kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
15.
Jebul durjana sing kasil dicekel dening Marga kuwi bareng dening Marga dipasrahne marang Ki Jagabaya, tuwuh maneh kuwanene. Sanadyan tangan wis dibanda, nanging sikile isih bisa obah, Ki Jagabaya sing ora nyana tekane bebaya didugang pernah wetenge dening durjana mau. Ki Jagabaya kesurung mundur ana patang jangkah, sempoyongan. Wong-wong liyane banjur padha siaga arep ngrangket durjana sing nadyan tangane wis dibanda pranyata isih mbebayani kuwi. Durjana nuwi dikupengi, saka ngarep, mburi sarta saka ering kanan apa dene kering. Nanging sajake wis nekad tenan, karo nggereng ngulati wong-wong sing padha ngupengi.
Sauntara Ki Demang sing wis mlaku rada adoh ditutune Rangga lan Marga, bareng krungu nek neng mburine ana rame-rame banjur mandheg, noleh memburi. Malah Rangga karo Marga ora mung noleh, nanging mbalik mara menyang papane mau, arep ndelok apa sing wis kedadeyan.
Dumadakan wong-wong dadi luwih kaget, Kunthara sing wiwit mau mung meneng wae, dumadakan nrobos wong-wong sing lagi ngupengi Durjana, lan tanpa taha-taha Durjana sing tangane wis dibanda kuwi, dijojoh pedhang saka mburi dening Kunthara. Pedhang nembus geger nganti nyenggol jantung. Durjana kuwi sempoyongan sedhela banjur rubuh neng lemah kanthi pedhang isih tumancep ing gegere. Kunthara nyedhak, gagange pedhang dicandhak, didudut karo sikile njejak awake durjana mau. Bareng pedhang wis kasil dijabut, Kunthara durung marem, wong sing wis sekarang kuwi sepisan maneh dijojoh dhadhane.
"Ayo tangiya leganing atiku" kandhane Kunthara karo nglebokne pedhang menyang wrangkane "konangan Kunthara klakon ora dawa umurmu tenan kowe".
Wong-wong sing padha weruh lan krungu sumbare Kunthara ngono kuwi, ora ana sing semaur, kabeh mung meneng kaya kamitenggengen. Lagi bareng Ki Demang nyedhak, wong-wong lagi padha nyedhaki lan ndelok kahanane durjana sing wis tanpa nyawa kuwi.
"Kena apa wong kuwi mau?" Ki Demang sing uga melu ndelok kahanane durjana kuwi takon.
"Badhe mlajar Ki, malah Ki Jagabaya dipun dugang ngantos meh dhawah" sing wangsulan Kunthara karo sajak pamer "tujunipun wonten kula, durjana boten saged mlajar malih ketiban gaman kula".
"Ya gene wong kuwi kok pateni Kunthara?" Ki Demang wangsulan karo mentheleng "mesthine oraa kok jojoh dhadhane nganggo pedhang, wong iku mesthi bisa dilumpuhne, lha wong tangane wis ditaleni. Nanging merga sembranamu, wong iki mati, ora bisa ditakoni maneh".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Kunthara ndhingkluk "kula boten kiyat ngampah raosing manah, nalika sumerep tiyang niki badhe mlajar, kula boten sengaja mejahi tiyang punika".
"Cukup!" Ki Demang wangsulan "saiki sepisan maneh tak prentahne marang para Bebau lan Para Jagabaya sarta para nom-noman kabeh, supaya wong sing wis tanpa nyawa iki sarta wong-wong sing jarene keneng kapikut dening Ki Bebau Kedhungori lan Ki Bebau Kaliumprik ing Guwa Klumpit mau, digawa menyang pendhapa Kademangan, ora ana sing kena dipilara, ayo budhal saiki bakal tak tutne saka mburi".
Ora ana sing wani semaur, kabeh banjur padha nindakne apa sing diprentahne Ki Demang Kedhungtuwung kuwi. Rangga lan Marga sing tenane lagi nglumpukne sisik melik kuwi, bareng ngerteni yen wong sing kudune bisa ditakoni nanging malah wis mati, dadi ora negakne Guwara lan andhahane. Nom-noman loro kuwi banjur mlaku mbarengi Gurawa lan andhahane sing mikul tandhu isi Jayaglegek lan Kartagentho. Ki Kedhungori lan Ki Kaliumprik banjur melu nguwori neng kono pisan. Wong-wong kuwi mlaku neng mburine wong - wong Kedhungtuwung sing nggotong mayite wong mati merga dijojoh pedhang Kunthara kuwi. Ing sisih mburi dhewe, Ki Demang sing dikancani Jagabaya loro, lan nom-noman loro sing kajibah nggotong Liyem, nadyan wis eling nanging isih lemes dhempes ora kuwat ngglawat ngetutne saka mburi.
Tekan pendhapa Kademangan, Gurawa lan andhahane dilungguhne neng klasa sing wis digelar, dipapanke neng tengah dikupeng kaya ambeng dening wong-wong Kedhungtuwung sing uga lungguh ngubengi jogan pendhapa. Rangga, Marga lan Bebau loro Kedhungori lan Kaliumprik, milih lungguh awor Gurawa sakancane sawuse ngudhunake Jayaglegek lan Kartagentho sing banjur diglethakne neng cedhake. Bareng Ki Demang wis munggah neng pendhapa, sawuse masrahake Liyem marang Nyi Demang lan para wanita ing dalem Kademangan lan mapan lungguh neng palungguhane, Ki Kaliumprik ngadeg banjur marani. Wong loro kuwi banjur rembugan alon-alon sing wong-wong ora ana sing krungu apa sing diomong. Lagi krungu bareng Ki Demang semaur rada banter :
"Ya wis, yen ngono ajaken mlebu tak temonane neng pringgitan".
Ki Kaliumprik mundur, bali menyang papane sekawit banjur kandha marang Rangga :
"Ki Demang ngersakaken Adhi kekalih dhateng Pringgitan".
"Lha sing ngreksa kaslametane wong-wong iki?" Rangga takon.
"Para Jagabaya kersane ingkang ngancani Ki Gurawa sakanca ing mriki" wangsulane Ki Kaliumprik sing banjur ngawe Jagabaya-jagabaya supaya mara.
Ki Demang ndhisiki mlebu pringgitan, wektune wis ngancik tengah wengi. Ing Pringgitan Ki Kaliumprik lan Ki Kedhung ori gentenan nyritakne lelakone, wiwit budhake saka omah menyang Guwa Klumpit, kena walate Ki Jalumampang, perange Rangga lan Marga mungsuh Ki Kartagentho lan Ki Jayaglegek diterusne perang karo wong-wong sing nggawa tandhu sing nggawa kurban menyang Guwa Klumpit, pawongan sandhangan sarwa ireng bisa mabur sing mateni kanca-kancane sing dilumpuhne Rangga lan Marga, nganti tekan ketemu karo Gurawa sakancane lan dipungkasi klawan Marga sing wis kasil njiret durjana mau. Ki Demang manthuk-manthuk kasengsem karo kabeh sing dicritakne Bebaune loro kuwi. Ki Demang uga banjur bisa gawe dudutan yen tenane Rangga lan Marga kuwi dudu nom-noman sing sembarangan. Mula Ki Demang banjur takon nganggo basa sing alus, ora kaya pas ketemu sepisanan mau :
"Lha Anakmas Rangga tuwun Anakmas Marga punika kasatriyanipun wonten pundi?"
"Nuwun sewu Ki Demang" wangsulane Rangga sing uga ora kalah alus "kula kaliyan adhi kula punika, lare ingkang kleyang kabur kanginan tanpa dhangka ugi tanpa kayang, ingkang kula panggeni inggih ing gethek ingkang kula tumpaki, ingkang ebah nurut ilining toya bengawan".
"Makaten inggih Anakmas?" Ki Demang sansaya eram marang nom-noman loro neng ngarepe kuwi "samangke kula ngertos lan boten badhe nyuwun pirsa malih, angger kekalih punika nembe lelana nindakaken dhawuhing guru murih langkung sampurnaning ngelmu, harak makaten ta?".
"Sumangga anggenipun Ki Demang badhe mastani" Rangga wangsulan karo mesem, lega, dene Ki Demang ora nguber karo pitakonan sing aneh-aneh.
"Mila estu, menawi Angger kekalih mundhut pirsa prakawis Ki Jatikuning saha Paguron Banjarsemanggi dhumateng kula, punika sampun trep lan pas. Kula inggih sakalangkung matur nuwun dhumateng Angger kekalih ingkang paring kabar bilih wonten tiyang nyalawadi ingkang criyos bilih ing wanci purnama sasampunipun wulan punika, tiyang nyalawadi punika badhe nggebag perang dhateng Banjarsemanggi. Awit sejatosipun kula punika inggih kalebet, nadyan namung sakedhik nate nyecep ngelmu saking Ki Jatikuning" Ki Demang nerusne kandhane.
"Dados sowan kula mriki niki wau, estu kapasang yogi inggih Ki Demang?" Rangga nyela takon karo mesem seneng.
"Kenging kawastananan makaten Ngger" Ki Demang tumanggap alon "nanging gandheng wancinipun sampun langkung tengah dalu, kamangka taksih wonten padamelan sanes ingkang kedah dipun ayahi, kula kinten langkung prayogi menawi rerembagan punika kasumenekaken rumiyin, benjing kemawon dipun lajengaken".
"Inggih Ki Demang, kula ndherek kemawon ingkang dados kawicaksananipun ki Demang" wangsulane Rangga.
Ki Demang banjur dhawuh marang Bebau Kedhungori lan Kaliumprik, supaya marentahne para Jagabaya nglebokne Gurawa sakancane menyang Gandhok wetan lan dijaga. Yen wis wong-wong dikandhani supaya padha bali dhisik, sesuk wae bakal diklumpukne karo kabeh warga ing plataran kademangan saperlu nampa katrangan. Ki Demang uga mrentahne supaya nata gandhok kulon kangge leren Rangga lan Marga.
Ana Candhake.
nunggu lanjutan sendhang mustikaning warih V (97) dan seterusnya
BalasHapus