Total Tayangan Halaman

Minggu, 19 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 28


28.

Bareng wong-wong lan Klebu Ki Demang, padha meneng kabeh, Rangga banjur mrayogakne supaya Panjagan marang Gurawa sakancane dikuwati, aja mung Prajurit loro nanging perlu ditambahi Bebau lan Jagabaya. Dadi saupama sing dicritakne Gurawa mau ana sing goroh, Gurawa ora bakal bisa tentrem pikire, kosok baline yen sing dicritakne Gurawa bener, Gurawa sakancane bakal bisa kinayoman saka pokale wong-wong sing rumangsa diwadulake marang Ki Demang. Ki Demang lan para Bebau sarta para Jagabaya nayogyani apa sing kandhakne Rangga kuwi.

"Nuwun sewu Ki Demang" dumadakan Jagabaya Sumpring ngangkat tangane njaluk wektu kanggo omong.

"Iya Ki Sumpring, sajake ana sing arep ndika kandhakne? mangga!" Demang Kedhungtuwung aweh wektu marang Ki Sumpring.

"Matur nuwun Ki Demang" tembunge Jagabaya Sumpring alus "kula ndherek bingah kaliyan ingkang dipun dhawuhaken dening Adhi Rangga kala wau, inggih punika bab anggenipun sampun manggih bukti bilih wonten tiyang ingkang nedya nambahi kisruhing Kademangan mriki. Nanging nuwun sewu, kula kinten langkung prayogi menawi Adhi Rangga ngendikakaken kanthi cetha, sinten paraga ingkang dipun kajengaken kala wau sarta bukti punapa ingkang sampun wonten astanipun Adhi Rangga. Atur kula punika boten ateges kula boten pitados kaliyan ingkang dipun dhawuhaken Adhi Rangga kala wau, nanging atur kula punika namung murih ing antawisipun para bebau lan para Jagabaya boten wonten ingkang nggadhahi pandakwa awon ing salebeting manah dhumateng sasamining rowang, awit menawi ngantos setunggal ndakwa setunggalipun badhe boten sae kedadosanipun".

"Kadospundi Anakmas?" Demang Kedhungtuwung pitakon karo nyawang Rangga.

"Inggih Ki Demang" Rangga wangsulan karo mesem "menawi sampun dumugi titi wancinipun, tamtu badhe kula aturaken, sinten paraga utawi tiyang ingkang kula aturaken ing ngajeng".

"Lha dhumawahing titiwanci punika mbenjang punapa Adhi?. Menawi boten enggal kabiwarakaken kula kuwatos, kanca-kanca Jagabaya miwah Bebau ing Kademangan punika badhe sansaya kedlarung anggenipun nggadhahi pandakwa awon dhumateng Paguron Bulakbadher, kamangka pandakwa kala wau namung adhedhasar criyosipun tiyang awon ingkang nami Gurawa kala wau" dumadakan Jagabaya Sumpring nyaut wangsulane Rangga.

"Nuwun sewu Ki Jagabaya" Marga genti sing mangsuli panyaute Jagabaya Sumpring "ingkang dipun aturaken Kakang Rangga kala wau babar pisan boten nyebataken sinten paraga ingkang sampun mbudidaya badhe nambahi kisruhing Kedhungtuwung punika, dados dereng kantenan menawi tiyang kala wau tiyang Bulakbadher, nanging Ki Jagabaya malah ingkang lajeng kesesa rumaos bilih Kakang Rangga ndakwa dhateng tiyang Bulakbadher. Mugi kauningan Ki Jagabaya, bukti saha seksi ing prakawis punika badhe kula aturaken langkung rumiyin dhumateng Ki Demang, boten dhateng sinten-sinten. Prakawis mangke kados pundi anggenipun Ki Demang nanggapi bukti lan seksi ingkang badhe kula aturaken, dede wewenang kula. Dipun tampi kanthi sae inggih mangga, boten dipun tampi inggih mangga. Awit estunipun, prakawisipun Kademangan punika dede prakawis kula kaliyan Kakang Rangga. Kula kaliyan Kakang Rangga punika namung dhapur atur pambiyantu, dene menawi katampi kanthi sae kula boten bathi, boten dipun tampi kula inggih boten rugi".

Sanadyan tembunge Marga kuwi alus, nanging rasane pedhes lan landhep banget. Mesthi wae, tembung kang mangkono iku mau ndadekne Ki Jagabaya Sumpring panas kupinge.

"Adhi Marga saha Adhi Rangga" Jagabaya Sumpring wangsulan karo praupan wiwit mbrabak abang "kula akeni, bilih Kademangan mriki punika pancen nembe kirang tentrem, pramila ngemuti bilih kula punika kajibah dados Jagabaya ing Kademangan mriki, kula namung atur pemut dhateng Adhi kekalih ingkang bares kures, kula boten ngertos asal-usulipun punika, supados boten nambahi damel bingung manahipun titiyang ing Kedhungtuwung punika, ndika kenging kemawon ngendika bilih sampun manggih bukti wonten tiyang ingkang badhe nambahi kisruhing Kademangan, nanging ingkang baken kula kepengin sumerep bukti menawi pangandikan andika kekalih punika boten ngayawara. Dados boten namung udhu abab ngaten punika........"

"Mengko dhisik Kakang Jagabaya Sumpring" durung rampung Jagabaya Sumpring kandha, keselak ditigas rembuge dening Jagabaya Sekayu "tak rungok-rungokne nganggo kupingku, wiwit mau tembung ndika kuwi mung waton sulaya wae. Malah sing keri dhewe iki mau, ndika ora duwe rasa matur nuwun marang Adhi Rangga lan Adhi Marga sing wis keraya-raya melu repot merga melu prihatin awit kahanan ing Kedhungtuwung kene, sajake ndika ora seneng nek Adhi Rangga karo Adhi Marga kersa melu cawe-cawe nentremne Kademangan iki. Nek ndika kepengin Adhi Rangga karo Adhi Marga ora melu cawe-cawe, ora neng kene papane, ayo neng latar kana, tak warahi carane bisa mikir sing bener".

"nDika Nantang aku adhi Sekayu? Apa kok kira aku wedi karo ndika?" Jagabaya Sumpring takon karo ngadeg, praupane sansaya katon abang mangar-mangar.

"Sakarep ndika arep ngarani" Jagabaya Sekayu uga nututi ngadeg.

"Cukup!" Demang Kedhungtuwung ngadeg karo nggetak "tak prentahne marang Jagabaya Sumpring apa dene Jagabaya Sekayu padha bali lungguh maneh!".

Jagabaya loro sing wis arep mlaku metu kuwi, ora sida metu. Nanging balik mapan lungguh, nuruti apa sing diprentahne Demange.

"Padha wis gerang tuwek, ora padha nggunakne nalar" kandhane Demang karo mapan lungguh maneh "apa rumangsane nek wis padha kerengan ngono kuwi bisa madhangake pepeteng neng Kedhungtuwung kene?"

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Jagabaya Sekayu ndhingkluk.

"Saiki ndika kabeh padha rungokna sing dadi kaputusanku minangka Demang ing Kedhungtuwung kene !".

Kabeh sing ana pendhapa kuwi padha ndhingkluk, ora ana sing wani cemuwit.

"Sepisan" Demang Kedhungtuwung mbacutne kandhane "kanggo aweh pangadilan marang Gurawa sakancane tak sumenekake. Dhawuhku marang Sekayu, Wong lima kuwi balekna ing papan palerenane sakawit".

"Nuwun inggih sendika" Jagabaya Sekayu wangsulan karo kurmat.

"Kapindho, tak prentahne marang Ki Bebau Krajan supaya mikuwati panjagane marang wong lima iki"

"Inggih ngestokaken dhawuh Ki Demang" Bebau Krajan wangsulan.

"Sabanjure pirembugan dina iki tak anggep wis rampung" Kandhane Ki Demang sabanjure "dhumateng Anakmas Rangga lan Anakmas Marga, kula turi dhateng Pringgitan, wonten prakawis ingkang badhe kula aturaken dhateng angger kekalih".

Demang Kedhungtuwung banjur ngadeg ninggalne pendhapa, mlaku memburi arep menyang Pringgitan. Rangga lan Marga uga banjur ngadeg, nututi lakune Demang Kedhungtuwung. Jagabaya Sekayu banjur ngajak Gurawa sakancane supaya bali mlebu gandhok wetan. Wong lima kuwi ora semaur, banjur nuruti sing diprentahne Jagabaya Sekayu. Ki Bebau Krajan, uga banjur mlaku nututi Jagabaya Sekayu arep diajak rembugan carane mikuwati panjagane marang Gurawa sakancane. Jagabaya Sumpring ngadeg, ninggalne wong-wong liyane melu nyedhaki Gandhok wetan, papane Gurawa diselehake.

"He Gurawa" kandhane Ki Jagabaya Sumpring bareng wis tekan Gandhok wetan, sadurunge Gurawa lan kanca-kancane dilebokne neng jero "aja kok kira nek kowe kabeh wis lepas saka pidanane Kademangan kene, yen ing pirembugan sabanjure kowe isih wani omong dora maneh, pidana sing bakal kok tampa bakal luwih abot tinimbang digantung neng lapangan Kademangan. Ngerti?".

Gurawa ora wangsulan, mung ndhingkluk sajak wedi. Nanging tembunge Ki Sumpring ngono kuwi mau banjur diwangsuli dening Beau Krajan :

"Ki Jagabaya sampun ngajrih-ajrihi Gurawa sakancanipun, tiyang gangsal punika samangke dados tanggelan kula. Mila ndika sampun ngresahi anggen kula badhe nindakne kuwajiban niki".

Jagabaya Sumpring ora wangsulan, banjur klepat lunga. Ki Jagabaya Sekayu sing krungu wangsulane Bebau Krajan kuwi mesem cengar-cengir, banjur prentah marang Gurawa sakancane supaya cepet-cepet mlebu sajroning gandhok.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...