27.
Demang Kedhungtuwung bareng krungu wangsulane Gurawa sing wis pasrah lan wis padha nglenggana ing kaluputane kuwi, banjur mikir, yen Gurawa sakancane kuwi olehe aweh wangsulan ora digawe-gawe. Malah nek nitik critane Gurawa yen sadurunge kepethuk karo Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori ing pinggir Kali Kikik, luwih dhisik wis kepethuk wong telu sing ngaku saka Bulakbadher, iki mesthi ana crita sing bakal dadi luwih dawa maneh. Sawuse mikir mengkono iku mau Demang Kedhungtuwung banjur kandha :
"Pitakonku marang ndika isih ana maneh, nanging ndika enteni dhisik aku tak rembugan karo para bebau lan para Jagabaya"
"Inggih Ki Demang".
"Kepiye panemu ndika kabeh gegayutan critane para bandan iki mau ?" Ki Demang genti nakoni para Bebau lan para Jagabaya sing ana pendhapa kuwi.
"Kula kinten ingkang dipun cariyosaken Gurawa sakancane niku wau leres lan boten dipun damek-damel Ki" Ki Kaliumprik ngandhakne panemune "inggih awit sampun purun ngaken kanthi blaka lan sampun nglenggana ing kalepatanipun, kula kinten saged kangge ngentheng-enthengi pidananipun".
"Menawi kula radi benten Ki Demang" Jagabaya Sumpring genti sing ngangkat tangane karo kandha.
"Iya Ki Sumpring kepiye mungguh panemu ndika?" Ki Demang wangsulan aweh wektu marang Jagabaya Sumpring supaya ngandhakne panemune "nitik kaliyan ingkang dipun cariyosaken dening Gurawa kala wau, saged dipun pendhet dudutan bilih tiyang gangsal punika nyata tiyang awon wiwit alit, babar pisan boten gadhah kasaenan, pamanggih kula sampun trep menawi kaparingan pidana pejah lan minangka pangentheng-entheng kados ingkang dipun dhawuhaken Ki Kaliumprik kala wau, saged arupi anggenipun mejahi mawi gegaman ingkang landhep murih boten dangu-dangu anggenipun sekarat".
"Benten malih kaliyan pamanggih kula Ki Demang" Jagabaya Sekayu genti udhu panemu.
"Iya kepiye Ki Sekayu?" Ki Demang genti aweh wektu marang Jagabaya Sekayu.
"Ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Sumpring bilih tiyang gangsal punika estu tiyang awon wiwit alit, punika kula inggih boten nglepataken. Nanging mugi katlusuran kanthi adil, wontenipun dados tiyang awon wiwit alit punika boten wonten ingkang paring tuntunan dhateng reh kasaenan. Ugi awit wiwit alit pasrawungan ingkang dipun ajengi inggih tataning sesrawungan urakan, sansaya malih nalika lare Gurawa kadenangan ngutil lan dipun ajar dening tiyang sapeken, boten wonten tiyang sae ingkang purun asung tetulung lan ngajak Gurawa wangsul dhateng griyanipun dipun tedahaken caraning gesang ingkang leres, malah ingkang kasdu suka pitulungan satunggaling maling ingkang langkung ageng, inggih limrah kemawon menawi Gurawa lajeng dados maling lan salajengipun. Gegayutan kaliyan punika, kula nggadhahi pamanggih bilih Paukuman dhateng tiyang lepat punika dhasaripun murih kawontenan dados sae boten wewaton awit saking sakiting manah. Lan menawi nitik anggenipun Gurawa sampun nglenggana ing kalepatanipun niki wau, kula pitados bilih tiyang gangsal punika taksih saged dipun dandosi murih dados tiyang limrah, pamanggih kula langkung trep menawi Gurawa sakancanipun punika boten dipun patrapi pidana pejah. Nanging kapatrapana pidana ingkang saged kinarya nenuntun piyambakipun murih dados tiyang limrah".
"Panemumu sing mangkono mau bisa dipikirake Ki Sekayu" Demang Kedhungtuwung nanggapi usulane Jagabaya Sekayu, banjur dibacutake takon maneh marang wong-wong sing ana kono "iki wis ana panemu telu sing beda-beda, mbok menawa ana sing duwe panemu liyane?".
"Kepareng matur Ki Demang" Ki Kedhungori genti sing omong.
"Iya, kandhakna sing dadi panemumu Ki Kedhungori" wangsulane Demang Kedhungtuwung.
"Kula meh sami kaliyan pamanggihipun Ki Jagabaya Sekayu, ingkang dados pawadan kula, inggih nitik aturipun Gurawa ingkang nyariyosaken bilih anggnenipun badhe mbegal lampah kula ing pinggiring lepen Kikik punika awit wonten ingkang ngengken, lha ingkang ngengken punika menawi saking pamanggih kula ingkang langkung mbebayani tumrap katentremanipun Kademangan mriki, punika kedah dipun usut saha dipun tuntasaken. Gurawa manut kaliyan ingkang ngengken punika miturut kula inggih awit saking bodhonipun kemawon, pramila kula nggadhahi pamanggih Gurawa sakancanipun sampun ngantos dipun pidana pejah. Malah kepara kula ugi nggadhahi pamanggih bilih tiyang gangsal punika, kedah kareksa kawilujenganipun, awit ing sawanci-wanci saged caos paseksen bilih wonten tiyang ingkang gadhah sedya awon dhateng Kademangan mriki" Ki Kedhungori ngandhakne kang dadi panemune.
"Nuwun sewu Ki Bau" dumadakan Jagabaya Sumpring nanggapi kandhane Ki Kedhungori "ndika sampun nggegga criyosipun Gurawa ngaten kemawon, kula kuwatos bilih Gurawa malah niyat nedya badhe ngaben antawisipun Kademangan Kedhungtuwung kaliyan Paguron Bulakbadher, kamangka Paguron punika boten kados ingkang dipun criyosaken Gurawa lan sadaya ingkang dipun criyosaken punika namung damelanipun Gurawa piyambak. Kula ugi ngertos bilih saderengipun Gurawa criyos makaten kala wau, sampun wonten raos boten sekeca ing manahipun Ki Bau dhateng salah satunggalipun siswa Paguron Bulakbadher, prayoginipun Ki Bau boten jalaran kasurung raos boten remen lajeng ndakwa Paguron Bulakbadher namung wewaton cariyosipun tiyang ingkang cetha awon lan boten kenging dipun pitados".
"Mangke rumiyin Ki Jagabaya" Bebau Kedhungori rumangsa kenyonyok rasane merga pangucape Jagabaya Sumpring "atur pamanggih ingkang kula aturaken dhateng Ki Demang wau, saged lepat nanging ugi saged leres. Lan nuwun sewu, atur kula dhateng Ki Demang punika kalawau, tartamtu badhe dipun penggalih lan dipun saring kanthi adil lan taliti dening Ki Demang, kula kinten kula boten wonten ginanipun paben kaliyan ndika ing prakawis punika, awit kula langkung pitados dhateng kawicaksananipun Ki Demang, katimbang kaliyan, nuwun sewu, pangandikan ndika ingkang waton saged sulaya kaliyan pamanggihipun tiyang sanes, langkung-langkung pamanggih kula".
Krungu wangsulane Bebau Kedhungori ngono kuwi, Jagabaya Sumpring sakala mbrabak abang praupane, mripate mencereng nyawang praupane Ki Kedhungori, lambene arep obah aweh wangsulan, nanging sadurunge suwarane metu, kedhisikan Demang Kedhungtuwung sing kandha karo suwara sing sajak ora seneng atine :
"Neng kene iki, kabeh wenang ngandhakne panemune, yen wis ngandhakne panemune ya wis, ora perlu maido panemune liyane sing ndelalah beda karo panemune, luwih-luwih banjur padha regejegan ngukuhi panemune dhewe-dhewe".
"Inggih, nyuwun pangapunten Ki Demang" Bebau Kedhungori nanggapi alus karo njaluk pangapura.
"Kula inggih nyuwun pangapunten Ki Demang" Jagabaya Sumpring uga banjur njaluk pangapura "kula ngakeni lepat, sanaosa sejatosipun atur kula dhateng Ki Bau wau inggih awit saking tresna kula dhateng katenhtremaning Kedhungtuwung mriki".
"Cukup, ora perlu dibacut-bacutne" Demang Kedhungtuwung "iki mau aku wis ngaturi Anakmas Rangga lan Anakmas Marga supaya uga lenggah ing papan kene, saiki padha ndika rungokne kepriye mungguh panemune Anakmas sakloron sing sanadyan isih timur nanging jebul wis luwih akeh wawasane. Kados pundi Anakmas kekalih menggah pamanggih Anakmas ing babagan punika?".
"Nuwun sewu Ki Demang" Rangga wangsulan karo mesem "kula babar pisan boten ngertos pundi punika Paguron Bulakbadher, saha kula boten sumerep sepinten saening sesambetan antawisipun Kademangan Kedhungtuwung kaliyan Paguron punika. Nanging, kula nggadhahi pamanggih kados ingkang dipun aturaken Kakang Seger dhateng Ki Demang kala wau. Pamanggih kula punika, boten kok awit kula nggadhahi raos serik dhateng sinten kemawon, nanging enjing wau kula kaliyan adhi kula pun Rangga, sampun manggih bukti bilih wonten tiyang ingkang nggadhahi sedya awon dhateng Kademangan Kedhungtuwung mriki. Bukti punika samangke taksih kula simpen, kajawi bukti kula ugi gadhah seksi ingkang ngiyataken bukti kala wau. Pramila saking punika, kula kinten langkung prayogi anggenipun badhe ndhawahaken pidana dhateng Gurawa sakancanipun punika menawi kasumenekaken sawatawis saha kula nyuwun dhateng Ki Demang murih kawilujenganipun Gurawa sakancanipun saged dipun ayomi. Makaten Ki Demang pamanggih kula borong anggenipun badhe nanggapi".
Kahanan dadi sepi tintrim kaya ana wali liwat. Ora ana suwara sing nduwa utawa nampa panemu sing dikandhakne Rangga. Kabeh sing ana kono padha meneng, kabeh sing ana kono padha lungguh marikelu, klebu Ki Demang Kedhungtuwung.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar