Total Tayangan Halaman

Senin, 14 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (36)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

36

Wong lima sing ngaku Prajurit Majapahit kuwi dijujugne Pendhapa dikongkon lungguh neng jogan. Ora suwe banjur disuguhi omben wedang beras kencur lan panganan Tela pohung sing digodhog nganggo santen lan gula klapa diwadhahi layah saka lemah. Wong lima kuwi plenggang-plenggong gumun, ingatase yen dheweke kuwi kena diarani bandan lha kok di openi kanthi becik, dikurmati kaya salumrahe tamu. Wong lima kuwi ora bisa nggambarake apa sing arep ditindakne marang Rangga sakancane saupama dhek mau sing menang dheweke, dudu Rangga lan Marga. Wong lima kuwi uga ilang gegambaran ing angen-angene mungguh kekuwatane Padhepokan Banyugurih sing jarene Raden Sentani padhepokan Cilik, cantrike durung pati prigel nggegem garaning gegaman. Nanging kanyatane lagi ngadhepi Cantrik cilik sing durung suwe meguru neng kono, wong lima wis digawe babak bundhas ora karuwan, tur sing tumandang mung Cantrik loro sing isih bocah kabeh.

"Mangga nDara, unjukane dipun unjuk. Niki pipisan wos kalih kencur, sae kangge njampeni badan sing njarem. Kalih niku pohung godhogan diadoni santen kaliyan gendhis klapa, murugaken teng padharan sekeca" Kandhane Darya marang wong lima kuwi,  Darya dening Rangga lan Marga dipasrahi ngancani wong lima kuwi sadurunge ditakoni dening Ki Guru Sukirna.

"Enggih, enggih Kang Cantrik, matur nuwun" wangsulane wong lima kuwi semu isin. Nanging omben beras kencur sing diwadhahi cangkir bathok klapa kuwi ya banjur dicandhak lan dicecep dhewe-dhewe, krasa legi seger. Ditutugne karo padha mangan tela godhoge.

Ki Guru Sukirna saka mburi ditutne Marga lan Rangga, munggah pendhapa marani wong lima sing lagi mangan lan ngombe suguhane para cantrik kuwi. Weruh Ki Guru Sukirna teka, wong-wong kuwi padha nyelehne layah sing dicekeli, karo aweh kurmat.

"Mangga ditutugne dhisik olehe ngrahabi panganan padhepokan sing prasaja kuwi" Wuwuse Ki Guru Sukirna karo mapan lungguh "mengko wae, nek wis rampung lagi jagongan, omong-omongan sing kepenak".

"Inggih, ngaturaken gening panuwun Ki Guru" wong-wong kuwi semaur dhewe-dhewe.

Lagi bareng anggone padha mangan wis rampung, Ki Guru Sukirna, banjur miwiti anggone nakoni wong lima kuwi :

"Dadi bener ndika kabeh iki Prajurit Trah Majapahit kaya sing dicritakne Darya lan Sonya marang aku?" .

"Inggih Ki Guru" salah siji saka wong lima kuwi wangsulan "kula tiyang gangsal niki mila andhahanipun Gusti Raden Sentani ing Jatipethuk mriki".

"Lha, ndika rawuh ing Banyugurih iki mau, saka kersa ndika dhewe? apa merga ngemban dhawuh saka pepundhen ndika? lan ya gene kok jarene banjur padha gojegan sethithik karo Cantrik-cantrik Banyugurih kene? Ya sing gedhe pangapura ndika kabeh, pancen cantrik anyaran kuwi sok isih rada nakal sethithik" wuwuse Ki Guru Sukirna sabanjure.

"Kadang-kadang Cantrik boten lepat Ki Guru" wong mau aweh wangsulan "kula sakanca kemawon ingkang radi keladuk, tumindak boten mawi petang ingkang jangkep, kados dene precil kodhok ingkang boten sumerep agenging Gunung Mahendra. Inggih Ki Guru, blaka kemawon, estunipun kula sakanca wau nindakaken prentah saking lurah kula, inggih punika supados manggihi andika Ki Guru bilih watesing wekdal saking Gusti Raden Sentani dhateng Ki Guru kantun kalih dinten malih. Kula sakanca ugi kadhawuhan supados nggegiro lan nggiri-giri Ki Guru miwah para Cantrik ing mriki, murih Ki Guru lan para Cantrik sami kaweden. Pranyata, petanganipun lurah kula mleset, dereng ngantos kula kepanggih Ki Guru, kariyinan dipun damel babak bundhas tanpa daya dening Kadang Cantrik ing pategilanipun".

"Ooo, ngono? banjur ndika ora narimakake awit tumindake Cantrik Banyugurih marang ndika iki?" Ki Guru Sukirna takon maneh.

"Boten, boten Ki Guru" wong kuwi groyok wangsulan "malah kula ngaturaken panuwun dhumateng Kadang Cantrik ingkang ngajak kula mriki, awit kedahipun kula sakanca sampun dipun rampungi ing pategilan kala wau, nanging kula boten dipun pejahi malah badhe dipun paringi tamba, sarta ing mriki kula sakanca dipuntampi kanthi sae kados makaten. Sepisan malih kula ngaturaken panuwun Ki Guru".

"Yen pancen mangkono, saiki kareben enggal pulih ndika kabeh arep ditambani para cantrik sing marsudi ing reh kuwarasaning raga, mengko yen wis rampung yen ndika ngersakne bali menyang Jatipethuk, bablas bali wae, ora susah nggoleki aku kanggo pamitan, merga aku ana gaweyan sethithik ana sajabaning Padhepokan" kandhane Ki Guru Sukirna sing banjur aweh prentah marang Darya "Darya, dherekna sedulur-sedulur iki menyang sanggar kasarasan, dhawuhna marang cantrik sing ana kana yen Aku dhawuhake supaya aweh tamba marang para prajurit iki".

"Anu, Ki Guru...." durung nganti Darya wangsulan salah siji saka wong lima kuwi wangsulan luwih dhisik "kula ajrih, kula boten wantun wangsul dhateng kasatriyan, awit tartamtu ing mrika mangke kula badhe nampi pidana ingkang sakalangkung awrat jalaran boten saged lebda ing karya".

"Lha banjur kepiye?" Ki Guru Sukirna pitakon.

"Kula boten badhe wangsul" wong mau kandha karo wel-welan kawden "kula nyuwun pangayoman dhateng Ki Guru, kula ndherek mangayom wonten padhepokan mriki Ki Guru,awit kula dereng kepengin sirah kula pisah kaliyan raga keliwatan pedhang pusakanipun Gusti Raden Sentani".

"Lha banjur sing arep atur palapuran marang Lurah ndika sapa?"

"Kula boten idhep" wong mau wangsulan "ingkang baken kula dereng kepengin pejah rumiyin Ki Guru".

"Yen mangkono sing dadi kersa ndika kabeh, ya aku mung bisa aweh pitulungan sakkuwasaku, mengko ndika bisa kumpul karo kanca-kanca ndika sing wis ana kene luwih dhisik, yaiku Ki Sugali lan wong pitulas sing jare andhahane".

Darya banjur ngajak wong lima sing lakune isih gruyuh-gruyuh, praupane bengeb kuwi menyang Sanggar Kasarasan, arep dipasrahne para cantrik sing padha ngudi ing reh kuwarasaning raga. Wong lima kuwi uga aweh weruh marang Ki Guru Sukirna yen rong dina maneh Raden Sentani arep ngirit wadya balane kanggo mikut Ki Guru Sukirna lan para cantrike. Lan nalika Ki Guru Sukirna takon mungguh sepira kekuwatan sing diduweni Raden Sentani sawutuhe, wong lima kuwi mung bisa kandha blaka yen kabeh cacahe prajurit rucah ana rongatusan punjul sethithik, ketambahan para agul-agul sing nduweni ngilmu kanuragan sing aneh-aneh ana wong lima las. Nanging wong lima kuwi luwih percaya yen Padhepokan Banyugurih duwe kekuwatan sing luwih dhuwur, ketitik lagi cantrik loro sing durung suwe mlebu meguru ing Padhepokan Banyugurih wae, wis bisa nglumpuhne prajurit lima klawan wektu mung sagebyaring that-thit.

"Dados sampun cetha Ngger" kandhane Ki Guru Sukirna bareng sing ana pendhapa kari Marga lan Rangga "Sentani nekad badhe ngrabasa Padhepokan mriki. Padhepokanipun tiyang nalika alitipun saben dinten momong Sentani lan ngayomi menawi dipun tukari lare sanesipun".

"Inggih Rama Guru" wangsulane Rangga "boten wonten ingkang pantes dipun getuni, menawi pikajengipun Sentani makaten, inggih sampun dipun adhepi kemawon".

"Inggih Rama Guru" Marga melu urun rembug "pancen estunipun mengsah boten kaupadi, nanging yen pinanggih boten badhe ajrih, sirik mundur nadyan sapecak, tan wawang sumerep rerajek tumbak. Kula pitados kaliyan pangwasing Gusti ingkang Maha Angayomi dhumateng Titah ingkang ngagengaken raos pasrah, muhung sumarah dhateng Pangwasanipun".

"Inggih Ngger" wangsulane Ki Guru Sukirna "sasmita ingkang kula tampi saking Ki Tanparupa sampun cetha lan namung dhateng Gusti awakipun piyambak saged nyenyuwun saha masrahaken murih saening lampah".

Anggpone omong-omomgan wong telu dumadakan mandheg. Saka ngarep katon ana cantrik munggah pendhapa, aweh kurmat arep ngaturake bab sing sajak wigati. Ki Gur Sukirna aweh sasmita supaya cantrik kuwi enggal nyedhak.

 

ana candhake.

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...