dening: IMMIR
23.
Lakune sepur sing nganggo mesin uap bahan bakare kayu jati karo dicampuri areng stengkul jebul ora pati ajek. Aju undue saka jadwal sok kemajon setengah jam sok mundur serengah jam. Kaya dina kuwi Sepur Lasta Madiun kuwih sing jadwale mlebu Stasiun Kedunggalar jam setengah lima, jebule Jam lima luwih lima lagu teka. Wong Wedok sing seneng diundang nganggo sebutan Bu Mandhor kuwi aweh weruh marang Srimurni nek sepur wis mandheg neng Stasiun Kedunggalar. Srimurni ya banjur tata-tata arep mudhun, anake digendhong nganggo slendhang, banjur mlaku ngetutne Bu Mandhor golek dalan arep mudhun.
Tekan ngisor Bu Mandhor karo nudingi mengidul karo kandha :
"Kono kuwi lho Jeng nggone Mak Jah, ayo ora sah mondhag-mandheg ndang mara rana, upama arep golek ngombe neng kono ya wis dicawisi kok".
"Inggih mangga" wangsulane Srimurni.
Jebul sing dikandhakne Bu Mandhor ngenani Mak Jah mau bener. Tekan kono Srimurni weruh eneng wong lanang loro karo wong wedok siji lagi padha telap-telep nyendhoki pangan sing jarene Bu Mandhor jenenge Tepo kuwi. Bu Mandhor bablas memburi nggoleki sing duwe warung, Srimurni ngetutne bareng wis tekan jero omah, Srimur ni dikongkon lungguh neng dhingklik dening Bu Mandhor. Ora suwe saka jaba, ana wong wadon sing wis tuwa nanging isih katon ethes mlebu karo omong :
"Oalah, Bu mandhor ta? anu aku mau lagi nyang sumur. Lha mau saka ngendi ta nDhuk kok macak ayu temen?".
Krungu omonge Wong Tuwa sing kira-kira jeneng Mak Jah ngono kuwi, Srimurni rada gumun campur rada bingung. Lha piye? Mau pisanan nye but Bu mandhor, nanging bareng takon kok nganggo sebutan ndhuk. Sajake Bu Mandhor weruh owah-owahaning sikepe Srimurni ngono kuwi, mula banjur kandha :
"Ora sah gumun Jeng, aku iki pancen anak-anakane Mak Jah neng warung kene, jaman rung geger biyen, banjur bareng ana rejaning jaman aku dadi Bu Mandhor merga dipek bojo Pak Mandhor. Wong-wong nek nyeluk aku Bu Mandhor klebu Mak Jah sing satemene Makku dhewe iki, lha Mak Jah nek ngundang aku ya Bu Mandhor nanging nek omongan karo aku ya nganggo sebutan nDhuk, wong pancen omong karo anake dhewe".
Srimurni meneng ora semaur, nanging mesem karo manthuk-manthuk pratandha wis mudheng karo sing dikandhakne Bu Mandhor.
"Lha iki sapa ta nDhuk? Apa sliramu , lagi bali saka Wonogiri?" Mak Jah takon maneh.
"Anu Mak, aku mau saka Wonogiri niliki mBokdhe, terus pas bali neng sepur kepethuk Jeng Sri iki. Banjur Jeng Sri tak jak mampir mrene merga arep takon omahe wong sing aku durung tepung, omahe jare wetan pasar kono" wangsulane Bu Mandhor ngiras nggenahne marang Mak Jah.
"O ngono ?" Mak Jah wangsulan, banjur genti takon menyang Srimurni "Lha sing dipadosi asmane sinten ta Nak? kula kinten nek namung tiyang wetan peken mriku mengetan dugi Mogok kula tepang sedaya".
"Inggih Mak" Srimurni wangsulan "Namine Pak Hendrik, putrane Tuan Anton pranakan Walandi".
"Tuan Hendrik ta? Iya aku kenal, nanging sabubare Tuan Anton seda, pomahane banjur didol sing lan dituku Pak Bini sing saiki duwe TOKO MADIUN kuwi. Lha Tuan Hendrik ya terus lunga, mbuh wong kene ya ora ana sing ngerti parane. Keri dhewe Tuan Hendrik ki ketok neng Kedunggalar ya pas ngendhangi kuburane Bapakne, setahun sadurunge geger G kae, wong olehe nyarekne Tuan Anton ki ya neng kuburan Kerkhof lor kono".
"Dados Tuan Hendrik niku sak niki sampun boten wonten Dunggalar malih Mak?" Srimurni negesne tembung.
"Leres Jeng, lha panjenengan napa Mas-Jenge Tuan Hendrik?" Mak Jah mangsuli diterusne takon.
Srimurni dadi legeg. Atine jibeg. Pikirane ora bisa mikir kanthi wening maneh. Mak Jah sing pitakone keri dhewe durung diwangsuli, malah banjur weruh sikepe Dhayohe sing ketok dadi bingung ngono kuwi, banjur tanggap. Mak Jah ngtira lan malah wani mesthekne nek wong ayu sing nggendhong anak, sing tekane bareng Bu mandhor kuwi genah nek salah siji saka selire Tuan Hendrik. Mula banjuur tuwuh rasa welase Mak Jah marang wong sing wis katon lemes kentekan pangarep-arep maneh kuwi.
"Ngeten mawon Jeng, gandheng niki sampun meh serap, sampean adus-adus riyin mrika, mengke dalu kendel riyin teng gubug kula mriki, benjing nek mpun padhang cobi ditlusuri teng tilas pomahane Tuan Anton mriku, kersane dikancani Bu Mandhor, mbok menawi wonten sing ngerti Tuan Hendrik pindhah nteng pundi".
"Matur nuwun sanget Mak" wangsulane Srimurni alon "kula niki dede napa-napane Tuan Hendrik kok. Malah sumerep tiyange inggih dereng, namung kula dititipi serat kaliyan rencang sinoroh wadi kaliyan Tuan Hendrik ing Sala mrika".
"O ngoten? Lha lajeng kersane sak niki pripun?"
"Ngaten mawon Mak, menawi pareng kula ndherek sipeng sedalu ing daleme Mak Jah, benjing enjing kula tak nunut Sepur sing Lasta Sala, wangsul teng Gilingan malih".
"Nggih nek ngoten nggih langkung prayogi, mangga nek ngersakne siran rumiyin. Putrane kula jake riyin" Mak Jah ngacarani Srimurni adus neng pungkuran banjr Daryanti Murni sing isih cilik kuwi dicedhaki karo dicandhak dening Mak Jah, karo kandha "ayo Ning, ndherek Simbah Mamahe ben siram dhisik".
Bocah Daryanti banjur ngamplok ngono wae marang wong tuwa sing isih ethes kuwi. Srimurni banjur pamitan arep adus dhisik. Bu Mandhor ya banjur pamitan bali menyang omahe.
Karo adus Srimurni banjur mikir, piye carane supaya bisa manggon lan goleki ngaweyan neng Kedunggalar kono sa ora-orane mondhok dhisik neng omahe Mak Jah, omah sing duwe kamar pirang-pirang najan ketoke wis ora kopen. Batine Srimurni kandha, yen dheweke blaka apa anane kira-kira Mak Jah malah ora percaya, nanging nek nganggo ngarang crita nanging kudu sing klebu nalar, mbok menawa malah bisa ditampa dening Mak Jah .
mBarengi bedhug wayah ngisak, Mak Jah nutup warunge, banjur leren karo njagongi dhayohe sing menang-meneng wis narik kawigatene wong tuwa tilas mBok-mbokane bocah nakal kuwi. Jebul Bu Mandhor ora suwe uga banjur mara mrono dikancani bocah lanang jarene isih kapernah anake. Tekane Bu Mandhor karo nggawa sega salawuhe kanggo Mak Jah lan dhayohe. Mula bengi kuwi Srimurni, Mak Jah, Bu Mandhor karo anake lanang banjur mangan bareng neng omahe Mak Jah kono. Sadurunge kuwi, Srimurni isih kober ndulang anake wedok sing wis wiwit doyan mangan sega.
Ya karo mangan kuwi Srimurni wiwit nyritakne sapa sejatine dheweke, nanging crita ngayawara lire crita sing ora sabenere. Wengi kuwi Srimurni mbuwang jeneng pawehe wong tuwane lan nganggo jeneng gaweyane dhewe, jenenge anake uga diganti pisan supaya critane bisa dipercaya dening wong-wong sing diarah bisa aweh pitulungan.
Srimurni wis ilang, sing ana jenege Srinthil, alias Yang Yem. Daryanti Murni ya wis ilang diganti dadi Murjiyem. Srinthil sing biyen nyambut gawe melu bakul wedang neng Sragen, kepethuk wong lanang bagus banjur lali purwa duksina temah ngandheg lan nglahirake anak sing dijenengne Murjiyem kuwi. Maune wong lanang kuwi ya duwe tanggung jawab, Srinthil karo anake diopeni salumrahe nadyan ora dirabi kanthi resmi. Nanging bareng bojone wong lanang kuwi ngerti, Srinthil dilabrak lan diunek-unekne. Dening sing lanang Srinthil banjur disingkrihne neng Gilingan Sala, nanging bareng oleh setahun banjur ora dijatah maneh. Diumbar urip dhewe. Banjur Srinthil kepethuk Bakul Roti neng Sala, dikandhani supaya nggoleki Tuan Hendrik, sing kira-kira bisa aweh pitulungan marang dheweke. Jebul bareng tekan Kedunggalar, Tuan Hendrik wis lunga, tujune mau kepethuk Bu Mandhor sing dhemen tetuloung marang sapadha-padhane urip.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar