Total Tayangan Halaman

Minggu, 12 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 14

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

14.

Wong sing sirah sak raine ditutup nganggo kain ireng, sing sikile dijiret nganggo upat-upat pecute Marga kuwi wis ora polah maneh. Wangune wong kuwi wis ngrasakne, samangsa polahe dinemenke mangka upat-upat sing mbanda sikile kuwi sansaya kenceng panjirete, lan sansaya lara rasane nganti tekan tembus neng jero balung kentole. Wong kuwi ya wis ora mbudidaya murih anggone mengkurep ngambung lemah bisa owah, jalaran saben-saben arep ngiringne awake, Marga nyendhal pecute sing ndadekne kaya pedhot rasane balunge.  Wusana wong kuwi mung bisa meneng ora obah-obah maneh. Rangga ngetokne tali tamparan saka lulup wit waru, banjur nyedhaki wong sing mengkurep ora bisa obah kuwi. Tangane loro pisan digeret, banjur dibanda nganggo tali tampar mau.

Sauntara iku wong-wong sing nggawa obor sansaya cedhak, lan nalika wong-wong kuwi weruh ana wewayangan sing ngadeg neng tengah dalan. Banjur nyuwara banter nakoni wewayangan kuwi :

"He.... sapa sing ngadeg ngadhang laku iki?" Ki Kaliumprik, ora pangling yen kuwi genah nek suwarane Ki Demang Kedhungtuwung. Dadi wengi kuwi, jebul Ki Demang dhewe sing nindhihi para Jagabaya lan Bebau nguber playune durjana kuwi.

"Kula Ki Demang, Bebau Kaliumprik" wangsulane Ki Kaliumprik seru "atur uninga, durjana sampun saged kapikut lan Ni Liyem saged kawilujengaken".

"Bagus" saka kadohan Ki Demang aweh wangsulan, prasasat mlayu lakune sansaya dirikatake. Nadyan mangkono, ana sawenehing nom-noman sing sajak ora sabar, banjur mlayu ndhisiki barisan sing dipandhegani Ki Demang kuwi, karo tangane wis ngliga pedhang.

"Kunthara, ngati-ati" Ki Demang mbengoki nom-noman sing wis ndhisiki laku kuwi. Nanging sing dibengoki babar pisan ora maelu. Malah sansaya dirikatake anggone mlayu nyedhaki papane Ki Kaliumprik ngadeg.

"Keparat jebul kowe Seger sing mancing neng buthekan kali he?" lagi wae tekan ngenggon nom-noman sing jeneng Kunthara kuwi takon karo nggetak Ki Kedhungori sing lagi mbudidaya murih Liyem sing lagi semaput bisa enggal bali eling "kebangeten tenan kowe Seger, kari ngenteni sesasi maneh wae, kowe wis ora sabar, malah nggege mangsa lan wani mancing ing butheking kali banjir".

"Sabar Kunthara" Ki Kedhungori semaur sareh "dudu sipatku tumindak kaya sing kok ucapne kuwi".

"Kowe arep selak?" Kunthara sansaya banter suwarane "bukti wis ngegla neng ngarep mata, nanging meksa kowe arep selak. Rasakna iki!".

Karo ngucap mangkono iku, Kunthara mencolot nyedhaki Ki Kedhungori karo ngarahne pucuk pedhange marang pernah dhadha. Ki Kedhungori sing ora ngira tekane bebaya kaget, nanging wis kasep, pedhange Kunthara wis ora bisa diendhani maneh. Wasana Ki Kedhungori mung bisa nggeblagne awake memburi sing ora pati akeh bisa nulungi saka panrajange Kunthara. Nanging dumadakan keprungu suwara :

"Trang......." pedhange Kunthara ucul saka tangan, Kunthara pringisan ngempet lara, epek-epeke krasa panas kaya nyeggol mawa sambi. Jebul Rangga sing luwih prayitna, nalika pucuk pedhange Kunthara kurang sakecu saka dhadhane Ki Kedhungori, teken Pring Kuning neng tangane Rangga luwih dhisik nyampluk pedhang kuwi saka iringan, ndadekne pedhang kuwi ucul saka gegemane sing nduwe.

"Sapa kowe he?" Kunthara kaget, karo ngempet larane isih kober mliliki Rangga, bocah nom-noman sing miturut panyawange Kunthara bocah nom lumrah sing durung akeh umure kuwi karo nggetak.

"Jenengku Rangga" wangsulane Rangga karo mripate mentheleng "ndika wis tumindak sembrana, Ki Kedhungori ora kaya sing kok dakwakake, aku karo wong-wong iki seksine".

"Sapa sudi percaya karo omonganmu he?" Kunthara wangsulan karo tangane obah arep mupuh sirahe Rangga.  Rangga dadi ilang sabare, tangane Kunthara disaut disendhal ngeget, Kunthara tiba mengarep,  sirahe ditadhahi nganggo dhengkule Rangga. Ora mung kuwi, tangane Kunthara sepisan maneh dicandhak banjur dipluntir memburi, ndadekne bocah nom sing wis kelaran kuwi mbengok-mbengok sambat .

Ki Demang sing teka bareng karo para Bebau lan Jagabaya Kademangan sarta para nom-noman Kedhungtuwung dadi kaget semu gumun weruh lan krungu bengok-bengoke Kunthara sing sambat kelaran.

"He Bau Kaliumprik, ya gene Kunthara kuwi? lan sapa nom-noman sing wani kurang ajar nglarani Kunthara kuwi?" Ki Demang karo suwara sereng nakoni Ki Kaliumprik.

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" wangsulane Ki Kaliumprik "nembe kemawon wonten kedadosan salah tampa, antawisipun Adji Kunthara kaliyan Adhi Rangga miwah kula sadaya".

"Piye salah tampa? salah tampa bab apa? Sapa sing kok arani Rangga kuwi? lan sing kok karepake kula sadya kuwi sapa wae he?" Ki Demang Kedhungtuwung takon karo panggah suwara sereng.

"Adhi Kunthara ndakwa Ki Kedhungori ingkang nyidra Nini Liyem, kamangka Ki Kedhungori nembe mbudidaya murih Ni Liyem enget saking anggenipun semaput. Dipun wangsuli kanthi sae, Adhi Kunthara malah nyudukaken sabetipun dhateng dhadhanipun Ki Kedhungori, rahayunipun wonten Adhi Rangga, sabetipun Adhi Kunthara dipun thuthuk temah ucul saking gegeman. Upami boten wonten Adhi Rangga, kula kinten Ki Kedhungori sampun dumugining pejah kajojoh sabetipun Adhi Kunthara kala wau. Lajeng Adhi Kunthara duka dhateng Adhi Rangga, Adhi Rangga dipun tempiling, dipun tangkis lan kedadosanipun kados ingkang Ki Demang pirsani sak niki niki".

Ki Demang lagi ngerti dhudhuk-selehing perkara, banjur kandhane marang Kunthara :

"Sembrana kowe Kunthara, ayo enggal asok kaluputan marang  nom-noman sing jeneng Rangga kuwi".

Rangga banjur ngeculne tangane Kunthara. Kunthara, ndhingkluk kaweden, wedi kena dukane Ki Demang Kedhungtuwung. Banjur ngalih, klithih-klithih arep njupuk pedhange sing tiba ana sandhinge.

Ki Demang Kedhungtuwung , maju sajangkah nyedhaki Rangga, karo takon :

"Dadi Keng slira sing jeneng Rangga Ngger? Lha durjanane saiki ana ngendi?" .

"Lers Ki Demang" wangsulane Rangga alus "waunipun kula boten nyana bilih piyambakipun punika durjana, nanging nalika kula takeni kok mondhong lare estri wonten punapa? malah piyambakipun ngedalaken dedamelipun kangge mrawasa kula, rahayunipun kula boten ijen, nanging kaliyan adhi kula Marga, wekasan tiyang wau saged dipun jiret mawi upat-upat pecut dening adhi kula Marga, nika tiyangipun ingkang praupanipun dipun tutup mawi kain cemeng, lha ingkang nyepengi tanganipun punika adhi kula pun Marga".

"Aku banget nedha nrima marang anakmas Rangga lan Marga, sanadyan mbuh kepriye carane nyatane bisa nyekel durjanane lan bisa nylametne adhiku ipe si Liyem" Ki Demang kandha karo manggut-manggut "Lha kok Anakmas Rangga lan Marga bisa ketemu karo Ki Bau Kedhungori karo Ki Bau Kaliumprik iki mau critane kepiye?".

"Nuwun sewu Ki Demang" Marga genti sing aweh wangsulan "estunipun, taksih kathah prakawis-prakawis ingkang badhe kula aturaken dhateng Ki Demang saha ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Ki Demang, mbok bilih wonten sambung-rapetipun kaliyan icaling para prawan ing Kademanagan mriki. Awit saking punika, mbok bilih kaparengaken kula nyuwun rilaning penggalihipun Ki Demang nampi sowan kula ing dalem kademangan murih saged sekeca angen kula badhe matur. Jalaran, bares kemawon kajawi badhe masrahaken Durjana punika, kula inggih badhe nitipaken Durjana ingkang dipun pikut Ki Kedhungori miwah Ki Kaliumprik ing caketipun Guwa Klumpit satepining Bengawan ler mrika".

"Oh, iya-iya, nak mas" Ki Demang gurawlan aweh wangsulan "aku nyuwun pangapuramu sing mung mburu rasa kesusu selak weruh iki. Ayo saiki kabeh wae, bali menyang Kademangan kana".

Ki Demang banjur prentah marang para Jagabaya supaya Durjana sing kapikut bengi kuwi digawa menyang pakunjaran Kademangan, samono uga durjana sing dikandhakne Marga wis kepikut neng cedhake Guwa Klumpit kuwi mau.

 

ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...