31.
Rangga lan Marga meneng, wong loro suwe nggone ngulati pucuking gampeng sing mau dienggo lungguh wong tuwa sing aneh kuwi mau. Dumadakan Rangga ngetog kekuwatane, kaya mabur Rangga mletik mendhuwur, mudhune pas neng cedhake papan sing mau dienggo lungguh wong tuwa sing ilang musna kuwi mau. Marga nututi, kaya Rangga Marga uga mletik mendhuwur banjur ngadeg njenjeri Rangga. Nom-noman loro kuwi sansaya eram, jebul papan sing dilungguhi wong aneh kuwi mau papan sing ledhok lan kethukulan wit-witan lompong, dadi wong aneh mau lungguh lan ngadeg ana godhonging lompong sing isih seger.
"Sapa lan menyang ngendi parane Kaki-kaki mau ya Dhi?" Rangga grenengan takon marang Marga.
"Kuwi bisa diwangsuli sawise wayah sepi bocah mengko bengi Kakang" wangsulane Marga.
"Bener Dhi" Rangga nyauti "digagasa nganti mumet, ora bakal bisa weruh sapa Kaki-kaki aneh kuwi mau, saiki awake dhewe bali wae dhisik. Mengko ngarepne wayah sepi bocah, mrene maneh".
Nom-noman loro kuwi banjur bali mlaku nurut iline banyu kali. Karo mlaku Rangga lan Marga lagi krasa, jebul olehe mlaku munggah mau wis rada adoh, ngliwati pirang-pirang tekukan lan saben tekukan mesthi ana papan sing banyune jero utawa diarani kedhung. Dumadakan Marga mandheg karo nglolos pecut sing disabukne neng lempenge, Rangga melu mandheg lan mripate ngetutne panyawange Marga. Ing Kedhung ngarepe jebul katon ana Baya sing dawane meh telung dhepa, lagi ngambang mripate sing abang katon mencorong ngingeti nom-noman loro kuwi.
"Arep ngapa Adhiku?" dumadakan Rangga takon karo ngguyu banter.
"Mung jaga-jaga Kakang" wangsulane Marga karo mripat tanpa kedhep nyawang Baya sing wiwit katon obah.
"nJagani nek ana wewayangan obah ya?" Rangga takon maneh isih karo ngguyu lirih "aja gampang tumindak tanpa nalar sing bening adhiku. Coba sawangen ana apa saliyane Baya sing lagi luwe kuwi?".
Marga ora semaur, mripate clilang-clileng nguwasi sakiwa tengene baya gedhe kuwi, ing kono katon iwak wader abang sing gedhene saepek-epek akeh padha nglangi ngiteri kedhung sing ana ngarepe kuwi.
"Wader-wader kuwi kabeh nyata Marga" Rangga ngandhani sedulur angkate "lan manawa liyane wader kuwi nyata, mesthi wader-wader kuwi ora bakal wani nglangi kalawan merdika ngono kuwi".
Bareng karo rampunge kandhane Rangga, baya gedhe sing mripate abang kuwi uga ilang ora ana tilase. Banyune kedhung tetep anteng kaya mau-maune. Marga mesem, pecute bali ditalekne bangkekan.
"Apa Kaki-kaki mau isih ana kene Kakang?" Marga takon.
"Aku ora ngerti Dhi" wangsulane Rangga karo ngajak nerusne mlaku ing pinggiring kali kuwi "aku ya ora ngerti sapa sing sengaja nuduhne dolanane marang awake dhewe iki mau. Saelingku, sing seneng gawe rerupan aneh-aneh ngonoi kuwi mau, mung Ki Tunggul sing omahe pinggir segara lor kana. Nanging Ki Tunggul kuwi wis suwe anggone mati, sadurunge aku ditimbali dening Kanjeng Rama supaya mlebu kasatriyan ing Kuthagedhe".
Karo terus mlaku ngetutne Rangga, Marga nggagas, yen dudu wong tuwa aneh mau, ateges ana wong liya sing embuh apa karepe, sing cetha tansah ngulatne apa sing ditindakne karo sedulur angkate kuwi. Marga uga banjur kelingan karo critane wong Kedhungtuwung sing kandha yen Kali Tuwung iki kali sing angker lan gawat. Nanging Marga uga banjur mikir, gawat lan angkere Kali iki genah merga ana sing gawe, supaya wong-wong padha ora wani saba menyang kali iki, supaya wong-wong uga ora ngaweruhi yen ing kiwa tengene Kali kene iki, kerep dienggo leren dening wong-wong sing seneng tumindak ganggu gawe lan melik darbeking wong liya.
"Uwis, ora sah digagas ora ana gunane" kaya bisa maca isi atine Marga, Rangga aweh pitutur "lha nek wis cetha arep gawe cilakane awake dhewe wae lagi ditandangi. Saiki coba, aja kaya wong sing lagi ketiban guna dhesthi ngono kuwi, cakna Sasrapandulu lan Sasrapangrungumu rangkepen karo sasrapanggraitamu, supaya awakmu bisa bali pulih kaya Marga sadurunge ketemu Kaki-kaki tuwa mau".
Marga kaget karo sing dikandhankne Rangga ngono kuwi, ora kesuwen Marga mletik mendhuwur, jungkir walik neng awang-awang banjur bali ngadeg jejeg karo ngepelne tangane. Ana watu item sing gedhene meh sak kebo neng pinggir kali kuwi, diparani banjur ditibani kepelane. Sakala watu kuwi sumpyur dadi sawalang-walang. Banjur mencolot memburi karo jungkir walik, lan mandheg ing ngarepe Rangga.
"Ora nyana lan ora ngira jebul Kaki-kaki tuwa mau wis gawe kuwuring nalarku, Hm........." Marga grenengan dhewe.
"Nalarmu wis meh pulih saka kuwur kuwi mau Adhiku" Rangga nyauti grenengane Marga "nanging durung wutuh, gage buwangen rasa seneng ndakwa marang wong liya mung wewaton ing pangira-ira sing ora cetha, dimen kuwur kuwi enggal sirna saka sarandhuning nalarmu, Marga".
Kaya didhodhog dhadhane, Marga banjur lungguh mapan sila ing lemah. Mripat duremne, napas ditata, epek-epeke ditangkepne , ditemplekne pulung atine. Alon-alon lambene ngetokne suwara saka dhasaring atine : "Gusti mugi anulungana kula paringana sadya lepat lan dosa kula".
Rangga mapan lungguh njejeri Marga, pundhake adhine angkat kuwi diepuk-epuk, karo ditakoni :
"Piye Dhi?" saiki apa sing kok rasakne?".
"Matur nuwun kakang, aku wis pulih" wangsulane Marga karo mesem, Rangga weruh sunaring mripate Marga pancen wis bali kaya padatane.
"Srengengene wis sansaya endhek ing imbang kulon" Rangga banjur kandha maneh "ayo enggal-enggal bali, selak digoleki Ki Demang mengko".
"Ayo Kakang" wangsulane Marga karo ngadeg.
Tekan sabrangan sing wingi diliwati, Rangga lan Marga banjur munggah, nurut lurung cilik sing tumuju Kademangan Kedhungtuwung. Lakune digelak cepet murih ora kedhisikan lakune srengenge sing selak kepengin leren ing waliking mega abang ing cakrawala sisih kulon.
"Saking tindak pundi kemawon niki wau Anakmas?" nalika Rangga lan Marga ngenggoki regol Kademangan, jebul Demang Kedhungtuwung lagi ana kono, sing banjur mbagekne tekane nom-noman loro kuwi.
"Waunipun kepengin ningal-ningali pategilan lan pasabinan Ki Demang" wangsulane Rangga karo mesem "nanging boten siyos".
"Awit boten wonten taneman ingkang saged dipirsani inggih Anakmas?" Demang Kedhungtuwung takon karo ngimbangi melu mesem "pancen ing mangsa ketiga ngaten punika, boten kathah siti ingkang saged dipun tanemi, awit boten wonten toya".
"Oh, boten awit saking punika kok Ki Demang" Marga sing genti wangsulan.
"Lha wit saking punapa?" Demang Kedhungtuwung bali takon.
"Sareng sumerep beningipun Lepen Tuwung lan jebul taksih kathah kedhungipun, langkung-langkung hawanipun ingkang asrep nyegeraken badan, lajeng krasan dolanan lan adus dhateng mriku sinambi ningali ulam-ulam lepen ingkang slira-sliri ketingal asri" wangsulane Marga .
"Anakmas kekalih wau siram ing lepen mriku?" Ki Demang takon sajak kaget.
"Inggih Ki" Rangga sing mangsuli "namung bluron sakedhap, slulup ing dhasaring kedhung ingkang toyanipun asrep sanget, nanging inggih boten dangu,lajeng mentas lan niningali Kutuk lan badher miwah ulam-ulam sanes ingkang slira-sliri nglangi ingkang katingal asri".
Demang Kedhungtuwung kuwi mung manthuk-manthuk, sajake rumangsa sansaya eram marang nom-noman loro sing durung suwe ditepungi kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar