepung? Ya wis aturana munggah pendhapa kene!" wangsulane Ki Guru Sukirna sing banjur ngomongi Rangga lan Marga supaya ngalih lungguh njejeri dheweke.

Ora suwe katon Ki Suyudi lan kancane loro munggah pendhapa, sawuse aweh kurmat iya banjur mapan lungguh klasa, ing ngarepe Ki Guru Sukirna, Rangga lan Marga.

"Nuwun sewu Ki Guru" Ki Suyudi miwiti kandha "dipun tepangaken, priyantun kalih punika Prajurit Utusanipun Pangeran Singasari, Ki  Citra kaliyan Ki Gati"

Muni ngono kuwi Ki Suyudi karo nudingi wong loro sing tekane bareng karo dheweke, nganggo jempolan tangane, wong loro sing jeneng Citra karo Gati kuwi padha manthuk kurmat marang Ki Guru Sukirna. Rangga lan Marga sing weruh sandhangan sing dienggo dening Citra lan Gati kuwi sakala ngerti yen wong loro kuwi Prajurit Sandi Mataram kanthi pangkat Tamtama tataran telu.

"Inggih, inggih Ki Sanak dipun  tepangaken kemawon kula Sukirna, inggih ingkang momong lare-lare Cantrik ing Padhepokan Banyugurih mriki" wangsulane Ki Guru Sukirna "dene ingkang njejeri kula punika punika siswanipun pepundhen kula nenggih Ki Tanparupa, ingkang kanan punika Angger Rangga dene ingkang kering  Angger Marga".

"Asmanipun Rangga Ki Guru?" Citra kaya wong kaget takon.

"Inggih, Angger Rangga dede Angger ingkang kagungan kalenggahan Rangga" Ki Guru Sukirna wangsulan karo mesem.

"Inggih Ki Guru" Citra ya melu mesem "kula namung lajeng kemutan kaliyan Raden Rangga putra dalem Kanjeng Panembahan Senapati ingkang kasektenipun boten saged dipun taker awit saking kathahipun".

"Punika namung nami ingkang sami Ki Citra" Rangga gage-gage melu nrambul gunem "kula Rangga anakipun Ki Suta, ingkang nembe badhe sinau ulah kanuragan dhateng Rama Guru Kyai Sukirna".

"Iya Dhi, aku ngerti kuwi" wangsulane Citra karo mesem .

"Nuwun sewu Ki Citra lan Ki Gati" Ki Guru Sukirna genti nakoni tamune "wau Ki Suyudi dhawuh bilih andika kekalih kautus Pangeran Singasari manggihi kula? lajeng dhawuh punapa ingkang andika asta kangge kula Ki?".

"Makaten Ki Guru" Citra wangsulan karo nata anggone lungguh "kabar ingkang dipun tampi dening Gusti Pangeran Singasari, Raden Sentani dinten benjing enjing punika badhe ngrabasa Padhepokan Banyugurih mriki sarta badhe amikut Ki Guru, jalaran Ki Guru pungguh boten kersa manunggal kaliyan tiyang  ngaken Trah Majapahit  ingkang madeg kraman punika".

"Kabar punika mbok menawi pancen leres Ki" Ki Guru Sukirna nyelani rembug "lajeng dhawuhipun Gusti Pangeran Singasari kadospundi?".

"Makaten Ki Guru" genti Gati sing guneman "Ki Guru kadhawuhan tetep anteng boten sisah ajrih saha kuwatos, awit Gusti Pangeran Singasari sampun rawuh ing papan mriki, kanthi ngasta wadya bala sagelar sepapan kangge ngendhak pikajengipun tiyang ingkang sami madeg kraman punika".

"Makaten nggih Ki? Inggih-inggih kula ngaturaken genging panuwun dhumateng Gusti Singasari tuwin sadaya Prajurit saking Mataram ingkiang sampun kepareng paring pangayoman dhateng kula miwah para kawula ing Jatipethuk lan Banyugurih mriki punika" Ki Guru Sukirna wangsulan karo manthuk-manthuk .

"Angkah kula makaten Ki Guru" Ki Suyudi nrambul rembug.

"Makaten kados pundi Ki Suyudi?" Ki Guru Sukirna takon.

"Wekdal samangke Gusti Pangeran Singasari lan para prajuriti Mataram harak badhe masanggrah  ing wana sakilening  Banyugurih punika?  Kadospundi pamanggihipun Ki Guru menawi Gusti Pangeran Singasari lan para Prajurit punika kaaturan masanggrah ing wewangunan enggal ingkang sak niki dipun enggeni Para Bebau lan Manca Kaki sarta para pamong Jatipethuk ingkang ngungsi punika?"  Ki Suyudi nembung wewangunan anyar calon kanggo paleremaning para cantrik kanggo masanggrah wadya bala saka Mataram.

"Menawi cekap saha Gusti Singasari kersa,   kula kinten langkung prayogi Ki Suyudi" wangsulane Ki Guru Sukirna nyetujoni apa sing diusulne Ki Suyudi, mung Ki Guru Sukirna ora ngerti cukup apa orane wewangunan sing durung rampung digawe kuwi kanggo masanggrah.

"Kula kaliyan Kakang Gati sampun ningali papanipun Ki Guru" Citra urun rembug "plataranipun wiyar, pekarangan ingkang dereng dipun tanemi ugi wiyar menawi kangge masanggrah prajurit Mataram langkung saking cekap".

"Nuwun sewu Ki Citra lan Ki Gati" dumadakan Marga nylemong melu omong.

"Iya apa ana apa Adhi?" Gati semaur klawan pitakonan.

"Benjing menawi saestu dados perang antawisipun wadya Mataram mengsah wadya kraman, punapa para Cantrik ing Banyugurih dipun keparengaken ndherek manunggal kaliyan prajurit Mataram, inggih sanaosa mbok menawi namung manggen ing garis wingking?".

"Inggih Ki" Ki Guru Sukirna ngimbuhi panemu "malah kula suwun wonten palilah saking Gusti Pangeran Singasari, anak-anak kula supados dipun keparengaken ndherek bidhal ing palagan sanaosa inggih kados ingkang dipun aturaken Angger Marga punika".

"Inggih Ki Guru" sing mangsuli tembunge Marga karo Ki Guru Sukirna Gati "mangke badhe kula aturaken dhateng Gusti Pangeran Singasari, namung kemawon menawi Gusti Singasari marengaken, kula titip weling dhateng kadang-kadang cantrik bilih peperangan mangke dede dolananipun lare-lare dhelikan ing wanci padhang bulan, ugi dede gegojeganipun lare-lare angen ingkang nengga maesanipun nyrenggut tedha ing pasuketan, nanging perang punika rebat gesang kaliyan mengsah. Menawi boten waspada badhe dumugining pralaya, menawi boten ngati-ati badhe manggihi pati, ingkang kirang cukat badhe kababat, ingkang lena badhe kaprawasa ing mengsah".

"Inggih Ki Gati" Ki Guru Sukirna wangsulan "badhe kula dumugekaken welingipun Ki Gati dhateng sedaya anak-anak kula para cantrik ing Banyugurih".

Ora suwe sabanjure, Citra karo Gati pamitan arep ngaturake wohing dinuta marang Pangeran Singsari sing isih ana alas ora adoh saka Padhepokan kono. Ki Suyudi uga banjur pamitan arep ngajak Bebau lan Mancakaki sing ana pangungsen, nata papan sing arep dienggoni masanggrah Prajurit Mataram.

Ki Guru Sukirna banjur nutugake anggone rembugan karo Rangga lan Marga.

"Nyuwun pangapunten lho Angger Rangga lan Angger Marga, awit atur kula ingkang makaten kala wau dhateng Prajurit Mataram" Ki Guru Sukirna kandha marang Rangga lan Marga.

"Boten punapa-punapa Rama" wangsulane Rangga "ingkang dipun ngendikakaken Rama Guru wau sampun trep. Kula ingkang nate manggen caket kaliyan Mataram, sampun apal watak wantunipun Pangeran Singasari miwah prajuritipun ingkang sakalangkung pitados dhateng kaprawiranipun, mila lajeng kados boten mbetahaken pambiyantu saking sinten kemawon, kalebet saking kadang Banyugurih mriki. Awit Pangeran Singasari lan wadya balanipun langkung rumiyin sampun pitados bilih badhe saged mrantasi damel piyambak".

"Kula ugi pitados Ngger, menggah kadigdayan saha kaprawiranipun Gusti Pangeran Singasari menawi magut yuda" Ki Guru Sukirna numpangi rembuge Rangga.

"Boten ateges ngremehaken kalangkunganipun Pangeran Singasari lan Prajurit Mataram Rama, namung kemawon awakipun piyambak harak inggih kedah metang bilih Raden Sentani ugi nggadhahi kalangkungan ingkang mbok menawi timbang kaliyan kalangkunganipun wadya saking Mataram, angemuti bilih sawingkingipun Sentani wonten kathah para lelembat ingkang boten katingal" Rangga aweh katrangan.

"Mila leres ingkang dipun ngendikakaken Angger Rangga, anggen kula mewahi atur pangiyat dhateng pangandikanipun Angger Marga dhateng ki Gati kala wau, kajawi ugi mawi petangan kekiyatanipun Sentani ugi .... kula emut dhawuhipun Ki Tanparupa ing pasupenan kula".

Rangga karo Marga mesem, banjur kandhane Marga marang Ki Guru Sukirna :

"Sang Ghaibul Ghaib, Gustining para Gusti ingkang badhe paring kawilujengan dhateng Padhepokan Banyugurih miwah Kademangan Jatipethuk punika Rama".

Genti Ki Guru Sukirna sing mesem amba.

 

ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...