Total Tayangan Halaman

Rabu, 23 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH III (46)


 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

46

Suwara jumedher pecute Marga gawe kagete para Prajurit liyane. Malah Raden Sentani sing lagi adu kaprawiran karo Pangeran Singasari uga melu krungu.  Raden Sentani noleh asale suwara, nanging sing katon malah bosah-basihing barisan ing sirahe Garudha katempuh dening panrajange mungsuh. Raden Sentani dadi sansaya nesu, luwih-luwih Senapati Agung Mataram sing diadhepi iki jebul uga nduweni kaprawiran sing ngedab-edabi. Wis wola-wali Raden Sentani ngunggahne tataran ilmune, nanging mungsuhe sajak uga wis siaga. kekarone padha dene silih ungkih genti kalindhih, ora mung pisan pindho Raden Sentani kudu nibakne ragane gulung ing lemah kanggo ngendhani terjangane Pangeran Singasari sing tandange kaya singa barong kang lagi arep nubruk mangsa. Nanging uga ora arang Pangeran Singasari lelumpatan lan nibakne awake merga wegah nadhahi panrajange Raden Sentani sing tandange kaya bantheng sing lagi ketaton. Prajurit-prajurit cilik padha ngadoh, kuwatir kasempyok tandange Senapati loro sing wis nggunakne ngilmu kanuragan sing dhuwur banget, nganti para Prajurit padha ora tekan anggone mikirake.

"Barisanmu wis morat-marit Sentani" aloke Pangeran Singasari ing sela-selaning perang "sedhela maneh bakal tumpes tapis tanpa nisa kablebeg pangamuke barisan Mataram. Luwih becik yen kowe enggal nungkul dadi bandan, tinimbang kudu mati ing pucuking pedhangku".

"Keparat kowe Singasari" wangsulane Raden Sentani "aja kok kira kowe bisa menang mungsuh aku, sedhela maneh prajurit-prajuritmu mesthi padha pasrah bongkokan merga kamigilan weruh sirahmu pisah saka raga merga katebas pedhangku. Ayo aja ndadak kowe nggegiri aku merga sauntara mundure barisanku, ketogna kadibyanmu sadurunge tugel gulumu".

Raden Sentani banjur matak ajine sing bisa kalis saka landheping gegaman sarta ngunggahne daya kekuwatane kanggo nundhukne mungsuhe. Pangeran Singasari uga weruh yen Raden Sentani wiwit nambahi kekuwataning batine, mula Senapati Mataram kuwi sansaya luwih waspada, aji jaya kawijayan simpenane uga wiwit diunggahne kanggo namengi awake ngiras kanggo ngrubuhne mungsuhe. Perang tandhing antarane Senapati loro kuwi mundhak sansaya rame.

Dumadakan ora adoh saka kono keprungu suwara surak gumuruh ambata rubuh. Prajurit Mataram padha alok-alok rame :

"Raden Buntas mati jebol dhadhane, Raden Buntas mati jebol dhadhane!".

Surak lan aloke Prajurit Mataram wis narik kawigatene Ki Trenggilingwesi sing manggone ora pati adoh saka papan asale suwara. Dhanyang Pundhen Grojogan Kaligedhe kuwi mencolot ngedohi mungsuhe banjur ndelok, mbuktekne apa sing dadi aloke Prajurit Mataram. Katon Raden Buntas njebabah neng lemah, gilang-gilang kuwandhane kanthi dhadha sing jebol nembus jantunge. Ing sandhinge katon ngadeg jejeg, Tumenggung Jaya Kartika nyekeli pedhang sing saka pucuke isih netesake sisa-sisa getih saka jantunging mungsuhe.  Prajurit andhahane padha mawut mlayu salang tunjang ngunduri perang, ngedohi mungsuhe. Nanging Prajurit Mataram uga banjur mburu, prajurit Jatipethuk sing nungkul padha dibanda, sing ora nungkul padha dilumpuhne.

Ki Trenggilingwesi ngerti kahanan kang kaya mangkono iku sansaya kobong rasaning dhadhane. Marga sing nyedhaki papane kuwi disawang. Trisula sing neng tangane katon wiwit murup ngetokne kukus, mratandhani yen Ki Trenggilingwesi wis munjerake kekuwatan marang gegaman sing neng tangane.  Marga sing tanggap klawan kahanan, tumuli nata dhiri kanggo ngadhepi mungsuhe. Pecut diseblakne mendhuwur, ora ana suwara sing jumlegur, nanging getering pecut nuwuhake geter ngoregne jantunge wong sing ana cedhake.

Ki Trenggilingwesi wiwit obah nrajang Marga, nganggo Trisula sing murup lelandhepe. Marga nimbangi klawan nyeblakne pecute, sing saben-saben kaya arep ngrontogne isen-isening dhadhane wong ing sacedhake. Perang tandhing antarane wong sing setengah tuwa mungsuh nom-noman jaka kumala-kala iku dadi sansaya rame.

Sauntara iku, ing njabaning palagan Ki Sukirdi sing lagi kerengan karo Rangga, dikalangi para nom-noman Jatipethuk lan Cantrik-cantrik Banyugurih. Para nom-noman lan cantrik-cantrik kuwi milih nonton tinimbang kerengan dhewe.  Nalika iku Ki Sukirdi sing nggegem Keris pusaka peparinge Ki Demang Sudiya, mungsuh Rangga sing tanpa gegaman,  nanging kahanane dadi kaya kuwalik. Dudu Rangga sing isih ketok bocah, tanpa gegaman pisan sing dadi pangewan-ewan mungsuh ki Sukirdi sing sembada gedhe dhuwur, keker awake sing nyekel Keris Pusaka. Nanging malah Ki Sukirdi sing sajak dianggo dolanan dening Rangga. Kaya lakon perang kembang, bambangan mungsuh cakil. Ki Sukirdi sing solahe kaya manuk srikatan, babar pisan ora bisa nyenggol Rangga sing anteng kaya Bambangan. Malah kala-kala yen gelem obah, tangane kemlawe nyablek pipi, ndadekne Ki Sukirdi bithu-bithu semu bengeb praupane. Nadayan napase wis meh entek, tenagane wis kinuras, ewa semono Ki Sukirdi isih ngasah, nedya gawe cilakane nom-noman jaka kumala-kala sing ngaku jarene cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih kuwi. Wekasan Rangga ora sabar maneh, nalika Ki Sukirdi nyudukne Kerise ngarah wetenge Rangga, dening Rangga ora diendhani,  lengene Ki Sukirdi disaut saka iringan, disendhal ngeget. Keris sing dicekel Ki Sukirdi ceblok neng lemah, Ki Sukirdi dhewe uga ndlosor mengarep nyosor lemah. Lan kanthi kacepetan sing angel dinulu, Rangga wis nyekel slendhang sutra rupa ijo, mbuh saka ngendi asale, Ki Sukirdi ditlikung memburi tangan lan sikile wis ditaleni nganggo slendhang, mengkungkung kaya pitik digawe ingkung. Ora bisa obah.

"Ayo sapa sing kepengin tak tlikung maneh?" Rangga takon marang Prajurit sing ngiringi tekane Ki Sukirdi ing papan kono mau. Ora ana sing wangsulan kabeh, ndhredheg ngewel saking wedine.

"Yen ora ana, gage padha selehna gegamanmu lan selehna tanganmu memburi, yen ora gelem bakal tak tlikung kaya Ki Sukirdi iki kabeh" kandhane Rangga sabanjure. Kabeh nom-noman sing macak dadi Prajurit Trah Majapahit kuwi padha manut karo apa sing dikandhakne Rangga, gamane padha diselehne menyang lemah, tangane dilumpukne memburi.

Rangga aweh sasmita marang Cantrik-cantrik Banyugurih supaya tumandang, nom-noman Jatipethuk kuwi banjur padha dibanda tangane banjur padha dilungguhne ngadhepi Demange sing isih mengkungkung kaya ingkung gumlethak neng lemah. Rangga banjur mlaku nyedhaki Ki Guru Sukirna sing ngadeg ora adoh saka papan kono, sawise rembugan sedhela Rangga banjur mecolot lunga mlayu mbuh parane. Ki Guru Sukirna banjur nyedhaki sedulure lanang sing saiki mekungkung dadi bandan.

"Mangga Kangmas, menawi badhe paring pidana" kandhane Ki Sukirdi nalika Ki Guru Sukirna wis teka ing ngarepe "kula sampun siaga, kapejahana boten badhe suwala".

"Gek Si Adhi kuwi ngomong apa?" wangsulane Ki Guru Sukirna karo mesem, banjur aweh prentah marang para cantrik "para Cantrik kabeh, ayo bali menyang Padhepokan, Ki Demang Wakil sarta para pandhereke kuwi padha ajaken menyang pendhapa, murih kepenak anggone awake dhewe padha njagongi".

"Sendika Guru" para Cantrik semaur bebarengan. Ki Sukirdi banjur diangkat digotong wong telu, lan para sinoman sing macak prajurit padha digiring mlaku menyang Banyugurih, ngetutne Ki Guru Sukirna sing wis ndhisiki mlaku ninggalne papan kono kuwi.

Ora kaya lakune wong bali saka paprangan, para cantrik anggone mlaku bali menyang Padhepokan sajak lumrah. Malah ana sing kari klesak-klesik omongan karo kanca sing mlaku ing sandhinge. Wektu kuwi srengenge wis rada adoh ngglewang mangulon, dadi wektune wis satengah ari luwih sethithik.

 

ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...