dening: IMMIR
21.
Esuk kuwi wong-wong sing arep golek sarapan neng omahe Srimurni padha kecelik. Omah kuwi wis suwung, lawange dibukak cendhelane ya bukakan, nanging wong manggoni wis oea ana. Mesthi wae wong-wong padha geger, kabeh padha nggoleki menyang ngendi parane Srimurni. Nanging Srimurni sengaja wis ora mbutuhi maneh marang papan kono kuwi, niyate wis gilig kudu lunga sing adoh, mbuh parane nek bisa aja nganti kepethuk maneh karo wong-wong sing dadi sanakane, sing ws akeh aweh bebantu lan nulungi uripe. Ora amarga Srimurni gela marang wong-wong kuwi kabeh, nanging Srimurni kuwatir yen kedadeyan sing dialami karo Koh Jang wingi sore nganti kaweruhan dening liyan. Olehe duwe rasa kuwatir ngono kuwi amarga Srimurni weruh lan ngerti yen Koh Jang sing jarene isih WNA kuwi duwe jeneng sing apik tumrap masyarakat kono. Kamangka Koh Jang wis gawe lan nyimpen layang sasuwek sing ditulis tangan lan ketempelan meterei sing mratelakake yen Srimurni karo Koh Jang wis sarujuk ngiket sesambungan katresnan klawan nikah siri, Tan wurunga ing tembe Koh Jang bakal nuduh-nuduhakae layang sing tulisane persis karo tulisan tangane Srimurni kuwi marang wong-wong kono. Lanyen kedadeyan kuwi temen-temen kelakon, Srimurni mokal bisa menang ngeyel ngadhepi wong becik sing baud ngrakit ukara kuwi. Mulane Srimurni milih lolos wae saka papan kono, kanthi sesidheman ora ana wong sing ngerti menyang ngendi parane. Sanadyanta mangkono Srimurni panggah ora bisa nglalekne kabecikane wong-wong kono marang dheweke, mula klawan sesidheman karo budhal minggat, Srimurni kober nyelehne salembar layang pamit maramh warga kono. Layang kuwi ditulis neng thethelan kertas buku tulis, banjur dilempit lan diselehne neng ngisore keset sing ana ngarep lawang omahe Pak RT.
Katur Bu RT lan Ibu-ibu sedaya.
Rebat cekap. Kanthi kitir punika kula ngaturi pirsa bilih awit saking wontenipun sandhunganing gesang kula ingkang sakalangkung awrat lan boten saged kula criyosaken dhateng sinten kemawon, kula kapeksa kesah nilar papan ingkang sampun paring pinten-pinten kasaenan dhateng kula. Sedaya kalepatan kula dhateng warga mriki, kula nyuwun pangapunten.
Dhumateng Bu RT mugi kaaturna dhateng Pak RT sanadyan Koh Jang, ingkang gadhah griya ingkang kula panggeni punika, ketingalipun sae, nanging mugi Pak RT boten ngantos nilar prayitnaning batin. Matur nuwun.
kairing panyuwunan pangaksami
Srimurni alias Nyi Daryana.
Mangkono unine kitir sing ditinggal lan diselehne neng ngisor kesete Bu RT.
Kira-kira jam sepuluh awan, Srimurni wis tekan Gilingan, Sala. Pancen mau karo mlaku Srimurni duwe gagasan arep methuki sanakane sing lanang sing omahe ana Gilingan kono, jenenge Sui Lan, undang-undangane Cik Lan. Cik Lan kuwi warga Tiong Hwa nanging luwih njawani tinimbang wong Jawa, ya basane ya solah bawane. Senengane jaritan lan nganggo kebayak, rambute dawa digelung lan diwenehi susuk cundhuk mentul. Bojone Cik lan sing jeneng Koh Sin, nek nek omah seneng sarungan lan nganggo kethu kaji. Koh Sin kuwi biyen sing dieloni Daryana sadurunge nyambut gawe melu proyek, lan ya Koh Sin kuwi sing nulungi Daryana mlebu dadi Pegawe Proyek.
"Lha kok ora karo Daryana ta Dhik Sri?" pitakone Cik Lan sawise Srimurni lungguh neng kursi ngarepe Cik Lan sing lagi ngawasi Tokone.
"Inggih kok Cik, badhe ngaturi kabar bilih Bapakipun gendhuk sampun radi dangu wangsul ing Jaman Kelanggengan" wangsulane Srimurni karo ndhingkluk.
"He? Piye? Daryana wis ninggal?" Cik Lan ketara kaget. Srimurni mung nyauri karo manthuk.
"Dhek kapan gek jalarane apa?" Cik Lan takon maneh suwarane kedher tandha yen atine rumangsa melu sedhih.
Srimurni banjur nyritakne lelakone, wiwit Daryana nyambut gawe neng proyek nganti lelakon sing disandhang mau bengi. Cik Lan anggone ngrungokne nganti kamitenggengen, ketak rasaning atine melu keseret ing kasangsayane Srimurni. Sauntara iku Daryanti sing keturon neng gendehongane ibune, banjur dibobone neng kursi dawa sacedhake nggon jagongane ibune karo Cik Lan.
"Aku melu prihatin karo lelakonmu Sri" kandhane Cik Lan sabanjure "kawulane Langit sing jeneng manungsa kuwi, mbuh kuwi wong Jawa, apa wong Cina, apa wong Landa, apa wong Arab, apa wong apa wae, sing duwe klakowan bejat ngono kuwi akeh, ora merga Cinane apa Jawane. Nadyan ta mangkono sak jane sing duwe budi luhur, seneng tetulung kanthi ikhlas ya isih luwih akeh. Saiki ngene wae, kowe lerena neng kene dhisik, mengko nek Papahe bali saka Toko sing neng Palur, tak taren kepiye upama awakmu nyambut gawe neng kene wae".
"Matur nuwun Cik" Srimurni wangsulan, gorokane krasa salit, banjur nyedhot teh botol sing disuguhne pelayane Cik Lan nalika Srimurni lagi teka mau, bar ngono neriusne omonge "niku miturut kula pancen sae sanget, nanging kula taksih ajrih menawi dereng tebih saking papan kula sakawit, tan wurunga mangke badhe taksih sok kepanggih kaliyan titiyang mrika".
"Sing kok kandhakne kuwi pancen bener Sri, merga mokal awakmu arep terus manggon neng jero omah, sok-sok ya mesthi metu barang. Kamangka wong kana kuwi mesthine ya akeh sing saba nyang Sala".
"Mila saking punika Cik".
"Lha banjur rancanganmu saiki kepiye?" Cik Lan takon.
"Bares mawon kula taksih bingung Cik" wangsulane Srimurni blaka "tiyang angen kula mampir mriki niki wau nggih badhe nyuwun tulung dhateng Cik Lan mbok menawi saged paring rerigen. Nanging menawi kapeksa boten saged paring rerigen inggih botenh dados napa, mbok menawi mila lelampahan kula taksih kedah nempuh margi ingkang radi panjang malih".
"Mengko dhisik ta" Cik Lan wangsulan alon "tak eling-elinge mbok menawa mengko nemu dalan kanggo aweh rerigen marang sliramu".
Dumadakan Koh Sin, bojone Cik Lan teka. Cik Lan gageyan mapagne karo pitakonan, merga ora biasane sing lanang bali wayah samono iku.
"Ana apa ta Pah? ketoke kok dhengaren wayah mene wis bali? apa bocah-bocah padha ora mlebu nyambut gawe?" pitakone Cik Lan marang sing lanang.
"Ora kok, anu Pak Jaya, Sumberlawang mara,Tekoku sing saka Cirebon kae sida dikersakne. Olehku bali iki mau arep njupuk Teko kuwi, mula aku mau numpak Taxi" wangsulane Koh Sin marang sing wedok, bareng weruh nek neng kono ana Srimurni, Koh Sin ketok kaget, banjur Srimurni disalami kandhane :
"Lho iki rak bojone Saryana kae ta? kapan olehe taka? padha slamet kabeh ta? lha Daryana endi? aku wis kangen lho".
Srimurni ora semaur, mung eseme wae sing ditudiuhne. Malah Cik Lan sing banjur semaur :
"Mengko dhisik Pah, ayo mlebu sedhela aku arep matur sethithik nyang Papah" muni ngono kuwi Cik Lan karo mangkat mlaku mlebu ruangan mburi. Koh Sin banjur ngomongi Srimurni :
"Disekecakne dhisik ya? tak tinggal sedhela".
"Inggih Koh, mangga" wangsulane Srimurni .
Koh Sin banjur nyusul Cik Lan mlebu menyang ruang mburi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar