Total Tayangan Halaman

Minggu, 20 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (43)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

43

Sauntara iku, Rangga sing padha karo Marga yaiku padha-padha ucul saka baboning barisan Glathik Neba, nanging tenane ucule ora merga ninggalne barisan, nanging ngulati lakuning barisan saka kadohan murih ora campur karo barisan sing saka Mataram supaya ora nuwuhake salah tampa antarane Cantrik Banyugurih lan Prajurit Mataram. Bareng weruh yen Marga wis nemokne mungsuh sing mbebayani tumrap Barisan Mataram, Rangga dadi lega. Miturut petungane Rangga, saupama ora ketemu Marga, Ki Trenggilingwesi sing nduweni kasekten pinunjul kuwi bisa mbebayani tumrap para senapati Mataram, awit  kajaba Pangeran Singasari sing madeg minangka Senapati Agung, senapati sangisore ora ana sing duwe kaluwihan ulah kanuragan sing babag karo Ki Trenggilingwesi. Rangga banjur nerusne nggone ngubengi palagan. Rangga uga sengaja ngedohi papane Pangeran Singasari, kuwatir yen Pamane kuwi ngerti yen dheweke neng kono, banjur kaya padatan dheweke diuman-uman, dianggep ngganggu wong sing lagi ngayahi kuwajiban.

Nalika lakune Rangga tekan sacedhake barisan Mataram suwiwine Garudha sisih tengen, Rangga mandheg neng kono katon yen barisan Mataram sajak rada ketleyek, kajaba prajurit sing sajak kalah cacah, uga katon ana wong sing umure wis setengah tuwa sing ngamuk gawe bubrahe barisan Mataram. Wong kuwi gegaman gada gedhe sing diobat-abitne marang Prajurit sing wani nyedhak, ndadekne akeh prajurit sing kapeksa mundur golek kanca kanggo ngadhepi wong setengah tuwa sing duwe kekuwatan sing ngedab-edabi iki. Ana prajurit telu maju bareng, karepe arep ngendheg lakune wong setengah tuwa sing ngobat-abitne gadane kuwi, nanging pranyata wong telu kuwi malah  meh wae padha kelangan nyawane, tujune enggal ana pitulungan. Nalika wong sing gegaman gada kuwi arep ngepruk sirahe salah sijine prajurit telu sing ngruyuk dheweke, ana wong teka sing mencolot karo nyabetne pedhang ngenggokne arah gadane wong setengah tuwa kuwi. Mesthi wae, sing gegaman gada dadi kaget kecampuran nesu, mencolot memburi banjur namatne sapa sing lagi teka lan kuwawa ngenggokne arah gadane.

"Keparat sapa kowe?" aloke wong setengah tuwa kuwi karo mentheleng.

"Aku Tumenggung Sudirenglaga" wangsulane wong sing lagi teka karo siaga ngadhepi wong setengah tuwa kuwi "ndika sapa heh wong sing sekti mandraguna?".

"Hm........" wong setengah tuwa kuwi nggereng "aku Bantarangin, ayo adhepana aku Tumenggung Sudirenglaga, eman gadaku yen mung oleh sirahe prajurit rucah".

"Bagus!" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga "ayo Ki Bantarangin, arep ngajak sing kaya apa bakal tak ladeni sagendhingmu".

Ora suwe anggone padha omong-omongan, wong sekti loro kuwi banjur padha ngudang gegaman, adu kasudiran ing tengahing paprangan. Para prajurit rucah padha sumingkir, ing semu padha aweh papan kanggo senapati loro kuwi adu kasekten tosing balung wuleting kulit. Ngerti yen Ki Bantarangin sajake bisa diadhepi dening Tumenggung Sudirenglaga, Rangga uga banjur nerusne anggone mubeng, saiki genti kepengin ngawruhi kahanane prajurit Mataram sing ngenggoni  suwiwi tengene Garudha Nglayang. Jebul neng kono wis rame, Ki Banjaran sing ngudang pusakane Golok Welang lagi adu kaprawiran karo Tumenggung Dibyanegara sing nggegem ukiran keris Kyai Nagakikik. Miturut panyawange Rangga antarane wong sekti loro kuwi babag, mung tekaning pesthi sing tumiba marang salah siji, sing bisa ngendhegne nggone padha ngunggar kasudiran, kanthi ana sing diarani menang.

Sing mapan ana sirahing Garudha Nglayang pabarisan saka Jatipethuk, Raden Sentani ora leren nggone ngulat-ulati lakuning paprangan. Nadyan tenane Prajurit Trah Majapahit sethithik menang cacah, nanging durung bisa ndheseg mundur mungsuhe, amarga prajurit Mataram luwih pinter ngrapeti barisan, kegawa saka asiling gladhen sing luwih tenanan. kajaba saka iku, prajurit Trah Majapahit nadyan kulina gladhen ulah gegaman nanging durung tau nglakoni perang sing mawa gelar ngene iki. Dadi ya kurang trampil ngecakne maju bebarengan karo kancane, beda karo Prajurit Mataram sing saben dina tansah diweleg carane makarya bebarengan sajroning ngadhepi mungsuh ing paprangan.

Satemene Raden Sentani duwe pangarep-arep ki Guru Sukirna lan para cantrike melu ngebyuki kumpul nyawiji karo prajurit Mataram. Perlune Raden Sentani bisa  aweh pidana marang sedulur pupone kang dianggep wis nyidrani kasetyan marang leluhure, kanthi ora gelem nyengkuyung nggone nata kekuwatan ing Jatipethuk. Malah kepara luwih seneng dadi gedibale Mataram. Nanging suwe diulati, ing antarane Prajurit Mataram ora katon wujude Ki Guru Sukirna, malah cantrik-cantrik saka Banyugurih uga ora katon klebate.

"Dhasar menungsa licik" Raden Sentani mbatin sajroning ati "Kakang Sukirna ngira yen ora ngatone dheweke sak cantrike ing paprangan iki bisa ngapusi aku, temah bisa suwala yen ana pandakwa luwih milih Mataram tinimbang Majapahit. Nanging Sentani dudu bocah cilik sing gampang diblithuki, kanthi ora geleme manunggal karo Barisan Trah Majapahit wis kena didadekne bukti, yen Kakang Sukirna wis pantes disirnakne".

"Ngaturi uninga Gusti" ana prajurit sandi sing mau diprentah nggoleki papane Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrik saka Banyugurih,  nyedhak karo aweh palapuran.

"Iya Kepiye? wis ngerti mapane Wong-wong Banyugurih?" Raden Sentani takon.

"Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrik Banyugurih boten tumut perang Gusti, nanging inggih sikep gegaman nyebar kados Glathik ingkang neba ing  wingking ngupengi barisan Mataram" wangsulane prajurit sandi mau.

"Licik tenan menungsa siji iki" Raden Sentani nggereng "aku ngerti karepe, yen Mataram sing menang wong kuwi mesthi lagi melu maju ndhaku kamenangane, nanging yen Mataram ketleyek, Kakang Sukirna mesthi banjur ndhisiki mlayu amrih slamete".

"Kinten-kinten makaten Gusti" prajurit sandi kuwi semaur alon.

"Ora kira-kira, nanging pancen mangkono kanyatane" wangsulane Raden Sentani sing banjur disusuli prentah "saiki, golekana Ki Demang Jatipethuk, aturna dhawuh timbalan saka aku supaya nggawa prajurit sacukupe nggoleki lan mikut Kakang Sukirna lan mbanda Cantrik-cantrike".

"Sendika" Prajurit kuwi tumuli ninggalne papan kono, arep ngupadi papane Ki Demang Sukirdi.

Saungkure prajurit sandi, Raden Sentani mbalik ngulat-ulati kahananing palagan. Raden Sentani dadi muntab kanepsone, sirahe Garudha nglayang wiwit ngendhalong mundur ana sepuluh jangkah, mratandhani yen Prajurit Mataram luwih bisa nguwasani lakuning paprangan.  Luwih-luwih bareng siji loro wiwit ketok ana prajurit Trah Majapahit sing rubuh kena gegamaning mungsuh.  Suwara jerit kelaran saka andhahane Ki Trenggilingwesi sing ngenggoni sirahe Garudha Nglayang sansaya rame, sauntara iku bendhene prajurit Mataram sansaya banter pangungkunge. Ora kesuwen, Raden Sentani nyilakne jarite memburi, aweh sasmita emban pangapite supaya miyak barise  prajurit sing ketleyek mundur, Raden Sentani maju klawan pedhang ligan sing digegem kenceng ing tangane. Ora suwe barisan saka Jatipethuk wiwit pulih, ora ketleyek mundur maneh, malah genti suwara bengok kelaran saka barisan Mataram sing keprungu banter, disusul bendhe saka Jatipethuk mangungkung banter sinaut suwara keteg sing ditabuh nganti kaya butu-butula.

Sang Senapati Agung Mataram sing banjur sumurup barisane katon rusak awit katrajang pangamuke Raden Sentani, tumuli maju nyedhaki arep mapagne sing lagi nyebar pepati. Kaya Raden Sentani, Pangeran Singasari uga wis ngliga pedhang pusakane, prajurit-prajurit padha nisih dhewe-dhewe aweh dalan marang Sang Senapati Agung sing arep tumandang gawe.

Kang bareng karo iku, Ki Demang Sukirdi kanthi didherekne prajurit cukup akeh, mlaku nylingker metu saka pabarisan golek dalan marani papan samburine barisan Mataram, arep nggoleki sedulure tuwa ya Ki Guru Sukirna. Prajurit sing digawa Ki Demang Sukirdi kuwi kabeh nom-noman asli Jatipethuk sing wis digladhi dadi prajurit Trah Majapahit, dadi kabeh ya durung tau weruh rasane melu perang. Nanging merga kapracayan yen saka Jatipethuk bakal njudhul Majapahit sing anyar lan kabeh sing melu kuwi bakal oleh kalungguhan sing luhur sajroning paprentahan Majapahit mengkone, mula kabeh ya ora ana sing miris diajak ngrangket ki Guru Sukirna lan kabeh cantrik-cantrike.

 

ana candhake.

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...