Total Tayangan Halaman

Sabtu, 11 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 13

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

13.

Rangga banjur ndudut tekene bongkotan pring kuning saka sing disengkelitne neng bangkekane. Nalika Gurawa arep tangi, tekene Rangga kuwi disabetne menyang watu item sasirah kebo gedhene  sing ana cedhak sirahe Gurawa, sakala watu item kuwi sumpyur dadi glepung. Bubar kuwi sikile Rangga sing kiwa dielih, ditumpangne wetenge Gurawa, mung ditumpangne ora dipidakne nganggo tenaga, dadi iya ora gawe larane sing ditumpangi. Gurawa kaget, ora sida tangi nanging tangane isih kober grayah-grayah peso sing disengkelit neng lempenge. Rangga tanggap apa sing arep ditindakne mungsuhe kuwi, tekene diobahne tangane Gurawa sing arep ndudut peso, dithuthuk alon-alon, Gurawa nggeget untu ngempet lara, ora sida ndudut pesone.

"Gurawa" kandhane Rangga karo mentheleng "tak kira sirahmu kuwi nek karo watu item sing neng cedhakmu mau, isih empuk sirahmu. Apa perlu tak buktekne ?"

Rangga ngangkat tekene arep disamplukne sirahe Gurawa.

"Sampun Raden......" Gurawa mbengok praupane dadi pucet, banjur embunge karo setengah nangis "kula tobat, kula nyuwun gesang".

"Apa aku kudu percaya marang omonganmu?" wangsulane Rangga karo sikil sing tumumpang neng wetenge Gurawa rada dientepne "nek tanganmu kuwi isih durung tak gawe cacad, mesthi nek ana kalodhangan bakal kokenggo nyawatne peso-pesomu sing wis kowenehi upas kuwi kanggo gawe cilakaku lan cilakane wong liyane".

"Boten Raden, mugi sineksenan kaliyan Kaki Dhanyang lan Nyai Dhanyang Kali Kikik mriki, kula saestu tobat lan boten badhe nglimpe andika Raden" wangsulane Gurawa karo suwara sing kedher semu ndredheg.

"Iya, yen ngono entenana sedhela karo glethakan dhisik" kandhane Rangga sing banjur mbengoki wong papat sing lagi karepotan merga ngendhani sabetan upat-uoat pecute Marga "hee.... wong papat andhahane Gurawa, iki Benggolanmu wis teluk, kowe wong papat melu teluk apa arep nekad?"

Marga sing uga weruh kahanane Gurawa sarta krungu pambengoke Rangga marang mungsuh sing diadhepi kuwi mundur sajangkah ngendheg olehe nyolahne pecute, aweh kalodhangan marang wong papat kuwi supaya mangsuli panantinge Rangga.

Wong papat sing wis kentekan tenaga lan gegere wis rojah-rajih mili getih merga kena sabetan upat-upat pecute Marga kuwi anjur padha nyelehne gegamane dhewe-dhewe, ndheprok neng lemah karo mangsuli :

"Kula kapok Raden, kula pasrah bongkokan dhumateng Raden".

"Bagus" wangsulane Rangga ditututi prentah "yen mangkono salah siji nyedhaka mrene karo copoten iketmu!".

Salah siji saka wong papat sing manggone cedhak dhewe karo panggonane Rangga, nyopot ikete banjur marani Rangga sing lagi ngidak Gurawa.

"Tangane Lurahmu kuwi bandanen memburi nganggo iketmu!" prentahe Rangga sawuse andhahane Gurawa kuwi lungguh neng cedhake.

Ora wangsulan wong kuwi banjur naleni tangane Gurawa nganggo ikete.  Sauntara kuwi srengenge esuk wis sansaya dhuwur olehe ngunggahi langit ing sisih wetan, disawang saka papan kono wis sagenter dhuwure.  Rangga banjur kandha marang Seger lan Lambang sing uga wis mara menyang cedhake :

"Wis wayahe awake dhewe nerusake laku Kakang, ayo budhal" .

"Mangga Adhi kula dherekaken" wangsulane Ki Kaliumprik karo arep mlaku marani Tandhu ditutne Ki Kedhungori neng mburine.

"Mengko dhisik Ki Bau" kandhane Rangga menggak wong loro kuwi.

"Inggih Adhi?" Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori mandheg karo noleh Rangga.

"Geni bedhiyang kae tulung ndika pateni luwih dhisik, kareben ora digondhol angin, banjur nuwuhake kobongan ing alas kene" wangsulane Rangga aweh prentah.

"Inggih Adhi" sing mangsuli Ki Kedhungori.

"Banjur nek uwis, kareben sedulur-sedulur andhahane Ki Gurawa iki ora ngantuk lan keturon neng dalan, wenehana gaweyan supaya nggenteni ndika wong loro mikul Tandhu kae nganti tekan Kedhungtuwung".

"Inggih Adhi" Ki Kedhungori wangsulan, banjur ngandhani wong papat andhahane Gurawa "nDika wis krungu dhewe ta Kisanak?".

"Nuwun sewu Raden?" dumadakan salah siji saka wong papat kuwi kandha karo nyawang Rangga "punapa kula sakanca kaparengaken cucul rasukan miwah reresik awak langkung rumiyin?"

"Iya ndika tak idini nyopot klambi sing wis getih thok kuwi lan reresik menyang kalen kuwi, nanging yen nganti ndika banjur padha mlayu, patohane gulu. Ngerti?".

"Inggih Raden" wong kuwi wangsulan. Rangga banjur takon lan prentah marang Ki Kaliumprik  "Ki Bau, tulung yen barang sing ndika klumpukne wingi ana klambi sing isih kena dienggo, ndika wenehne wong-wong kuwi kareben dienggo salin".

"Inggih Adhi" wangsulane Ki Kaliumprik banjur marani Tandhu, merga barang-barang sing dikarepake Rangga kuwi diselehne neng jero tandhu.

"Lan ndika kabeh" genti Marga sing kandha marang wong papat sing mau ngrubut dheweke "yen ndika rampung reresik, kareben tatu-tatu ing geger ndika sing tenane uga ora sepirowa kuwi ora dadi borok, padha tambanana nganggo bubukan neng bumbung iki".

Muni ngono kuwi Marga karo ngulungake bumbung cilik marang salah siji saka wong papat kuwi.

"Inggih Raden, ngaturaken genging panuwun".

Nalika srengengene wis sansaya dhuwur, wong papat lima Gurawa banjur ngetutne lakune Rangga lan Marga sarta Bebau loro saka Kedhungtuwung nyabrangi Kali Kikik,  nerusne laku. Mung Gurawa sing lakune rada  kewuhan, merga ora bisa lembehan. Tangane loro pisan dibanda nganggo iket, ditaleni neng mburi gegere.

Kaya sing dicritakne Bebau loro wingi kae, mungguh adohe Kademangan Kedhungtuwung sing arep diparani kuwi. Nalika wayah sepi bocah, rombongan cilik kuwi lagi teka ing dhukuh krajane Kademangan. Murih cepet, Bebau loro kuwi ngajak nggebal dalan, ngliwati lurung sidhatan sing sepi nanging luwih cedhak. Dumadakan Rangga lan Marga sing tansah ora ninggal kawaspadan, ndhisiki mlayu mengarep karo nggegem gegamane dhewe-dhewe, Marga nyekel pecute lan Rangga nyekel teken Pring Kuninge.

Nalika playune nom-noman loro kuwi oleh sapambalang ninggalne kanca-kancane, keprungu suwara jumlegur bola-bali. Suwara pecute Marga sing sajake digunakne kanggo ngadhepi mungsuh sing ngadhang lakune. Bebau loro sing uga kajibah ngawat-awati Gurawa sakancane, banjur ngatag sing diawat-awati supaya nyepetne lakune.

Sepira kagete Ki Kaliumprik luwih-luwih Ki Kedhungori, bareng wis kasil nusul lakune Rangga lan Marga sing ndhisiki maju mau,  kanthi dipadhangi oncor cilik sing lagi wae disumet, sawise tekan kono. Wong loro kuwi weruh ana pawongan sing kroncalan neng lemah, nanging ora bisa polah merga sikile sing siji dijiret nganggo upat-upat pecute Marga. Lan ing cedhake, gumlethak lungguh anteng tanpa daya, kanthi tangan dibanda, Liyem, prawan ayu adhine Nyi Demang sing uga pacangane Ki Bebau ing Kedhungori.

"Liyem........" ora sranta Seger mbengok karo marani prawan sing dadi bandan kuwi, banjur nguculi tampar sing kanggo naleni tangane Liyem. Sing disebut jenenge ora wangsulan, isih katon lemes, mung saka mripate katon wis banjir luh bening mili nelesi pipine.

Dumadakan saka arah sing arep dituju Rangga sakancane, ana suwara rame-rame lan obor pirang-pirang sing sansaya caket marani papan kuwi. Ki Kaliumprik tanggap, banjur maju mengarep ngadeg jejeg karo nyekeli keris ligan, arep mapagne sing arep teka. Ki Kalumprik duwe pangira, yen sing rame-rame mara kuwi wong-wong Kedhungtuwung sing lagi nguber durjana.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...