dening: IMMIR
2
Tekan omah lawange isih tutupan rapet, mretandhani yen simboke durung bali saka omahe juragane, sajake neng kana ana gaweyan sing akeh dadi Yang Yem (undang-undangane mBokne Murjiyem) durung bisa bali. Murjiyem ya terus reresik awak, bar kuwi banjur menyang pawon olah panganan kanggo mengko bengi. Ngono kuwi isih disambi mbukak lawang kandhang pitik, nglebok-nglebokne pitike sing sa-awan diumbar saba sakarepe dhewe. Murjiyem kuwi bocah sing mung sekolah tekan kelas lima, munggah kelas nem banjur metu merga kasengsem ngrewangi golek butuh simboke. Wong tuwane lanang Murjiyem kuwi sapa, ya ora cetha, merga Yang Yem kuwi tekane neng Kedhungmileng wis nggawa anak cilik umur rong tahun. Maune mondhok neng warunge Mak Jah, bareng Mak Jah mati Yang Yem banjur ngenggoni warunge Mak Jah sing manggon neng lemah duweke Desa. Mung ana kabar angin jarene Yang Yem kuwi asline saka Sragen, nyambut gawene neng warung wedang. Gandheng rupane rada nggambar, akeh wong sing padha seneng, ngajak guyon, ngajak dolananm ngajak lan liya-liyane. Wekasane Yang Yem banjur meteng, lan ora bisa ngerti sapa sing dadi bapakne anake. Kanggo nutup wirang, sabanjure Yang Yem banjur lunga ninggalne desane, golek gaweyan karo nggawa anake, ing wasana ditulungi Mak Jah, dikon ngrewangi olehe bakulan Tepo neng warunge. Mak Jah dhewe, kuwi ya ora cetha asal-usule, jaman nom-nomane tau dadi mbok-mbokane bocah nakal, ya kuwi jaman isih rame-ramene Te Pe Ka Kedunggalar dadi papan terminal kayu jati bulungan lan balokan duweke Perhutani. Yakuwi kira-kira sa-aju undure-geger sewidak lima. Bareng Te Pe Ka ngalih neng Banjarejo, kono sing maune akeh disaba wong sing cekel dhuwit dadi sepi. Usahane Mak Jah nyewakne kamar karo ngopeni bocah ayu sing nakal ya melu dadi mandheg. Mak Jah banjur nerusne nggone mregawe bukak warung Tepo neng kulon Stasiyun Kedunggalar. Bareng Mak Yem mati, olehe bukak warung diterusne Yang Yem, nanging warunge sansaya suwe dadi sansaya sepi, merga Stasiyun Kedunggalar ya malih sepi, sakjege sepur jurusan Madiun-Sala diendheg. Lan sepur-sepur liyane arang sing mandheg neng stasiyun kono. Yang Yem banjur golek gaweyan liya, melu buruh tandur, matun, derep lan liya-liyane. Andilalah ana sanakane Mak Jah sing biyen dadi bojone Mandhor Tanam ing Perhutani, mbutuhake PRT. Yang Yem banjur ndherek dadi PRT neng omahe. Murjiyem sing wiwit cilik digawani turut ngendi-endi dening sim boke, klebu digawa neng sawah derep utawa ngasag, banjur nerusne gaweyane mbone kuwi nganti saiki.
Ngancik wektu surup, olehe adang wis mateng kari olah lawuh, nyambel karo ndadar endhog, nanging mengko wae ngenteni tekane mBokne pisan. Murjiyem banjur mapan ngglethak neng amben, ngilangi rasa kesele. Dumadakan keprungu suwarane pit montor mandheg neng ngarepan, Murjiyem gageyan tangi, menyat saka ambene, mlaku menyang ngarep ngulati sapa sing lagi teka. Lawange omah dibukak, metu menjaba.
"Yem...." Simboke sapa aruh karo mudhun saka goncengan montor. Murjiyem nyedhak, ngiling-ilingi sapa sing nggonceng Simboke.
"Iki ta Yu anakmu ki?" Sing numpak motor mudhun karo njagangne motore, takon menyang Yang Yem.
"He eh, ya iki anakku sing jenenge Murjiyem kuwi, ayo bablas nyang omah wae" wangsulane Yangyem karo ngacarani dhayohe supaya bablas mlebu omah.
Yang Yem nyelehne gawane neng babragan pawon. Teris bali lungguh dhingklik dawa sing dientra dadi nggon ruang tamune. Murjiyem dhewe banjur ngurusi gawane simboke, buntelan sega karo lawuhan sing banjur ditata neng nggon ngge mangan. Bar kuwi agi arep nusul mboke nemoniu dhayohe.
"Iki Lho Yem, kowe diceluk Bulik Nita, iki lho ndang mrene dhisik" saka ruang tamu Yang Yem celuk-celuk.
"He eh, nggih Bulik" karo nyingkap slambu sing matesi ruang tamu karo nggon mangan, Murjiyem semaur banjur mapan lungguh neng sandhinge mBokne.
"Umurmu saiki iki wis pira Yem?" dhayoh sing jenenge Bulik Nita kuwi takon.
"Kirangan, nek Anik kanca kula sekolah nika sakniki mpun kelas kalih SMP" wangsulane Murjiyem karo ngeling-eling kira-kira umure wis pira.
"Em....... ya kurang luwih pat belas lima lasan nek ngono" Bulik Nita kaya omong marang awake dhewe.
"Lha enten napa ta Bulik?" Murjiyem manek-manekne takon.
"Anu, nek gelem arep tak jak golek gaweyan nyang Jakarta" wangsulane Bulik Nita "aku mau wis omong mBokmu, lha nyang mbokmu kon nari dhewe".
"Kula ngoten kantun Mak-e kok, nek kalih Mak-e angsal kula nggih purun mawon, malah kleresan" kandhane Murjiyem karo nglirik mBokne.
"Nek aku ngono wong tuwek ya kari sing nglakoni kok, ya sokur nek kowe gelem. Ning ya kuwi jenenge mbabu neng nggone wong kuwi aja dipadhakne melu mBokne dhewe" Yung Yem semaur.
"Ngene lho Yem" Bulik Nita nggenahne omonge "dhuwurane Paklikmu kuwi rak butuh Pembantu anyar, merga pembantune sing lawas mulih dadi manten terus karo bojone ora oleh dadi pembantu maneh wong kudu nginep neng kana. Mesthi wae dhuwurane Paklikmu banjur arep golek ganti. Lha nek kowe gelem, kowe arep tak lebokne dadi pembantune nggenteni Pembantu sing mulih kuwi. Bayare sasen, kira-kira ya pitung atus seketan. Piye?".
Krungu tembung sing keri dhewe sing nyebut angka pitung atus seket, pikirane Murjiyem dadi kiepencut banget, merga (wektu kuwi pen) nyambut gawe neng ndesa sedina mung bayaran limalas, ngono wae ora ajeg eneke. Mula nek bisa saben sasi bayaran pitung atus seket mendah senenge.
"Sandhangan kejaba nek pas riyaya, ya dijatah setahun ping pindho, mangan saben dinane bebas njupuk dhewe, turune neng kamar eneng kasure. Saben dina nek wayah longgar dicepaki Tivi sing neng disetel neng ruang mburi" Bulik Nita nambahi katrangane.
"Lha nyambut gawene kuwi apa Dhik? tulung digenahne pisan ben Yem ngerti" Yang Yem nyelani takon.
"He eh Yu" Bulik Nita wangsulan "iya Yem, nyambut gawene umbah-umbah, nganggo mesin cuci, nyetlika, resik-resik omah, nyapu, ngepel lan sapiturute. Karo paling sepuluh dina pisan ndherekne blanja Majikan. Jatah prei rong tahun sepuluh dina nek dhong ngepasi riyaya, ning nek ora dijupuk, tegese milih ora mulih badan, sing sepuluh dina kuwi dietung dhewe, oleh bayar sing luwih akeh kira-kira pengaji sesasi".
"Piye Yem? Kowe gelem apa moh?" Yang yem nakoni anake maneh "dipikir dhisik, tetep neng ndesa ngasag sedina oleh gabah limang kilo apa milih melu Bulik Nita kerja nyang Jakarta?".
"Nggih Bulik kula purun" Murjiyem wangsulan terus omong nyang simbokne "sesuk celenganku tak dhudhae ya Mak? arep tak ngge tuku klambi anyar, mosok arep nyang Kutha kok ora salin?".
"Iya.. iya..." Yang Yem wangsulan karo ngguyu "mengko nek kurang tak tambahane".
"Ora sah tuku klambi Yem, sesuk nek karo neng pasar melu Bulik tak tukokne, miliha dhewe nggone Bu Sapawi apa nggone Bu Pram" Bulik Nita nyauti rembug "celenganmmu dienggo cekelan wae".
"Nggih Bulik, Matur nuwun" Murjiyem manthuk karo mesem, atine seneng.
"Ya wis ngono wae dhisik Yu" Bulik Nita ngomongi Yang Yem "aku tak balik dhisik, sesuk kowe karo Yem budhal sing esuk wae, dadi nek neng pasar ora kawanen. Wong olehe arep nyembeleh sapine jarene mengko Bar Ngisak".
"Iya, iya tak budhal peteng" wangsulane Yang Yem.
Bulik Nita pamitan Murjiyemkaro Simboke nguntapne tekan latar.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar