30.
Ing Gandhok kulon, Rangga lan Marga lagi wae rampung nindakne kuwajiban awan, yaiku manembah marang Gusti nut lan kapitayane. Wektu kuwi wis sauntara srengenge ngglewang mangulon, panase durung krasa suda mlah kena diarani nedheng-nedhenge panas, apa maneh ora ana angin sing tumiyup, ndadekne akeh wong sing padha lukar sandhangan, mung saperlu supaya bisa nyuda wetune kringet sing mili saka awake. Dumadakan Rangga ngadeg, karo muni marang sedulure angkat :
"Becike awan iki awake dhewe metu saka kene dhisik Dhi" .
"Menyang ngendi Kakang?" Marga takon .
"Aku kepengin weruh kahanan Kademangan Kedhungtuwung iki ing wanci awan" wangsulane Rangga "awake dhewe nyoba nyawang Kademangan iki saka njabaning padesan, mumpung wektune isih awan lan nedheng-nedhenge nyuntak panase, tak kira neng pasawahan lan pategalan sing ngubengi padesan ing Kademangan iki ora ana wong sing nyambut gawe, dadi lakune awake dhewe mengko ora ndadekne paran pitakonane wong-wong sing padha weruh".
Nom-noman loro kuwi banjur mlaku metu ninggalne Gandhok papan palerenane. Nalika lakune tekan regol ngarep, neng kono akeh prajurit kademangan sing padha leren, nanging panggah ora ninggal ing reh kaprayitnane. Nalika Rangga lan Marga arep metu saka plataran Kademangan, Bebau Krajan sing uga kumpul karo para prajurit gita-gita nututi .
"Badhe tindak pundi Adhi?" pitakone Bebau kuwi karo aweh kurmat.
"Nyuwun pangapunten Ki Bau" wangsulane Rangga "namung badhe medal sakedhap, ningali pategilan lan Pasabinan ing sakupengipun padhusunan Krajan mriki kemawon kok".
"Inggih mangga menawi makaten, kula wastani wonten punapa-punapa?" Bebau Krajan mesem.
Nom-noman loro kuwi milih mlaku mengulon, ngliwati dalan sing tau diambah pas arep nemoni Panembahan Timur lan Janggan Kumala ing tegalan Bera kae. Bener kaya apa kandhane Rangga, neng pategalan lan Pasawahan kuwi ora katon ana wong padesan sing nyambut gawe. Dadi lakune nom-noman loro kuwi ora krasa risi awit panyawange wong sing meruhi. Nalika lakune nom-noman loro kuwi tekan kali Tuwung, kekarone padha mandheg. Kayu-kayu gedhe sing mageri kiwa tengene kali, nuwuhake hawa seger sing kepenak dirasakne neng awak.
"Adhi kelingan karo sing dikandhakne prajurit jaga regol pas awake dhewe bali saka tetemonan karo wong sing ngaku saka Paguron Kluwihan kae?" dumadakan Rangga sing lungguh neng padhas pinggir kali karo sikile dikum neng banyu kuwi takon.
"Iya Kakang, wonge gumun dene awake dhewe wani adus lan reresik awak neng kali kene iki" Marga wangsulan karo nyawang wader pari sing nglangi slira-sliri neng ngarepe sajak ora wedi.
"Dadi miturut wong-wong sakiwa tengene kali iki, kali sing jeneng Kali Tuwung iki klebu Kali sing gawat, sing ndadekne wong-wong ora wani sakepenake adus utawa saba neng kali kene. Kira-kira apa sing ndadekne kali iki diondhangake yen kali sing gawat?" Rangga takon setengah mbedheki marang Marga.
"Sing sepisan kira-kira neng Kali iki isih ana kewan bangsane Baya utawa Ula Gedhe sing mbebayani tumrap wong sing saba neng kali iki. Kaping pindho nek ora mangkono, ana wong sing seneng nganggit crita yen Kali iki ditunggu dening bangsane Wewe Gombel, gendruwo lan sapiturute. Ya awit percaya anane Gendruwo, Wewe lan sapiturute kuwi, wong - wong akeh sing ora wani saba mrene, kamangka bisa wae papan sing adhem lan asri iki dudu wewe gombel sing kerep nunggoni, nanging malah dadi papan palerenane wong-wong sing ora kepengin diweruhi wong liya yen dheweke leren utawa mapan ana kene" Marga wangsulan mbadhe cangkrimane sedulure angkat.
"Bener Dhi" wangsulane Rangga "ya merga saka kuwi, kepiye panemumu saupama awake dhewe dolan dhisik, nurut ngunggahi kali iki? mBok menawa awake dhewe bakal oleh kawruh sing nengsemake, merga nek nitik critane wong-wong sing duwe tegal utawa sawah neng kiwa tengene Tegal Bera , luwih teteg yen anggone nyabrang kali iki milih neng sabrangan ngisor sing kapernah rada lor kulone desa. Kanthi mangkono sing gawat lan angker kuwi mapan neng dhuwur ora neng ngisor. Kepiye upama awake dhewe nyoba dolan njurut kali iki mendhuwur?".
"Tak kira kuwi ya nyenengake Kakang" panyaute Marga "nanging sadurunge suruping surya awake dhewe kudu wis tekan dalem kademangan maneh, ben ora gawe bingunge Ki Demang".
Nom-noman loro kuwi banjur wiwit, ngunggahi iline kali. Kekarone padha pencolotan ngliwati watu-watu gedhe sing akeh tinemu ing sela-selane banyu sing mili. Lagi kira-kira anggone padha pencolotan nurut iline kali mangan wektu sapanginang, dumadakan nom-noman loro kuwi dikagetake karo sesawangan sing aneh sing tinemu ana ngarepe. Watu-watu sing ana ngarepe nom-noman loro kuwi, sing maune arep diliwati dumadakan kaya ketiban barang atos, padha sumpyur dadi cilik-cilik, ambyar neng kiwa tengene. Rangga lan Marga kaget, awit nalika nom-noman loro kuwi ngetrepne Aji Sasrapanggraitane, ora kasumurupan anane bebaya sing ngancam keselametane.
"Heh...heh...heh......" dumadakan saka dhuwur gampenging kali keprungu suwara gumuyu, guyune wong sing wis tuwa. Gageyan Rangga lan Marga tumoleh marang pernahe suwara guyu.
"Ora perlu diterusne nggonmu arep ngunggahi iline kali Tuwung iki bocah bagus" jebul sing gumuyu kuwi wong lanang sing wis tuwa, rambute digelung munggah, ora kasasapan iket lan liyane, rupane wis putih kabeh sak ler wae ora ana irenge, lan nalika ngomong ngono kuwi, katon yen wong tuwa kuwi wis ora duwe untu. Ompong.
"Nuwun sewu Kaki" Rangga aweh kurmat karo nindakne sembah kalbu "kula kalih adhi kula nyuwun pangapunten menawi anggen kula kekalih dolanan ing lepen punika dipun anggep lepat".
"He he he, ora ana sing wenang ngluputne wong sing dolan neng kali kene iki Gus, amerga kali iki pancen ora ana menungsa sing wenang ndhaku nek kuwi duweke. Kali iki kagungane Gusti lan dicepakne kanggo menungsa lan titahe kabeh" wangsulane wong tuw kuwi panggah karo ngguyu ngekek.
"Menawi dede kagunganipun Kaki, kenging punapa kaki menging kula kekalih nginggahi lepen punika?" Genti Marga sing takon kanthi kurmat.
"Aku ora menging, merga pancen aku ya ora duwe wewenang kanggo menging . Aku mung kandha, nek olehmu arep ngunggahi kali iki luwih becik nek ora sah ditutugne, merga miturut aku ora ana gunane. Sanajan kok unggahi nganti tekan sumbere pisan, ing kali iki ora ana wangsulan sing bisa mangsuli pitakon sing ngreridhu atimu" wong tuwa kuwi wangsulan karo ngobahne sikile sajak arep ninggalne papane "nanging nek ora nggugu karo sing tak kandhakne ya ora apa-apa, lan babar pisan ora ana sing bisa ngluputake marang wong sing ora nggugu kandhaku mau".
"Nuwun sewu, Kaki" Rangga takon karo suwara sing alus "suwara sing dikirimne ora nganggo lambe, nanging nganggo kekuwataning hawa murni saka dhasaring jantunge "sinten sayektosipun ingkang kula adhepi punika? keparenga blaka lan prasaja dhateng kula?".
Dumadakan wong tuwa kuwi ilang sajroning sakedhepan. Sing ditinggal mung suwara guyune sing mung bisa dirungokne nanggo Aji Sasrapanggraitane nom-noman loro kuwi :
"Bares wae, aku durung ngerti sapa sing tak adhepi, nanging yen iki sing aran Raden Rangga lan Marga, siswane Ki Tanparupa, mesthi bisa nampa suwaraku iki. Nek kepengin ngerti sapa aku, temonana aku neng papan iki mengko bengi sawise wayah sepi bocah".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar