Total Tayangan Halaman

Selasa, 22 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (45)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

45

Wong sing padha weruh padha ngira yen Rangga mesthi tiba glangsaran ketiban kepelane Ki Sukirdi sing ora lamba kuwi. Nanging pranyata Rangga luwih prayitna, sirah sing meh wae pecah ketiban tangane Ki Sukirdi, sethithik diiringne, ndadekne kepelane Ki Sukirdi mung bisa ngenani angin sing suwarane sumiyut ing kupinge Rangga. Ora mung ngendhani wae solahe Rangga, nanging sikili diangkat ditekuk memburi banjur dijejakne mengarep pas ngenani pupune Ki Sukirdi.  Ki Sukirdi kontal memburi watara limang jangkah, tiba glangsaran ana lemah, sawise nggulungne awake nuli mencolot tangi, siaga nampani pangrangsange mungsuhe kanthi pasang kuda-kuda. Nanging Rangga ora nututi mungsuhe sing tiba, mung maju sajangkah saka papane karo muni :

"Jeul ndika kuwi bodhone wis kebacut Ki Sukirdi. Jare mau kandha arep nguntir gulu, lha kok malah arep njotos sirah. Bener, nek nguntir gulu kuwi sing digoceki sirahe. Nanging ora dijotos ngono kuwi mau, dijambak rambute terus diputer, mengko gulune katut kauntir, apa pancen ndika durung bisa mbedakne antarane nyekel karo njotos? Sumurku lagi tumon iki aku, wong kok bodhone keliwat-liwat, ngono lho kok kepengin dadi Demang?".

"Keparat, landhep pangucapmu Bocah" Ki Sukirdi wangsulan karo nggereng "ora rubuh sajroning pitung jurus tandhing karo aku, tak guroni ing reh kanuragan kowe!".

"nDika arep meguru marang Cantrik Banyugurih Ki?" Rangga mesem amba karo wangsulan "aku kira-kira sing ora tlaten, merga marahi wong bodho kuwi angel, gek aku mengko piye no?".

Ki Sukirdi wis ora bisa ngempet nesune, maju mengarep ngobahne sikile diarahne menyang dhadhane Rangga. Rangga tanggap, karo arah serangane Ki Sukirdi, kuda-kudane dikuwati banjur sikile ditekuk, dugangane Ki Sukirdi dipapag nganggo dhengkule.  Akibate Rangga kesurung mundur rong jangkah, kuda-kudane buyar. Nanging Ki Sukirdi mbendal memburi ana limang jangkah, ngadeg sempoyongan, lagi sawatara wektu bisa nata kuda-kudane maneh. Rangga genti sing nyedhak, sikile tengen diangkat kanggo nyadhuk lambung, Ki Sukirdi prayitna, lengen karone dipasang  kanggo nutup lan ngayomi lambunge sing kancam dening sikile Rangga. Panyadhuke Rangga ora sida tekan lambung, merga nanggor lengen loro. Nanging Ki Sukirdi kontal mencelat memburi tiba neng lemah, banjur ngglundhungne awake ngedohi mungsuhe, lagi bareng wis dirasa adoh banjur tangi maneh karo ngresiki lebu sing ngrengeti sandhangane. Rangga panggah ora obah saka papane ngadeg.

"Ayo Ki Sukirdi, sing tenanan. Gladhen kanuragan kuwi ora kena wedi reged ngono kuwi, kareben gelis bisa" aloke Rangga marang Ki Sukirdi sing abang ireng praupane.

"Setan" Ki Sukirdi misuh "ora kena diangga lamba tenaqn cantrik keparat iki".

Muni ngono kuwi Ki Sukirdi karo ndudut keris saka wrangkane, keris ampuh sing katon mencorong pamore.

Sauntara iku, kahanan palagan wis akeh owahe. Ing sisih tengen, suwiwi sing dipanggoni pepanthan Prajurit Mataram sing disuhi Tumenggung Dibyanegara, saya adoh bisa ndheseg andhahane Ki Banjaran. Ki Banjaran dhewe nadyan wis ngetog kekuwatan lan namakne aji jaya kawijayan simpenane, nanging tetep durung bisa ngalahne Tumenggung Dibyanegara sing pranyata uga duwe kasekten sing punjul ing apapak. Ya ora maido Tumenggung Prajurit Mataram iki pancen Prajurit lawas sing anggone ndherek Panembahan Senapati wiwit jaman Mataram isih wujud alas gung liwang-liwung sing jeneng alas Mentaok. Ewa samono, ngadhepi Ki Banjaran saka Gunungrambut iki, Tumenggung Dibyanegara uga ora enggal bisa ngalahake. Sansaya suwe, nggone perang tandhing senapati loro kuwi sansaya rame, malah kepara wis ditinggalne prajurit andhahane dhewe-dhewe, prajurit Trah Majapahit katleyek mundur, sauntara Prajurit Mataram mburu mengarep.

Ora akeh bedane sing ana karo sing ana iring kanan, suwiwining Garudha Nglayang sing dipanggoni  Raden Tumenggung Sudirenglaga, katon barisan Mataram sansaya adoh ndheseg mundur wadyabala  sing ditindhihi Ki Bantarangin. Barisan Prajurit sing asale saka Gunungrambut kuwi isih kalah adoh karo Prajurit Mataram sajroning ngadhepi perang mawa gelar. Awit wong-wong Gunungrambut kulina maju perang ya mung ijen padha ijen, dadi kerep bidhuh bareng ngadhepi mungsuh sing anggone perang ngecakne cara bantu binantu sapepadhaning kanca.  Ki Bantarangin dhewe sanadyan gadane sing gedhe lan abot tetep muter kaya kitiran, nanging pedhange Tumenggung Sudirenglaga uga ora tau mandheg nggone ngiteri, pedhang kuwi kaya-kaya bisa weruh ngendi sing sela saka peranganing anggane Ki Bantarangin. Pucuking pedhang wis wola-wali nggarit gegere Ki Bantarangin, nadyan ora nuwuhake tatu sing mbebayani, nanging meksa ngganggu tandange Pendhekar saka Gunungrambut kuwi. mBaka sethithik Ki bantarangin wiwit ketleyek mundur katut mundure barisane, sauntara Tumenggung Sudirenglaga terus maju karo ora nglereni nggone muter pedhange.

Wis wola-wali Prajurit Panyambung Warta saka Gunungrambut aweh sasmita marang baboning barisan njaluk pambiyantu murih suwiwining Garudha iku ora sempal, nanging sasmita sing dikirim nganggo panah sendaren kuwi babar pisan ora oleh wangsulan saka baboning barisan. kang mangkono kuwi ora amerga sing ana Sirahing Garudha ora ngerti yen suwiwi sisih kering kuwi njaluk bebantu, nanging amerga kahanane sirah garudha dhewe uga ora adoh kaceke karo sing dialami sing manggon aneng suwiwi. Raden Buntas sing kondhang sekti mahambara, wektu iki mung bisa ngenteni wektu lan kalodhangan sing becik kanggo nylametne nyawane, pedhang sing ana tangane Tumenggung Jaya Kartika wis akeh ninggalne tatu ing awake Raden Buntas, getih sing mili saka tatu-tatu neng gegere campur karo kringet ndadekne Raden Buntas kaya adus getih. Nanging bawane senapati linuwih, nadyan bola-bali Tumenggung Jaya Kartika aweh sasmita murih Raden Buntas nungkul dadi bandan, Raden Buntas babar pisan ora nanggapi. Nadyan ora wangsulan nanging tandange Raden Buntas wis aweh wangsulan : aluwung mati ing tengahing palagan tinimbang nungkul dadi bandan.

Sing ora entek rasa gumun lan judhege kuwi malah Ki Trenggilingwesi, bocah nom sing mau arep dipurih supaya gelem dadi muride, jebul malah nduweni kaluwihan sing ora dinyana-nyana. Obahing sikil lan tangane Ki Trenggilingwesi sing kulinane ora tau luput lan ajeg ndadekne sing ketiban rubuh neng lemah ora bisa obah maneh, saiki ketanggor. Aja maneh kok bisa ngenani ragane Marga, nyenggol pucuk jarit utawa klambine Marga wae prasasat ora bisa. Bocah nom-noman sing ngaku jare Cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih kuwi luwih kesit tinimbang polahe manuk srikatan. Antebing sikil lan tangane ngalahne tujahane gajah sing lagi ngamuk. Wis wola-wali Ki Trenggilingwesi digawe gulung koming ing lemah merga ketiban sikile Marga, bolak-balik digawe sempoyongan merga nangkis pupuhan tangane nom-noman sing isih Jaka kumala-kala kuwi.

Ki Trenggilingwesi sansaya nesu bareng weruh barisane uga katon ngendhelong adoh memburi malah sajak wis rusak diorak-arik cucuking Garudha Nglayang barisan Mataram, sauntara dheweke uga digawe repot merga tandange Marga. Mula Ki Trenggilingwesi banjur musus epek-epeke, saka kono jumedhul pusaka sekti, pusaka dibya saka alam gaib, peparinge guru lan sesembahane Ki Trenggilingwesi Sepuh ya Ki Ageng Grojogan Kaligedhe. Wujude Trisula  sing mengangah mripate, bongkoting Trisula kacantholan tampar sing gunane bisa kanggo nyawatake Trisula marang mungsuh sing rada adoh papane, sing ora teka ginayuh mawa tangan.

"Heh Marga" Ki Trenggilingwesi kandha marang mungsuhe "kapeksa aku kudu nguntapne nyawamu menyang Kahyangane Bathara Yama karo pusakaku, nanging aku nyirik mateni wong sing tanpa gegaman, ayo enggal tuduhna gegamanmu kanggo ngadhepi Trisulaku iki".

"Oooo, pusakamu katone wis teyengen Ki Trenggilingwesi" wangsulane Marga karo mesem sajak ngece "ndika ora perlu kuwatir, aku ya duwe gegaman yen mung kanggo ngadhepi Trisula ndika sing pamore katon mencorong kuwi".

Muni ngono kuwi Marga karo nguculi Cemethi sing diubetne ing bangkekane. Gaga nge Cemethi digegem nganggo tangan tengen, pucuke cemethi sing memper upat-upat ula kuning kuwi dicekeli nganggo tangan kering. Banjur dicoba diseblakne mendhuwur, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg mangsa kasanga sing nyamber pucuke cemara.

"Dheeeeer.............".

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...