dening: IMMIR
6.
mBok Ti lagi wae rampung tata dhahar kanggo mangan awane para sapukawat ing omahe Pak Kardiman. Mur ora ngrewangti merga isih nerusne nyletlika agemane Pak Kardiman lan Bu Kardiman sing arep dingge kondangan mengko sore, klambi anyar nadyan wis disetlika dening penjahite, nanging Bu Kardiman isih kurang marem yen sing nyetlika dudu Mur. Jam sing ana tembok nuduhake wektu pandom cendhak neng angka rolas, pandom dawa neng antarane angka sepuluh karo sewelas. Wektune mangan para sapukawat isih kurang wolung menit. Nanging mBok Ti sing arep ninggalne nggon mangan kuwi dadi ora sida, bareng dumadakan Andhik mlebu, karo takon :
"Kok dhewe, lha Mur neng neng ndi ta mBok?".
"Neng mburi, nggosok agemane Bapak karo Ibuk sing arep diagem njagong mengko sore" wangsulane mBok Ti "lha eneng apa ta?".
"Ora eneng apa-apa kok, wong adate ki wong loro kok iki sampean ijen" wangsulane Andhik.
"Ya wis, tak kira nek ana apa ta apa?" mBok Ti wangsulan karo arep mlaku ngalih.
"Sik...sik.. aja ngalih dhisik mBok" Andhik menggak mBok Ti ngalih.
"Eneng apa ta?" mBok Ti mandheg karo takon.
"Arep takon" wangsulane Andhik karo mesem-mesem isin.
"Takon, ndang takon ta neh" wangsulane mBok Ti "takon apa? ndang mumpung aku rung ngalih".
"Anu, anu... arep takon si Mur ....."
"Wis tak wangsuli ngono lho" mBok Ti nyauri banter "wonge karo Ibuk didhawuhi nggosok ageman, neng m buri kana. Genah?".
"St...st... aja banter-banter mBok" Andhik ketara semu klicutan "aku takon tenanan iki".
"Iya... jane kowe kuwi arep takon apa ta?" mBok Ti njengkerutne bathuke.
"Anu, Mur ki wis duwe calon apa durung, kira-kira. Sampean ngerti ta mBok?".
mBok Ti mesem amba, ing batine wis ngerti nek satemene Sopire Pak Kardiman kuwi lagi kesandhung rasa marang Mur. mBok Ti dhewe bisa maca yen wis sawatara wektu para bujangan sapukawat dalem Kardimanan kuwi padha ketaman rasa branta marang pembantu sing pamore wiwit sumunar kuwi. Kang mangkono kuwi bisa dititik saka anggone padha seneng mbalang liring marang Mur nalika kepethuk ngepasi ana papan mangan. Malah ora mung saka obahing mripat pas padha nglirik wae, nanging uga anane owah-owahan slaga nalika wong-wong kuwi padha cedhak karo Mur. Lha Andhik iki sing dhisik dhewe wani golek sisik melik, takon marang mBok Ti perkara Mur wis duwe calon apa durung.
"Piye mBok? Sampean ngerti ta?" Andhik mbaleni pitakone bareng mBok Ti rada suwe ora semaur.
"Lha thik ngurus-ngurus ki eneng apa ta jane?" mBok Ti genti mbales takon, sing ndadekne Andhik sansaya kepengin weruh jawaban pitakone.
"Ya ora eneng apa-apa, ning mosok aku kepengin ngerti kuwi wae ora entuk neh? ndang ta mBok, mBok Ti mesthi ngerti, wis duwe apa durung?".
"Luwih genahe kowe rak ya bisa takon dhewe ta?" mBok Ti wangsulan "aku bares wae ora tau dijak crita perkara kuwi karo Mur".
Krungu wangsulane mBok Ti ngono kuwi, Andhik sajak rada cuwa, nanging mung sedhela banjur omong semu njaluk tulung :
"Ngono ya mBok? Tulung mBok nek pas mBok Ti jagongan ngana kae, tulung sampean takoni".
Durung nganti mBok Ti wangsulan gelem lan orane, saka ngarep wis keprungu suwarane Marsana karo Sadirun sing mlaku tumuju papan nggon mangane para sapukawat dalem Kardimanan kuwi. Andhi gage-gage nyelehne driji panuding menyang ngarep lambene, aweh sasmita supaya mBok Ti ora aweh wangsulan saiki. mBok Ti uga wis ngerti karo apa sing dikarepne Andhik, mula sadurunge Marsana karo Sadirun ngerti nek mBok Ti karo Andhik lagi wae bubar omong-omongan perkara Mur, mBok Ti banjur ngalih. Mlaku memburi arep nyeluk Mur, dijak mangan bebarengan karo para Sapukawat liyane. Mur sing ora nggagas apa-apa, krungu nek dijak mangan nutugne gaweyane sing kari sethithik maneh rampung, ora nganti rong menit gaweyane wis bisa diti8nggal. Banjur nusul mBok Ti lan sapukawat liyane neng panggonan kanggo mangan bareng. Mur ya ora nggagas lan ora salah inget, merga ya ora nggatekine yen kancane telu sing wis ana kono yaiku Singgih, Andhik karo Sadirun padha mbudidaya narik kawigatene. Mula tangkepe Mur ya lumrah kaya padatan. Linggih njuejeri mBok Ti banjur imbuh sega sak lawuhe lan mangan kaya padatane. Singgih, Sadirun karo Andhik ora leren-leren anggone padha rebutan nglirik saparipolahe Mur, sing saka rumangsane wong telu kuwi, kabeh sarwa patut, sarwa resep yen disawang.
"Kadhingaren olehmu mbumboni sambel iki mau kok rada asin ta Mur?" karo mangan mBok Ti saulu ngomong sambelane Mur "adate ki pas, tur ya nyampleng lho. Iki mau rada kakehan olehmu menehi uyah ya?".
"Iya mBok kira-kira" wangsulane Mur nglenggana "ketoke trasi weton Rembang iki wis asin, adate rak trasine weton Lamongan".
"Iya, pancen nek trasi jinis sing iki wis asin, dadi sesuk uyahe sudanen" mBok Ti wangsulan "nanging ya ora kenemenen kok asine".
"Iya mBok, sesuk tak sudane uyahe" panyaute Mur karo mesem "nek gak tak suda, kuwatir nek sampean arani kepengin rabi mengko".
Wong sing lagi padha mangan kuwi kabeh melu mesem, krungu wangsulan guyone Mur ngo nbo kuwi.
"Nek kepengin rabi ya ora apa-apa kok Mur" Sadirun ngegongi guyone Mur "pancen wis wayahe kok".
"Ah, durung wayahe kok Lik" Mur nyaut omongan "aku iki rak isih cilik ?".
"Cilik piye?" Sadirun nyauri "sak awakmu kuwi wis turah patut upama dadi manten Mur".
"Nggih ta Lik?" Mur nyaut karo ngguyu "jarene wong arep dadi manten ki sarate kudu kalih? leres napa boten Lik?".
"Thik loro ki apa wae?" Sadirun mlengak, sega sing neng sendhoke ora sida diemplok.
"Kalih ora loro" mBok Ti sing nyauri.
Sadirun ngemplok segane, banjur dipamah, bareng wis diulu banjur takon :
"Kalih kok dudu loro kuwi karepe piye ta? aku malah ora mudheng iki".
Singgih karo Andhik meneng, wong loro kuwi ya katut ora mudheng karo wangsulane mBok Ti.
mBok Ti ngguyu, banjur kandhane :
"Tegese wong arep rabi kuwi kudu wis ana calone ngono lho Run, kalih ki bacute kalih sinten? mudheng?"
"O alaaaah, ngono ta?" Sadirun melu kiatut ngguyu "dadi sing dikarepne Mur kuwi mau, saiki iki Mur durung duwe calon ngono ta? Gampang kuwi Mur, waton sing kok arah ora kedhuwuren wae gampang awakmu kuwi nupama golek calon sisihan".
"Gampange gampang" mBok Ti wangsulan maneh "sing angel kuwi cocoge ngono lho".
"Bener mBok" Mur melu nrambul gunem "merga jarene, gegarane wong akrami ki dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane. Merga wong omah-omah kuwi jarene luput pisan kena pisan? yen gampang luwih gampang yen angel angel kelangkung. Iya ta mBok?".
mBok Ti nutugne olehe mamah segane, ora mangsuli sing diucapne Mur, dipilih ngematne enake panganan sing dipamah. Beda karo Singgih, Sadirun lan Andhik sing banjur meneng, pikirane padha nglambrang, nggagas apa sing diomongne Mur sing keri dhewe iki mau.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar