Total Tayangan Halaman

Selasa, 24 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (28)

 

dening: IMMIR

 

28.

Bengine mBok Ti mara menyang kamare Mur, wektu kuwi Mur lagi ngganti sprei kasur karo sawalan bantal lan gulinge. Kamare Mur pancen ketok rapi lan resik, barang-barange tumata kanthi ricik. mBok Ti mapan lungguh neng jogan, nglesot. Bareng wis rampung olehe ngganti sprei, Mur ngongkon mBok Ti supaya lungguh neng dipan.

"Lungguh neng dhuwur kene lho mBok" kandhane Mur.

"He eh" wangsulane mBok Ti "kepenak neng ngisor wae Mur, adhem".

Mur ya  banjur nusul melu nglesot neng jogan sak cedhake mBok Ti.

"Aku njaluk ngapura ya Mur" kandhane mBok Ti miwiti rembug.

"Njaluk ngapura bab apa ta mBok? apa mBok Ti wis tumindak salah nyang aku? kok aku malah ora ngerti ki?" Mur mbrondong pitakonan magepokan karo kandhane mBok Ti kuwi.

"Ora ngerti piye ta? Kedadeyan mau awan sing ndadekne awakmu sedina mung meneng karo ulat suntrut wae kuwi lho?" mBok Ti mangsuli, nggenahne karepe olehe njaluk ngapura.

"Oalah pas mangan awan mau ta?" Mur nyauti rembug karo mesem "lha nek kuwi ya genah ora ana sing luput ta mBok? luwih-luwih mBok Ti, blas ora ndadekne susahku".

"Lha thik awakmu nganti nangis? banjur sedina ketok nek sedhih banget ngono? Aku malih dadi ora kepenak, merga sing gawe jalaran awakmu nganti eyel-eyelan karo bocah-bocah lanang mau rak aku? aku sing ngelingne wis miscall Bu Kristin apa durung".

"Nek olehku ngarani sing kebangeten ki ya wong-wong kae mBok" kandhane Mur karo nyawang mBok Ti "mosok mung perkara tepungan wae kok didadekne perkara, sing marahi aku anyel ki rak ya merga jarene wong-wong kae kuwatir nek aku nganti kecegur neng "pergaulan yang salah" . Lha apa aku iki dianggep prawan lembeng sing regane siji sak-udhon loro saurupan ngana kae? Kajaba saka kuwi aku ya ora seneng nek enek wong sing sok suci, seneng ngarani wong liya mesthi eleke, kaya olehe nyamarne nek nganti aku banjur didadekne mangsane putrane Bu Kristin kae. Apa wong-wong kuwi wis mesthi nek luwih "bermoral" tinimbangane Tanta? ya pa gak mBok?".

mBok Ti mesem krungu omongane Mur sing suwarane makantar-kantar kebak semangat ngono kuwi, banjur mBok Ti takon :

"Awakmu ngerti Mur? sebab sing marahi wong-wong duwe panemu kaya ngana kae mau?".

"Genahe sing bener piye aku ya rung ngerti mBok" wangsulane Mur "nanging jarene rak merga wong-wong kae mesakne awakku sing dianggep dudu wong liya maneh?".

"Kuwi mung abangt-abang lambe thok Mur" mBok Ti wangsulan karo mesem kecut.

"Abang-abang lambe piye mBok?" Mur ora mudheng karo karepe mBok Ti.

"Abang-abang lambe kuwi tegese mung lamis, ora tulus tekan jero ati, sing diucapne kuwi mung kanggo nutupi suwara sing ana jero atine" mBok Ti nggenahne tembunge.

"Kok bisa ngono mBok?"

"Iya, merga aku ngerti apa sing dipikirne wong-wong kae, luwih-luwih sing dipikirne Andhik" kandhane mBok Ti manteb.

"Mosok ta mBok? nek manut sampean wong-wong kae pikirane piye?" Murni takon sajak ora mudheng tenan.

"Wong-wong kae, luwih-luwih Andhik, sak jane kepencokan ati sujana, gampange rembug ngono wong-wong kae cemburu merga awakmu kenalan karo Tanta. Wong-wong kae jane ya anyel karo aku, merga sing nepungne Tanta karo awakmu kuwi aku".

"Sujana? Cemburu?" Mur takon karo ngguyu, kaya ana sing lucu karo sing diucapne mBok Ti "lha wong-wong kae apaku? terus apa rumangsane Tanta putrane Bu Kristin kuwi gelem karo aku? lan sing nek dinalar luwih dawa maneh marakne gela, apa aku iki dianggep wong geleman? seneng ngobral katresnan ngana kae? dipadhakne apa aku iki?".

"Tenan Mur, sing tak kandhakne iki ora waton mangap lambeku" mBok Ti nerusne kandhane "aku ngerti wis rada suwe wong-wong kae duwe rasa seneng marang awakmu, senenge wong lanang marang wong wedok. Malah Andhik karo Sadirun kae wis tau takon menyang aku, awakmu ki wis duwe calon apa durung ? Sadirun kae malah kandha nyang aku jare nek awakmu gelem dadi bojone awakmu kepengin apa wae Sadirun saguh mujudi".

"Mosok ngono mBok?" Mur ngempet guyune "nanging mau Om Sadi ora melu guneman apa-apa lho? malah sing akeh guneme ki Mas Andhik".

"Lha kuwi pintere Sadi main pulitik" mBok Ti wangsulan karo mesem.

"Pulitik mBok?" eseme Mur mundhak amba "pulitik ki apa? kok kaya sing disiarne neng televisi wae lho??".

"Najan duwe rasa cemburu, nanging Sadi luwih pengalaman, bareng ngerti nek Andhik, Marsana karo Singgih wis kobong atine merga cemburu, dheweke milih meneng, mbok menawa karo ndonga supaya olehmu gegeran karo wong telu kuwi sansaya rame, dadi kesempatane nyedhaki awakmu luwih akeh, merga wong telu liyane mesthi banjur kok sengiti".

"Oalaaah, alah" Mur nutupi lambene merga ngempet guyune "lha nek tenan wong papat kae kabeh ngesir aku, kuwi rak padha wae aku iki dadi jalaran pedhote kekancan lan seduluran no Mak? Merga upama aku kon milih mesthi sing tak pilih mung siji, nek tarah seneng sing tak pilih mesthi seneng, terus sing telu dadi nesu, nesu karo aku ya nesu karo kancane dhewe sing tak pilih".

"Lha apa kira-kira salah siji saka wong papat kuwi ana sing nyanthol neng angen-angenmu?" mBok Ti njajagi atine Mur.

"Nganti saiki, kaya sing tak omongne dhek awan mau mBok" Mur wangsulan suwarane keprungu nek tenanan "aku durung mikir sing ngono-ngono kuwi. Merga aku isih kepengin nambal panguripanku sing sasuwene iki suwek rowak-rawek merga kahanane Makku sing mlarat. Aku kepengin Makku bisa mesem kaya kancane, bisa mangan wareg nyandhang wutuh kaya tangga-tanggane, sokur bisa ngiyub neng gubug sing dadi duweke dhewe, ora selawase mung mondhok neng lemah sing dudu duweke. Dadi wektu iki, tak sengaja aku meper rasa sing sok-sok ngajak bisa sesandhingan karo wong bagus. Keneng diupamakne aku iki wong sing luwe banjur mlaku neng pasar golek bakul panganan, kamangka sing tak liwati kuwi los bakul sandhangan, mula najan aku ya weruh akeh klambi sing apik-apik, tak peksa aku kudu ora kepengin nuku, merga dhuwitku arep tak ngge tuku panganan luwih dhisik ora arep tak ngge tuku liyane kalebu sandhangan".

mBok Ti meneng, apa sing diucapne Mur kuwi suwe diangen-angen nganggo nalare. Ing atine mBok Ti ana rasa mesakne marang Mur bocah sing kudune wis wayahe milang-miling ngulati wong lanang sing bisa didadekne Imame, nanging merga saka perihing rasa sing tuwuh merga urip sing sarwa kecingkrangan, ndadekne Mur milih dalan muthes rasa sing thukul ing atine, rasa sing lumrah dialami dening sok sapawa sing umure wis tekan titi wancine. Lan kanthi mangkono mBok Ti rumangsa duwe kuwajiban ngandhani wong lanang papat kancane nyambut gawe neng Dalem Kardimanan kuwi supaya padha murungake nggone duwe pepenginan arep ngepek Mur supaya bisa dadi bojone.

"Lha nek Tanta piye?" dumadakan pikirane mBok Ti nakoni atine dhewe. mBok Ti wis kadhung gawe dudutan yen Mur bakale dadi mulya uripe nek klakon dadi bojone Tanta, lan merga katresnane Mur sing dianggep anake dhewe, mBok Ti nganti duwe pepenginan apa sing dikandhakne Bu Kristin sing kepengin ngajak besanan kae bisa kaleksanan tenan.

Sirahe mBok Ti dadi krasa ngelu, Mur sambat mripate krasa ngantuk, jare wis wayahe turu.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...