Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
42
Ki Trenggilingwesi mentheleng, jroning atine ana rasa gumun ngerti kekendelane bocah sing ngaku jeneng Marga kuwi. Diarani kendel amerga ingatase isih nom-noman wani-wanine nrobos ing tengah-tengahing paprangan antarane Prajurit Mataram karo Prajurit Trah Majapahit, kamangka ya ora nggawa gegaman apa-apa. Kapindho olehe teteg nyawang dheweke klawan anteng ora nuduhne rasa wedi sithik-sithika, malah kepara mau wis wani ngganggu anggone arep ngremuk sirahe prajurit Mataram sing wis tanpa daya. nanging yen nitik bebaune, bocah nom iki pancen bebau bebakalan sing becik, lire upama wekel diwulang tata reh kanuragan bakal dadi wong sing peng-pengan. Mula najan mau Ki Trenggilingwesi wis digawe kagol atine, kanthi tetimbangan sing keri dhewe iki, Ki Trenggilingwesi thukul rasa eman ing atine. Eman yen bebakalan sing becik iki kudu cures sadurunge thukul luwih gedhe. Iba senenge yen Ki Trenggilingwesi duwe murid sing duwe bebakalan kaya ngono becike kuwi.
"Oo dadi kowe bocah padhepokan Banyugurih? Kok teka kene? apa karo gurumu diprentahake supaya Banyugurih nyawiji karo Prajurit saka Mataram iki?" Ki Trenggilingwesi takon, tembunge ora kasar babar pisan.
"Iya Kyai, Guru Kyai Sukirna ora dhawuh supaya Cantrik-cantrike nyawiji karo sapa-sapa kok, malah Guru ngendika nek mesakne banget marang wong-wong sing seneng ngatonke bodhone. Lha tekaku mrene kepengin sinau carane ngecakne ilmu kanuragan sing tenanan, merga nek neng gladhen ngana kae rak mung ethok-ethokan wae?!?" wangsulane Marga kanthi suwara polos, suwarane bocah sing lugu.
"Sapa sing dikarepne dening Gurumu wong sing seneng ngatonake bodhone kuwi ?" Ki Trenggilingwesi takon maneh.
"Guru ora ngarani sapa-sapa, mung aku kerep dituturi yen aku kudu mesakne wong-wong sing seneng mamerne bodhone, yaiku wong sing ora gelem nggunakne nalare kanggo ngrampungne perkara sing diadhepi. dadi aku sing wani ngarani, dudu Guru, yen tenane wong-wong Mataram karo wong-wong sing jarene Trah Majapahit kuwi padha wae, ora seneng nggunakne nalar, nanging malah seneng niru lekase Asu Ajag sing keregan karo padha asune, rebutan bathang celeng sisane Macan sing ditinggal lunga merga wis wareg" wangsulane Marga karo nyedhakepne tangane neng dhadha.
"Hus.....!!!" Ki Trenggilingwesi rada nggetak "kowe bocah durung nalar, nek omong sing kepenak, aja waton njeplak. Kena wae nek sing kok arani padha karo asu kuwi wong-wong Mataram sing goblog-goblog kae, nanging aja pisan-pisan kowe wani mbaleni omonganmu ngono kuwi marang Trah Majapahit, klebu neng ngarepku, yen ora kepengin tugel gulumu. Ngerti?".
Marga ngguyu kepingkel-pingkel krungu panggetake Ki Trenggilingwesi ngono kuwi, kaya ngguyu merga weruh solahe lan krungu pambanyole Dhalang Wayang Beber sing nyritakne lucune Dhoyok karo Bancak punakawane Raden Panji Inukertapati kae.
"Mingkem!!!!" Ki Trenggilingwesi nesu "apa sing kok guyu? He?!!?".
"Lucu" wangsulane Marga karo nutupi lambe nganggo epek-epeke.
"Apa sing lucu?" Ki Trenggilingwesi mbengok.
"nDika Ki" Wangsulane Marga "aku sing ndika arani bocah durung nalar wae ngerti, mung kewan sing seneng cokot-cokotan karo padha kewane merga rebutan bathang, lha kok nDika sing wis tuwa malah ngarani nek sing goblog kuwi wong Mataram, kamangka ndika ya ora beda karo sing ndika arani goblog kuwi, malah marahi katon luwih goblog kuwi bareng ndika ngincim aku nek wani muni ngono kuwi maneh neng ngarep ndika arep ndika tugel guluku. Eling Ki, anggonku muni ngono mau merga mung arep nglegani ati ndika kanthi mangsuli sing ndika takokne, lha apa ora luwih lucu, ndika kuwi wis takon bareng diwangsuli ora matur nuwun, kokmalah nesu, ndika kuwi Ki sing lucu".
"Cukup! ora usah ngoceh maneh" Ki Trenggilingwesi sansaya nesu "kana gek ndang lunga, sumingkir saka kene, aja gawe nesuku neng kene, nek nganti ilang sabarku, cilaka kowe mengko".
"Emoh Ki" Marga wangsulan"aku ora arep lunga saka cedhak ndika, merga aku ngeman ndika supaya ndika ngregani kaluwihan sing ndika duweni, ora mung merga nesu banjur ndika lali yen ndika iku tenane wong sing sekti mandraguna".
"Karepmu piye he?" Ki Trenggilingwesi sansaya banter nggone nggetak.
"Remeh Ki, nek Ki Trenggilingwesi mungsuh prajurit rucah, nek nyata perwira ya golek mungsuh sing babag, dadi nek menang ya marem nek kalah ora kewirangan" Marga wangsulan karo mesam-mesem.
"Kowe aja ngawur, wong Mataram kuwi ora ana sing nduweni kadigdayan sing pantes dipamerne. Kabeh padha, kaluwihane ya mung sak prajurit sing ora sida mati tak kepel ndhase mau. Neng palagan iki, nek aku ora oleh mungsuhi prajurit-ptajurit sing ana kuwi, banjur kon mungsuh sapa he?"
"Yen miturut nDika, prajurit Mataram ora ana sing bobote rada timbang karo ndika, piye yen nDika nyoba mungsuh aku?" Marga takon. nawani panantang marang Ki Trenggilingwesi.
"Pie? Kowe nantang aku?" Ki Trenggilingwesi kaya arep mbledhos saking nesune "tak turuti panantangmu, sajroning limang jurus, kowe isih bisa ngadeg kaya saiki kuwi, luwung aku meguru marang kowe".
"Tenan kuwi Ki?" wangsulane Marga karo nyilakne jarite memburi tata-tata kanggo kerengan "bagus!, tak wujudi ujarmu Ki Trenggilingwesi".
Ora wangsulan maneh Ki Trenggilingwesi tata-tata arep nglabrak Marga. Kuda-kudane dikuwati, siap nampani dugangan utawa jotosan saka Marga sing dianggep bocah cilik ora duwe kekuwatan apa-apa. Nanging Marga ora enggal aweh serangan, malah karo melat-melet ngece, mbaleni panantange :
"Ayo Ki Trenggilingwesi, aku kepengin nyoba kacepetaning solahmu kaya pas nyengkiwing prajurit Mataram sing lagi ora migatekne ndika mau lho, bisa apa gak ndika nyengkiwing aku".
Ki Trenggilingwesi rumangsa yen temen-temen wis diremehne dening Marga, karo ngetokne ambegan liwat irunge sing krasa panas merga saking nesune, Ki Trenggilingwesi ngobahne tangane sing ora obahe kaya ora kena disawang mripat merga saking cepete arep nyengkerem pundhake Marga sing sisih kiwa. Nanging pranyata Marga luwoih cepet anggone ngobahne awake, mung karo miring nisih sethithik wae, cengkeremane Ki Trenggilingwesi bisa diendhani. Ki Trenggilingwesi ora ngira yen Marga isih bisa endha, ora gantalan wektu genti tangane sing kiwa obah, karepe arep nyudukne driji-drijine menyang igane Marga. Marga ora kober endha, nanging tangane banjur kumlawe, sing tengen nyilakne tangane Ki Trenggilingwesi mengiwa, sing kiwa ngirimne kepelan disurungne menyang dhadha. Ki trenggilingwesi kaget, panyuduke mrucut malah dhadhane kena surung kepelane Marga. nadyan ora banter surungane Marga kuwawa ngundurne Ki Trenggilingwesi memburi kira-kira telung jangkah. Marga dhewe ora obah saka panggonan ngadege sakawit.
"Ayo Ki Trenggilingwesi, sing tenanan ngono lho" Marga isih kober alok karo nata kuda-kudane "emoh aku nek ndika mung glopa-glape ngono kuwi".
"Keparat" Ki Trenggilingwesi nggereng , wong kuwi banjur duwe gagasan kepengin ngrubuhne Marga sajroning wektu sing ora suwe. Tangane dikepelne tenaga njero wiwit dipapanake, maju sajangkah banjur ngobahne sikile diarahne menyang lambunge mungsuh. Marga prayitna, panyadhuke Ki Trenggilingwesi ora niyat diendhani, merga kepengin ngukur sepira kekuwataning mungsuh tangane ditekuk, sadhukane Ki Trenggilingwesi ditadhahi nganggo sikut. Ana kekuwatan loro sing tempuk, Marga kesurung memburi kira-kira telung jangkah, Ki Trenggilingwesi rada banter mental memburi telung jangkah banjur ngadege dadi sempoyongan. Ki trenggilingwesi lagi ngerti yen sing diadhepi iki dudu salumrahe bocah, nanging bocah sing duwe kekuawatan sing bisa ngundurne panyadhuke. Kesurung rasa nesu Ki Trenggilingwesi wis ilang pepenginane nggone arep ngepek murid marang Marga sing mau disawang minangka bebakalan sing becik. Danyang Pundhen Grojogan Kaligedhe kuwi wis ora tidha-tidha maneh, wis ora nganggo pangeman apa-apa niyate kepengin enggal bisa ngrampungi mungsuhe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar