dening: IMMIR
27.
Ing atine Andhik ana rasa cuwa, wis suwe aggone ngendhem rasa tresna marang Mur. Wis suwe tansah mbudidaya gawe senenge Mur. Ewa samono wis bola-bali kirim pesen nyang hape ne Mur, ora tau oleh wangsulan, diwaca wae ora. Lha kok iki dumadakan Mur wis rumangsa luput merga dijaluki nomer Hape dening Bu Kristin, kelalen ora enggal menehne. Malah banjur telepon asok kaluputan. Iki mesthi ana apa-apane, merga mau critane mBok Ti, Mur ora mung tepungan karo Bu Kristin thok, nanging uga kenalan karo anake lanang Bu Kristin sing jenenge Tanta. Andhik ya wis weruh nek nom-noman sing jeneng Tanta kuwi pancen duwe pakulitan resik, kuning ngemu gtiring lan praupan sing bagus lan pawakan gagah. Mula Andhik banjur duwe pangira yen Mur wis kapencut marang Tanta anake Pak Suryadi Pegawe Kantor Samsat, lan Tanta mregawe dadi Mekanike Dealer Sepedha Motor. Luwih krasa kebranang rasane Andhik bareng Mur wis wani mangsuli omongane, klawan wangsulan dawa sing intine ora nggugu apa sing dadi omongane.
"Bener awakmu Mur" bareng rada suwe Andhik mung meneng ora nyauri omongane Mur, mBok Ti banjur omong "ora ana alane wong tetepungan karo sapa wae, luwih-luwih karo tangga cedhak kuwi genah nek apik. Bu Kristin kuwi neng lingkungan kene srawunge becik. Karo tangga ya ngajeni, ora mbedak-mbedakne pangkat lan drajat, ora nyawang sugih mlarate wong, kabeh dibeciki. Semono nuga karo kulawargane Bu Kristin, Pak Suryadi kuwi nek pethuk tanggane ajeg mesem kurmat, Tanta anake lanang sing mung siji thil kae wae ya ramah tur sopan. Dadi wis bener anggonmu nelepon Bu Kristin mau".
"Nek mung kenalan lumrah wae pancen kena diarani ora ana alane mBok" Marsana genti sing semaur "nanging sing diweruhi mBok Ti karo Mur perkara kulawargane Penjahit kuwi rak mung jabane wae. Jerohane padha durung weruhe ya apa ora?".
"Lha apik utawa orane wong kuwi rak dititik saka njabane ta Mar?" mBok Ti mangsuli "nek perkara jerohane ya embuh kuwi dudu urusanku, sing baku mungguhku nek wonge ketoke apik ya kudu disrawungi kanthi becik, nek wonge kenal wong wae geleme ora-ora, ya luwih becik disingkrihi".
"Lha sing dikuwatirne Andhik marang Mur kuwi kira-kira padha karo sing tak kuwatirne, bisa uga padha karo rasane kuwatire Pak Sadi apadene Singgih. Merga Mur kuwi karo wong-wong iki wis dudu wong liya maneh, nanging klebu batih dhewe" Marsana nyambungi kandhane.
"Nej bener Mas Andhik, Mas Marsana, Mas Singgih karo Om Sadi kuwi nguwatirne marang aku, sing dikuwatirne ing babagan apa Mas?" Mur gtenti takon.
"Ngene ya Mur" Singgih sing mangsuli "awakmu kuwi kena diarani durung duwe pengalaman sing cukup bab urip neng kutha gedhe ngene iki. Lire awakmu isih lugu, ngertine kabeh sarwa apik merga kok ukur karo awakmu dhewe, awakmu nganggep wong ki apik kabeh, ora gelem ngapusi ora gelem nyengsarakne wong liya, jujur lan liya-liyane, merga kabeh wong kok padhakne karo awakmu dhewe. Kamangka wis akeh critane bocah ndesa sing lugu banjur dadi kurbane bocah kutha sing lagak, lagu lan lageyane sagebyaran ketok apik nanging jebul ing walike ana watak, wantu lan sipat sing ora becik".
"Mengko dhisik Mas" Mur nugel rembuge Singgih "akeh bocah ndesa sing lugu dadi kurbane wong kutha kuwi ing babagan apa? nek kurbane rupa bandha donya genah nek mokal aku bisa dadi kurban, merga kajaba aku ora duwe apa-apa sing kena dikeret, kabeh pengasilanku tak aturi nyimpen Ibuk-e, saben sasi aku mung diparingi cathetan pita dhuwitku sing disinggahne Ibuk-e neng Bank, dadi sampean kabeh ora usah nemen-nemen oleh nguwatirake aku Mas".
"Lha saiki sansaya ketok nek lugumu kuwi wis kebacut Mur" Andhik sing wiwit mau mung meneng karo mencureng, omong maneh dibarengi guyu sing sengak.
"Kebacut piye Mas?" suwarane Mur katut melu rada dhuwur.
"Ngertiya ya Mur" omonge Andhik digawe sareh "wong ndesa diajak tepungan wong kutha banjur atine dadi seneng kuwi lumrah, wong lanang diajak kenalan karo bocah ayu, atine dadi seneng kuwi ya lumrah, padha karo lumrahe senenge bocah wedok sing diajak kenalan karo wong bagus. Lha kamangka esuk mau sing nyenengne atimu kuwi mlumpuk, kowe diajak kenalan karo wong kutha sing bagus tur sugih pisan, dadi senengmu mlumpuk dadi siji. Nanging ya kuwi Mur, seneng kuwi sok larang regane. Aku karo Singgih karo Mas Marsana iki dadi kuwatir, nguwatirake awakmu. Merga kapilut tembung manis, ulat sumeh, rupa sing bagus, enake panganan sak cokotan nek kowe kurang ngati-atimu, bisa masrahake rasa tresnamu marang wong kutha mau. neng wong kuthane kuwi duwe tanggung jawab lair batin kuwi ora apa-apa, malah kepara wis trep tumbu oleh tutup. Nanging awakmu rak durung ngerti ta kaya apa gegedhohane bocah bagus sing jeneng Santa anake Bu Kristin kuwi?. Kuwi lho Mur sing ndadekne kuwatirku karo Mas Mar lan Singgih ki".
Ora ana sing nyana ora ana sing ngira, krungu pituture Andhik kuwi jebul ndadekne panas atine Murjiyati. Praupane dadi mbrabak abang untune nggeget kenceng, ngempet mubaling nesu. mBok Ti sing lungguhe jejer Mur ya weruh anane owah-owahan sing dialami Mur. Sak jane mBok Ti rumangsa ora bisa nampa karo sing dadi pituture Andhik marang Mur ngono kuwi mau, nanging isih kangelan nata ukara kanggo mangsuli omongane Andhik, mula mBok Ti ya banjur meneng, batine wae sing rame ora karuwan. Bareng wis rada sauntara meneng, lan Mur wis bisa nata atine, bocah wadon sing duwe rupa ayu kuwi banjur omong, tembunge digawe ngat-ati nanging krasa yen landhep :
"Iya Mas Andhik, aku bisa nampa bab kuwatire Mas-mas kabeh marang aku, ora liwat aku matur nuwun banget marang Mas-mas kabeh klebu Om Sadi. Mung wae ana sing arep tak aturne marang mas-mas kabeh uga marang Om Sadi karo mBok Ti sing wis tak anggep wong tuwaku dhewe. Nek ana sing ngarani aku iki bocah ndesa sing bodho lan ora duwe pengalaman blas, kuwi bener. Nek eneng sing ngarani aku iki prawan mlarat sing kurang wragat, kuwi ya bener, yen eneng sing muni aku iki mung drajate babu utawa batur gedibal sanga likur, kuwi ya ora luput, nek eneng sing nyebut aku iki bocah wedok sing mbesuke mbuh payu rabi mbuh ora, kuwi nya wis pas. Nanging nek eneng sing ngarani merga kahananku sing sarwa kurang ngono kuwi ndadekne aku dadi bocah sing gampangan, bocah sing murahan, kuwi atiku lara banget Mas. Mas-mas kena percaya ya kena ora, aku iki ya wis tau dijak rembugan karo Ibuk perkara kapan olehku arep omah-omah, sumpah demi Allah olehku matur dina iki aku durung arep mikirne bab kuwi. Lan pancen kanyatan sing ana jerone rasaku sing paling jero ya pancen mangkono. Dadi upama, sepisan maneh upama lho, salah siji saka mas-mas iki upama nembung ngajak aku urip bebrayan, wangsulanku mesthi : aku emoh. Olehku emoh kuwi ora merga mas-mas kuwi dudu wong apik, ora. Aku dhewe wis suwe weruh kabecikane Mas-mas kabeh marang aku. Apa merga kurang sugih? Ora. Kahanane mas-mas kuwi kabeh luwih ana tinimbang kahananku dhewe. Apa mas-mas kuwi kurang bagus? ya Ora. Dadi nek Mas-mas kuwi mau nguwatirake aku bakal dadi kurbane wong kutha sing sugih, bagus tur tembunge manis-manis, kuwi padha karo wis ngremehne Murjiyati. Atiku serik Mas, nanging aku ora arep neka-neka karo sampean kabeh. Ayo diteni bareng-bareng, sing bener omonganku apa kaya sing sampean kabeh kuwatirake".
Murjiyati ora bisa nerusake guneme maneh, luhe kebacut mbanjir nelesi pipi bablas mudhun nelesi klambine. Ndilalah nalika kuwi mbarengi suwara loncenge jam sing nuduhake wektu yen wong-wong kudu mbalik nyandhak pagaweyane dhewe-dhewe maneh, wektu kanggo leren wis entek.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar