![]() |
PRAJURIT KASULTANAN NGAYOGYAKARTA |
kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
44
Ki Guru Sukirna sing manggon neng mburine Barisan Mataram dikancani sawatara cantrik Padhepokan Banyugurih, sajroning ati nangis dene tanah kelahirane dadi ajang paprangan antarane Prajurit Mataram lan wong-wong sing ngaku minangka Trah Majapahit. Buumi Jatipethuk sing biyen dibabat kanggo nyambung panguripan, saiki malah dienggo ajang paten pinaten. Sing luwih ndadekne sedih kuwi, nyata ora sethithik wong-wong sing tekane mrono arep mateni sing jare dianggep mungsuh kuwi, satemene mung anut grubyug ora pati ngerti satemene apa tuna bathine wong-wong kuwi nganti direwangi ngudhokne uripe ana satengahinmg paprangan sing banget kejeme kuwi. Iki mengko mbuh sapa sing bakal lebur ing paprangan iki, mbuh sapa sing bakal surak-surak rumangsa wis unggul ing yuda, tetep wae sing ngrasakne pahiting wohe paprangan ya wong-wong ing Jatipethuk, tanduran-tanduran sing samono ambane bakal rusak, ganda badheg, banger, arus lan sing ora enak diambu irung liyane, bakal pirang-pirang dina dadi ambon-ambone wong Jatipethuk. Durung kepetung mbuh pira cacahe wong Jatipethuk sing kelangan nyawa, ilang kasempyok anane papangan iki, kamangka nyawa-nyawa sing ilang kuwi ora arang sing ninggalne tanggungan anak sing curung bisa golek pangan dhewe, ninggalne bojo sing mbutuhne pangayomane, ninggalne wong tuwa sing butuh pangopene.
"Hm.........." Ki Guru Sukirna nyedhot ambegan dawa.
"Wonten dhawuh napa Guru?" dumadakan Cantrik sing ana cedhake takon, suwara ambegane Ki Guru Sukirna dikira sasmita prentah marang dheweke.
"Ora, ora ana apa-apa" wangsulane Ki Guru Sukirna "sing ngati-ati wae, aja cedhak-cedhak karo sing lagi padha perang, mbebayani".
"Oh, inggih Bapa" Cantrik mau wangsulan, diterusne ngomongne kahanan sing diweruhi "katingalipun barisan saking Mataram sampun radi tebih majengipun Bapa".
"Iya nanging paprangan iki durung rampung, bisa uga kahanan iki sawayah-wayah dadi owah, saiki Barisan sing dheseg maju, ora mokal sedhela maneh genti kedheseg mundur" Ki Guru Sukirna ngandhani Cantrik kuwi.
"Inggih Guru"
"Lan sing perlu padha dingerteni" Ki Guru Sukirna nerusne kandhane "maju utawa mundure barisan Mataram kuwi uga barisane wong sing ngaku Trah Majapahit kae, padha dene anggone ninggalne wong-wong sing kapeksa ora bisa melu maju lan ora bisa katut mundur, merga nandhang tatu utawa malah wis koncatan uripe. Ora sethithik sing sambat njaluk tulung, nanging sing ditampa malah kepidak-pidak sikile mungsuh utawa kancane dhewe".
"Ngeres lan nggegirisi" Cantrik kuwi grenengan dhewe.
"Iya , ya ngono kuwi kejeming perang" wangsulane Ki Guru Sukirna "lan perang kuwi bakal terus ana, ya muga-muga wae tumuli akeh para pangareping manungsa sing luwih seneng nggunakne nalar kanggo ngrampungne bedaning panemu, tinimbang niru lakuning kewan sing urip ing alas ".
Cantrik sing dijak omong Ki Guru Sukirna kuwi mung manthuk-manthuk thok, mbuh ngerti sing dikarepne gurune embuh ora. Dumadakan saka sisih kidul akeh cantrik sing mlaku sajak kesusu, marani papane gurune.
"Ana apa Wukir?" Ki Guru Sukirna nakoni Cantrik sing lagi teka sajak kesusu kuwi.
"Atur uninga Guru" Wukir wangsulan "Ki Demang Sukirdi saking sanjawining palagan kaliyan sawatawis tiyang Jatipethuk dugi mriki, sesumbar maciya-ciya madosi Guru, badhe dipun rangket. Kala wau kapeksa dipun pambengi kaliyan Kakang Branjangan lan sawatawis kadang Cantrik, temah dados pasulayan".
"Oo, Sukirdi ya gene ora tambah ngerti nanging malah tambah bodho?" Ki Guru Sukirna kandha "ya wis yen ngono, ayo tuduhna ing ngendi papane adhiku lanang kuwi, tak temonane dhewe".
"Mangga kula dherekaken Guru" Wukir wangsulan, Ki Guru Sukirna banjur menyat ninggalne papane, mlaku mengidul arep nemoni Ki Sukirdi, ditutne cantrik-cantrike sing wis padha ngliga gegamane dhewe-dhewe.
Nalika lakune Ki Guru Sukirna wis tekan papan sing dituduhne Wukir mau, jebul ing kono lagi rame karo paprangan ing sajabaning palagane barisan Mataram lan barisane Raden Sentani. Paprangan antarane wong-wong Jatipethuk mungsuh karo para cantrik saka Padhepokan Banyugurih. Ki Sukirdi sing dadi pengarepe wong-wong Kademangan Jatipethuk kuwi lagi dedreg adu katiyasan karo Cantrik Branjangan sing uga pangarepe pepanthan cantrik Banyugurih.
Ki Sukirdi nyata ora ngilang-ilangne yen isih putrane Ki Demang Sudiya, tandange katon cukat trengginas, trampil lan kukuh ing adege. Mungsuhe kerengan, Cantrik Branjangan sing memper karo sebutane, solahe kebat cukat, pinter ngendhani panrajange mungsuh, kala-kala isih kober males ngirimne serangan sing mbebayani tumrap mungsuhe. Nanging sing diadhepi Cantrik Branjangan dudu wong tembre, isih putra Demang Sudiya, sing wiwit cilik diweleg ngilmu kanuragan dening wong tuwane. Sansaya suwe katon yen kasantikane Cantrik Branjangan, isih manggon ing sangisore Demang Sukirdi, nadyan pedhange Ki Sukirdi durung bisa ninggalne tatu ing ragane Cantrik Branjangan sing endhag ngendhani, nanging wis bola-bali Cantrik Banyugurih kuwi tiba krangkangan ketiban sikile Ki Sukirdi. Lan ing sawijining kalodhangan, pedhange Ki Sukirdi deres mobat-mabit mbabat ngarah gulune Cantrik Branjangan sing sansaya kethether ngendhani, nganti wekasane Cantrik Branjangan kudu nangkis nganggo pedhang sing dicekeli. Bawane kalah rosa lan kalah ampuhing pusaka, nalika pedhang-padha pedhang tempuk, pedhange Cantrik Branjangan tugel kepapras pedhange Ki Sukirdi. Cantrik Branjangan kaget, ora sranta banjur mencolot memburi, nanging Ki Sukirdi ora ngumbar Cantrik Banyugurih kuwi lolos saka ngarepe. Kebat Ki Sukirdi mlumpat nguber mungsuhe sing mencolot mundur, pucuking pedhange lurus arep nembus jantunge Cantrik Branjangan sing mung bisa ngadeg ora obah.
"Cring........." Ki Sukirdi kaget, pedhang sing pucuke mung kari sakecu saka dhadhane Cantrik Branjangan kuwi dumadakan pedhot, ana barang cilik sing tumiba ing godhonging pedhang, disawatake dening wong sing nedya ngalang-alangi nggone arep ngrampungi mungsuhe. Ki Sukirdi noleh ngiwa nengen nggoleki asale krikil sing bisa nugelne pedhange. Ora mung Ki Sukirdi dhewe sing kaget, sanajan Cantrik Branjangan sing mau wis nyipta bakal jebol dhadhane dadi gumun. Mripate diucek-ucek sajak ora percaya karo sing lagi wae kedaden.
"Sing gedhe panguparamu Ki Sukirdi" dumadakan saka ngarep pering kiwa ketok ana bocah nom-noman sing mesam-mesem karo kandha marang Ki Sukirdi "aku ora sengaja, krikil sing arep tak ngge nyawat kirik mau, ucul dhewe saka gegeamanku, jebul ngenani pedhangmu dadi lan tugele".
"Keparat sapa kowe?" Ki Sukirdi sing durung mari kagete kuwi takon nggetak nom-noman kuwi.
"Aku?" Nomn-noman kuwi wangsulan karo mesem "Aku Rangga Cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih".
"Isih cantrike Kakang Sukirna?" Ki Sukirdi takon karo mencereng "arep pamer kabisan neng ngarepku, kowe?".
"Ora Ki Sukirdi" wangsulane Rangga sajak ayem wae "mau wis tak kandhakne nek aku ora sengaja, dadi ndika ora perlu nesu-nesu, wong barang ora neja kok".
"Wis ora sah kakehan cangkem, ayo aku tuduhna olehe singidan Gurumu, arep tak rangket dadi bandan katur ing ngarsane Gusti Raden Sentani, yen kowe ora gelem nuduhne sida tak untir gulumu tenan kowe" Ki Sukirdi guneman karo nesu.
"Lho nDika sansaya lucu wae lho?" Rangga wangsulan karo ngguyu "lagi prentah wae wis kleru,ngono kok ngaku dadi Demang?, nek ndika kuwi Demang tenan, ndika pancen wenang aweh prentah, nanging bisa ndika prentah kuwi ya mung andhahan ndika dhewe, dudu andhahane wong liya. Aku iki andhahane Ki Guru Sukirna, dadi nek ndika prentah ya wegah!, arep nguntir guluku? ya eman-eman, gulu kok arep diuntir? Mesthi wae, aku sing duwe gulu ya ora ngolehi, ning nek ndika arep nekad, bisa wae dicoba. nDika bisa nindakne apa mung bisa omong thok?".
Rumangsa nek wis diremehne bocah nom, cantrik anyaran pisan, Ki Sukirdi kaya kobong rasane awake saking saka nesune. Demang pilihane Raden Sentani kuwi mecolot nyedhaki papane Rangga karo ngirimne kepelan diarahne menyang sirah.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar