Total Tayangan Halaman

Senin, 28 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (51)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

51

Marga kaget, gumun campur seneng ditekani gurune ing papan paprangan kuwi, gage-gage nom-noman kuwi nyaket arep ngaturne bekti. Nanging sepira kagete Marga, lagi wae dheweke arep menyat dumadakan Ki Tanparupa wis ilang saka pandulune. Wong tuwa sing mulang muruk ing reh kanuragan lan kabatinan marang Marga liwat impen-impene kuwi musna tan kasumurupan menyang ngendi parane. Mung suwarane sing banjur keprungu aweh tutur marang muride :

"Ngger Marga, aja kok terusne nggonmu arep nguber titah sing wis niyat bali marang alame, sumurupa kowe bisa ngalahne titaah-titah saka alam liya kuwi amarga kowe tetep setya netepi jiwa kamanungsanmu, mangka menawa kowe nguber titah-titah sing wis keplayu bali menyang alam asale, kowe genti bakal kena dikalahake lamun titah-titah kuwi netepi jiwa kalelembutane. Mung kuwi welingku, aja kongsi kok lelekne. Saiki awat-awatana Rangga sing lagi ngadhepi Raden Sentani,  aku tak nguwasi apa sing arep ditindakne dening Nagaburik karo Raden Bintulu sing uga lagi nguwasi nggone perang tandhing Rangga  lan Sentani".

"Ngaturaken sewu gunging panuwun Bapa" Marga wangsulan "awit saking sedaya pitedahipun Bapa. Boten langkung keng putra namung saged ngestokaken dhawuh".

mBaleni critane Pangeran Singasari sing dipondhong lan digawa mlayu dening Tumenggung Sudirenglaga. Pranyata Pangeran Singasari tuhu Prajurit sing sekti mandraguna, klebon wisa sing mbebayani pancen bisa nglumpuhake tenagane, metengne pandulune, nanging wisane Dumungkuning lan Ketonggengireng ora kuwawa nguwurake nalare Senapati Agung Mataram kuwi. Ngerti yen ana sing mbudidaya nylametake jiwane, Pangeran Singasari banjur takon saka pondhongan :

"Sing mondhong lan nggawa mlayu aku iki sapa?" .

"Punten dalem sewu Pangeran" Tumenggung Sudirenglaga semaur karo terus mlayu "kula pun Sudirenglaga".

"Aku arep kok gawa menyang ngendi Tumenggung?  yen ndelok rasaning awakku, katone dina iki aku kudu tumeka ing pati kena gegamane Sentani sing tumanduk ing bau kanan keringku. Sadurunge aku mati Tumenggung, prentahna marang para prajurit Mataram supaya bareng ngranjab Sentani saka kadohan, yen ora wong kae bisa gawe kapitunane prajurit Mataram kabeh" Pangeran Singasari isih kober aweh prentah.

"Punten dalem sewu Pangeran" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga, sing wektu kuwi nggone mlayu wis tekan regole Padhepokan Banyugurih "Gusti Pangeran kula aturi ngleremaken panggalih langkung rumiyin, prakawis Sentani sampun wonten ingkang badhe ngrampungi".

"Sapa? Sapa sing bisa menang  mungsuh  Sentani sing duwe kasekten sing nggegirisi? Aku wae klakon digawe kaya ngene, yen ana sing wani maju ngadhepi, aja oleh maju ijen, tan wurunga bakal nemoni lelakon kaya aku" Pangeran Singasari suwarane nuduhne kuwatiring atine.

Tumenggung Sudirenglaga ora kober wangsulan maneh, merga wis munggah neng pendhapane Padhepokan, dipapag dening Ki Guru Sukirna sing uga banjur ngerti apa sing kudu ditindakne magepokan karo kahanane Pangeran Singasari. Senapati Agung sing wis tanpa daya kuwi diglethakne ing lincak cilik, banjur diupakara nut lan carane Ki Guru Sukirna. Dimen sing ditambani ora kober kelah lan polah, dening Ki Guru Sukirna luwih dhisik digawe bisa turu kepati, sarana dipijet jempolan tangane.

Sawuse masrahake Pangeran Singasari sawutuhe marang Ki Guru Sukirna, Tumenggung Sudirenglaga banjur pamitan arep bali menyang papan palagan maneh. Jalaran Tumenggung Sudirenglaga uga kepengin ngerti kaya apa dadine yen Sentani perang tandhing mungsuh Rangga. Tumenggung sing wis suwe ngabdi ing Mataram kuwi ngerti yen Sentani nduweni kasekten sing ngeab-edabi, uga duwe kaluwihan bisa ngereh bangsa lelembut kanggo ngrewangi dheweke, nanging Sudirenglaga uga weruh yen Rangga kuwi putrane Panembahan Senapati, sing kasektene ora bisa diukur sepira jerone, ora keneng ditaker sepira akehe. Perang tandhing iki mesthi luwih rame tinimbang perang tandhinge Sentani lan Singasari mau.

Pangirane Tumenggung Sudirenglaga ora luput, Raden Sentani sing maune duwe pangira yen Rangga kuwi bocah lumrah klakon ketanggor. Wis ora bisa dietung akehing jurus sing dicakne kanggo nglumpune mungsuhe sing dicakne Raden Sentani, parandene bebasan ora bisa nggigrikne wulu kalonge Rangga. Pedhang Pusakane Raden Sentani ora kuwawa njebol pager sing dicakne Rangga sing mung wujud teken bongkotan pring kuning sing mung sadriji jempolan gedhene limang kilan dawane. Pedhange Raden Sentani ora bisa mbusikne kulite Rangga, malah bola-bali Raden Sentani kudu ngempet lara, merga pisan pindho balung kentole kober kampiran thuthukan teken bongkotan pring kuning sing dicekeli Rangga.

Nalika ana kalodhangan sethithik, Raden Sentani mlumpat memburi banjur matak aji pamungkase. Sakala ilang wujude Raden Sentani, ing kono dumadakan ana Ula meh sabongkoting glugu gedhene, ngakak galak nyander-nyander karo nyemburake wisa sing ampuhe kagila-gila. Semburaning wisa sing bisa diendhani Rangga, nampeg watu kumalasa sing meh sakebo gedhene, dadi kobong banjur ambyar dadi sawalang-walang. Giris sing padha weruh. Para Tumenggung lan Prajurit Mataram sing mau padha ngadeg ngupengi sing perang tandhing, padha mlayu mundur, ngedoh, kuwatir yen nganti kena semburan lan sabetaning buntute Ula gedhe jilmanane Raden Sentani. Mung Marga sing ora ngedoh, nanging tangane kenceng nggegem dangan pecute, siaga nadhahi yen ana bebaya sing ngampiri.

Ngadhepi pangamuke Ula daden-daden panjilmane Raden Sentani, Rangga banjur kelingan karo welinge Ibune ya Dewi Semangkin, nalika dheweke arep dikanthi ingkang Rama Panembahan Senapati menyang Mataram biyen.

"Kulup Rangga" ngono welinge Dewi Semangkin nalika samana "miturut dhawuh sing tak tampa saka Eyangmu sawargi ing sajroning pasupenan, Ibu ora nyumelangake kaslametanmu, merga aji jaya kawijayan sing kok gadhuh wis cukup kanggo mbetengi uripmu saka bebaya. Mung siji welinge Eyangmu, kowe kudu ngati-ati yen nganti nemoni Naga Sekti sing pinuja puja dadi sesembahane wong-wong sing duwe karep njongkeng kawibawane Ramamu ing Mataram".

Eling pawelinge Ibune sing mangkono iku, Rangga banjur nggagas sedhela yen sing dikarepne Naga Sekti sing pinuja-puja lan dadi sesembahane wong-wong sing arep njongkeng kawibawan Mataram kuwi, atake Ula daden-daden iki?. Nggagas mangkono kuwi, ndadekne Rangga kepengin mbuktekne bener utawa orane gagasan sing liwat ing angen-angene. Sawise mencolot memburi rada ngadohi Ula sing lagi nyander-nyander kuwi, Rangga ngrapal aji Makbudul Mudamir peparinge ingkang Paman Pangeran Benawa, dirangkepi karo aji Kasaratul Mutamaridin peparinge Kyai Saepullah, dipunjerake marang sajroning teken sing digegem nganggo tangane tengen. Sakala Teken bongkotan Pring Kuning kuwi katon murup kalawan pega sing kuning rupane. Rangga banjur mencolot maju, arep ngepruk sirahe Ula gedhe kuwi nganggo tekene.

Jebul solahe Rangga isih kalah cepet karo Raden Bintulu sing amping-amping alam parayangan. Ngerti yen Rangga ngrapal aji sing nggegirisi kuwi, Raden Bintulu mencolot Sentani sing isih wujud Ula gedhe, disaut digawa mlayu manjing alam prayangan. Sauntara Ki Nagaburik sing uga duwe rasa kuwatir lan miris marang aji sing dicakne Rangga, melu nggeret lan ngajak mlayu mantune bareng karo Raden Bintulu. Sakala Ula gedhe ilang saka pandulu, banjur ing awang-awang keprungu suwara sesumbar :

"Heh Tanparupa, aku ngakoni dina iki muridmu luwih unggul tinimbang muridku, nanging titenana mbesuk mesthi ana wektune, muridku bakal males marang muridmu. Wis Tanparupa, aku bali dhisik, saiki muridku durung bisa mbedhah Mataram, nanging mbuh kapan wektune Mataram mesthi bedhah dening Trah Sri Girindrawardana".

Suwara banter sing uga mlebu ing kupinge kabeh wong sing ana kono kuwi, ora diwangsuli karo sing disebut nganggo jeneng Tanparupa kuwi, sing banjur keprungu malah suwarane wong mituturi Rangga lan Marga :

"Rangga lan Marga, dina iki pedhut peteng sing nutupi Kademangan Jatipethuk wis sirna. Sing omong karo mlayu kuwi mau Lelembut utawa kena diarani Dhedhemit, mung wong sing bakal dadi balane dhedhemit sing gelem percaya karo sing diomongne Lelembut. Wis cukup Rangga loan Marga, terusna nggonmu ngayahi wajib. Aku bali menyang papanku".

Rangga lan Marga mung manthuk-manthuk karo nindakne sembah Kalbu. Tumenggung Sudirenglaga, Tumenggung Jaya Kartika, Tumenggung Dibyanegara lan para prajurit liyane padha nyedhak aweh kurmat marang Raden Rangga putra dalem Panembahan Senapati kuwi. Sing oleh pakurmatan banjur kandha alon karo mesem :

"Kakang-kakang para Tumenggung lan prajurit Mataram kabeh, paprangan wis rampung Raden Sentani wis digawa minggat gurune menyang alaming lelembut, kari para pandhereke padha openana sing becik. Wektu iki Paman Singasari isih diusadani dening Ki Guru Sukirna ing padhepokane, dimen luwih cepet waluyane aku titip marang Kakang Tumenggung Sudirenglaga, iki aku duwe watu kumala supaya diaturne marang Bapa Guru Sukirna kanggo mbuwang wisa ing ragane Paman Singasari. Lan tulung bektiku karo bektine Adhi Marga aturna marang Bapa Guru Sukirna banjur pamitna pisan aku bocah loro arep nerusne laku, ngupadi Sendhang Mustikaning Warih ing sukuning Gunung Mahendra".

Bub ar muni ngono kuwi Rangga ngulungne watu kumala sing bunder kaya endhog marang Tumenggung Sudirenglaga. Banjur njawil Marga diajak mlaku ninggal papan kono.

 

SIGEG.

tlas sinerat ing sanggar maladi hening 19 Dulkangidah Jimakir 1954, Kurup Salasiyah, Windu Sengara, mangsa Kasa, Wuku Wuye, Padangon Gigis, Padewan Bathara Yamadipati, Paringkelan Mawulu.

29 Juni 2021 Jam 07:39 WIB.

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...