Total Tayangan Halaman

Senin, 13 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 16

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

16.

Wengi kuwi Rangga lan Marga leren neng Gandhok Kulon Kademangan Kedhungtuwung. Kaya padatan nom-noman loro kuwi ora enggal mapan turu, nanging kekarone isih padha ngrembug bab kahanan sing lagi lan bakal diadhepi ing sajroning pangumbaran iki. Rangga wiwit nicil ayem, pranyata kaya sing dikandhakne Ki Demang neng Pringgitan mau, ana sambung-rapete antarane Ki Panjer ya Ki Demang Kedhungtuwung karo Padhepokan Banjarsemanggi sing dikandhakne dening pawongan nyalawadi sing wingi diadhepi ana Guwa Klumpit.

"Satemene aku ora pati mudheng karo sing tak takokne wau ki Dhi?" kandhane Rangga klesik-klesik marang Marga. Suwarane digawe alon supaya ora ngganggu wong-wong sing padha lagi arep leren, nadyan papane rada adoh omongan wektu bengi kuwi bisa keprungu.

"Ora mudheng kepriye Kakang?" Marga nanggapi karo suwara sing ora kalah alone.

"Ya gene awake dhewe ndadak kepengin ngerti karo sapa Ki Jatikuning lan Padhepokan Banjarsemanggi kuwi? Kamangka welinge mBah Juru nalika semana, yen awake dhewe nemoni ana kadurakan ing dalan kudu mandheg melu mbrastha kadurakan kuwi. Lha nek awake dhewe ndadak takon ing ngendi dununge Padhepokan Banjarsemanggi barang kuwi rak jenenge ora nemoni kadurakan ing dalan, nanging malah nggoleki tindak kadurakan? Iya apa ora?" Rangga nggenahne rembuge.

Marga mesem, banjur wangsulan :

"Nalika awake dhewe weruh ana tumindak duraka sing ditindakne wong-wong kanthi nyidra para prawan sing jare arep didadekne kurban neng Guwa Klumpit, kuwi awake dhewe wis kena diarani nemoni kadurakan ana ing dalan iya ta? sabanjure sing dadi punjer kadurakan wingi kae, miturut panemuku ya wong sing mlayu ninggal suwara yen arep ngratakne Padhepokan Banjarsemanggi kae. Saupama wingi awake dhewe bisa nyekel lan meksa wong kae supaya nglereni tumindak angkarane, jane wis rampung perkara sing ditemu neng cedhak Guwa Klumpit iki. Nanging, gandheng awake dhewe durung bisa nyekel wong wingi kae, ya mbok menawa awake dhewe kudu mandheg rada suwe neng papan iki, ngenteni wulan purnama sawise sasi iki. Iya apa ora Kakang?".

"Bener kandhamu Dhi" wangsulane Rangga "ya, pancen lelaku menyang pucuking Gunung Mahendra iki, sajake isih rada suwe tumekane".

"Iya Kakang" kandhane Marga mbenerne sing diucapne sedulur angkate "Nanging wektu iki, sing tak pikirne sajake beda karo sing digagas Kakang Rangga".

"Beda kepiye Dhi? Apa sing lagi kok gagas?" Rangga takon .

"Kakang mesthine ya ngulati sapa nom-noman sing jeneng Kunthara mau lan apa sing wis ditindakne?" Marga mangsuli pitakone Rangga nganggo pitakonan uga.

"Bener Dhi" Rangga mbenerne rembuge Marga "sepisanan dheweke nedya gawe patine Seger, tujune aku weruh lan bisa ngalang-alangi. Kaping pindho, ya gene Ki Demang mau ora nibakne paukuman marang Kunthara, kamangka wis tumindak ngawur klawan mateni Durjana sing kudune bisa didadekne sumber katrangan magepokan karo anane dahuru ing Kademangan kene iki, kaping telu katone wong-wong uga Ki Demang nduweni rasa kurmat lan ering marang Kunthara, sapa sejatine Kunthara kuwi. Iya ta Dhi?".

Dumadakan, nom-noman loro kuwi krungu ana suwara sikil sing nyedhaki papan panggonane leren. Nom-noman kuwi ya ngerti sing duwe sikil wis nggunakne ngelmu ngenthengake awak, temah suwara jangkahe dadi alon, sing ora bisa dirungokne nanggo kuping lumrah. Rangga lan Marga meneng anggone padha rembugan, ngenteni tekane wong sing nyedhaki papane kanthi cara sing nyalawadi kuwi.  Nanging dienteni sauntara, suwara jangkah kuwi malah mandheg. Ateges wong sing mara kanthi sesidheman kuwi mandheg, ora lunga ninggalne papan kono. Rangga lan Marga dadi sansaya ngundhakne kawaspadane, ora krasa Marga wis nglolos pecut sing ditalekne neng bangkekane.  Dumadakan ana suwara semiyut disartani suwara sumiliring angin wengi. Lan.......

"Jlep!" ana barang sing tumiba ing lawang butulan Gandhok menjaba kuwi lan mancep nganti nembus tekan njero.  Rangga lan Marga tanggap, klawan ora nyuda kaprayitnan lawang butulan kuwi dibukak, barang sing tumancep ing gegodhongane lawang dijupuk digawa mlebu Gandhok.

"Apa wujude Dhi?" Rangga takon sawuse barang mau dicekeli Marga.

"Godhong Plasa Garing sing digulungne neng gagang peso lan ditaleni Kakang" wangsulane Marga karo nguculi tali duk sing naleni godhong Plasa kuwi.

Jebul wujud pesen sing ditujone marang nom-noman loro kuwi :

"Nek kena dieman, enggal tinggalna Kademangan kene saiki uga. Yen kurang cetha, tak enteni neng  tegalan bera kulon desa".

Bareng karo rampunge Rangga lan Marga maca pesen kuwi, keprungu suwarane manuk kedasih sing ngalik-alik banter, maune cedhak nanging saya ngadoh mlayu mangulon. Suwara jangkah sing nggunakne ngelmu pangentheng raga kuwi keprungu ngetutne abure manuk kedasih.

"Kepiye Kakang?" Marga nakoni Rangga.

"Dituruti wae" wangsulane Rangga "neng kene iki awake dhewe nggoleki barang sing durung weruh wujude ing sadurunge, dadi ya luwih becik panjaluke wong sing ora cetha sapa jati dhirine iki dituruti wae, mbok menawa wong iki malah bisa dadi damar kanggo madhangi pepeteng sing ana iki".

Rangga banjur ngadeg, Teken Pring Kuning sing mau diselehne digawe bantal, dicandhak disengkelit neng bangkekan sisih mburi. Marga sing wis nglolos pecute, banjur dibalekne dienggo sabukan maneh. Damar lenga jarak sing ana ajug-ajug , dikempus mati. Nom-noman loro kuwi kanthi ngecakne ngelmu pangentheng raga, metu saka gandhok nututi playune suwara kedasih sing sansaya adoh, nanging isih keprungu ngasih-asih.

Playune Rangga lan Marga wis tekan kuloning padesan, ing kiwa tengene lurung katon tanduran gaga sing sedhela maneh wayahe panen. Klawan cecolok sunaring rembulan sing meh surup ing langit imbang kulon, nom-noman loro kuwi terus mlaku nurut dawaning lurung, nggoleki sing diarani tegal bera.  Bareng tanduran gaga wis keliwatan, nom-noman loro kuwi weruh kiwa tengene lurung wis ora ana tandurane, tegal kuwi sajake bera, Nom-noman loro kuwi mandheg, suwarane manuk kedasih wis ora keprungu maneh.

"Wilujeng Wengi Sang Pangumbara" dumadakan saka waliking watu sing sagajah gedhene mecungul wewayangan loro sing banjur aweh pambagya marang Marga lan Rangga "ayo kene lelenggahan kene dhisik".

"Matur nuwun" Rangga wangsulan banjur mapan lungguh neng watu sing jejer-jejer dadi watesing lurung karo kalenan tegalan. Marga melu lungguh neng cedhake.

"Aku njaluk ngapura dene wis ngganggu kamardikan ndika kanthi ngirim pesen ing godhong plasa mau" salah siji saka wong loro kuwi miwiti omong "ditepungake wae, aku Janggan Kumala lan iki Pamanku Panembahan Timur, saka Padhepokan Kluwihan".

"Nuwun sewu Kisanak" Rangga genti takon "aku Rangga lan iki adhiku Marga. Apa sing ndika kersakne klawan pesen sing tinulis ing godhong plasa garing mau?".

"Ha ha ha" wong sing jeneng Panembahan Timur kuwi ngguyu renyah mangsuli pitakone Rangga "aja dadi atimu anakmas, temene aku wis memanuki lakumu sing numpak gethek neng bengawan, wiwit saka tikungan sing ana wite Elo neng kiwaning bengawan, nganti ndika sakloron munggah neng dharatan ing sacedhake Guwa Klumpit lan kabeh sing ndika tindakne nganti leren neng gandhok sisih kulon dalem Kademangan Kedhungtuwung iki mau".

"Lakuku ora ngemun sedya ala, nek ana sing memanuki ora tak gagas babar pisan,jer olehku mlaku ya ing wanci awan" wangsulane Rangga "aku karo adhiku mung butuh wangsulan, apa sing ndika kersakne klawan pesen marang aku mau?".

"Apa kurang cetha karo isine nawala Adhi Rangga?" Janggan Kumala genti sing takon karo mesem.

"Cethane cetha" Marga sing genti wangsulan "mung ana karep apa ing waliking aksara sing ditulis ing godhong plasa mau?".

"Yen wis cetha, ya gene ndadak teka kene Adhi Marga?" Janggan Kumala wangsulan "harak luwih becik nek banjur ditindakne wae isine pesen kuwi?".

"Aku karo Kakangku mlaku ora nurut sapa-sapa kajaba nurut grenjeting ati Ki Janggan, aku ya ora butuh banget-banget marang wangsulane pitakon sing diucapne Kakang Rangga marang ndika mau" kandhane Marga nyauti wangsulane Janggan Kumala, banjur kandhane marang Rangga "Ayo Kakang, ora ana gunane awake dhewe neng kene suwe-suwe".

Marga ngadeg ditututi Rangga, nom-noman loro kuwi katon arep ngalih ninggalne wong loro sing ngaku saka Paguron Kluwihan kuwi.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...