Total Tayangan Halaman

Kamis, 19 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (20)

 

dening: IMMIR

 

20.

Dina-dina sing maune sepa tanpa rasa, wengi-wengi sing maune anane mung sepi, krasa bali urip maneh bareng jabang bayi sing dikandhut wis lahir. Bener kandhane Daryana, anake Srimurni lahir wedok. Tangga teparo sacedhake, banget anggone padha suka pitulungan marang Srimurni sing uripe mung ijen tanpa sedulur tanpa wong tuwa kuwi. Budhale menyang Rumah Sakit dikancani Bu RT karo Bu Ningsih garwane Pak Guru Drajat. Ya wong loro kuwi sing banjur gentenan ngurusi anggone Srimurni lahiran. Ora mung ngurusi neng Rumah Sakit wae, nanging nganti tekan golek akta kelahiran barang ya diurusne pisan. Dening Srimurni anake wedok kuwi ditengeri kanthi jeneng Daryanti Murni, kanggo pangeling-eling yen bocah kuwi wohing katresnan antarane Sawargi Daryana karo Srimurni.

Nganti mulih saka Rumah Sakit, Bu RT sing sajake wis kepengin duwe putu nanging durung kasembadan kuwi, isih ngrewangi lan kerep niliki Sri Murni. Tangga-tangga liyane ya padha, kerep niliki lan aweh bebantu marang bot repote Sri Murni sing lagi sepisanan nglahirake tanpa tinunggon bojo lan ora duwe kulawarga liyane. Anane wong-wong padha entheng anggone aweh bebantu marang Srimurni ngono kuwi, ya awit saka tandurane Daryana nalika uripe lan pintere Srimurni srawung karo ibu-ibu ing lingkungan kono.

"Ora usah nyandhak gaweyan sing abot-abot dhisik Jeng, nek butuh apa ta apa, njenengan ngendikan wae" kandhane Bu RT marang Srimurni ing sawijining esuk.

"Inggih Bu, nanging rak nggih kedah dilatih ta?" wangsulane Srimurni "Gek kula niki raosipun pripun ngaten lho Bu, mosok dadi wong kok mung dadi sanggan lan tansah ngrepotne Bu RT lan Ibu-ibu sanese".

"Panjenengan ki aja ngendikan ngono kuwi" Bu RT ngandhani "neng kene kuwi panjenengan  wis dadi sedulure wong sak RT, malah kaya-kaya njenengan ki tak anggep anakku dhewe dadi Si Daryanti kuwi ya wis padha karo putuku dhewe".

"Inggih Bu Dar" Yu Gemi sing wektu kuwi ya pas ana kono melu omong "Bu Ningsih kalih Bu Diyan i kala wingi niku ngraosi Bu Dar lho?".

"Ngraosi kula Budhe?" Srimurni takon semu rada kaget "ngraosi bab napa?".

"Criyose tiyang-tiyang mriki mpun sami Bu Dar, mengke nek Bu Dar badhe pindhah criyose badhe dipenggak" wangsulane Yu Gemi.

"Wooo, Gemi ki karepe dhewe wae......" Bu RT nrambul gunem "kuwi ki wis dadi keputusane Ibu-ibu kene kabeh ya? Kabeh wis sepakat nek Bu Dar aja diwarah dhisik, lha kok malah diomongne wonge".

Srimurni dadi domblang-domblong kaya wong enggong, ora mudheng karo sing diomongne Bu RT karo Yu Gemi.

Let sepasar apa sing diomongne Yu Gemi kuwi apa, Srimurni lagi ngerti. Ibu-ibu diwakili wong lima ya kuwi Bu RT, Bu Diyan, Bu Ningsih, Bu Dewi karo Bu Atik padha nemoni Srimurni neng omahe. Wong-wong kuwi wis padha weruh karo kahanane Srimurni wektu iki. Upama ninggalne desa kono, banjur bali nyang Sragen, kira-kira kahanane iya durung karuwan luwih becik, jalaran sanadyan Sragen kuwi tanah wutah getihe Srimurni, nanging wektu iki Srimurni neng Sragen ya wis ora duwe apa lan sapa maneh. Mula gandheng sasuwene manggon neng kono meh setahun nyatane Srimurni wis akeh aweh sumbangan pikiran lan bau sing nyata akeh gunane bareng dicakne, wong-wong banjur duwe pikiran supaya Srimurni ora usah lunga saka kono. Kanggo nyambung urip lan kanggo ngragati anake Srimurni dibantu supaya bisa dodolan panganan neng omahe.

"Kok ngantos samanten kasaenanipun Ibu-ibu dhateng kula?" karo luh sing dleweran Srimurni kandha marang Ibu-ibu sing makili ibu-ibu sak RT kuwi "gek benjing kados pundi anggen kula saged males kasaenan panjenengan sedaya punika?".

"Ngene lho mBak" Bu Dewi sing aweh wangsulan dhisik dhewe "biyen lingkungan kene kuwi jan ora tau ana sing jenenge kegiatan, nanging bareng sawargi Mas Daryana karo panjenengan rawuh kene, Karang Tarunane wiwit tangi, tekan saiki kegiatane ya ora tau mandheg, remaja-remaja putrine sing maune ora ketok ana kegiatan apa-apa ya banjur wiwit tangi, Ibu-ibu sing biyen ngertine mung ngedumel ana omah ya banjur, saiki panjenengan pirsa dhewe wis ora kalah karo ibu-ibu ing nggon liyane. Kabeh mau merga Mas Dar sawargi karo panjenengan bisa aweh rerigen lan bisa nyontoni. Kuwi kabeh wong kene padha ngakoni, dadi kok iki Ibu-ibu mbantu panjenengan ngono sejatine ora kabeh bener, nanging wong kene iki isih mbutuhne panjenengan supaya tetep neng kene".

Wekasane apa sing dirigenake dening Ibu-ibu kuwi bisa ditampa lan dilakoni Srimurni. Srimurni wiwit bukak warung cilik-cilikan neng omah kontrakane, sing didol ya mung sarapan  sing bukake mung pendhak esuk nganti kira-kira jam wolu. Asile lumayan, kena kanggo nyambung urip tenan. Ing wektu-wektu longgar, karo nggendhong Daryanti, Srimurni bali aktip ing kegiatane Ibu-ibu lan remaja putri, malah sok neng kegiatan Karang Taruna barang.

Ngono kuwi mau mlaku becik nganti setahun luwih, nganti anane lelakon sing ndadekne Srimurni minggat ninggal desa kono, mbuwang jeneng asline, lan ngganti jenenge anake saka Daryanti Murni dadi Murjiyem. Ya kuwi, merga tekane Koh Jang sing duwe omah sing dienggoni kuwi, neng omah kono.

Srimurni sing ora ngerti kenthang kimpule, ngerti-ngerti dening Koh Jang diajak lunga pawadane jare arep dijak methuk calon nyonyahe Koh Jang nyang Bandara Solo, sing lagi teka saka Singapore. Gandheng wis tau kepotangan budi merga sewan omahe sing saiki iki kuwi dipotong regane, Srimurni ya banjur gelem. Daryanti sing lagi umur siji setengah tahun ditinggal dititipne Yu Saikem tangga cedhake. Jebul Koh Jang duwe sedya sing nerjang sarak nyingkiri bebener. Srimurni ora diajak nyang Bandara nanging dienggokne neng papan sing sepi. Ya neng kono kuwi Srimurni dipeksa ngladeni nafsune Koh Jang sing wis kerasukan setan. Bawane wong wadon sing ringkih, nadyan polah kaya ngapa Srimurni ora bisa ucul saka cengkeremane  wong lanang sing wis kepanjingan setan kuwi.

Sing banget gawe larane atine Srimurni, jebul Koh Jang wis suwe nggone duwe sedya ala ngono kuwi. Wong lanang kuwi bareng wis rampung nyuntak nepsune banjur ngomong karo nuduhne kertas sak suwek neng ngarepe:

"Kamu gak bisa bilang kalau kowe sudah tak perkosa Bu Dar, karena aku wis berhasil njiplak tulisan tanganmu sama tanda tangannya sekalian. Ini poto Copy Surat perjanjian kawin siri antara kamu dan aku yang seolah kamu tulis dan kamu teken dhewe. Dadi kalo kowe nanti lapor polisi surat yang aslinya akan kutunjukkan pada polisi. Apa lagi di sini semua orang ngerti kabeh kalo aku ini orang yang baik-baik dan pemurah, maka tentu aku lebih bisa dipercaya ketimbang kamu. Maka lain kali kalau aku minta kamu nurut saja. Hadiah untukmu sewa rumah untuk setahun yang akan datang aku gratiskan deh".

Srimurni ora wangsulan, atine lara, lara banget. Bareng wis rada wengi, Srimurni diajak bali nyang omahe maneh lan Koh Jang ya banjur lunga, olehe pamit suwarane digawe banter keprungu ramah lan kaya ora tau kedadeyan apa-apa.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...