Total Tayangan Halaman

Kamis, 09 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 09

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

9.

Rangga lan Marga manthuk-manthuk ngrungokne critane Seger lan Lambang sing pranyata Bebau ing Kademangan Kedhungtuwung. Nom-noman loro kuwi padha olehe nggagas yen ing ngendi-endi wae, tekune manungsa kuwi meh padha. Ya sing ana kraton sing lumrah sinebut bangsa ningrat, ya sing neng padesan kang sinebut bangsa kawula lumrah, akeh sing mung merga nuruti karep, nuruti panjaluke pepenginan banjur nuwuhake dredah. Pasulayan. Kerengan. Perang. Lan yen wis mangkono nyawane manungsa prasasat ora ana ajine. Lan sing lumrah, watak lamise manusa kuwi sing kerep ngaton, sanajan akeh sing wis weruh lamun satemene olehe nuruti karep kuwi mung mburu kabutuhane pribadi, nanging keh-kehane padha kekudhung jare kanggo kabecikane wong akeh. Munafiq.

Nanging Marga lan Rangga ora banjur katrem ngangen-angen pecahing pasedulurane Kakang-Adhi, antarane Ki Panjer lan Ki Pujud sing lagi wae dicritakne dening Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori. Isih ana pitakone Marga sing durung diwangsuli dening wong loro sing lagi ditepungi kuwi.

"Dadi kanthi ngrungokne crita ndika sakloron iki mau, kena dijupuk dudutan yen alas lan laladan kene iki isih klebu wewengkon Kedhungtuwung. Pitakonku kang kapisan wis ndika wangsuli kanthi becik. Sabanjure, awit nDika klebu Bebau ing Kedhungtuwung lan Kademangan kuwi sing nduweni wewengkon kene iki, ndika sakloron neng kene mesthine ora mung lunga klambrangan, nanging lagi nindakne sawijining jejibahan kang ana sambung rapete karo kalenggahan ndika ing Kedhungtuwung, ndika wong sakloron tekan kene iki mau lagi nindakne jejibahan apa?" Marga banjur takon marang Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori.

"Leres ingkang Adhi Marga dhawuhaken" Ki Kaliumprik sing mangsuli luwih dhisik "anggen kula kaliyan Kakang Kedhungori dumugi mriki niki wau, estunipun taksih wonten sambetipun kaliyan ingkang kula cariyosaken ing ngajeng".

"Cethane piye kuwi?" Marga takon.

"Ing ngajeng sampun kula cariyosaken bilih Ki Pujud sampun keplajeng, nanging dereng ngakeni kawon lan lepat, mila lajeng mawi cara ingkang boten kasat-mripat anggenipun badhe ngrebat Kademangan Kedhungtuwung saking sedherekipun sepuh".

"Ora kasatmata kepiye Kakang?" Rangga nyelani takon.

"Kawon kanthi wantah, Ki Pujud lajeng pados srana sanes, inggih punika lajeng pados srayan dhateng satunggaling Guru ing Padhepokan Kluwihan ingkang kondhang ing babagan ngelmu teluh punapa dene tenung lan sapiturutipun" Ki Kaliumprik nerusne critane "Kademangan Kedhungtuwung nunten kakintunan Teluh, temah nuwuhaken pageblug ingkang nggegirisi. Kathah kawula ing Kedhungtuwung ingkang pejah jalaran sakit ingkang dadakan. Paribasan enjing sakit sonten pejah, sonten sakit enjingipun pejah. Emanipun, nalika para sesepuh matur dhateng Ki Demang, inggih Ki Panjer bilih pageblug punika awit dayanining teluh ingkang kakintunaken dening Ki Kluwihan awit saking panyuwunanipun Ki Pujud, Ki Demang boten pitados. Malah Ki Demang ndakwa bilih ingkang nggadhahi pamanggih makaten punika sengaja obor-obor murih pasatron antawisipun Ki Panjer lan Ki Pujud sansaya ndadra kemawon".

"Lha banjur apa sing ditindakne Ki Demang awit anane pageblug kuwi mau?" Rangga takon.

"Ki Demang malah ngajak para kawula mawas dhiri ambok bilih malah Ki Demang saha para kawula ingkang kathah dosanipun dhateng Gusti Ingkang Murbeng Gesang lan ngathah-athahaken panyuwunan pangapura saha pangayoman dhateng Gusti, dene pambudidaya lahir Ki Demang ngajak para kawula sami reresik jiwa tuwin raga saha papan ingkang dipun panggeni" wangsulane Ki Kaliumprik.

"Banjur Pageblug iku saiki wis ilang apa isih ana?" Marga takon maneh.

"Pageblug mila sampun boten wonten, nanging tumunten wonten dahuru sanesipun" Ki Kedhungori sing genti wangsulan.

"Dahuru apa maneh?" Rangga takon.

"Sasirepipun pageblug, watawis tigang wulan punika, sampun wonten antawis sedasa lare prawan ingkang ical kadhustha dening tiyang ingkang nyalawadi, liripun wonten rerupan kados tiyang, nanging saged ical saking pandulu ingkang ing wanci dalu ndugeni papanipun titiyang ingkang gadhah yoga estri taksih prawan, nunten mbeta mlajar lare prawan kala wau. Nalika dipun bujung, tiyang ingkang nyalawadi wau saged ical boten kasumerepan purugipun. Kamangka cacahipun tiyang ingkang makaten kala wau, langkung saking satunggal" wangsulane Ki Kedhungori karo nutugne critane "Dene anggen kula kaliyan Kakang Seger ngantos dumugi mriki niku, awit kula dipun waduli dening rewang kula ingkang pados rumput bilih piyambakipun nate sumerep lare prawan ingkang nate ical wonten ingkang dipun beta mriki dipun lebetaken dhateng salebeting guwa mawi upacara pamujan. Nalika kula buktekaken nyata ingkang dipuncariyosaken rewang kula wau leres, namung kemawon ingkang kula sumerepi lare prawan kala wau dipun beta kaliyan tandhu dening tiyang kathah lan kula boten sumerep wontenipun upacara pamujan kados ingkkkang dipun cariyosaken dening rewang kula kala wau, lajeng kula ngajak Ki Kaliumprik mriki. Nanging nalika kula dumugi mriki, kula kenging walatipun ingkang mbaureksa papan mriki, temah kula boten saged obah lan boten saged ngucap punapa-punapa ngantos Andika paringi tamba kala wau".

"Nanging mau ndika wong loro bisa weruh apa sing kedadeyan ing papan kene mau?" Rangga takon.

"Inggih leres Adhi" wangsulane Ki Kedhungori "wiwit adhi kekalih damel bedhiyang ing caket guwa, ngantos dumuginipun tiyang ingkang ngangge jubah cemeng saha kesahipun kula sumerep. Nanging ugi wonten bentenipun kaliyan ingkang nate kula tingali pas kula kaliyan rewang kula mriki rumiyin".

"Bedane ana ing ngendi Kakang?" Marga takon.

"Menawi ingkang kula sumerepi rumiyin, ingkang mbeta tandhu tiyangipun sami ngangge sandhangan sarwa cemeng, praupanipun dipun tutupi, niki wau boten" Ki Kedhungori aweh katrangan.

Rangga lan Marga meneng sedhela, nom-noman loro kuwi durung bisa oleh dudutan klawan apa-apa sing wis dicritakne Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori. Lan sajake ora ana sambung rapet antarane wong loro kuwi karo wong sing nganggo sandhangan sarwa ireng mau.

"Saiki aku arep takon maneh Ki Kedhungori karo Ki Kaliumprik" sawuse meneng sedhela Rangga omong maneh.

"Mangga Adhi, kula aturi paring dhawuh" wangsulane Ki Kedhungori.

"Mau ndika mesthine ya krungu manawa Pawongan sing nganggo jubah ireng nyebut-nyebut Padhepokan Banjarsemanggi, uga nyebut asma Ki Jatikuning. Sapa Ki Jatikuning kuwi? lan Padhepokan Banjarsemanggi kuwi mapane ana ngendi?" Rangga ngucapne pitakone.

Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori banjur pandeng-pandengan dhewe-dhewe, kekarone padha gedheg karo ngangkat baune, tandha yen ora mudheng karo sing ditakokne Rangga.

"Menawi bab punika kula bares dereng ngertos Adhi" wasana Ki Kedhungori wangsulan.

"nDika ora ngerti apa pancen ethok-ethok ora ngerti? Apa ki Jatikuning kuwi isih guru nDika dhewe lan Padhepokan Banjarsemanggi kuwi arane padhepokan papan ndika sinau kanuragan jaman sadurunge nDika madeg dadi Bebau?" Marga takon karo mripate rada mentheleng.

"Nyuwun pangapunten Adi" Ki Kalumprik wangsulan sajak kaweden "kula kaliyan Kakang Seger boten dora, kula boten nate sinau kanuragan dhateng pundi-pundi kajawi namung dhateng Ki Demang utawi Ki Panjer wiwit Ki Panjer dereng dados Demang".

"Inggih Adhi, kula kekalih blaka boten dora" Ki Kedhungori melu omong "kados pundi upami Adhi kekalih kula dherekaken manggihi Ki Demang Kedhungtuwung kemawon? sangertos kula, wiwit timur Ki Panjer nate meguru dhateng sajawining Kedhungtuwung, mbok menawi Ki Demang pirsa papanipun Padhepokan Banjarsemanggi punika kala wau saha uninga sinten ingkang kagungan asma Ki Jatikuning punika".

Rangga karo Marga manthuk-manthuk katone apa sing dikandhakne dening Ki Kedhungori keri dhewe iki rada tinemu ing nalar.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...