dening: IMMIR
7.
mBok Ti esuk kuwi kaya padatan, sadurunge srengenge njudhul mesthi wis milih-milih sayuran seger kaya dene bayem, lombok, kacang lsp neng prapatan cedhak omah. Neng kono kuwi bakul-bakul sayur sing nggawa mobil padha ngepos. Mengko awan mBok Ti kepengin njangan bobor kanggo mangane para sapukawat ing dalem Kardimanan, mula mBok Ti milihi bayem karo terong sing isih seger-seger. Sing milihi sayur ngono kuwi ya ora mung mBok Ti dhewe, mula mBok Ti ajeg milih budhal isih rada peteng perlune ora dheseg-dhesegan karo wong sing arep tuku liyane.
Nalika mBok Ti lagi ketungkul ngiling-ilingi sayuran sing arep dituku, mBok Ti krasa lengene sing kiwa disenggol dening lengene wong liya, gage mBok Ti noleh mengiwa nyawang wong sing nyenggol lengene.
"Blanja ya mBak?" sing ditoleh ndhisiki takon karo mesem.
"Inggih....? panjenengan rak Mas ..... ?" mBok Ti takon karo rada gumun.
"Iya mBak aku Tanto putrane Bu Suryadi ngarepe panjenengan" wong sing takon kuwi nggenahne sapa dheweke.
"Inggih Mas, putrane Bu Kristin Penjahit niku ta? nek piyayine kula apal mung asmane sing durung wanuh" wangsulane mBok Ti karo mesem ditutugne takon "kok sing blanja Mase, lha Ibuk napa tindakan ?".
"Ora kok mBak" wangsulane bocah lanang sing jeneng Tanto kuwi karo milihi Timun "iki mau aku rak ndelalah weruh Timun sing seger-seger iki, mula karo mlaku-mlaku esuk aku banjur mampir neng nggone Pak Bakir iki".
mBok Ti ngingeti sandhangan sing dienggo Tanto, clana pendhek, kaosan, sepatune sepatu olah raga.
"Lha mBake, kok dhewekan? adate rak ngajak kancane kae ta? sapa kae mBak jenenge?" Tanto takon.
"ngGih Mas, Mur ta? Anu larene niki wau nandangi damelan nggriya sing dereng rampung" wangsulane mBok Ti .
Tanto luwih dhisik olehe rampung milihi Timun, karo ngelungne dhuwit bocah nom bagus kuwi takon marang sing dodol :
"Empun Pak, pinten?"
"Timun tiga niku thok ta Mas? tigang ewu mawon" wangsulane Pak Bakir karo njupuk tas kresek kanggo madhahi timun sing dipilih Tanto.
"Aku dhisik ya mBak?" Tanto pamitan marang mBok Ti, banjur ngalih.
"Inggih Mas" mBok Ti wangsulan karo mesem.
Karo mlaku mulih mBok Ti mbatin sing dadi pitakone Tanto, sing ndhengarekne kok blanja dhewe, kamangka sasuwene iki mBok Ti nek blanja ya ajeg dhewekan, ora tau ngajak Mur. Nanging iki mau didhengarekne karo Tanto, kok ora ngajak Mur. Mau jane mBok Ti ya arep wangsulan nek saben esuk ajegan dheweke blanja dhewe, nanging kanggo ngenaki rembug olehe wangsulan ora ngono, nanging kandha nek Mur lagi repot neng omah. mBok Ti banjur nggagas, takon marang awake dhewe, apa kira-kira bocah nom sing jeneng Tanta anake Bu Kristin kuwi ya ana rasa marang Mur? Upama ngono tenan, ya lumrah wae wong pancen Mur ki wis ketok mencorong pamore. Dadi sepisan maneh upama Tanta kepencut kuwi nya ora jeneng aneh.
"Mur kowe mau ditakokne lho?!?" pas nyedhaki wektu leren awan karo nata kanggo mangan awan mBok Ti ngomongi Mur.
"Ditakokne piye ta mBok?" wangsulane Mur genti takon "sapa sing nakokne gajege durung suwe mau aku lagi bar ditimbali Buk-e ki, mosok wis digoleki maneh?"
"Dudu Buk-e kok sing nakokne" karo nandangi gaweyane mBok Ti wangsulan "ditakokne bocah lanang bagus, sajake bocahe kangen karo awakmu".
"mBok Ti ki kok ya ana-ana wae lho?" Mur mesem, rumangsane mBok Ti ngajak guyon dheweke "eh aku ya kangen dhing, rak cah bagus sing gawene metu neng pilem India kae ta mBok? sapa kae jenenge Amitaba, eh kok amitaba, amitaba ki rak sing sirahe gundhul-gundhul kaya woh kawis kae dhing, he he he".
mBok Ti melu ngguyu krungu wangsulane Mur sing nanggapi karo guyon ngono kuwi mau, kandhane :
"Kowe kuwi kok malah guyon lho? aku iki ditakoni wong tenanan, dhek esuk pas aku golek sayur neng nggone Pak Bakir".
"Tenane lho mBok? aku neng kene iki ora tau tepung karo sapa-sapa lho mBok? lha kok sampean malah ngomongi enek sing nakokne, gek jare malah bocah nom bagus pisan, lha rak ya marahi aku dadi bingung ta? lha wong bagus sing kerep tak sawang kuwi anane ya neng jero Tipi kae thok, jare".
"Mosok ta Mur?" ora ngerti sangkan parane dumadakan Sadirun wis teka neng papan kono karo nyauti omongane Mur lan mBok Ti "mosok neng kene iki kowe ora tau kenal sapa-sapa? berarti karo aku barang ya gak kenal no?".
"O alaah" mBok Ti sing mangsuli karo semu nyrengeni "Sadi ki ya gawe kaget wae, teka-teka kok banjur melu nyaut omongane wong ngono wae, mbok nek lagi teka ki aweh tandha watuk-watuk dhisik apa dhehem-dhehem dhisik, ben ora ngeget-egeti kancane ngene iki".
Disrengeni mBok Ti, Sadirun ora nesu malah ngguyu ngakak, nglenggana marang kaluputane.
"Jane iki mau ya ora arep nyaut olehe sampean rembugan mBok" kandhane Sadirun karo cengar-cengir "nanging bareng aku krungu nek jare Mur ki ora tau tepung sapa-sapa, aku banjur ketrucut melu nyaut. Jeneh Mur ki ya kenemenen kok, mosok duwe tepungan sapirang-pirang kok malah ngakune ora duwe kenalan sapa-sapa........".
"Kuwi beda Om Sadi" Mur nyaut omongane Sadirun "sing nyambut gawe neng omah iki kabeh wis dudu tepungan maneh, nanging wis dadi sedulur. mBok Ti iki wis padha karo Mak-ku dhewe, sampean tak anggep Omku dhewe. Tur maneh, sing tak rembug karo Mak Ti iki mau rak ora na gandhengane karo wong-wong sing nyambut gawe neng dalem kene? dadi ngrembug wong liya sing sajake durung tau tak tepungi, Ngono lho Om. Mudheng?".
Sadirun ngguyu maneh, banjur takon :
"Lha ngrembug kok wong sing rung ditepungi banjur piye no?"
"Uwis ora sah dibacutne kuwi perkaraku karo Mur, kana wong-wong ndang dikandhani nek mangane wis cemawis" mBok Ti wangsulan ngiras ngatag supaya Sadirun nyeluk kanca-kancane dikongkon mangan awan.
"Oraa diceluk sedhela maneh rak ya padha teka dhewe" Sadirun ora budhal nyeluk kanca-kancane malah ndhisiki lungguh kursi ngadhepi meja.
"Ya wis, tak aku wae sing ngomongi mBok" Mur semaur karo menyat mangkat arep ninggalne papan kuwi, nanging ora sida merga bener apa sing diomongne Sadirun , saka kadohan Marsana karo Andhik ketok lagi mlaku menyang papan kono.
"Wis padha mara tenan ta Mur?" mBok Ti sing ngerti nek Mur ora sida menyat takon.
"Iya mBok" Mur wangsulan karo manthuk.
Ora suwe neng kono wis keprungu gumyak suwarane wong omong-omongan sinambi karo mangan awan. Anggone mBok Ti ngabari marang Mur nek ditakokne bocah nom bagus dadi wurung, kesilep omongan klobot liyane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar