Total Tayangan Halaman

Minggu, 27 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (50)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

50

Amerga kesusu ngguyu bungah, Raden Sentani ora kober nyegah Tumenggung Sudirenglaga sing mlayokne Pangeran Singasari. Ana rasa getun sethithik ing atine sing ora enggal tumandang nancepne pedhange menyang jantunge Senapati Mataram nalikane Dumungkuning lan Ketonggengireng kasil namakne wisane marang mungsuhe. Nanging rasa getun kuwi enggal disuwak, merga Raden Sentani luwih percaya yen sedhela maneh Pangeran Singasari bakal dadi layon sing gosong ragane kelebon wisane Ketonggengireng lan Dumungkuning sing cepet nggone nggremet nurut getih lan ngendheg keteg jantung.  Raden Sentani ora kober ndedawa angen-angen nggambarake kahanane Pangeran Singasari maneh, bareng ing ngarepe katon ana bocah nom-noman sing nyedhak, sajak teteg ora wedi marang dheweke babar pisan.

"He, sapa kowe lan ana apa kowe mrepegi aku he?" Raden Sentani takon semu gumun. Nanging sajroning atine uga ana rasa kepencut ndulu, dedeg piadege nom-noman sing bagus rupane lan resik pakulitane kuwi.

"Aku Rangga Sentani" wangsulane Rangga karo mesem, sengaja anggone nyebut jenenge Sentani mung njangkar wae, perlune kanggo nggugah kanepsone sing diadhepi "aku nyedhaki ndika mung arep ngandhani, ya gene ndika ora duwe isin".

"Piye?" Raden Sentani nggetak "nek ndelok sandhang panganggomu cetha nek kowe dudu tunggale prajurit Mataram, nanging ya gene kowe wani njangkar marang aku? lan ndakwa yen aku ora duwe isin? sejatine kowe kuwi sapa ? Aja gawe nepsuku bocah ora genah".

"Mau wis tak wangsuli, jenengku Rangga, aku cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih. Cetha?" wangsulane Rangga tatag "aku ora ndakwa, nanging omong apa nyatane, ndika sing ngaku jare Trah Majapahit, nanging nyatane wis gawe kuceme jeneng Majapahit, ketitik saka trekah ndika sing licik, trekah ndika sing nyidrani paugeran perang tandhing, ndika nyeluk kanca ora mung siji nanging sapirang-pirang sing ora wani nuduhne raine, ndika ajak ngrubut Senapati Mataram sing nyata satriya utama mau. Apa ndika arep selak nek tak arani ora duwe isin?".

Sapandurat Raden Sentani ora bisa kumecap, atine kaget kaworan gumun dene ana menungsa lan isih nom-noman pisan sing bisa weruh yen dheweke wis nekakne prajurit-prajurit saka alam gaib kanggo ngrubut Pangeran Singasari. Lan kanthi lancaqng nom-noman kuwi wis wani ngarani yen dheweke ora duwe isin. Raden Sentani mesthi wae ora kepengin wong sing ana kono padha ngerti marang apa sing dikandhakne dening nom-noman jeneng Rangga sing ngaku Cantrike Ki Guru Sukirna kuwi. Mula banjur wangsulan karo ngguyu banhter kanggo nutupi  tindak licike :

"Aja mung langap-langap waton bisa ngucap kowe Rangga, ing kene ora ana perang tandhing, nanging perang antarane Trah Majapahit musuh Mataram. Lan kowe kudu ngerti prajurit-prajurit gaib sing wis mateni Senapati Mataram sing jeneng Singasari kuwi wis aweh tenara marang Senapatimu yen arep melu ngramekne peperangan, nanging disepelekne dening Singasari. Bareng ditandangi tenan saiki nyatane Singasari klakon mati. Arep ngapa kowe? ora trima karopatine senapati Mataram sing gumendhung kuwi? he?".

Rangga mesem ngece, kandhane :

"Sakarepmu ndika arep kandha apa, mung siji sing perlu ndika ngerteni, Pangeran Singasari ora nganti tumekeng pati merga kena upase dhemit Ketonggeng karo Dhemit Ula srayanmu kae, sedhela maneh Pangeran Singasari mesthi bisa ngetokne wisane dhemit loro kuwi saka sarirane. Karo ngenteni baline Pangeran Singasari mrene, apa kira-kira kowe wani ngadhepi yen aku kepengin nyoba sepira dhuwure kasektenmu? Yen kowe wedi, kowe kena ngajak dhemit-dhemit sanakanmu kanggo bareng ngrubut aku".

Kaya ditamplek praupane rasane Raden Sentani krungu panantange Rangga sing nyata ngremehake kasektene ngono kuwi. Getihe kaya umub saking nesune. Ujare sugal :

"Keparat kowe!, bocah wingi sore wani sumbar nantang Raden Sentani. Tak ajangi jembar bocah setan, ayo majuwa, miliha sasenengmu endi peranganing awakku sing arep kok terjang, ora arep tak endhani. Yen nganti kliwat ping sepuluh nggonmu nerjang ragaku, kowe bisa ndadekne aku tiba neng lemah, tak sembah dlamakanmu".

"Aja kumalungkung Sentani, piye upama diwalik wae? Ayo nerjanga mrene, tak wenehi wektu seket jurus yen ndika bisa ngrubuhne aku, angur aku mati nglalu neng ngarepanmu" wangsulane Rangga sansaya ngece.

"Tak wujudi pepenginanmu Rangga, ora perlu nganti seket jurus. Kowe isih bisa ngadeg kaya saiki iki sajroning tandhing karo aku pitung jurus, tak guroni kuwandhamu" Raden Sentani wangsulan dibanjurne tata-tata pasang kuda-kuda arep nerjang Rangga.

Ora adoh saka papane Rangga lan Raden Sentani arep adu kaprawiran, Marga lagi ibut ngadhepi pangrubute wadya bala saka alam gaib, prajurit kirimane Ki Nagaburik saka Grojogan Jambetelu sing wujud maneka warna ula mandi, weling, welang, dumung, bandhotan, cabe lan liya-liyane. Uga manekawarna kewan gegremetan mawa wisa bangsane Klabang, Kalajengking, Ketonggeng sing sakepel-kepel gedhene, gegremetan siluman kongkonane Raden Bintulu saka Kedhunggasrong. Marga sing wis ngerti yen sing diadhepi dudu ula lan gegremetan sabaene, kajaba wis mageri awake karo aji Panawa Wisa peparinge Ki Tanparupa, uga bali munjerne aji Al-Janul Mudamiroh peparinge Kyai Saepullah marang cemethine. Kanggp ngilangi rasa gila ndulu wewujudan sing nggegilani, Marga nalekne ikete kanggo nutupi mripate. Kanggo ngawruhi papan lan obahe mungsuh Marga ngecakne Aji Sasrapanggraita.

Ora mung puluhan ula lan gegremetan sing ngrubut Marga, nanging luwih saka atusan akehe. nDadekne solahe Marga ngganjret kaya kitiran, wis makaping-kaping pucuking upat-upat ula kuning ing cemethine Marga mbledhos lan nuwuhake pletikan geni. Kang mangkono mau awit upat-upat sing ngenani lan wis gawe mencelate mbuh Ula mbuh gegremetan siluman. Ora akeh sing weruh apa sing ditindakne Marga satemene, malah akeh prajurit sing padha gumun weruh Cantrik Padhepokan Banyugurih, sing mau wis bisa ngendhangake Ki Trenggilingwesi sing sektine ora karuwan kuwi pencolotan karo dolanan pecute. Mung para Tumenggung lan prajurit sing wis akeh kawruhe sing bisa weruh lan ngerti yen Marga lagi perang dikrubut  prajurit siluman ula lan gegremetan mawa wisa.

Senapati saka Kedhunggasrong lan saka Grojogan Jambetelu, sing wis bisa gawe tatu ing anggane Pangeran Singasari,  meruhi akehing wadya sing kontal kanthi tatu abot kena pecutane Marga gelem ora gelem dadi miris. Liuwih-luwih bareng kekarone maju bareng kaya sing dicakne marang Pangeran Singasari mau jebul ora tumama marang ragane Marga, awit dayane aji Panawa Wisa. Dumungkuning karo Ketonggengireng banjur bebarengan mencolot rada ngadoh kanggo ngetrapne ajine sing luwih dhuwur. Nanging Marga luwih prayitna, ngerti senapatining mungsuh arep ngecakne ajine, dening Marga didhisiki klawan nyabetne pecute. Ketiban pecut sing linambaran Aji Aljanul Mudamiroh, siluman ula lan siluman Ketonggeng kuwi mencelat, sarandhuning awake kaya diobong rasane. Sauntara senapati loro kuwi ora kuwat obah, prajurit-prajurite sansaya akeh sing sambat ngaruara ketiban gegamane Marga.  Wasana merga ngeman prajurite sarta ngeman ragane dhewe, senapati loro kuwi banjur aweh sasmita marang wadya baline diajak mundur mlayu bali menyang alame, ninggal alaming jalma manungsa sing yegtine dudu panggonane.

Kaya mendhung kesapu ing angin, para siluman kuwi mlayu ninggalne Marga sing isih kukuh nyekeli pecute. Marga ngira menawa mungsuh-mungsuhe ora ngunduri perang, nanging rumangsane lagi nata kekuwatan ing alam panglemunan. Mula Marga uga banjur kepengin  mburu, pecute disabukne bangkekan maneh banjur nangkepake epek-epeke, ditumpangne dhadha, nedya mbesut raga angragasukma. Nanging Marga banjur murungne sedyane bareng ana angin sumilir ngusap awake. Nalika mripate dibukak, jebul  katon Ki Tanparupa ngadeg ana ngarepe.

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...