dening: IMMIR
4.
Bancakan dikiir pidak ngekol Mandhor Takat wis rampung, dina candhake Bulik Nita karo sing lanang budhal bali menyang Jakarta maneh, Murjiyem sida diajak pisan. Yang Yem karo Bu Mandhor kajaba nyangoni dhuwit sawantara kanggo cekelan Murjiyem uga nyangoni pitutur akeh-akeh, sangune wong ngabdi marang priyayi. Murjiyem dhewe tekade wis bunder seser, kepengin ndandani panguripan murih luwih becik tinimbang urip sing saiki iki. Wis kegambar neng angen-angene prawan kencur kuwi, mengko opah anggone nyambut gawe arep dicelengi kabeh, nek wis mlumpuk arep dienggo pawitan urip neng desa, sokur nek bisa ngge tuku sawah utawa bukan Toko, mengko uripe mesthi luwih dianggep dening wong-wong neng desane, ora kaya saiki saben wong mung nyawang dheweke kadi dene wong sing ora ana gunane.
Kabeh barange Bulik Nita sing arep digawa bali menyang Jakarta wis diringkesi diwadhahi Tas Gedhe, Murjiyem wiwit bar bedhug mau wis teka neng omahe Bu Mandhor, merga jarene arep budhal jam papat sore. Yang Yem sing dhasare pancen nyambut gawe neng omah kono, mesthi wae melu nunggoni arep budhale anake wedok.
"Yu aku arep omong" Bulik Nita marani Yang Yem karo omong.
"He eh arep omong apa Dhik?" Yang Yem semaur karo takon.
"Jenenge Yem arep tak ganti, wong arep dadi cah kutha kok" wangsulane Bulik Nita.
"Lha njur arep diganti apa? thik kaya artis wae no?" Yang Yem takon maneh.
"He eh, ben ora ketok nek ndesit, Yem wis tak omongi ya seneng kok" kandhane Bulik Nita karo ngguyu "saiki jenenge tak elih dadi Murjiyati, celukane Mur. Dadi saiki Yem wis gak enek, nek Yang Yem tetep dadi jenengmu wae".
Yang Yem ngguyu banter, wangsulane :
"He eh, he eh, anakku wedok saiki jenenge Murjiyati aku nek nyeluk Mur ngono ta?".
"Iya. Wis ngono wae, aku njaluk pamit tak budhal" wangsulane Bulik Nita sing diterusne ngongkon Murjiyati "kono Mur ndang pamitan lan njaluk pangestu Mak-e, aku ya tak pamitan nyang Mak-ku". Bulik Nita banjur mlaku mlebu omah nggolkeki Bu Mandhor arep pamitan.
Jam Papat kurang seprapat, Bulik Nita karo sing lanang sing jenenge Joni sida budhal, Murjiyem sing wis dadi Murjiyati iya katut. Ora mung Yang Yem karo Bu Mandhor thok sing melu nguntapne budhale wong Jakarta kuwi, nanging Pak Lik Jimin sak bojone karo tangga-tangga cedhak uga padha melu nguntapne.
Ora ganti dina, teka Jakarta Mur diterne Bulik Nita menyang omahe Bu Kardiman sing jare atasane Paklik Joni kuwi. Bu Kardiman, mung sedhela anggopne nemoni Bulik Nita karo Mur, banjur nyeluk pembantune sing rada tuwa dipasrahi supaya ngurusi lan mulang pembantu anyar sing jeneng Murjiyati kuwi.
"mBok Ti" kandhane Bu Kardiman marang pembantune sing rada tuwa kuwi "iki Murjiyati, tuduhna kamare karo mengko mesisan tuduhna apa sing kudu ditandangi, nek rung trampil ya warahana".
"Inggih Buk" wangsulane mBok Ti, sing banjur ngandhani Mur "ayo Mur melu aku".
"Inggih" Mur wangsulan banjur ngangkat Tas gawane saka ndesa, ngetutne mBok Ti.
Wong wedok sing jeneng mBok Ti banjur nuduhne kamare Mur, kamar sing miturut panemune Mur cukup jembar lan resik, ana dipane, ana lemarine.
"Dina iki nek awakmu isih kesel kena leren dhisik Mur" kandhane mBok Ti "mengko sore wae tak warahi apa-apa sing dadi tanggung jawabmu".
"Kula boten kesel kok mBok" wangsulane Mur bares apa anane, wong pancen dheweke ora ngrasakne kesel.
"Karo mBok Ti ora sah basa, dianggep wae aku iki mbakyu utawa mbokmu dhewe, ben ora ana rasa rikuh lan pekewuh. Ya wis, rungokna ya iki gaweyanmu : esuk kelut-kelut kabeh ruwangan omah iki, bar kuwi terus ngepel. Aja nganti krinan, wiwit krungu adzan subuh kae ndang tumandang".
"Nggih, eh iya mBok" Mur wangsulan.
