dening: IMMIR
9.
Bubar markir mobile Andhik ngrewangi Mur ngudhun-ngudhunke gawan digawa mlebu omah. Sing duwe omah kuwi kapernah mBakyune Pak Kardiman, dadi nek karo Bu Kardiman tiba mBakyu Ipe, nanging sasuwene dadi ipene tangkepe Bu Kardiman kuwi menyang ipene ya kaya marang sedulur wedok dhewe, malah kepara luwih raket maneh. Samono uga tangkep lan sikepe Bu Sunarti marang adhine ipe kuwi. Tekane Bu Kardiman dipapag klawan ulat sumeh, wong loro banjur padha rerangkulan. Bu Kardiman ora dilungguhne neng ruang tamu, nanging malah banjur diajak menyang pawon, merga Bu Narti lagi nandangi gaweyan gawe kuwih pirang-pirang arep kanggo isen kerdhus ing brekatan pendhak pindhone Pak Sakun, garwane Bu Sunarti.
"Kebeneran, mengko aku direwangi nata isi kerdhuse, nek brekatan sing isi sega wis dipesenke Rani nyang nggone Bu Fakih sing duwe Rumah Makan La Tanza cedhak prapatan kae, wong Rani dhewe ya ora bisa bali jare repot banget" kandhane Bu Narti sawuse wong loro kuwi tekan pawon.
"Lha kageme mengke jam pinten ta mBakyu?" Bu Kardiman takon "ngundang tangga tepalih teng dalem mriki napa diter-terne mawon?".
"Diter-terne tangga teparo sak Gang iki thok kok Dhik, mengko nek berkatan sing saka La Tanza wis teka ben terus diiderne si Kanthi".
"Ooo, dados boten tahlilan teng dalem mriki?" Bu Kardiman takon maneh.
"Ora, wong Masmu biyen ki jaman isih urip ya ora nindakne acara-acara ngono kuwi, lha caos dhahar menyang tangga-tangga ngene iki rak ya golek patut ta? ngiras pantes kanggo ngraketne paseduluran antarane tangga".
"Nggih, mengke Mur kersane ngrencangi Kanthi. Ya Mur?".
"Inggih Buk-e" wangsulan Mur sing wis utheg nekuki kertas sing digawe kerdhus. Pancen pas Mur mlebu mau weruh nek rewange Bu Narti sing jeneng Kanthi lagi nekuki kertas gawe kerdhus wadhah panganan, mula ora ndadak ngenteni dikongkon ya banjur tumandang ngrewangi.
"Iki apa si Mur sing biyen kae ta Dhik?" Bu Narti takon "dhek emben kae rumangsaku isih cilik ngono lho? saiki kok wis samene gedhene?".
"Inggih Budhe" wangsulane Mur karo mesem sopan "murugaken kaliyan Buk-e dipun dhawuhi menawi ma'em kedah kathah, mila lajeng cepet ageng".
"Iya tenan kok, awakmu saiki ketok wis prawan tenan, tur ya mundhak ayu pisan. Tenan aku mau pangling lho, tak kira nek rewang anyar".
Karo omong-omongan Bu Narti lan Bu Kardiman direweangi pembantu-pembantune terus nata lan ngiseni kerdhus. Sauntara iku neng parkiran, Andhik lagi lungguh neng bangku cilik karo nyekeli ha pe ne. Karo dolanan ha pe pikirane Andhik ngambara ing awang-awang. Tembung-tembunge Mur neng mobil mau ndadekne Andhik mikir-mikir. Wis cetha apa sing dingendikakne Bu Kardiman karo Mur mau, yaiku paling cepet Mur gelem omah-omah ya patang tahun maneh. Umure Andhik saiki lagi rolikur, upama ditambah patanmg tahun maneh dadi nem likur, umur sing pas-pasan tumrape wong lanang miwiti omah-omah. Ora kenomen ya ora ketuweken. Nek ndelok ukarane mau, ketoke Mur durung duwe calon bojo. Sanajan nalika dheweke mau mralambangi nek sejatine jroning atine ana pepenginan kanggo ngajak Mur bebarengan urip bebrayan, Mur olehe wangsulan yen wektu iki Mur durung duwe pikiran marang wong lanang. Nanging ngono kuwi aja banjur ditegesi yen Mur wis nampik katresnane. Malah Andhik kudu bisa migunakne wektu patang tahun kuwi kanthi sak becik-becike. Ya kuwi sajroning patang tahun, kudu bisa nuduhne marang Mur yen kajaba dheweke temen-temen tresna marang prawan ayu kuwi, uga kudu bisa nuduhne yen dheweke nadyan mung sadrajat sopir ya pantes nampa katresnane Murjiyati.
"Ora-ora Mur yen nganti tumiba ing kakurangan lan kacingkrangan yen kowe dadi bojoku" batine Andhik ngomong dhewekan "najan mung sak sopir, nanging tak kira guna kayaku bisa cukup yen dienggo urip bebarengan karo awakmu lan kira-kira ora bakal kethetheran kanggo ngragadi anak-anake dhewe ing mbesuke. Nyatane, saiki wae dhuwit sing tak simpen neng Bank sansaya suwe sansaya tambah, kabeh mau merga saka anggonku gemi nastiti lan ngati-ati, ora seneng nguja kekarepan sing bisa ngentekne dhuwit. Mula mbesuk nek sing nglumpukne pengasilanku kuwi awakmu, tak kira bakal luwih becik dadine".
"Kowe kuwi aja kesusu ngangen-angen bisa mbangun bebrayan karo Mur dhisik" dumadakan ana suwara dumeling saka pojok atine sisih liya "bener saiki Mur pancen durung mikir wong lanang, nanging durung karuwan yen wis teka titi wancine Mur kuwi gelem mikirne wong lanang durung karuwan kowe bisa mlebu neng pikirane Mur".
"Kok bisa? Aku arep mbudidaya sakuwatku murih Mur ngerti nek aku temen-temen trisna marang dheweke, lan ora arep gawe laraning jiwa lan ragane, aku arep mbudidaya supaya Mur ngerti yen aku iki wong lanang sing pantes nampani tumibaning katresnan saka Mur......." atine aweh wangsulan.
"Rumangsamu wong lanang sing disawang Mur ki mung kowe dhewe ngono apa piye? kudu ngerti isih akeh wong lanang sing bisa disawang dening Mur, sing cedhak-cedhak wae, neng kene ana Marsana, ana Singgih ana Sadirun, wong-wong kuwi ketoke kabeh ya kepengin nepek atine Mur, padha karo kowe. Dadi bisa-bisa tumibaning pilihan saka atine Mur mengko marang salah siji saka wong-wong kuwi".
"Aku ngerti kok, Sadirun, Marsana lan Singgih kuwi ya kepencut karo Mur. Nanging aku uga weruh yen Mur durung nibakne pilihan marang salah siji saka wong-wong kuwi, dadi aku isih bisa mbudidaya murih atine Mur ora tumelung marang wong-wong kuwi, nanging bakal dipasrahne marang atiku".
"Lan kowe kudu ngerti" suwara kuwi isih mbacutne tutur "isine jagad iki wong lanange ora mung wong papat sing kok sebut mau, lan Mur kuwi ora mung bisa disawang lan nyawang sing ana ing jerone dalem Kardimanan kono thok. Bisa uga sasuwene iki ana mripat sing saka kadohan tansah nyawang saparipolahe Mur, bisa uga dumadakan teka saka awang-awang ana mripat sing nyawang Mur banjur niyub lon-lonan, nyaketilan gawe kepencuting atine Mur banjur Mur kanthi lila legawaning ati manut diajak mabur ninggalne Dalem Kardimanan kene..........".
"Mbuh..mbuh...mbuh.....!" saking anyele batine Andhik mencolot kawetu liwat lambene kanthi suwara sing banter.
"Ana apa Mas Andhik?" kaya disamber gelap kageting atine Andhik bareng dumadakan ing ngarepe Mur wis ngadeg karo takon merga Andhik ketrucut ngetokne suwara ing batine mau.
"Ora ana apa-apa, wis suwe kowe mau Mur? ana apa? aku ditimbali Ibuk ya?" karo glagepan Andhik isih bisa wangsulan.
Mur mesem manis banget.
"Iya, karo Buk-e kon ngomongi, iki mengko neng kene tekan sore, Buk-e mau ngendika jare sampean arep ngganti olie barang, mula karo Buk-e sampean didhawuhi ngganti olie dhisik, iki dhuwite" muni ngono kuwi MJur karo ngelungne dhuwit marang Andhik.
"Gak sah Mur, tak nganggo dhuwitku dhisik wae" wangsulane Andhik "mengko tak njaluk nota, sesuk diijolne neng Kantor".
"Ya wis nek ngono".
Mur mbalik banjur banjur mlaku arep mlebu omah maneh. Andhik nyawang saka mburi, rumangsane lakune Mur wis gawe kumesaring dhadhane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar