Total Tayangan Halaman

Minggu, 19 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 29

 


29.

Demang Kedhungtuwung anggone ngrungokne critane Rangga lan Marga wiwit wiwitan nganti pungkasan ora ana sing kliwatan. Kabeh tembung sing dicapne Rangga sing gentenan Marga, mlebu ing kupinge bablas rumesep neng angen-angene. Sanadyan tenane wis suwe Demang Kedhungtuwung ngendhem rasa jubriya lan sujana marang Kunthara apa dene Ki Kahastha, nanging ya meksa ana rasa kaget bareng Rangga lan Marga nyritakne olehe Kunthara regejegan karo Prajurit sing njaga Kartagentho lan Jayaglegek sarta critane Rangga perkara banyu ngandhut racun sing saiki diseleh ana ngarepe Demang Kedhungtuwung kuwi.

"Langkung prayogi malih kula kinten menawi Ki Demang ugi ndangu Prajurit kalih ingkang kula aturaken kalawau" kandhane Rangga sawuse Ki Demang meneng sauntara. Meneng merga krasa kodheng pikire ngrasakne apa sing wis ditindakne Kunthara.

"Inggih Ngger" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjur ngadeg nyedhaki kenthongan bonggol pring ori sing gumantung ing pojoking pringgitan kuwi. Kenthongan dithuthuk ping telu, dibaleni kaping pindho. Ora suwe neng pringgitan kuwi banjur teka wong sing dhek mau ngandhani Rangga lan Marga neng Gandhok Kulon supaya nusul menyang Pendhapa.

"Sapa sing isih ana kene Krama?" Demang Kedhungtuwung nakoni sing lagi wae mlebu Pringgitan.

"Taksih kathah Ki Demang, Ki Kedhungori, Ki Kaliumprik, Jagabaya Sekayu lan taksih wonten malih, ketingalipun nembe Jagabaya Sumpring ingkang sampun wangsul" wangsulane wong lanang setengah tuwa kuwi.

"Ana prajurit Kademangan sing katon teka apa ora?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Dhateng plataran tuwin pekarangan ketingal kathah prajurit ingkang siaga klawan gegaman Ki, ingkang kajibah njagi durjana ingkang sampun dados bebandan ing Gandhokwetan lan ing gothakan caket longkangan ketingalipun ugi radi kathah" Krama wangsulan .

"Saiki Jagabaya Sekayu karo Bebau Krajan aturna mrene, karo aturana supaya ngajak prajurit loro sing wiwit mau esuk njaga durjana sing ana gothakan cedhak longkangan".

"Inggih Ki" Krama banjur metu, arep nindakne pakone bendarane.

Ora suwe sabanjure, Bebau Krajan karo Jagabaya Sekayu mlebu Pringgitan ditutne Prajurit loro sing mau regejegan karo Kunthara. Wong-wong kuwi banjur mapan lungguh neng klasa madhep marang Demang Kedhungtuwung karo Rangga lan Marga.

"Jebul kowe ta Rikat sing mau esuk njaga tawanan sing ana cedhak Longkangan?" Demang Kedhungtuwung nakoni salah siji saka prajurit sing lagi wae mlebu kuwi.

"Inggih Ki Demang, kula kaliyan Adhi Sangir, nanging samangke dipun kancani malih kaliyan kanca prajurit sanesipun wonten sedasa" wangsulane Prajurit sing jeneng Rikat kuwi .

"Coba kowe bocah loro rada nyedhaka mrene, aku arep takon" Demang Kedhungtuwung prentah supaya prajurit loro kuwi nyedhakne lungguhe.

"Nuwun Inggih sendika" wangsulane Rikat karo Sangir, sing banjur rada maju anggone lungguh.

"Anakmas Rangga lan Anakmas Marga wis crita perkara anggonmu wis regejegan karo Kunthara mau esuk" Demang Kedhungtuwung miwiti kandha "sing arep tak takokne marang kowe bocah loro, perkara iki kowe wis crita karo sapa wae?"

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Rikat wangsulan sajak ngati-ati "netepi dhawuhipun Adhi Rangga dhateng kula kala wau enjing, boten wonten lan boten badhe wonten ingkang kula criyosi kajawi namung Ki Demang, nanging gandheng jebul Adhi Rangga lan Adhi Marga sampun matur dhateng Ki Demang langkung rumiyin, kula kinten inggih boten perlu kula matur dhateng Ki Demang malih".

Bebau Krajan lan Jagabaya Sekayu padha lirik-lirikan, ketok nek padha olehe ora ngerti karo sing dirembug Demang Kedhungtuwung karo Rikat lan Sangir.

"Ora ngono" Demang Kedhungtuwung mangsuli kandhane Rikat "murih perkara iki luwih cetha, saiki kabeh sing wis kok ngerteni critakna neng kene, kareben bebaune Krajan karo Jagabaya Sekayu uga padha ngerti".

"Inggih Ki Demang" Rikat wangsulan karo nata lungguhe "estunipun nalika Ki Kunthara dugi, nembe kemawon kula nggentosi jaga".

Rikat banjur nyritakne olehe wis engkel-engkelan karo Kunthara sing kepengin aweh jamu marang tawanan loro sing ngglethak merga tatu-tatune sing nemen, neng jero gothakan. Amarga Rikat karo Sangir ngukuhi prentah sing ditampa dening Bebau Kedhungori lan Kaliumprik lumantar prajurit jaga sing digenteni, wusana banjur dadi padu lan rada regejegan anatarane Rikat lan Sangir karo Kunthara. Sabanjure Rikat uga nyritakne perkara jamu sing digawa Kunthara sing keri neng dhingklik sing banjur ditemu Rangga lan dicoba marang tikus sing ana jero krangkeng.

"Namung punika ingkang saged kula aturaken Ki Demang" Rikat mungkasi critane.

Jagabaya Sekayu karo Bebau Krajan sing melu ngrungokne  critane Rikat banjur manthuk-manthuk lagi ngerti dhudhuk selehe perkara ya gene dheweke ditimbali menyang pringgitan bareng karo Rikat lan Sangir.

"Sawuse Angger Rangga lan Angger Marga lunga, apa ora ana wong sing teka lan takon-takon marang kowe bocah loro?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Inggih meh kemawon kesupen Ki Demang" Sangir genti sing wangsulan "nembe kemawon, sarampungipun Ki Demang ngawontenaken pirembagan ing pendhapa , saderengipun wangsul Ki Jagabaya Sumpring kober mampir ing papan kula jagi. Piyambakipun taken, punapa bumbung gadhahanipun Ki Kunthara kantun ing mriku?".

"Banjur wangsulanmu?" Demang Kedhungtuwung nigas gunem karo takon.

"Nyuwun pangapunten, kula sampun wicara dora dhateng Ki Jagabaya" wangsulane Sangir.

"Dora sing kepiye?" Demang Kedhungtuwung nguber pitakonan.

"Kula matur bilih kula boten mangertos. Waunipun Ki Jagabaya sajak boten pitados kaliyan wangsulan kula, malah lajeng duka-duka meh kemawon kula badhe dipun pisakit, nanging boten siyos sasampunipun  Kang Rikat tumut guneman, menawi Ki Jagabaya boten pitados lajeng kaaturan nggledhah sandhangan kula lan sandhanganipun Kang Rikat. Menawi Ki Jagabaya ngersakaken badhe nggledhah dhateng salebeting gothakan, dening Kang Rikat kula dikengken supados matur dhateng Ki Jagabaya Sekayu murih nekseni anggenipun Ki Jagabaya Sumpring mlebet dhateng gothakanipun tawanan kalih punika" Sangir nggenahne anggone wis dora marang Jagabaya Sumpring.

"Banjur kowe wong loro digledhah?" Demang Kedhungtuwung takon karo mesem.

"Boten Ki Demang" wangsulane Sangir "Ki Jagabaya lajeng ngalih, mawi nilar pangincim : Awas yen nganti kowe ngapusi! namung criyos makaten lajeng kesah".

Demang Kedhungtuwung ngguyu lirih, banjur kandha marang Jagabaya Sekayu karo Bebau Krajan :

"Baune Krajan karo Jagabaya Sekayu, ndika wong loro wis krungu dhewe karo apa sing dicritakne Rikat apa dene Sangir iki mau, dadi ora perlu aku mbaleni crita kuwi marang ndika wong loro".

"Inggih Ki Demang" Jagabaya Sekayu wangsulan "samangke sansaya cetha sinten-sinten ingkang damel dolanan murih Kedhungtuwung dados wewah kisruhipun".

"Pancen mangkono, uga sansaya cetha yen Kademangan kene iki temen-temen wis kisruh lan cetha ora gampang dipadhangake kajaba awake dhewe mbudidaya sing temen-temen lelandhesan rila legawa ngurbanake kabutuhan pribadi kanggo kabecikane Kademangan Kedhungtuwung kene" Demang Kedhungtuwung nanggapi kandhane Jagabaya Sekayu.

"Lajeng punapa ingkang kedah kula tindakaken Ki Demang?" Bebau Krajan genti matur.

"nDika wong loro tak jaluk padha sing ngati-ati, golek sisik melik. Para pangembating Kademangan iki golekana lan pisahna sapa sing luwih tresna marang Kademangan Kedhungtuwung lan sapa sing mung nguber kasenengane dhewe temah ora kabotan gawe kapitunane kawula lan Kademangan Kedhungtuwung" Demang Kedhungtuwung wangsulan ngiras aweh prentah marang wong loro sing dadi andhahane kuwi "nanging ya kuwi, aja nganti tinggal kaprayitnan lan kawaspadan. Den udi murih bisa kena iwake nanging ora nganti buthek banyune".

Bebau Krajan lan Jagabaya manthuk-manthuk ngiyani.

 

ana candhake


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...