dening: IMMIR
22.
Watara sapanginang Srimurni lungguh ijen karo nunggoni anake sing isih turu nglepus, Koh Sin metu ditutne Cik Lan. Koh Sin nyangking kanthong rada gedhe mbuh isine Srimurni ora weruh, karo ngadeg wae Koh Sin banjur kandha marang Srimurni :
"Iki sampean tak tinggal dhisik mBak Daryana, sepurane merga aku ditunggu kanca neng Toko Palur kana. Sampean rembugan karo Mamahe wae, muga-muga Langit paring pangayoman marang sampean. Karo iki, tulung mengko ngge nukokne ngombe putrane mbok menawa neng dalan ngelak" Koh Sin ngulungne dhuwit gambar nabuh gambang salembar marang Srimurni. Sing diulungi sajak tidha-tidha anggone arep nampani, ana rasa pekewuh kaworan rikuh.
"Tampanana Sri" Cik Lan melu omong "kuwi rejekine anakmu, mugta-muga ana gunane".
"Inggih Matur nuwun Koh, matur nuwun Cik" wangsulane Srimurni karo nampani dhuwit olehe ngulungi Koh Sin.
Koh Sin banjur budhal menyang Palur, Cik lan nguntapne tekan ngarepan. Bareng Koh Sin wis munggah neng dhuwur taksi Cik Lan balik njagongi dhayohe maneh.
"Wis oleh dalan Sri" kandhane Cik Lan karo mapan lungguh.
"Inggih Cik? sokur kamdulillah" wangsulane Srimurni sajak seneng.
"Ya muga-muga wae Langit aweh dalan marang sliramu" Kandhane Cik Lan sabanjure "Papahe mau kelingan nek duwe sanakan neng panggonan sing rada adoh saka kene, jenenge Hendrik manggone neng Kedunggalar, Jawatimur. Hendrik kuwi pranakan Landa, bapake jenenge Tuan Anton ya Landa pranakan blasteran karo Ambon. Jaman pergerakan biyen Bapake Tuan Anton kuwi kancane bapake Papahe, padha-padha aktip melu Gerakan AKSI ya iku pakumpulan kasarasan sing anggotane akeh para dokter pribumi karo sebagian cilik dokter pranakan Landa sing nyengkuyung Indonesia bisa Merdeka, kajaba dieloni para dokter, AKSI sing cekakan saka Agawe Kuwarasane Sedulur Indonesia kuwi uga dieloni para sodagar pranakanan Arab, uga ana sodagar Cina sing melu nyengkuyung. Bapake Tuan Anton kuwi salah sijine Pengurus AKSI sing ana Kedunggalar, dadi Hendrik kuwi wis tiba putu, nanging karo Papahe bocah-bocah akrap ngungkuli sedulur dhewe. Mula iki mau Papahe nulis kitir, gawanen banjur pasrahna marang Hendrik supaya sliramu diwenenehi panggonan lan gaweyan kanggo nggedhekne anakmu".
Cik Lan banjur ngetokne layang neng sing diwadahi amplop, ana tulisane : Aan mijn Broer Hendrik in Kedunggalar. Lan ing sisih kiwa ana tulisane : Van Je Broir in Gilingan (Liok Houw Sin). Layang amplopan kuwi diulungne Srimurni karo muni :
"Iki layane, mengko wenehna wonge"
"Inggih matur nuwun sanget Cik" wangsulane Srimurni karo nampani layang kuwi.
"Omahe Hendrik kuwi wetan Pasar Kedunggalar" Cik Lan mbacutne kandhane "saka Stasiyun ora nganti setengah Kilo. Mengko numpaka sepur Lasta Madiun mudhun Kedunggalar, saka Balapan budhale jam telu sore tekan Kedunggalar kira-kira ya jam setengah lima. Nek wis tekan Kedunggalar takona marang wong kono, omahe Tuan Anton ngono. Kabeh wong wis ngerti".
"Inggih Cik".
"Wis saiki lerena dhisik, mengko jam-jam loro tak celukne Taksi ben diterne nyang Stasiun Balapan, karo iki ngge imbuh sangu, ora akeh mung kena dingge cekelan wae. Aja kok etung cacahe, nanging iki saka aku sedulurmu minangka tandha tresna marang sedulurku" Cik Lan ngetokne amplop maneh rupane putih isine sajak rada kandel.
Karo luh sing dleweran, Srimurni nampani amplop sing diulungne Cik Lan. Ing angen-angene Srimurni katon wewayangane Daryana, jalaran Srimurni ngerti anane Cik Lan karo Koh Sin aweh pitulungan marang dheweke kuwi, ora bisa dipisahne karo tumindake Daryana jaman melu nyambut gawe neng Tokone wong loro pranakan cina kuwi.
"Wis ora usah dipikir jero-jero, ayo tak terne nyang mburi leren dhisik karo mangan-mangan kana ya saanane, banjur mengko ndang adus, anake didusi pisan banjur disalini, sliramu ya salin pisan dadi budhal lunga ki ora kaya wong ilang" kandhane Cik Lan karo ngadeg. Srimurni nyandhak anake sing wis nglilir saka turune, dipondhong banjur ngetutne Cik Lan mlebu menyang omah perangan mburi.
Sing diarani Cik Lan Sepur Lasta Madiun kuwi jinis Kereta Campuran, ya kuwi sebagian gedhe gerbonge kanggo ngangkut barang lan lenga sing neng gerbong tangki. Gerbong sing isi penumpang mung rong gerbong, sing numpak akeh-akeh para bakul sing kulakan saka Pasar Gedhe Sala, ana bakul sandhangan, ana bakul panganan, ana bakul liyane. Srimurni entuk linggihan adhep-adhepan karo wong wedok wis setengah tuwa, nanging isih ketok ayu. Wong kuwi sajake dudu bakul, ketitik saka pacakane. Nganggo Jarit Bathik pola Semenrama, sakaje batik tulis sing apik, kebayake modhel Sala, rambute digelung nyepor, susuke katon ana mata intene, isih ditambah ngaggo kaca mripat bening.
"Badhe tindak pundi Jeng?" wong kuwi nakoni luwih dhisik.
"Badhe dhateng Kedunggalar Bu" wangsulane Srimurni alus.
"Lho padha no karo aku" wong kuwi nyambung omonge "Dalemipun Kedunggalar, napa badhe tindak Kedunggalar?".
"Badhe dhateng Kedunggalar Bu, kula saking Gilingan, Sala" Srimurni dora sembada, ora ngaku nek omahe Klaten.
"Ooo, inggih. Badhe tuwi sedherek nggh? daleme sedhereke pundi? atake tanggaku pisan?" wong kuwi takon karo ngguyu renyah.
"Caket peken Bu"
"Lha rak tenan ta, omahku ya cedhak pasar lho, sedulure panjenengan wetan Pasar, apa kulon Pasar?"
"Wetan peken Bu" Srimurni wiwit sethithik rada blaka "nggene Pak Hendrik".
Wong wedok kuwi njengkerutne bathuke, sajake lagi ngeling-eling jeneng sing disebut Srimurni lagi wae mau.
"Sapa ya? aku kok tau krungu jeneng kuwi? nanging aku kok lali priyayine sing ngendi ya?" kandhane wong mau sawise sauntara njengkerutne bathuke.
"Keturunan Walandi Bu" Srimurni nggenahne.
"Iya, nek ndelok jenenge wae wis ketok nek Landa, pancen kiwa tengene Pasar Kedunggalar ki isih akeh Landa-ne. Apa isih sedulure Nyonyah Norica, Nyonyah Norica kuwi Nyonyah Landa sing rabi oleh Pak Sastra , wong jawa asli isih mambu trah Kraton" Wong kuwi takon.
"Nek niku kula kirang mangertos" wangsulane Srimurni sing maune nicil ayem yen ora kangelan nggoleki papan sing arep diparani, nanging ora sida ayem, jebul wong sing ngajak omong sajake durung tepung karo Hendrik.
"Apa ana sambunge karo Tuan Dulingson? kuwi biyen Lojine wetan pasar".
"Anu, inggih Tuan Hendrik niku putrane Tuan Anton" Srimurni nyebut jeneng Tuan Anton sing jarene Cik Lan sasat kabeh wong sak Kedunggalar wis ngerti kabeh.
"Oo, iya nek Tuan Anton aku tau krungu,Lojine gedhe neng wetan pasar. Ning aku ya durung tau ngerti priyayine" wong kuwi kandha karo manthuk-manthuk "ngene wae, mengko nek wis mudhun saka sepur, sampean melu aku nemoni Mak Jah sanakanku, bakul tepo cedhak Stasiun, mengko sampean ben di dituduhne, sokur ana wong sing bisa dikongkon ngeterne, dadi sampean ora sah ndadak takon-takon maneh. Sampean asmane sapa ta? Lha iki putrane ya? jenenge sapa?".
"Matur nuwun Bu" wangsulane Srimurni bali seneng maneh "nami kula Sri, lha niki anak kula namine Mur".
"Iya, mengko Jeng Sri tak terne nemoni Mak Jah wae, wong-wong nek ngarani aku cukup nganggo sebutan Bu Mandhor, ngono wae".
"Inggih Bu Mandhor Matur nuwun".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar