26.
Demang Kedhungtuwung lan para Bebau lan Jagabaya sing ana kono padha nyawang wong-wong kuwi genti-genti. Sing disawang ora sing wani ndengengek, kabeh padha ndhingkluk amarikelu. Gorawa sakancane kuwi wis ngerti, adat sing lumrah paukuman kanggo bangsane begal lan kecu kuwi ya digantung neng lapangan ditonton wong sakdesa. Yen ora ya dikethok gulune banjur sirahe dipanjer neng dalan prapatan ben dadi tontonane wong sing padha liwat. Nanging, Gurawa uga mbatin yen ndelok sikepe nom-noman loro sing jeneng Rangga lan Marga marang dheweke sakancane kabeh, wiwit mau bengi sawuse padha nungkul kae, sajake isih ana pangarep-arep bakal oleh pangapura, saora-orane isih ana pangarep-arep ora nampa paukuman pati, sanajan mengko kudu urip neng pakunjaran dadi wong ukuman sing ora duwe kamardikan babar pisan, mbuh pirang tahun lawase.
"nDika wong lima wis padha ngerti ya gene ndika diadhepake ing pirembugan pangadilan ing pendhapa Kademangan kene iki?" Ki Demang takon maneh.
"Wetahipun dereng mangertos Ki Demang, nanging kula sakanca inggih nggadhahi panginten bilih ing dinten punika kula sakanca badhe nampi pidana saking Ki Demang" Gurawa wangsulan alon-alon, nanging isih cetha yen dirungokne.
"Bagus" Ki Demang nanggapi wangsulane Gurawa "perkara pidana kuwi bisa dirembug mengko utawa liya wektu. Awit sadurunge aku nibakne paukuman marang ndika kabeh, ana barang sing arep tak takokne marang ndika. Aku lan para bebau sing ana kene iki kabeh kepengin ndika aweh wangsulan apa anane, nanging ndika uga kena wae ora blaka utawa meneng ora gelem aweh wangsulan, kuwi kabeh dadi wewenang ndika. Sing kudu ndika ngerteni, gedhene pidana sing bakal tak tibakne marang ndika kabeh mengko gumantung olehe ndika bakal aweh wangsulan marang pitakonku. Yen ana bejane mbok menawa bisa wae ndika ora bakal nampa pidana babar pisan, nanging yen ana apese ndika bisa wae kudu kapidana kanthi ditugel gulun ndika banjur sirah ndika bakal dipanjer neng prapatan kareben dadi pepeling tumrap sok sapa wae sing weruh, malah bisa uga ndika bakal nampa pidana picis, dipenthang neng dalan prapatan mbuh nganti pirang dina ndika bakal ngrasakne lara lan perihe tatu sing disiram klawan banyu uyah lan asem, nganti sak matine. Ngerti?".
"Inggih ngertos ki Demang" suwarane Gurawa lan kanca-kancane kuwi keprungu kedher nuduhne rasa wedi lan mirise.
"Sawise aku lan kabeh sing ana kene weruh sapa sing dadi jeneng-jeneng ndika, aku kepengin ngerti ngendi asal usul ndika kabeh?".
"Inggih Ki Demang estunipun kula sakanca punika suwaunipun saking Gunung Kendheng, wiwit alit sampun pisah kaliyan tiyang sepuh awit kula sakanca punika lare anak-anakipun kere ingkang boten nate ngertos sintentiyang sepuh kula ingkang jaler, jalaran biyung kula meteng awit saking anggneipun nglampahi dados tiyang palanyahan. Sareng kula sakanca radi ageng, lajeng pados tedha kanthi nindakaken lampah colong jupuk ing peken-peken. Anuju sawijining dinten kula manggih apes, konangan anggen kula ngutil temah kula dipun gebagi tiyang-tiyang sapeken. Tujunipun wonten tiyang ingkang welas dhateng kula, kula dipun tebus dhateng lurahing peken. Lajeng kula dipun ajak tiyang kala wau wangsul ing griyanipun, ingkang manggen ing satengahing wana. Naminipun tiyang kala wau, inggih punika Ki Raben. Jebul panggaotanipun Ki Raben punika boten tebih kaliyan padamelan kula, inggih punika mendhet gadhahanipun tiyang, bentenipun manawi kula namung ngutil dhateng peken lan ing tontonan, menawi Ki Raben maling dhateng griyanipun tiyang-toyang dhusun ingkang sugih. Kajawi maling, Ki Raben ugi purun nglampahi mbegal ing margi-margi ingkang sepen. Inggih awit gegulanganipun Ki Raben kula lajeng saged maling lan wiwit wantun tumut mbegal. Boten dangu kula ndherek Ki Raben, kanca-kanca kula sekawan niku gentosan sami dugi awit dibekta wangsul Ki Raben saking panggenanipun piyambak-piyambak. Dangu kula kalih kanca-kanca punika dados andhahnaipun Ki Reben, ngantos ing sawijining dinten Ki Raben pejah awit klentu anggenipun mBegal".
"Kleru kepiye?" dumadakan Ki Demang nyela takon.
"Ingkang dipun begal punika Begal ingkang langkung digdaya. naminipun Ki Jathasura. Ki Jathasura ingkang namung ijen, dipun krubut Ki raben kaliyan kula lan kanca kula sekawan niki, boten kether, malah Ki Raben saged dipun tamani pusakanipun ngantos dados lan pejahipun. Kula lan kanca kula sekawan lajeng teluk dening Ki Jathasura dipun paringi pangapura lan dipun ramut dados andhahanipun. Tigang tahun kula sakanca dados murid miwah andhahanipun Ki Jathasura. ing laladan sakiwa tengenipun Lepen Sawur, inggih maling, mbegal tuwun ngampak ing griyanipun tiyang sugih sedaya sampun kula lampahi. Nanging, anuju sawijining dinten Ki Jathasura kesah boten pamit, dhateng pundi purugipun ngantos sewulan langkung boten wonten kabaripun. Kula sakanca niki lajeng madosi sapurug-purug, ngantos dumugi sacaketipun Lepen Kikik. Kange nyekapi kabetahaning gesang, kula sakanca inggih kalih nyambi maling utawi mbegal. pundi ingkang wonten".
"Dadi anggon ndika nggoleke Ki Jathasura kuwi wis pirang sasi?" Ki Demang nyela takon maneh.
"Petanganipun kirang langkung sampun setunggal tahun langkung Ki Demang" Gurawa aweh wangsulan banjur nutugne critane "kala wingi punika kula tiyang gangsal niki manggih apes".
"Apes merga kecekel dening Anakmas Rangga lan Marga ing pinggir kali Kikik kuwi?" Ki Demang nigas wuwus.
"Boten niku Ki Demang" Gurawa cepet olehe wangsulan.
"Lha apes sing kepiye?"
"Kula kepanggih tiyang tiga ingkang mbeta barang-barang ingkang pengaji watawis satus jangkah sakilenipun lepen Kikik. Sareng kula begal, tiyang tiga kula krubut tiyang gangsal, jebul tiyang tiga punika nggadhahi kasekten ingkang kelangkung inggil. Meh kemawon kula sakanca badhe pejah. Nanging tiyang tiga kala wau tuwuh welasipun dhateng kula sakanca, boten siyos dipun pejahi. Malah dipun tawani menawi betah padamelan ingkang kados makaten punika, kula dipun kengken dugi dhateng Paguron Bulakbadher nyuwita dhateng Ki Kahastha. Nanging saderengipun kula dhateng Bulakbadher, dening tiyang tiga kala wau dipun kengken mbegal tiyang sekawan ingkang badhe nyabrang Kali Kikik. Kula ugi dipun paringi kasekten cem-ceman".
"Apa kuwi?" Ki Demang takon.
"Kasekten mawi mantra, ingkang katiyasinipun saged ngrutugaken peso-peso alit dhateng mengsah, nanging kalangkungan punika namung umur setunggal dinten setunggal dalu, sabkdane niku kula inggih boten saged malih" Gurawa mangsuli pitakone Ki Demang.
"Sabanjure?"
"Salajengipun, inggih punika, kula mengsah Ki Rangga lan kanca kula sekawan ngrubut Ki Marga lan kula lajeng karingkus kabekta mriki niki" Gurawa mungkasi nggone crita.
"Dadi satemene ndika arep nuruti pakone wong telu mau? lire arep menyang Bulakbadher?" Ki Demang takon.
"Niku upami kala wingenane kula boten katalikung dening Ki Rangga lan Ki Marga" Gurawaq wangsulan.
"Saupama dina iki ndika ora tak patrapi pidana, apa lekas ndika arep menyang Bulakbadher kuwi sida?"
Gurawa unjal ambegan landhung, banjur wuwuse ngati-ati :
"Kula punika taksih menungsa Ki Demang, senajan wiwit alit ngantos dumugi sak niki dereng nate tumindak sae, nanging estunipun kula inggih sakedhik-sakedhik radi ngertos pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon. Kula ngrumaosi, sampun satrepipun menawi dinten punika kula kedah nampi pidana pejah saking Ki Demang awit tumindak kula sakanca ingkang sampun wantun badhe mbegal bebau ing mriki. Nanging kula nyuwun upami kula dipun pejahi, nyuwun supados boten dipun siksa langkung rumiyin, namung punika panyuwun kula Ki Demang".
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar