Total Tayangan Halaman

Jumat, 10 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 10

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

10.

Rangga lan Marga uga mikir manawa Jayaglegek karo Kartagentho sing isih ngathang-athang kae iya mbutuhake pangupakara sing luwih pantes, awit yen mung diupakara neng papan kono kira-kira ya bakal ora bisa waras kanthi sampurna. Mula sawise ditimbang sauntara, Rangga lan Marga mutusake, nyarujuki apa sing dikandhakne Bebau ing Kedhungori keri dhewe mau.

"Yen mangkono aku kudu menyang Kedhungtuwung yen dilakoni saka kene kira-kira mbutuhake wektu sedina sawengi luwih kuwi?" Rangga takon.

"Inggih Adhi, punika miturut pamanggih kula" wangsulane Bebau Kedhungori "nanging menawi Adhi ngersakaken sanes inggih mangga, kula namung saged ndherek kersanipun Adhi kakalih".

"Tak kira panemu ndika kuwi mau uga prayoga" Rangga wangsulan "Nanging, aku uga njaluk tulung marang ndika sakloron maneh karo mlaku menyang Kedhungtuwung, ndika tak ajak ngrewangi melu mikul tandhu sing isih keri ana kene kae, karo diiseni wong loro sing isih padha durung bisa tangi kuwi, kepriye?".

"Inggih kula ndherek kemawon Adhi" panyaute Ki Kaliumprik "malah menawi kepareng, tandhunipun dipun rombak, boten kapikul tiyang sekawan nanging, cekap tiyang kalih, kula kaliyan Kakang Seger ingkang badhe mikul".

Rangga mesem, banjur kandha :

"Yen mangkono, coba ndika tata luwih dhisik tandhune kae, nek wis rampung ayo enggal budhal wae. Srengengene wis sansaya mudhun ing sisih kulon, yen mengko neng dalan butuh leren, teka Kedhungtuwung isih sesuk bengi, kuwi yen lerene ora suwe".

"Inggih Adhi" Ki Kaliumprik banjur ngadeg nyedhaki tandhu ditutne Bebau ing Kedhungori.

Ora mbutuhake wektu suwe, tandhu wis tumata, Jayaglegek lan Kartagentho wis dijunjung diunggahne neng dhuwur tandhu. Ora suwe sabanjure, wong papat kuwi banjur mlaku, budhal menyang Kademangan Kedhungtuwung.  Nalika lintang panjer sore jumedhul ing langit sisih kulon, Rangga aba supaya anggone mlaku mandheg dhisik.  Kabeneran lakune wong papat kuwi kudu nyabrang kali cilik sing banyune ora jero, watara mung sadhengkul.  Ya neng pinggir kali kono wong papat mandheg, leren. Rangga karo Marga banjur sesuci ing kali cilik sing banyune bening kuwi, banjur nindakne wajib, manembah marang Gustine, magrib lan ngisak dijamak dadi siji lan diringkes nganggo cara kosor.

Bubar nindakne sembahyang, Marga mbukak buntelan sing mau digawa saka pinggir Bengawan. Jebul isine uwi bakaran turahan mau awan. Najan wis ora anget maneh, nanging gandheng anane ya mung kuwi, rumangsane wong papat kuwi, uwi kuwi rasane ya enak, malah kepara enak banget. Lagi bareng wis padha rampung olehe mangan uwi, Rangga aba ngajak nerusne laku.

"Mengko sawayah-wayah ndika krasa sayah, ndika kandha Kakang" kandhane Marga karo mlaku ngetutne Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori sing mlaku neng ngarepe karo mikul tandhu.

"Inggih Adhi" wangsulane Ki Kedhungori sing olehe mikul manggon neng mburi "mangke kula tak matur, nanging ketingalipun boten kok menawi badhe kraos kesel saderengipun dumugi Kedhungtuwung".

Wong papat kuwi nutugne laku karo meneng-menengan, sajake Ki Kedhungori lan Ki Kaliumprik kuwi wis kulina mlaku liwat dalan satapak ing wanci bengi. Mula sanadyan kahanan peteng, lan mung kecolokan rembulan tanggal sepuluh, nanging tetep  bisa mlaku klawan rikat. Lagi nalika rembulan wiwit surup, wong loro sing mikul tandhu kuwi omong marang Rangga lan Marga yen mbutuhne leren sedhela. Sepisan maneh, lakune wong-wong kuwi kepethu kalen sing banyu gemrajag suwarane, merga iline banyu sing banter nanggor watu-watu sing ana kalen kono. Wong papat banjur mandheg, tandhu sing dipikul diselehne.

"nDika wong loro, nek bisa leren, dienggo leren dhisik" Marga ngandhani Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori "tak tunggoni karo lungguhan neng kene".

"Inggih Dhi ngaturaken panuwun" wangsulane Ki Kaliumprik sing banjur ngglethak neng dhuwur watu gedhe sacedhake kono. ki Kedhungori ora keri uga banjur mapan neng watu liyane. Ora suwe banjur keprungu suwarane wong loro kuwi wis padha turu, sajak kepenak.

Nalika bang-bang wetan wis katon, Rangga lan Marga uga banjur sesuci lan nindakne panembah. Sauntara kuwi wong loro sing mau mikul tandhu, diumbar turu nerusne impen-impene.  Bubar sembahyang Marga, mlaku nurut kalen sing mili kuwi. Rangga nglumpukne pang-pang garing arep dienggo bedhiyang . Ora suwe Marga wis teka karo nggawa iwak kutuk sing gedhe-gedhe cacah papat, wis bethetan kabeh. Marga banjur ngedhuk lempung ing pinggir kalen kuwi, kanggo mbuntel iwak kutuke, sing banjur ditumpangne mawa bedhiyang sing digawe Rangga. Nalika srengenge esuk muntup-muntup ngaton ing sisih wetan, lempung teles sing dienggo mbuntel iwak kutuk mau wis garing malah wis padha mlethek dhewe-dhewe, iku minangka titikan yen iwak kutuk sing ana jerone wis mateng lan wis enak dipangan.

Ki Kaliumprik mulet, noleh ngiwa nengen, weruh Rangga lan Marga padha ngadeg neng cedhak bedhiyang, banjur lungguh. Ki Kedhungori sing turu neng watu sandhinge digugah, wong loro banjur menyang kalen raup lan reresik awak. Mentas saka kalen banjur nusul Rangga lan marga sing lagi api-api cedhak geni, esuk kuwi hawane pancen atis, atise mangsa ketiga.

"Ayo ndang padha sarapan pisan mumpung isih esuk" kandhane Marga karo ngedum kutuk sing wis mateng dibuntel lempung pingggir kali. Nalika lempung kuwi dibukak, sisike kutuk katut melu lempung, sing ana kari daginge kutuk sing empuk.  Kutuk sing dibukak Marga dipangan wong loro karo Rangga.

Bebau Kaliumprik karo Bebau Kedhung ori tiru-tiru, njupuk kutuk siji arep didum wong loro.

"Kuwi wong siji jatahe siji Kang" Rangga ngandhani "dadi weteng ana isine, beda karo aku lan adhiku pancen yen mangan siji mesthi nek ora entek, mula siji tak dum bocah loro".

"Inggih Dhi" wangsulane Ki Kaliumprik karo njumput uyah gerusan sing diwadhahi godhong kanggo nglawuhi iwak kutuk sing dibakar kuwi.

Bubar mangan, genti marga nggawa kutuk bakaran siji, kanggo ndulang Kartagentho lan Jayaglegek sing isih ngathang-athang neng dhuwur tandhu.  Rangga mbalik lungguh neng watu panggonane leren mau, merga kupinge Rangga krungu yen ora adoh saka papan kono ana jangkah-jangkah sing mlaku nyedhaki. Ana sikil sepuluh, dadi kabeh sing ketoke arep mara mrono kuwi wong lima. Marga sing uga krungu, banjur cepet-cepet, nutup tandhu lawange tandhu. Tandhu sing diselehne kuwi banjur ora katon apa isine.  Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori sing ora ngerti apa-apa, isih kepenak anggone manggang awak neng cedhak bedhiyang.

Dumadakan wong loro sing ora ngerti apa-apa kuwi kaget bareng keprungu suwara sumiyut ing sacedhake, disusul katon ana peso telu sing mancep neng wit ndhuwur bedhiyang. Sakla wong loro kuwi ngoplok, banjur lungguh ndheprok. Dumadakan saka waliking grumbul pating pecungul, ana wong lima sing awake keker-keker, mara karo sing dadi pengarepe ngguyu banter.

"Kowe kaget Kisanak?" wong sing lagi teka kuwi takon bareng karo meneng anggone ngguyu.

Rangga karo Marga, sajak ora maelu yen ing kono ketekan wong lima sing lagi wae mamerne anggone nyawatake peso, mlaku nyedhaki Seger karo Lambang sing wis ketok pucet saking kagete.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...