dening: IMMIR
8.
Kaya padatan nek pas ora ana gaweyan, Andhik lungguh neng Pos ngarep karo dolanan hape ne. Dina kuwi sing anceran jaga Pos utawa nek jaman biyen diarani Regol Singgih. Ngerti nek Andhik lungguh neng jaba, Singgih ngadeg banjur metu mapan lungguh neng dhingklik dawa njejeri Andhik karo takon :
"Ora nyang Kantor ta Bro?" sing dikarepne Singgih nyang Kantor, kuwi "ora ndherekne Pak Kardiman".
"Ora kok nDhan" wangsulane Andhik, karo tetep thak-thik mijeti ha-pe ne "anu, Bapake tindak Luar Kota".
"Layak mau isih esuk Fortuner Kantor wis teka kene banjur ora let suwe wis metu maneh" panyaute Singgih .
"Iya, sing nyetiri mau Pak Kus. Ora mampir kene pa?" Andhik takon.
"Ora mung mbukak kaca thok karo mesem, sajake rada kesusu ketoke" wangsulane Singgih sing dibacutne takon "Lha awakmu dina iki ora metu blas no?".
"Metu, mengko ndherekne Ibuk niliki mBakyune sing neng Gunung Putri" Andhik aweh wangsulan "mbuh mengko tekan jam pira, wong saiki durung mangkat ngene".
"O alah, nyang nggone Budhe Narti ta? cedhak wae nek ngono?"
"Iya, adate kuwi nek neng nggone Budhe Narti, Ibuk ki krasan, sok nganti tekan sore lagi balik. Apa maneh iki Bapak tindak Luar Kota? tekan omah nek gak mengko bengi ya sesuk, kira-kira Ibuk mengko ya tekan sore maneh olehe neng Gunung Putri".
Wong loro kuwi banjur ketungkul padha dolanan hape ne dhewe-dhewe. Wong loro padha meneng-menengan, merga padha ndhingkluk karo ndemeki key board neng hape. Saking anggone padha ketungkul dolanan Ha Pe nganti padha ora ngerti nek ana sing marani padha lungguhan.
"Mas Andhik, ditimbali Ibuk-e" Mur teka kono karo ngomongi Andhik.
"He, piye? apa Mur?" Andhik kaget.
"Ditimbali Ibuk Mas, dijak budhal saiki" Mur wangsulan sareh.
Singgih sing ora disebut jenenge melu kaget, mripate manther nyawang Mur sing ngadeg ora adoh ana ngarepe. Dhadhane Singgih krasa dheg-dhegan, miturut panyawange, esuk iki Mur ketpk luwih ayu timbang adate. Pancen esuk kuwi Mur niyat macak, pupuran manda-manda, lambene ya diusapi nganggo benges, rambute sing dawa diklabang loro banjur ditaleni nganggo pita. Nganggo Clana Jeans, kaosan lengen dawa rupa putih. Ketok nek luwih ayu tenan. Anggone Mur macak ngono kuwi merga didhawuhi dening Bu Kardiman, arep diajak menyang Gunung Putri sanja menyang omahe Budhe Narti.
Ora mung Singgih sing dhadhane dadi nratab weruh tekane Mur, senajan Andhik uga ora beda. Sopire Pak Kardiman kuwi dadi kamitenggengen weruh Mur sing esuk kuwi malih dadi kaya widodari.
"Tak tinggal dhisik Mas" gandheng wis sauntara Andhik ora semaur, Mur banjur pamitan.
"E eee... iya, budhal saiki ta?" Andhik nyauri setengah gragapan banjur ngadeg hape ne dilebokne sak, ngetokne kunci mobil banjur setengah mlayu nututi Mur sing wis mlaku meh tekan garasi.
Bu Kardiman kuwi nek numpak mobil senengane manggon neng ngarep, mula Mur banjur manggon neng bangku sisih tengah karo mangku gawan oleh-oleh kanggo Budhe Narti sing diwadhahi Kerdhus tilas wadhah Mie Instan. Andhik olehe nggelak mobile ngati-ati banget, sing numpak bisa ngrasakne kepenak, ora mikir kuwatir yen ana apa ta apa ing ratan sing rame kuwi.
"Niki Bablas teng daleme Budhe Narti Buk?" karo nyetir Andhik takon marang bendarane.
"Lha iya lah, ora bablas mrana ki arep mampir neng ngendi?" wangsulane Bu Kardiman tanpa nganggo noleh marang sing ngajak omong "Oh, iya dhing adate kae mampir nyang Mini Market ya nDhik? ngana kae ki nek butuh sangu ngombe, lha iki mau karo Mur wis dicepaki ngombe sapirang-pirang dadi ya ora perlu mampir neng ngendi-endi".
"Nggih" Andhik wangsulan cekak.
"Lha ngombene Andhik ndang diwenehne ta Mur, mbok menawa Andhik ngelak sawayah-wayah" Bu Kardiman genti ngomong marang Mur.
"Sampun kok Buk, kula sukakne teng nggen pintu niku" Mur wangsulan "lha kagem Buk-e, nggih sami kula paringne dhateng panggenan botol ngandhap kaca pintu niku".
"Oh, ya, ya.... kowe kuwi pancen bocah sing setiti kok Mur, bejane mbesuk sing ngepek bojo" Bu Kardiman kandha karo mesem setengah guyon.
"Ah, Buk-e ki kok, kula dereng mikir emah-emah Buk" karo ngguyu Mur wangsulan "taksih remen ndherek Ibuk mawon".
"Ya sokur nek kowe tetep krasan melu aku" wangsulane Bu Kardiman "najan ngonowa, suwening suwe kowe rak ya bakal ninggalne aku, genti melu lan ngladeni bojomu, malah mbok menawa ora mokal nek kowe kudu gelem ngenger marang maratuwa".
"Ngoten nggih Buk-e?"
"Lha iya no, saiki umurmu pira? pitulas tahun ta? upama kowe mengko omah-omah umur rolikur tahun, ateges limang tahun maneh aku kudu gelem kok tinggal, nek sing ngepek bojo kowe mengko anak tunggal tur wong tuwane isih, paling kowe mengko ya dijak manggon awor wong tuwane bojomu, dadi kowe bakal ngenger marang maratuwa, kaya aku biyen".
"Upami Mur emah-emah nanging taksih ndherek Ibuk napa boten saged Buk?" dumadakan Andhik nyela rembug, melu takon.
"Lha kuwi rak ya kari nari sing nglakoni ta nDhik?" Bu Kardiman wangsulan "mBok menawa Mur mbesuk oleh bojo sing omahe ora adoh saka nggone dhewe saiki iki, terus dening bojone ya dililani nyambut gawe kaya saiki iki, kira-kira ya bisa wae. Nanging rak ya ora suwe? merga rak ya banjur kudu ngopeni anak barang? Lha nek wis ngopeni anak tak kira ya ora keneng disambi".
"Upami sing dados semahe Mur niku kula ngoten, kula mesthi langkung remen nek nerasaken anggenipun ngabdi dhateng Ibuk" Andhik semaur karo ing batin ngarep-ngarep kepriye tanggapane Mur utawa juragane marang olehe duwe angen-angen ngono kuwi.
"Lho thik awakmu ngomong saupama sing dadi bojone Mur mbesuk ki kowe? apa sajake kowe gelem upama diolehne Mur?" Bu Kardiman takon karo mesem.
"Aaaa, menawi kula nggih turah purun ta Buk-e? duka menawi Mur?" Andhik wangsulan tatag.
"Duka piye ?"
"Lha kula rak namung drajating abdi cara rumiyin ngoten namung pangkat kusire bendara, lha nek sak niki nggih namung sopir, napa kinten-kinten diajengi kalih tiyang estri? klebet Mur?".
"Ora ngono Mas pitakone" dumadakan Mur sing maune mung meneng wae kuwi melu udhu rembug "wong jejodhowan kuwi ora gumantung marang pangkat drajat utawa semat, nanging cocoging ati. Arepa pangkate Jendral Pethak, pintere ngungkuli Propesor Buthak, sugihe bebasan kabeh isine langit disuntak, nek ora nocogi neng ati ya tetep ora cocog. Sanajan kere neng ngisor kreteg, rupane kaya bokong celeng, nanging nek wis nocogi ati ya ora kena dipenggak, kuwi jenenge tresna. Ora kok peh mung sopir njur sampean duwe pitakon mosok diarepi wong wedok?, kuwi pitakon sing ora pas. Nggih ta Buk-e?"
Krungu tembunge Mur sing dawa ngono kuwi, Bu Kardiman banjur ngguyu lan semaur :
"Bener kuwi Mur. Kowe pancen pinter. Aku biyen jane arep dijodhokne karo wong pangkat, putrane priyayi luhur, wonge ya bagus. Nanging gandheng aku wis kadhung cocog karo Bapak, sidane ya dadi jodhone Bapak, najan jaman semana Bapak ki nyambut gawene ya mung dadi Mandhor Proyek".
Merga karo omong-omongan lakune mobil ora krasa wis menggok menyang platarane sing arep diparani. Kaya padatan Andhik banjur markir mobile neng latar sing ora pati amba kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar