kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
7.
Wong loro sing dikongkon nembung njaluk tulung supaya ditambani marang Rangga kuwi, ngingeti Marga karo sorot mata sing nelakake bingunge. Lha piye? genah nek omong wae ora bisa, kok dikongkon padha nembung njaluk tulung. Marga ngguyu, ngguyu marang omongane dhewe sing dianggep lucu merga ora klebu ing nalar. Rangga sing mau ya krungu omongane Marga melu ngguyu. Wong loro sing ora bisa omong kuwi sansaya bingung, genti-genti mripate ngingeti Rangga lan Marga. Bareng wis meneng olehe ngguyu, Marga banjur ngandhani wong loro kuwi :
"Saiki ndika wong loro lungguh dhisik, sila. Mengko ben ditambani Kakangku".
Wong loro kuwi uga banjur lungguh, mapan sila ing ngarepe Rangga. Rangga ngobahake tangane, banjur kanthi hawa murni sing mili menyang epek-epeke, Rangga mbukak saraping suwarane wong loro kuwi.
"nDika wong loro lungguh sila neng ngarepku, padha arep ngersakne apa?" sawuse mbukak sarap suwarane wong loro iku, Rangga banjur takon.
"Kula tiyang kalih nyuwun supados dipun tambani Den" wangsulane wong loro kuwi meh bareng.
"Njaluk ditambani? nDika lagi lara? Lara apa?" Rangga takon maneh karo ngempet guyune, sauntara Marga sing ngadeg ing cedhake wis ngguyu luwih dhisik.
"Kula boten saged ngucap napa-napa Den" wong loro kuwi wangsulan.
"Ora bisa ngucap sing kepiye? nDika aja gawe bingungku ta?" Rangga ngguyu.
"Kula kekalih........" wong loro lagi krasa yen satemene nom-noman sing lungguh neng ngarepe kuwi wis rampung anggone mulihne suwarane, wekasan kandhane karo sujud neng cedhak sikile Rangga "ngaturaken panuwun Den".
Rangga ngguyu banter, wong loro kuwi banjur dikongkon lungguh maneh, banjur kandhane :
"Uwis, saiki aku arep takon nDika kuwi sapa, lan omah ndika ngendi?"
"Kula Seger lan kanca kula niki Lambang Raden" salah siji saka wong loro kuwi wangsulan "griya tebih ing Kedhungtuwung mrika".
"Kedhungtuwung kuwi ngendi?" Rangga takon maneh.
"Saking mriki lampahan setunggal dinten setunggal dalu langkung, menawi anggenipun mlampah limrah kemawon, pernahipun sisih kidul mrika" wangsulane Seger.
"Mengko dhisik Kang Seger karo Kang Lambang" dumadakan Marga melu omong.
"Inggih Den?" Seger karo Lambang padha noleh menyang Marga.
"nDika wong loro wis tak tambani lan uga ditambani Kakangku ta? saiki upama aku karo Kakangku njaluk opah marang ndika sakloron piye?" Marga takon.
Seger karo Lambang padha sawang-sawangan padha kanca dhewe-dhewe. Sing ditakokne Marga kuwi barang sing lumrah, saupama ora ditulungi Marga apa dene Rangga wong loro kuwi wis ngira yen uripe bisa tekan sesuk apa ora. Merga kanthi kahanan ora bisa obah lan ora bisa omong, neng ngisor grumbul alas, ora mokal yen sawayah-wayah bisa diparani kewan galak sing karem mangsa daging. Nanging, wong loro kuwi ya bingung olehe arep wangsulan, banjur opah apa sing dikarepne nom-noman sing wis aweh tamba kuwi.
"Nyuwun pangapunten Raden" bareng wis sauntara meneng, Lambang genti sing omong.
"Jenengku Marga lan Kakangku kuwi Rangga, ora sah nyebut Raden marang aku lan Kakangku, ndika bisa nyeluk aku njangkar, adhi,ngger apa celukan liyane" Marga nugel rembuge Lambang.
"Inggih, Ra, eh Adhi" Lambang wangsulan karo nerusne kandhane "mugi kauningan, niki wau kula kalih rencang kula pun Seger, boten mbeta napa-napa, langkung-langkung barang ingkang pangaji. Nanging teng griya najan sakedhik kula inggih gadhah simpenan, kados pundi upami kula wangsul rumiyin mendhet pisungsung kagem Adhi Marga lan Adhi Rangga?".
"Perkara kuwi gampang kena dirembug mengko-mengko Kang Lambang karo Kang Seger" Rangga nrambul gunem "saiki, aku njaluk tulung marang ndika wong loro, ndika gelem apa ora?".
"Mangga kula aturi paring dhawuh punapa, sedaya dhawuhipun Adhi Rangga lan Adhi Marga badhe kula lampahi kanthi sukaning manah" Seger sing aweh wangsulan.
"Matur nuwun" Rangga nyauti sing diomongne Seger "neng kene ana mayit pirang-pirang pating glethak, neng awake mayit-mayit kuwi katone isih ana gegaman sing tumancep, gegaman sing tumancep kuwi ndika jupuki, banjur mayit-mayit kuwi ndika kubur kanthi becik. Mesakake".
"Inggih Adhi, ngestokaken dhawuh" wangsulane Seger "ayo Dhi Lambang".
Seger karo Lambang banjur ngadeg, marani bangkene Sambega lan kanca-kancane. Peso-peso sing tumancep neng jantunge wong-wong sing wis dadi mayit kuwi dening Seger lan Lambang banjur dijabuti lan diklumpukne dadi siji. Wong loro nuli gawe luwangan neng lemah benthak kuwi, luwangan sing amba lan jero, mayit cacah rolas kuwi arep dikubur dadi siji. Sauntara Seger lan Lambang tandang gawe gawe kuburan, Rangga nyawang srengenge sing wis ngglewang mangulon saka tengahing langit.
"Wis wayahe Dhi" kandhane Rangga alon.
"Iya Kakang" wangsulane Marga sing uga wis ngerti yen wektu dzuhur wis teka.
Nom-noman loro banjur mbalik menyang bengawan arep sesuci. Jayaglegek karo Kartagentho sing isih ngathang-athang tanpa daya disisihne neng suketan ing ngisore wit gedhe dadi ora kepanasen kena soroting srengenge mangsa ketiga.
Rampung nindakne panembah dzuhur lan ngasar sing dijamak kosor, Rangga lan Marga bali maneh menyang lemah benthak. Marga banjur ngetokne bumbung saka waliking klambine, nyedhaki Jayaglegek karo Kartagentho sing arep diupakara tatune. Rangga banjur mlaku mlebu neng jero alas. Ora suwe wis bali maneh karo nggawa uwi sing sasirah-sirah gedhene. Banjur nglumpukne pang-pang garing sing mblader ing sacedhake, disumet digawe bedhiyang kanggo mbakar uwi sing lagi wae digawa saka njero alas.
bareng lan matenge uwi sing dibakar Rangga lan rampunge Marga ngupakara tatu-tatune Jayaglegek lan Kartagentho. Seger lan Lambang mara nyedhak banjur lungguh neng ngarepe Rangga lan Marga.
"Sampun kula kubur kanthi sae dados setunggal luwangan Adhi" Seger aweh lapuran marang Rangga lan Marga "Peso-peso ingkang sajakipun ngandhut warangan kula klempakaken dados setunggal kula buntel mawi jarikipun salah satunggaling mayit wau".
"Iya nedha nrima banget Kang" wangsulane Rangga "peso-peso kuwi bisa mbebayani yen nganti ngenani manungsa, mula peso-peso liyane sing pating pececer neng kana mau klumpukna pisan, banjur mengko pendhemen sing rada jero, ben ora kidakan sikil sing liwat".
"Kaliyan badhe matur malih Dhi" Lambang genti sing kandha "kala wau, sandhanganipun para tiyang ingkang kula kubur, ingkang ketingal taksih wonten aosipun kula klempakaken, wonten jarik nenem, timangan perak tiga, timangan Dembaga wonten gangsal, pendhok saha keris kalih".
"Aku karo adhiku ora mbutuhake barang-barang kuwi kabeh" wangsulane Rangga "Lha nek pancen ndika gelem, ya barang-barang kuwi ndika dum karo Kang Seger".
"Inggih Dhi, matur nuwun sanget" wangsulane Lambang.
"Kula ugi matur nuwun Adhi" Seger melu numpangi rembug.
"Mengko arep ana sing tak takokne marang nDika wong sakloron, nanging becike saiki wetenge diiseni dhisik ben ora kaliren. Kae neng bedhiyang sajake olehku mbakar uwi wis mateng, ayo padha dipangan dhisik" kandhane Rangga karo nyedhaki bedhiyange.
Ora suwe ing kono wong papat kuwi padha pating cramuk mangan uwi bakar bebarengan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar