dening: IMMIR
3.
Sidane olehe adang Murjiyem ora dipangan, merga sega olehe nggawa saka nggone Bu Mandhor wae wis turah dipangan wong loro. Bubar mangan padha omong-omongan crita apa-apa sing ditemoni dhek mau awan sing wis narik kawigatene dhewe-dhewe. Mak Yem nyritani anake wedok yen Bulik Nita kuwi olehe teka saka Jakarta lagi mau esuk, numpak mobil, sing nyopiri bojone dhewe, mobil siji ditumpaki wong loro.
"Lha anake apa ora eneng sing melu ?" Murjiyem nyelani critane mBokne.
"Durung duwe anak kok, malah kira-kira ya ora duwe anak" wangsulane Yang Yem "biyen karo bojo sing dhisik jarene Terekan, gogrok wetengan patang sasi. Terus karo bojo sing saiki wis setahun punjul ya durung ana tandha-tandha arep duwe anak".
"Bulik Nita kuwi olehe rabi wis ping pindho?" pitakone Murjiyem.
"Iya dhisik rak entuk Wong Walikukun sing nyambut gawe neng Jakarta, omah-omah rong tahun pisah. Banjur oleh bojo sing saiki iki, jarene asline wong Maospati ngono pa piye" wangsulane Mak Yem nggenahne lakone Bulik Nita.
"Lha anake Bu Mandhor ki liyane Bulik Nita sapa wae ta Mak?" Murjiyem genti takon liyane.
"Bu Mandhor ki ora duwe anak" wangsulane Yang Yem.
"Lha Bulik Nita kuwi?" Murjiyem ora mudheng karo wangsulane simboke.
"Kuwi critane ngene" Yang yem wiwit nggenahne critane maneh "Bu Mandhor kuwi biyen rak anak-anakane Mak Jah".
"Mak Jah sing duwe omah iki biyen?" Murjiyem nigas rembug.
"Iya" wangsulane Yang Yem "nanging sadurunge Mak Jah Bakul Tepo. Makmu iki rung teka kene, pas mungkar-mungkare Mak Jah dadi mbok-mbokane bocah nakal. Lha salah siji saka anak-anakane Mak Jah sing jenenge Tami kuwi dadi langganane Pak Mandhor. Suwe-suwe didadekne bojone dadi mBok Nom. Merga Pak mandhor wis duwe bojo lan duwe anak telu, sing mbarep wedok jenenge Karsi, saiki neng ngetutne bojone neng Irian, saiki wis ora tau tilik omah merga saking adohe. Nomer loro lanang Pak Lik Jimin sing saiki mbengkoni omahe Pak Mandhor kae, twerus sing ragil Bulik Nita sing nyambut gawe dadi Suster bocah neng Jakarta kuwi".
"Lha Bu Mandhor sing saiki kuwi biyen sawise dadi mBok Nom apa ya urip tunggal sakomah karo Bu Mandhor sing tuwa Yang?" Murjiyem takon.
"Ya Ora, wong karepe ngono Bu Mandhor sepuh ki ya emoh diwayuh. Nanging bareng ngerti nek Tami kuwi wis dadi lantaran slamete Pak Mandhor saka mati katut dibeleh jaman Ge kae, banjur Bu Mandhor diparani, dijak urip tunggal saomah, bareng-bareng ngladeni Pak Mandhor".
"Nylametne Pak Mandor piye ta mBok karepe? kok aku gak pati mudheng?"
"Biyen kuwi" Yang yem ndawakne critane "meh kabeh punggawa Kautanan, PNKA, lan sapiturute kuwi mesthi melu Pe Ka I, lha sing pinter-pinter kaya Pak Mandhor ngono kuwi mesthi dhapuk dadi penggedhene. Lha aturane dadi penggedhe Pe Ka I kuwi jaman semana ya akeh, salah sijine ora oleh duwe bojo kliwat saka siji. Sing nekad lan konangan dhuwurane, mesthi dipecat saka Pe Ka I ne. Oleh mbalik mlebu dadi Pe Ka I maneh nek wis bisa setor anggota anyar paling ora ya ana lima las nganti seket wong. Nek kelase Pak mandhor ya kudu oleh anggota selawe, lagi oleh mbalik dadi Pe Ka I maneh. Merga dilapurne karo Pak Taman, sing kepengin ngendhih palungguhane, nek wis wayuh, Pak Mandhor Takat banjur dieres saka Partai, carane saiki ya dipecat ngono wae".
"Wis dipecat kok saiki ijik entuk pensiun neh ?" Murjiyem nyelani takon maneh.
"Sik ta" Mak yem semaur karo nerusne critane "bayar pensiune Bu Mandhor nganti saiki kuwi rak pensiune leh dadi bojo Mandhor? Lha sing dipecat kuwi rak saka olehe dadi Pe Ka I ?. Mudheng?"
"He eh, he eh" Murjiyem manthuk- manthuk karo mesem "lha terus?".
"Maune Pak mandhor ya susah banget merga dipecat saka Pe Ka I kuwi, merga banjur didohi kanca-kancane malah keri-keri jarene dikabari jare nek mbesuk Pe Ka I wis menang, pak Mandhor arep dibeleh dhisik dhewe. Merga wedi, Pak Mandhor terus golek kanca anyar, ora melu Pe Ka I nanging terus njaluk pengayoman neng nggone Eyang Cip Kaliwowo karo neng nggone Pak Adi Gurit sing omahe wetan Pasar . Eyang Cip kuwi penggedhenePartai Bantheng, lha Pak Adi Gurit kuwi penggedhene Partaine wong agama jenenge En O. Sok-sok Pak Mandhor ya dolan neng nggone Pak Naib Dollah, wong Lintang mBulan sing wektu kuwi partaine wis dadi partai larangan"
Yang yem leren sedhela anggone crita merga kepengin nyang mburi arep nguyuh. Murjiyem ngenteni karo ora ngalih saka panggonane lungguh. Bareng wis rampung anggone nyang mburi, Yang Yem mbalik lungguh maneh, banjur nerusne crita :
"Kira-kira let karo tengah tahun saka anggone Pak Mandhor Takat saka Pe Ka I, mbledhos geger Ge sewidak lima kae. Pe Ka I kalah, wong-wong Pe Ka I sing dhek emben jare arep mbelehi wong-wong liyane kae, genti padha dicekeli. Jempolane ditaleni lawe, digawa nyang Gudhang Seng sing saiki dadi Gedhung Pancasila Kidul Pasar kae, banjur padha dikirim nyang pinggir alas Ngapit, teka kana padha ditugel gulune, klebu Pak Taman sing ngendhih palungguhane Pak Takat".
"Lha pak Mandhor slamet ora katut dibeleh ?" Murjiyem takon.
"Ya ora, wong Pak Mandhor Takat wis salin klambi" wangsulane Yang Yem "malah wonge kedhapuk melu nyatheti sapa-sapa sing dadi balane Pe Ka I. Nanging Pak Mandhor ki ya wong apik, wong wetanan kono kuwi akeh sing jane kesangkut, nanging karo Pak Takat diampingi ditutupi, dadi slamet ora katut digawa Siliwangi karo Banser, dadi slamet ora katut dibeleh".
Yang Yem meneng sedhela, nyandhak Kendhi sing semeleh neng dhuwur meja, banjur ngombe. Murjiyem ya ora takon, mula Yang yem ya banjur nerusne critane maneh :
"Ya merga kuwi Pak Mandhor banjur ngandhani sing wedok nek olehe rabi maneh entuk Tami kuwi jebul nggawa berkah keslametane, upama ora wayuh Pak Mandhor Takat mesthi ora dipecat saka Pe Ka I, lha nek ora dipecat mesthine wis katut dibeleh Siliwangi utawa Banser jaman geger sewidak lima kuwi. Mula Bu Mandhor banjur ngajak pak Mandhor marani Tami dijak kumpul dadi sak-omah, bareng-bareng ngladeni Pak Mandhor Takat. Tami ya seneng wae, kumpul marune, wong loro dadi rukun kaya sedulur wedok dhewe. Oleh setahun kumpul karo marune, Bu Mandhor banjur mbobot maneh lan metu wedok Bulik Nita kae. Lha Nita umur telung tahun Bu Mandhor tinggal donya, merga kenek masuk angin duduk, Tami banjur nglungsur sebutan dadi Bu Mandhor nganti saiki".
"Ooo ngono ta critane Mak?" kandhane Murjiyem sawuse mbokne rampung crita "layak, nganti saiki Pak Lik Jimin kae ya nganggep kaya marang mBokne dhewe nyang Bu Mandhor, sing ora ngerti mesthi ora ngira nek Pak Lik Jimin kae mung anak kwalon lho karo Bu Mandhor ki".
"Iya, ning jane ya ana wewadi sing wis dingereni wong akeh, antarane Pak Lik Jimin karo Bu Mandhor kuwi' Yang yem semaur rada alon.
"Wewadi apa Mak?" Murjiyem nguber pitakonan.
"Wis ora perlu tak critakne, ora becik" wangsulane Yang Yem cekak, banjur ngalih ngajak omongan liyane "saiki wis wengi, sesuk peteng awake dhewe kon nyang omahe Bu Mandhor. Ayo ndang turu sesuk ben ora krinan".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar