kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
8.
Ambak-ambak mung sak uwi, kegawa saka weteng sing wis luwe rasane krasa enak lan gurih. Ngalah-ngalahne rasane pasugatan ing pestane wong sing duwe gawe. Luwih-luwih merga hawane panas, lan ing kono dicawisi kendhi sing isine banyu sing wis imbon pirang-pirang dina, yen neng gulu krasa seret merga ngulu uwi, banjur disurung nganggo banyu kendhi rasane dadi sansaya seger.
"Nuwun sewu Dhi" karo mangan uwi Seger kandha marang Rangga lan Marga.
"Ana apa Kang Seger?" Rangga mangsuli karo pitakonan.
"Kula wau badhe matur kesupen"
"Apa sing kelalen kuwi?" Rangga takon
"Ing ngandhap wit wau kula sumerep tiyang kalih, ketingalipun rencange tiyang-tiyang ingkang kula kubur wau......".
"Iya isih urip ta?" Rangga takon karo mesem.
"Taksih Adhi" Lambang sing wangsulan "nanging meh sami kaliyan kawontenan kula pas dereng panjenengan tambani wau".
"Taksih gesang, nanging ketingalipun boten saged napa-napa, kajawi namung mripatipun plolang-plolong, nglirik nganan kaliyan ngering" Seger ngambahi rembug.
"Ya kuwi klebu salah sijine sing arep tak takokne marang ndika wong loro, nanging isih mengko, merga pitakonku iki mengko klebu rada akeh sing kudu ndika wangsuli" wangsulane Rangga karo nyandhak kendhi arep ngombe, olehe mangan uwi wis rampung.
Seger lan Lambang meneng, ora omong maneh. Mung batine ngangen-angen, apa sing arep ditakone nom-noman loro sing wis nambani dheweke mau.
Bareng wis rampung kabeh anggone padha mangan, Rangga ngajak Marga, Seger lan Lambang ngalih olehe padha jejagongan, ya kuwi neng sor wit nyedhaki Jayaglegek lan Kartagentho sing isih ngglethak ora bisa obah.
"nDika mau ngaku nek omah ndika neng Desa kedhungtuwung?" Rangga miwiti ngajak rembugan, Marga meneng karo nyemak neng sandhinge.
"Leres Dhi" Seger wangsulan "kula kekalih mila saking Kedhungtuwung, malah kepara kula kekalih punika kalebet Bebau ing Kedhungtuwung mrika, kula Bebau ing Dhukuh Kedhungori lha Adhi Lambang punika Bebau ing Dhukuh Kaliumprik. Mila titiyang ing Kedhungtuwung katah ingkang mastani kula Ki Kedhungori lan Adhi Lambang Ki Kaliumprik".
"Dadi yen ngono Ki Kedhungori karo Ki Kaliumprik wis suwe manggon neng Desa Kedhungtuwung kuwi?" pitakone Rangga maneh.
"Inggih watawis sampun tigangdasa tahun langkung Adhi" wangsulane Seger, ya Ki Kedhungori "awit kula lan Ki Kaliumprik mila lahir ing mriku, malah sawargi tiyang sepuh kula ugi lahir ing mriku".
"Saiki aku sing genti arep takon" sawuse menengg sauntara Marga genti omong.
"Inggih, mangga Dhi, badhe mundhut pirsa punapa? mugi-mugi kula saged atur wangsulan" wangsulane Lambang ya Ki Kaliumprik.
"Yen nDika sakloron kuwi Bebau ing Desa Kedhungtuwung, apa kene iki isih wewengkon Kedhungtuwung? Lan nDika wong loro padha jagongan neng papan kene iki lagi nindakne jejibahan apa? Ana sambung rapete apa ndika karo wong sing wis ndika kubur mau?" pitakone Marga pirang-pirang pitakon sing didadekne siji.
Ki Kedhungori lan Ki Kaliumprik meneng ora enggal wangsulan, sajak lagi nglumpukne pangeling-eling karo apa sing dadi pitakone Marga. Wusanane Ki Kedhungori sing ndhisiki wangsulan :
"Estunipun, wiwit jaman Pajang inggih jaman Kanjeng Sultan Adiwijaya taksih sugeng, wana punika sampun dados rebatan antawisipun Ki Panjer lan Ki Pujud, ingkang kekalihipun taksih putranipun Ki Demang ing Kedhungtuwung".
"Dadi rebutan piye? lan ya gene bisa mangkono?" Marga nyelani takon.
"Kala rumiyin Ki Sada, inggih Ki Demang ing Kedhungtuwung kagungan putra pembayun ingkang nama Rara Westhi, inggih taksih kapernah mbakyunipun Ki Panjer lan Ki Pujud" Ki Kedhungori aweh wangsulan "lajeng Rara Westhi kapundhut Kanjeng Sultan kakersakaken dados garwa ampil ing Kasultanan Pajang, minangka raos panedhanrimanipun Kanjeng Sultan lajeng paring ganjaran dhateng ki Demang Kedhungtuwung wujud wana ingkang mapan ing sisih leripun Kedhungtuwung ngantos dumugi benawi, dene wiyaripun ingkang mangetan lan mangilen, nurut wates sisih wetan lan wates sisih kilenipun Kademangan Kedhungtuwung".
"Lha kok banjur dadi rebutan?" Rangga nyelani takon.
"Inggih Adhi" Ki Kaliumprik sing genti crita "Nalika Ki Sada kapundhut dening Gusti Ingkang Murbeng Gesang, jumbuh kaliyan paugeran ingkang wonten, saha asil rembagipun para sesepuh ing Kedhungtuwung, ingkang wenang nggentosi palenggahan Demang inggih Ki Panjer, putranipun Ki Sada patutan kaliyan garwa ingkang angka kalih, jalaran garwa ingkang kapisan namung kagungan putra setunggal wujud estri ingkang lajeng kakersakaken dening Kanjeng Sultan ing Pajang".
Ki Kaliumprik leren olehe crita, banjur disambung dening Ki Kedhungori :
"Sareng Ki Panjer jumeneng dados Demang, putranipun Ki Demang ingkang rumiyin patutan kaliyan garwa ingkang angka tiga nenggih Ki Pujud, ngersakaken nyuwun bageyan warisan ingkang dipun suwun inggih wana ganjaran saking Kanjeng Sultan rumiyin. Dening Ki Demang, panyuwunipun Ki Pujud punika boten dipun keparengaken, awit miturut Ki Demang, ingkang wenang marisi sitinipun wana punika inggih namung tedhak turunipun Nyi Demang angka kapisan, dene menawi tedhak turunipun Nyi Demang angka kapisan boten wonten ingkang ngerskaken, sitining wana punika dados gadhahanipun Kademangan dede gadhahanipun pribadi, sinten kemawon sauger wargi ing Kedhungtuwung kaparengaken pados asiling wana, mbikak pategalan utawi pasabinan ing wana mriku, sauger wonten palilah saking Kademangan".
"Nek tak nalar, panemune Ki Demang kuwi wis bener" Marga nyelani rembug.
"Mila makaten Dhi" Ki Kedhungori nggenteni crita "malah pamanggihipun Ki Deamang punika ugi sampun dipun sarujuki dening para Sepuh, Mancakaki, tuwin para bebau ing Kedhungtuwung. Nanging Ki Pujud, ingkang rumaos putranipun Ki Demang ingkang rumiyin boten narimahaken, temah dados pasulayan antawisipun Ki Demang, inggih Ki Panjer kaliyan rayinipun piyambak inggih Ki Pujud. Jebul wonten mancakaki lan sesepuh ingkang cacahipun boten kathah ugi ndombani pikajengipun Ki Pujud".
"Sabanjure?" Rangga nyelani maneh.
"Salajengipun inggih dados perang alit-alitan, awit Ki Pujud ugi gadhah pandherek saking para nem-neman ing Kedhungtuwung , malah panyuwnipun Ki Pujud boten namung wana ganjaran saking Pajang punika kemawon. Nanging malah kalenggahan Demang inggih dipun suwun. Watawis wonten sepasar, Kademangan Kedhungtuwung geger, kathah nem-neman ingkang dados kurban, pejah awit mbelani ingkang dipun dhereki. Nanging wekasanipun Ki Pujud asor ing jurit lajeng mlajar sapendherekipun sedaya, ngungsi dhateng Karangbening. Kaleresan Demang ing Karangbening punika taksih kapernah Bapa pamanipun Ki Pujud, inggih rayinipun Nyi Demang ingkang angka tiga. Ki Demang Kedhungtuwung, sareng ngertos menawi ingkang rayi mlajar, inggih boten dipun bujung. Malah lajeng kintun utusan dhateng Ki Demang Karangbening, ngaturaken serat ingkang isinipun nyuwun tulung nitipaken Ki Pujud dhateng Ki Karangbening" Ki Kedhungori leren olehe crita. Ki Kaliumprik sing genti mbacutake :
"Sanaosa makaten, Ki Pujud dereng rumaos kawon lan dereng ngendeli anggneipun badhe ngrebat panguwaos ing Kedhungtuwung ngantos dumugi sapriki. Sesumbaripun, duka wancinipun menawi wonten kalodhangan ingkang pas, Kedhungtuwung badhe kagebag ing perang lan Kalenggahan Demang miwah wana ganjaran saking Pajang punika badhe dipun serik, dados gadhahanipun tuwin para pandherekipun sadaya. Dening Ki Demang, inggih Ki Panjer sesumbaripun Ki Pujud punika namung dipun anggep suwantening kodhok bangkong ing wanci dalu ing salebeting ngerong, ingkang tansah sesumbar badhe nguntal lintang-lintang ing langit".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar