Total Tayangan Halaman

Kamis, 24 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (47)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

47

Ing palagan Barisan Garudha Nglayang sing dibudhalne saka Jatipethuk wis rontang-ranting kahanane. Suwiwi kanan sing dhasare wis semplah sansaya bubrah, akeh andhahane Ki Bantarangin sing pating blasah rubuh ing lemah, ora sethithik sing banjur mbuwang gegamane pasrah dadi bandan. Kang mangkono iku ndadekne pepes atine Ki Bantarangin sing wis kentekan tenaga ngladeni Tumenggung Sudirenglaga. Mula ora ana dalan liya kajaba nungkul marang mungsuhe. Gadane Ki Bantarangin diselehne neng lemah, banjur wonge nekuk dhengkule lungguh, rumangsa wis ora kuwat ngobahne awake maneh, pasrah.

"Aku ngakoni kalah Ki Tumenggung" kandhane Ki Bantarangin alon nanging isih bisa dirungokne dening Tumenggung Sudirenglaga "kari mangsa bodhowa nggonmu bakal ngrampungi aku".

Rampung pangucape, Ki Bantarangin wis ora kuwat lungguh maneh banjur nggloso neng lemah, ora obah, semaput kentekan tenaga. Tumenggung Sudirenglaga aweh sasmita marang prajurit Mataram supaya Ki Bantarangin diangkat lan diupakara kaya dene prajurit Mataram sing nandhang tatu. Gandheng wis akeh andhahane Ki Bantarangin sing uga wis pasrah, mung siji loro sing mlayu ninggalne palagan. Tumenggung Sudirenglaga banjur aweh prentah supaya kabeh prajurit sing gugur ing palagan padha diklumpukne, ora mung prajurit Mataram wae, nanging uga prajurit sing ngaku minangka Trah Majapahit. Samono uga kabeh prajurit sing isih urip nanging nandhang tatu-tatu, uga supaya diupakara apa mesthine murih bisa oleh usada. Mung wae, papan pangupakarane prajurit saka rong barisan sing beda asale kuwi sing dibedakne panggonane. Awit Tumenggung Sudirenglaga uga mrentahake supaya Prajurit Mataram aja nganti nyuda kaprayitnan.

Sempale suwiwi sisih kanan, uga banjur dieloni dening Suwiwi sisih kering. Ki Banjaran gegdhug saka Gunungrambut kuwi wis kijenan. Andhahane wis akeh sing mlayu ninggal palagan, uga ora sethithik sing banjur nuntut dadi bandan, sing tatu ora bisa tangi uga ora kurang akehe, samono uga sing kudu kelangan nyawa ing palagan kono kuwi. Tujune Prajurit Mataram isih ngugemi paugeraning perang, mungsuh sing wis kebanda ora kena diganggu, mungsuh sing tatu abot kudu ditulungi kaya apa mesthine.

"Paprangan ing suwiwi kene kena diarani wis rampung Ki Banjaran" Tumenggung Dibyanegara kiandha marang Ki Banjaran sing ngadeg kanthi siaga ing ngarepe "andhahanmu wis padha pasrah lan padha keplayu, sarta padha tatu sing ora bisa tangi maneh. Saiki kari nDika dhewe, milih nungkul kanthi becik-becik dadi bandan, apa ngukuhi kaprawiran semu sing ora ana gunane?".

"Aku ngerti Ki Tumenggung" wangsulane Ki Banjaran "arepa kaya ngapa dina iki aku kudu kalah, awit bisa wae nDika banjur aweh prentah supaya prajuritmu kabeh ngebyuk aku, kanthi mangkono aku bakal mati klawan tatu arangkranjang. nanging nyatane nDika isih ngugemi kaprawiran lan aku kudu ngakoni yen aku pancen ora bisa ngalahne ndika. Mula saiki aku pasrah bongkokan, borong angon ndika arep midana".

"Ndika ora kalah Ki Banjaran" wangsulane Tumenggung Dibyanegara "mung pancen nasibku sing lagi becik, lan nasib ndika sing kurang beja. Mula nuwun sewu, ndika bakal tak banda lan dudu aku sing wenang nibakne pidana. Nanging yen tiba titiwancine, aku bisa dadi seksi sing bisa ngentheng-ngenthengi tumibaning ukuman marang ndika".

Ki Banjaran banjur dibanda, nanging Tumenggung Dibyanegara wis aweh prentah marang andhahane supaya Ki Banjaran tetep diajeni kadidene prajurit sing kinurmat.

Sauntara kuwi, Ki Trenggilingwesi sing wis ngetog aji jaya kawijayane, nanging meksa isih bisa diungguli dening Marga dadi sansaya kobong atine. Mula banjur matak aji panglemunan, dumadakan ilang wujude Ki Trenggilingwesi mung panrajange wae sing keprungu pating siyut ngantem marang ragane Marga. Bola-bali Marga kena didugang temah tiba krengkangan, nanging sing ndugang sapa kuwi sing ora katon ing mripat. Tujune Marga enggal matak ajine sing aran aji sasra pangrungu lan Sassra Pandulu, mula sanadyan mungsuhe ora kasat mata nanging lamat-lamat sok isih bisa disawang nadyan ora pati cetha, aji pangeluman sing dicakne Ki Trenggilingwesi klebu wis tataran dhuwur, nganti aji Sasra Pandulune Marga isih durung bisa nembus kanthi wutuh. Panmyawange Marga ing ngendi dununge Ki Trenggilingwesi dadi cat katon cat ora.

"Ha...ha..ha....." ngerti nek Marga kerep digawe bingung karo panyawange Ki Trenggilingwesi ngguyu lakak-lakak tanpa ngatonake wujude, karo sesumbar  "Ayo Gus, ketogen kasudiranmu, ora-ora yen nganti Ki Trenggilingwesi ora bisa gawe lumpuhmu"  .

Marga ora semaur, malah mencolot rada ngadoh, banjur matak aji Sasra Panggraita. Sanajan ora weruh kanthi nyata, nanging panggraitane Marga dadi luwih landhep, temah ngerti samobah musike Ki Trenggilingwesi. Ngilmu ngijazah saka Kyai Saepullah sing aran Aljanul Mudabiroh uga wis dipunjerake menyang cemethine. Marga banjur ngadeg jejeg ngenteni obahe mungsuhe.

Ki Trenggilingwesi sing maune kepengin ngepek murid marang Marga, banjur murungake karepe, jalaran ana rasa kuwatir yen bocah iki mbesuk bakal mbebayani tumrap dhewke dhewe. Mula Ki Trenggilingwesi wis manteb nggone arep ngrajang ragane nom-noman sing ngaku cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih kuwi nganggo Trisulane. Saka alam panglemunan, Ki Trenggilingwesi ngincer pupune Marga arep ditugel luwih dhisik, sadurunge mengko dijebol jejantunge. Tanpa bisa disawang mripat wantah, pucuking trisula diarahake marang pupu sisih kiwa. Nanging Marga nadyan ora bisa weruh klawan mripat yen ana bebaya sing teka, Panggraitane luwih landhep tinimbang panyawange. Ora mung solahe mungsuh wae sing bisa disumurupi, nadyan krenteg sing tumuju marang dheweke, panggraitane Marga luwih dhisik bisa ngerteni. Mula Marga dadi luwih waspada. Ora gelem pupune ditugel nganggo Trisula dibya, Marga malah muter pecute sing wis linambaran ngilmu Aljanul Mudabiroh. Bareng lan obahe Ki Trenggilingwesi sing nedya namakne Trisulane, pecute Marga klakon luwih dhisik nggubet gulune mungsuh. Pecut disendhal banter, Ki Trenggilingwesi tiba neng lemah keseret dening tenagane Marga sing wis nyawiji ing pecute. Gandheng mung liwat panggraita, ngertine Marga Ki Trenggilingwesi mung tiba neng lemah ngono wae. Mula banjur dibaleni pamecute ngarah geger. Ki Trenggilingwesi, kontal mencelat kaya uwuh kesamber sapu., natap watu gedhe sing ana kono, badhar aji panglemunane Ki Trenggilingwesi dadi bali katon gumlethak ing cedhak watu gilang, nadyan ora katon ana tatu tilasing sabetan pecut, kegawa kasekten sing kanggo mageri ragane, nanging isen-isening raga dadi morak-marik kahanane.

Nalika Marga arep nyedhak marang papan gumlethake Ki Trenggilingwesi, dumadakan ana angin banter nyaut ragane Danyang Grojogan Kaligedhe kuwi. Sakala Ki Trenggilingwesi ilang saka pandulu. Banjur keprungu suwara gedhe tur anteb :

"Dina iki kowe menang heh muride Tanparupa, nanging aja kok kira yen Sugiwang ya Ki Trenggilingwesi wis tekan pati. Entenana mbesuk yen titiwancine wis teka, muridku sing kok kalahne dina iki bakal genti males nebus kekalahane marang kowe".

Marga ora semaur, mung meneng sajak gumun karo suwara sing tanpa ana wujude kuwi.

"Ora sah gumun adhiku" Marga kaget, Rangga jebul wis ngadeg ana mburine karo kandha.

"Sapa sing wis nyuwara kuwi mau Kakang?" Marga takon.

"Kuwi gurune ya sesembahane Trenggilingwesi sing mapan ana alam gaib sangisore Grojogan Kaligedhe, uwis ora usah digagas, omongane dhemit ora bakal mbebayani tumrap manungsa kaya awake dhewe, kajaba yen manungsane milih luwih seneng njejaluk marang dhemit katimbang nyenyuwun marang Gusti Allah".

Marga manthuk-manthuk ngerti marang apa sing dikandhakne Rangga sedulur angkate.

"Kabeh kancane Ki Trenggilingwesi sing isih urip wis dadi bandan, saiki ayo nyedhaki Paman Singasari sing sajake lagi ngadhepi mungsuh sing rada mbebayani" kandhane Rangga karo nuding mangidul. Neng kana ana perang tandhing sing luwih nggegirisi, perang tandhinge wong sekti sing nggunakne aji jaya kawijayan sing ngedab-edabi.

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...