"Terus bar kuwi lagi umbah-umbah, mengko nggone mesin cuci tak tuduhi" mBok Ti nerusne olehe marahi "ngene wae wiwit mengko sore tekan sesuk-esuk, kowe ngetutne aku terus tak contoni carane nyambut gawe lan tak tuduhne endi sing kudu kok tandangi, ya?".
"Iya mBok, matur nuwun".
"Wis, saiki nggenen leren dhisik"
Sorene Mur wiwit diwulang mBok Ti carane nyambut gawe neng omah gedhe kuwi. Dhasare bocah sing gathekan tur ya sregep, ora perlu wektu suwe Mur wis pinter nyambut gawe. mBok Ti rumangsa seneng ndelok tandang gawene Mur. Mesthi wae kabeh sing dingerteni mBok Ti tumrap Mur, banjur diaturne marang bendarane. Mur sing tansah eling karo welinge Simboke nalika arep budhal kae, ya kuwi nyambut gawe kudu sing temen, ora kena melik barang sing dudu duweke, nyambut gawe neng kono oleh seminggu wis bola-bali nemokne dhuwit sing keri ana sak klambi utawa clana sing arep diumbah. Lan dhuwit-dhuwit kuwi mesthi banjur dipasrahne menyang mBok Ti, karo mBok Ti banjur diterusne marang Bu Kardiman, bendarane putri.
"Nita ki pinter nggolekne pembantu mBok" kandhane Bu Kardiman pas bareng karo mBok Ti masrahne dhuwit sing ditampa saka Mur.
"Nggih ta Buk-e?" tumanggape mBok Ti.
"Iya, Mur kuwi bocah sing duwe watak temen, nadyan dhuwit ora sepirowa nek dudu dhuwite ya ora gelem ngepek, beda karo si Yun dhek emben" wangsulane Bu Kardiman.
"Bentene pripun Buk-e?" mBok Ti takon.
"Selawase rong tahun setengah melu aku, Si Yun ki durung tau kok mbalekne dhuwit sing ditemu pas arep ngumbahi kaya si Mur iki" Bu Kardiman kandha "nek ajine dhuwit ngono ya ora mingsra, wong ya jenenge dhuwit receh, nanging kuwi bisa dienggo titikan temen apa gelemanane bocah, mBok".
"Inggih Buk-e" mBok Ti wangsulan "duka mbok menawi pancen si Yun estu boten nate manggih yatra kados sing dilampahi Mur niki?".
"Ya embuh nek ngono, nanging tak kira ya ora ngono kuwi, jeneh sing diumbahi ya sandhangane wong sing padha, sing kerep lali nek ngesaki dhuwit ki rak ya Bapak ta? banjur saiki diterokne Doni karo Angga. Ya pa ra?".
"Inggih Buk-e"
Doni kuwi anake mbarep Pak Kardiman sing wis meh lulus kuliahe, nek Angga kuwi adhine Doni sing lagi mlebu kuliah sawise lulus saka SMA.
mBok Ti dhewe ya rumangsa melu seneng ngerteni katemenane Mur sing ora geleman marang barang sing dudu duweke ngono kuwi. Kajaba temen miturut pambijine mBok Ti, Mur nduweni biji sing luwih dhuwur tinimbang pembantu sadurunge. Tandang gawene luwih tinggen, ora sak kepenake. Anggone ngopeni barang duweke bendarane kaya ngopeni barange dhewe. Mula kabeh olehe ngalembana Bu Kardiman marang Mur, dening mBok Ti ya diterusne marang Mur. Klawan diimbuhi pitutur sing becik :
"Adate nek wis gawe senenge Buk-e ngono kuwi, Buk-e ya ora eman ngundhakne blanja marang pembantune lho Mur".
"Iya ta mBok? Nek perkara kuwi mungguhku nomer loro mBok" wangsulane Mur ayem "nomer siji olehe meling Mak-ku, nyambut gawe melu wong kuwi kudu tenanan lan kudu temen, opah sing ditampa kuwi saka kringet sing tumetes kuwi luwih bisa dadi daging lan getih sing resik, lha nek dhuwit sing asale saka merga njupuk sing jane dudu duweke, jare Mak-ku dadia daging sok daging sing elek, dadia getih ya dadi getih sing reget sing bisa nekakne penyakit".
"Nek ngono Mak-mu kuwi wong sing pinter tenan Mur" mBok Ti semaur karo mesem.
"Pinter apane ta mBok, mBok? wong Mak-ku ki neng nDesa ya padha karo aku ngene iki, dadi pembantu neng omahe Bu Mandhor, Mak-e Bulik Nita sing nggawa aku mrene kae" Mur nggenahne drajate wong tuwane.
"Pinter ki ora dumeh mung Pembantu lho Mur? Lan ya ora kudu sing sekolahe dhuwur, sing diarani wong pinter kuwi wong sing bisa ngecakne wewarah kanthi bener, mbuh sapa sing aweh wewarah kuwi, bisa gurune, kiyaine utawa saka pengalaman uripe. Ya pa ra?"
"Iya, kira-kira mBok" Mur wangsulan karo mesem.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar