dening: IMMIR
29.
Jam sanga bengi, Marsana sing anceran kebagian jaga pos ngarep mloka-mlaku neng plataran sacedhake gardhune. Wektu kuwi Pak Kardiman durung bali saka kantor, pancen nek dhong wayah gaweyan akeh Pak Kardiman kuwi minangka Boss ekspor-impor sok arang leren.Isih esuk wis mangkat sok tengah wengi lagi bali, banjur sesuk-esuk mangkat maneh. Adate nek Pak Kardiman wis ana omah ngono, Sing kebageyan jaga pos Satpam isih bisa karo glethakan neng jero gerdhu sing uga dicawisi dhingklik dawa, kena kanggo ngeluk boyok sing krasa keju. Nanging nek wayah Bosse durung bali ngono kuwi, sing kajibah jaga gerdhu akeh ngadeg neng jaba karo wira-wiri, nek kesel ya banjur lungghuh neng dhiklik sing diselehne neng ngarep gerdhu. Nalika Marsana wira-wiri ngubengi plataran ngono kuwi dumadakan Singgih sing mau wis sing bengi iki wayahe leren ora jaga, teka karo Sadirun, ora macak dhines nanging mung kaosan karo kalungan sarung. Sadirun ya mung bebetan kaya wong arep bancakan.
"Bosse rung mulih ta Mas?" lagi wae teka Singgih wis luruh-luruh takon.
"Durung" wangsulane Marsana karo nglirik jam tangane "lagi jam sanga luwih lima, mau bengi Bosse kundur jam pira ta?".
"Mau bengi nganti wengi Mas, jam sewelas kae wae durung teka" wangsulane Singgih sing banjur mapan lungguh neng dhingklik dawa ngarep gerdhu nyusul Sadirun sing wiwit teka mau terus mapan lungguh neng kono. Marsana ya banjur ngetutne melu lungguh awor kancane loro kuwi.
"Iya, kabare Bosse lagi ngrintis ekspor Rambutan menyang Itali dadi iki isih repot-repote, mengko nek wis mlaku sesasi ngono wae wis bisa dipercayakne marang wong kantoran, terus bosse mikir trobosan anyar maneh" kandhane Marsana karo mapan linggih.
"Dadi wong kantoran ki kepenak ya Mas?" Sadirun sing maune mung meneng karo klepas-klepus nyedhot pegane rokok melu omong.
"Ya wis suwe ta Om" sing mangsuli Singgih "nyambut gawene neng nggon AC, bayare akeh, gaweyane mung lungguh karo ngadhep komputer thok".
"Lha iya lah" Marsana nrambul gunem "lha bocah-bocah kantoran kae kuwi sing didol utek karo ketrampilane kok, lha wong kuliahe wae ya dhuwur-dhuwur, ora kaya awak-awak ngene iki, biyen bisa lulus SMA wae wis empet-empetan, upama bisa kuliyah maneh ya tiwas ngenekne dhuwit wong uteke ya mung pas-pasan".
"Karepku kepenak ki ngene lho" Sadirun nggenahne omonge "sing ditandangi kari sing entheng-entheng, carane wong nyetir mobil ngono kari ngliwati dalan aspalan, dalan sing legok luwik ora karuwan wis diliwati bosse dhewe".
"Ya ora kabeh ngono Om" wangsulane Marsana karo bali ngadeg "nek wayah ngrintis ngene iki, wong-wong kae ya melu ngrekasa, merga cinarane bocah sekolah ngono wektu iki lagi padha sinau, lha Bosse sing dadi guru ngrangkep dadi sing duwe sekolahan. Dadi kenek titeni, nek wayahe ngrintis cabang usaha sing anyar ngene iki, Bosse karo wong kantoran kae mesthi ora tau leren. Lha mengko nek wis mlaku Bosse bisa leren, wong kantoran karo bocah-bocah kae terus ora leren, mung kaceke ora kudu gethengan ngene iki".
"Apa Mas Gethengan? marahi aku kelingan omah wae, nyambut gawe gethengan merga wayahe ndhaut karo tandur sing balapan karo banyu giliran he he he" Singgih nyaut gunem karo ngguyu. Marsana karo Sadirun ya melu ngguyu.
Lampu alarm neng gerdhu kuwi murup byar-pet, Marsana cepet-cepet mlaku menyang plawangan ngarep, ndelok sapa sing lagi teka. Bareng weruh nek sing teka mobile Pak Kardiman sing disetiri Andhik, Marsama gageyan nyurung lawange regol, aweh dalan mobil mlebu. Mobile mandheg sedhela. Marsana nyedhak.
"Ora kok kunci ta Mar?" karo mbukak kaca lawang mobil Pak Kardiman ngluruhi Marsana.
"Dereng Pak" wangsulane Marsana karo manthuk "mangke menawi sampun jam sedasa nembe kula kunci".
"Ya wis, sing ngati-ati. Mosok mau bengi ki jam sewelas karo Singgih durung dikunci".
"Inggih Pak. Siap!" Marsana wangsulan. Pak kardiman mesem, banjur aweh sasmita marang Andhik supaya nglakokne mobile maneh.
Marsana banjur nyandak gembok, lawang regol disurung nutup banjur digembok. Kuncine dicekeli. Bubar ngono terus bali nyang Gerdhu awor Singgih karo Sadirun.
"Wis kok kancing ta Mas?" weruh nek Marsana nyekeli kunci lawang regol, Singgih takon.
"Wis, nyang Bosse kon ndang ngunci, jare ndhek bengi kelalen ora kok kunci?" wangsulane Marsana karo genti takon.
"Ora kelalen, karepku ngunci lawang regol ki nek Bosse wis bali, dadi ora kesuwen olehe mbukakne lawang. Dhek bengi nyang Bosse aku ya digrenengi" Singgih wangsulan karo ngguyu.
Marsana njupuk jakete, banjur dienggo hawane pancen wis wiwit rada adhem. Banjur bali metu ngawori kanca-kancane maneh. Pancen nek ngepasi ana kancane ngne iki neng ati ya rada seneng, ana sing diajak omong-omongan, ora kok mung meneng karo dolanan hape thok. Bubar nglebokne mobil menyang garasi, Andhik metu, pamit marang Bosse nek arep bali. Jebul ora, nanging malah nusul melu jagongan Sadirun karo Singgih ngancani Marsana.
"Waow mlumpuk iki?" karo mlaku nyedhak Andhik luwih dhisik sapa aruh.
"Iya, jare mbahe aja padha turu sore" sing wangsulan Sadirun.
"Ngestokne dhawuhe simbah apa arep ngrembug olehe bubar weruh bocah wedok sing nangis rumangsa diremehne perasaane?" karo mapan lungguh Andhik takon nyemoni kancane.
"Ho alah, mandhak ana bocah nangis ngono wae kok ndadak digagas ta Mas Andhik? kaya ora ana sing dipikir liyane wae?" Sadirun semaur karo alihan nggone lungguh genti njejeri Andhik sing lungguh dhingklik sijine.
"Bares wae, omongane Mur awan mau terus-terusan ngreridhu angen-angenku lho?" Marsana nyauti omongane Sadirun "aku wis rumangsa luput marang Mur sing lara atine merga saka panyakrabawane awake dhewe".
"Ora sah digagas Mas" wangsulane Sadirun "bocah kae pancen ya rada keminter, senengane nggugu karepe dhewe, ya wis ben wong dudu sanak dudu kadang wae kok, ora keneng dieman ya wis ben, mbuh dadine dudu urusane awake dhewe".
"Dudu sanak dudu kadang Om?" Singgih takon karo mesem sepa.
"lha arep diarani piye? Genah nek wong liya braya ngono?" wangsulane Sadirun.
"Iya, dudu sanak dudu kadang ning nek dipek wong aku sing sida kelangan" Andhik genti nindhihi rembug.
Marsana ngguyu rada banter, banjur omong :
"Ya aja terus ngono no Dhik Andhik, aku, awakmu, Singgih karo Om Sadi kuwi padha, nek ora selak karo batine kabeh kepengin bisa ndadekne Mur kae dadi sisihane dhewe-dhewe. Kamangka Mur kuwi mung siji, dadi bisa wae tekdire sing Kuwasa Mur ki dadi ndhekku, utawa dadi ndhekmu, dadi ndhek-e Singguh apa dadi sisihane Om Sadi. Bisa wae, karek gumantung marang bejane awak".
"Bener kuwi Mas"
Singgih melu omong "nanging sing genah, awake dhewe iki kabeh duwe hak
sing padha. Nanging nek wis teka titi wancine Nek Mur jebul dadi jodhoku,
sampean kabeh ya aja banjur gela, nek
kecewa wae ya lumrah, nanging nek nganti nesu-nesunan kuwi sing aja nganti
kedaden. Banjur nek wis klakon dadi jodhoku, sampean kabeh ya kudu mandheg olehe
mikirne Mur, merga wis dadi ndhekku. Nek nganti ana sing nekad arep nyedhaki
bojoku, mesthi tak tak tohi nyawaku".
"Ya, kuwi aku ya mathuk Mas Singgih" Andhik semaur
"kosok baline nek Mur mbesuk jebul tinakdire dadi ndhekku, kabeh ya kudu
gelem melu nyengkuyung lan aja padha musuhi aku".
"Lha nek jebul Mur kuwi tinakdir dadi jodhone Tanta anake Penjahit
sing ditelpon Mur kae?" Sadirun genti takon.
"Bakal tak budi daya Om, aja nganti Mur bisa dicedhaki bocah kae,
aku gak lila tenan" wangsulane Andhik mantep.
Wektune terus nggremet sansaya wengi wae. Nanging sing padha jagongan
kuwi sesuk kudu nyambut gawe, mula jagongan banjur bubar. Andhik, Sadirun karo
Singgih bali menyang panggonane turu, kari Marsana sing banjur kijenan neng
gerdhu papane nyambut gawe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar