kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
5.
Yen ndelok gedhene pedhang, kekere wong sing nyabetake lan kebat tumibane, mesthine Rangga ora mindhon gaweni mesthi banjur njebabah neng lemah klawan bau wis pisah lan ragane. Nanging pranyata nadyan katone Rangga ora ngira yen arep nampa serangan sing ndadak, jebul Rangga tetep prayitna. Ora kena disawang nganggo mripat wantah, Rangga bisa endha, sabetan pedhange Sambega luput lan mung ngenani angin. Sambega kaget ngerti yen Rangga bisa ngendhani panyabete, nanging Sambega mung ngira ten olehe Rangga bisa endha kuwi mau merga mung sabab kabeneran wae. Mula Sambega banjur tata-tata arep mbaleni pangrangsange. Andhahane Sambega ora gelem keri karo pangarepe, kabeh uga banjur maju ngepung Rangga karo Marga sing isih ngadeg ing panggonane. Malah wong papat sing duwe jejibahan mikul tandhu, uga banjur nyelehne sing dipikul, banjur ngunus pedhange melu maju ngepung nom-noman loro sing ndakwa yen tandhu sing dipikul isi beras jagan kanggo slametan wong tuwane.
"Saiki wis katon cetha, ndika kabeh cocog karo sing tak kira" Kandhane Rangga bareng wong rolas wis rapet ngepung dheweke lan sedulur angkate "ditakoni becik-becik, ora semaur klawan jujur, nanging malah arep gawe cilake sing nakoni".
"Ora sah kakehan wuwus" Sambega sing mangsuli "salahmu dhewe kowe bocah loro wis wani ngadhang lakuku lan ndakwa sing ora-ora marang aku, minangka pidanane ora ana liya kajaba kowe bocah loro kudu tak tugel gulumu neng papan kene iki".
"Dadi ndika kabeh tetep kukuh ora ngaku lan ora gelem mbalekne berase wong tuwaku?" digiri-giri nek arep dipateni Rangga katon ora wedi, malah tetep ngukuhi pandakwane marang wong rolas sing ngepung dheweke klawan siaga karo gegamane.
Pitakone Rangga ora diwangsuli dening Sambega, malah pangarepe rombongan kuwi banjur prentah marang andhahane :
"Ora sah digagas apa sing diunekne bocah-bocah keparat kuwi, kareben ora kesuwen, kabeh maju ngebyuk bareng, jejuwingen ragane bocah loro kuwi ben dadi pangane kewan galak ing alas iki!".
Ora ndadak dipindhoni, kabeh andhahane Sambega maju bareng arep namakne gegamane marang Rangga lan Marga. Mesthi wae Rangga ora gelem didadekne pangewan-ewan tanpa nglawan. Karo mesem Rangga aweh sasmita marang Marga. Nalika musuhe wis sansaya cedhak, nom-noman loro kuwi dumadakan mletik mendhuwur klawan jungkir walik,mencolot metu saka kepungan. Marga mencolot ngiwa lan Rangga mencolot nengen. Saiki kahanan dadi kwalik, dudu Rangga lan Marga sing dikepung, nanging nom-noman loro kuwi sing ngapit wong rolas sing pating domblong, eram weruh kesit lan cukating tandange nom-noman loro sing umure durung sepirowa kuwi.
"Ngati-ati kanca" Sambega mbengok aweh peling marang andhahane "ketoke bocah loro iki pancen ora kena disangga lamba, ketogen kekuwatanmu kabeh, aja nganti bocah loro iki bisa ucul saka papan kene kanthi nyawa isih kelet karo ragane".
Sing nampa peling tanggap, sing lima nginger adhepe mangiwa ngarah papane Marga lan sing nenem minger nengen siaga ngadhepi Rangga. Weruh andhahane wis andum gawe, Sambega banjur nggolong marang sing ngadhepi Marga, dadi saiki wis padha, Rangga lan Marga arep diadhepi wong nem edhang.
Rangga lan Marga wis sapanemu, ora kepengin nyenyuwe olehe tandang gawe. Kekarone wis nyekeli gamane dhewe-dhewe, Rangga klawan teken bongkotan pring kuninge lan Marga uga wis nglolos pecute. Nom-noman loro kuwi uga wis sarujuk yen ora arep ndadekne wong-wong kuwi nemoni nasib kaya Jaya Glegek lan Karta Gentho sing nganti saiki isih ngglethak neng cedhak lawang guwa. Wong-wong kuwi arep dilumpuhne nganti tanpa daya, nanging aja nganti ora eling apa-apa, supaya bisa dikongkon nyritakne ngendi asale lan apa sing wis ditindakne.
"Dher......" pecute Marga wiwit diseblakne, nuwuhake suwara banter kaya suwarane bledheg mangsa sanga.
"Apik suwarane pecutmu Gus" Sambega nanggapi suwara pecute Marga karo nyedhak "nanging eman, aku kabeh dudu badhut Jathilan Reyog sing kulina dipecuti jaran kepange, uga dudu wedhus-wedhus gibas sing arep digiring mlebu kandhang merga wektune wis sore. Nanging aku sakanca iki wong sing ora seneng marang bocah sing seneng rusuh-rusuh wong nyambut gawe, kaya kowe karo kancamu kae".
"Aku ya dudu panjak Reyog utawa Bocah Angon wedhus Pak Cilik" wangsulane Marga karo ngguyu "Aku mung dikongkon wong tuwaku nguber maling sing nyolong beras jagan kanggo slametan, jebul bareng ketemu, malinge ora gelem ngaku lan moh mbalekne beras sing dicolong, mula kapeksa malinge arep tak sabeti ben berase wong tuwaku dibalekne".
"Setan alas" Sambega misuh, banjur tangane aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk musuhe. Nanging Marga uga wis siyaga, ngadhepi wong nem sing keker-keker lan nggawa pedhang kabeh kuwi, Marga panggah ora owah, eseme ora nate ilang saka lambene, mung pecute wae sing pucuke kopat-kapit kaya obahe buntut ula tapak angin, bola-bali gawe suwek klambine musuhe lan ninggal tatu sing nggaler neng gegere sing padha ngrubut. Mangka ing sisih kiwane lemah benthak cedhak guwa klumpit kuwi, banjur dumadi perang sing cukup rame.
Sauntara kuwi, ora beda karo adhi angkate, Rangga kaya lagi jejogedan ing sela-selane sabetan lan sudukan pedhange musuh-musuhe. Kaceke, nek Marga wis nggunakne pecute kanggo nyabet sing padha ngrubut, Rangga durung mentala nibani musuh-musuhe nganggo gamane. Teken bongkotan Pring Kuning kuwi digunakne Rangga mung nek kapeksa kudu nangkis tumibane pedhang sing ora bisa diendhani wae. Rangga lan Marga padha olehe ora aweh kalodhangan leren nata ambegan marang musuh-musuhe, pancen kekarone sengaja kepengin nglumpuhake sing padha ngrubut ora merga keneng sadhukan luwih-luwih ketaman gegaman, nanging nom-noman loro kuwi niyat arep nglumpuhne musuh-musuhe sarana meres daya kekuwatane, merga kekeselen polah sing ora ana lerene. Mula sanadyan Rangga uga kerep aweh sadhukan utawa jotosan marang musuhe, nanging panyadhuk utawa panjotose ajeg tumiba ing perangan awak sing ora pati mbebayani, malah ora arang Rangga nggunakne drijine kanggo nylenthik kupinge musuh. Ora mbebayani nanging larane ngluwih-luwihi. Semono uga sing ditindakne Marga, pucut pecute tumiba mung sinurung kekuwatan wantah, ora dilandhesi kekuawatan sing metu saka surungan hawa murni. Dadi musuhe Marga mung padha kelaran, tatau-tatu tilasing pecutan krasa panas kaya kesonyok mawa lan dadi tambah perih merga kesiram kringet sing mbajir saka awak, nanging ora mbebayani tumrap jiwane.
Bareng kira-kira olehe padha kerengan wis oleh telung kinangan, Sambega sak andhahane wis temen-temen kentekan napas lan tenaga. mBaka siji wiwit padha tiba krungkeb neng lemah, banjur ngathang-athang ana lemah, rasane awake kaya dilolosi bebalunge. Rangga lan Marga nicil seneng, sedhela maneh wong-wong kuwi bakal dipeksa aweh katrangan sing dibutuhne. Nanging dumadakan Rangga lan Marga dadi kaget setengah mati, nalika Marga lan Rangga nyedhaki mungsuhe sing mblasah kentekan tenaga, dumadakan ana wewayangan ireng sing tumiyup, kaya abure manuk alap-alap sing mudhun neng bumi. Bareng nom-noman loro kuwi ngulati, jebul sing teka sawijining paraga sing ketutupan rapet dening jubah ireng sing dienggo, sirah lan praupane uga ditutup rapet nganggo kain ireng, mung katon mripate sing sumorot abang angatirah.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar