Total Tayangan Halaman

Selasa, 21 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 34

 


34.

Rangga lan Marga sing ampingan watu gedhe ora adoh karo papane wong papat sing duwe niyat ora becik marang Kademangan Kedhungtuwung kuwi nggeget untu. Didelok saka tembung-tembung sing diucapne wong papat kuwi, cetha banget yen wong-wong kuwi sapukawate Kunthara sing kulina digunakne kanggo nindakne kadurjanan lan kadurakan ing Kedhungtuwung lan mbokmenawa uga ing papan liyane. Nanging Rangga lan Marga isih ngenteni tegese sasmita suwara pambaunge asu sing ngalup-alup karo suwarane manuk Tuhu sing ngganter sajak memelas merga ditinggal saba bojone.

"Kunthara aweh weruh yen wong Genengan ora suwe teka kene" dumadakan Gima ngandhakne unine sasmita sing ditampa "wektu iki wonge isih ana Gupit kumpul lan para warga sing lagi rondha, mengko nek wong Genengan wis dadi uber-uberan lan bisa ngilang saka pandulune wong-wong kana, Kunthara genti arep menyang Ngablak memanuki awake dhewe. Nanging ya kuwi, awake dhewe aja nganti niru lakone Gurit wingenane kae".

"Gurit kena apa Kang? gajege wong kuwi duwe kasekten sing punjul ingapapak ta? nganti wegah nyambut gawe bareng karo wong-wong kaya awake dhewe sing dianggep tembre iki?" Jagul takon.

"Wingi Gurit sing diparahi mbradhat Liyem, sedulur ipene Demang Kedhungtuwung, konangan lan kecekel" wangsulane Gima.

"Kecekel? Jare Gurit kuwi duwe aji panglemunan?" Jagul takon maneh.

"Nyatane Gurit kecekel, malah kabare ora bisa apa-apa ditaleni nganggo tampar lulup tangane" wangsulane Gima.

"Banjur Gurit diperes getihe dening wong-wong Kedhungtuwung murih gelem ngaku sapa wae kancane ya Kang?" Penthet genti sing takon.

"Ora" wangsulane Gima "Kunthara dudu wong bodho, sadurunge Gurit ditakoni neka-neka karo wong Kedhungtuwung, dening Kunthara Gurit dilunasi luwih dhisik".

"Dadi upama awake dhewe mengko nganti kecekel, mesthine ya bakal dipateni dhewe dening Kunthara kaya Gurit kuwi ya Kang?" Jagul takon.

"Awake dhewe ora bakal kecekel" wangsulane Gima karo semu nggetak. Kancane wis ora wani takon maneh.

Rangga karo Marga wis krungu kabeh sing dadi rerasanane wong papat kanca-kancane Kunthara kuwi.

"Piye Kakang?" Marga njawil Rangga karo takon.

"Wong papat kuwi kudu disinggahne luwih dhisik" wangsulane Rangga "mengkone bisa dienggo colok dening Ki Demang, kanggo madhangne Kedhungtuwung sing lagi peteng".

"Nanging sedhela maneh wis wayah sepi bocah?" Marga semaur kelingan karo olehe semayan karo Kaki-kaki Tuwa ing kali Tuwung mau awan.

"Mula awake dhewe kudu bisa tumindak kanthi kebat" wangsulane Rangga karo ngadeg banjur mlayu nyedhaki ngisor wit Widara sing dienggo jagongan Gima sakancane. Ora sranta Marga uga banjur nututi, dangan pecute wis kenceng neng gegemane.

"Genengan udan apa banjir?" lagi wae Rangga lan Marga teka ngisor wit Widara, wis dipapag nganggo basa sandi dening Gima. Jagul, Gena mButhil karo Penthet siaga neng papane dhewe-dhewe.

Sapandurat Rangga lan Marga ora wangsulan, merga ora mudheng karo basa sandi sing diucapne Gima.

"He aku takon Genengan udan apa banjir?" Gima takon semu nggetak "apa bedhidhing ora ana angine He?".

Rangga ngguyu, banjur aweh wangsulan :

"Iya, dening Lurahe kowe kabeh dikongkon melu aku".

"Piye ?" Gima kaget ora mudheng karo sing dikandhakne Rangga "lurahe sapa?".

"Goblog!" Marga sing genti nggetak "sing diarani Lurahe ya Kunthara, sing nek ora ana wonge padha kok jangkar kuwi".

"Mengko dhisik" Gima takon suwarane keprungu sareh "Lurahe ngongkon piye?".

"Aja kakehan omong" Rangga wangsulan "Gima, Jagul, Penthet karo mButhil dienteni Lurahe neng kidul sabrangan Kali Tuwung. Saiki, ayo!".

"Aja ngapusi" Gima semaur, batine mbenerne nek sing ngajak omong kuwi mesthi wong Genengan, ketitik wis ngerti marang dheweke "lagi wae Lurahe ngongkon aku supaya ngenteni neng neng ngisor Wit Widara kene".

"Kowe kuwi pancen ora pati bisa mikir kok" Marga semaur suwarane digawe atos "manuk tuhu sing mangsuli pambaunge asu mau aku, wengi iki Wangsa Semi karo anake wedok padha neng nggone Demang Kedhungtuwung, mas-masan lan berleyane digawa kabeh. Omahe dikongkon nunggu rewanhg-rewange".

"Dadi aku sakanca ora sida nyambut gawe wengi iki?" Gima takon, wong papat kuwi wis percaya nek sing ana ngarepe iki cetha nek wong Genengan sing nggawa kabar saka Kunthara.

"Ana gaweyan liyane sing luwih gedhe asile, luwih aji tinimbang mas berleyane Wangsa, luwih mencutake nek dibandhing karo Semi lan Rinem".

"He he he.... " Gima ngguyu seneng, banjur ngatag kancan-kancane "ayo ca, melu sedulur saka Genengan iki menyang Kidul Sabrangan Kalituwung".

Ora suwe Gima sakancane banjur gumrudug ngetutne Rangga lan Marga sing mlaku sajak kesusu. Tekan sabrangan, Rangga lan Marga ngajak Gima sakancane ngetutne lakune ngliwati gisik sangisore gampenge kali. Nalika lakune wong nem kuwi wis ngliwati telung tekukane kali, dumadakan Gima mandheg, kancane telu disasmitani supaya padha mandheg. Rangga lan Marga sing weruh yen Gima sakancane padha mandheg, uga melu mandheg. Saka kadohan keprungu suwarane manuk kedasih sing ngasih-asih, saben rong rambahan olehe muni mandheg, banjur dibaleni muni ngasih-asih maneh.

"Keparat sapa kowe satemene?"Gima nggereng karo nglolos pedhang sing cumanthel neng lempenge.  Gima lagi krasa yen wis kapusan. Suwara kedasih kuwi cetha yen sasmita sing dikirimne dening wong Genengan sing wis teka ngisor wit Widara, papan sing dening Kunthara dheweke sakanca dikongkon ngenteni.

"Aku wong Genengan kongkonane Lurahe" Marga nyoba wangsulan, sanadyan satemene wis ngerti nek Gima krungu suwara sasmita sing niru suwarane Kedasih kuwi.

Krungu wangsulane Marga Gima banjur aweh sasmita marang kanca-kancane supaya ngliga gamane dhewe-dhewe.

"Aku dudu bayi sing gampang kok apusi keparat" Gima nggereng karo siaga "mbuh sapa kowe satemene, wis wani ngapusi Gima ateges wis bosen urip".

Muni ngono kuwi Gima karo mencolot, ngarahne pedhange kanggo nyuduk dhadhane Marga. Penthet, Jagul karo Gena mButhil ora sranta, kabeh melu ngebyuk karo mbabitne pedhang sing ana tangane ngarah awake Rangga. Nanging nom-noman loro kuwi wis luwih dhisik waspada. Marga mletik memburi karo njungkir walik kaping pindho, panyuduke Gima luput malah Gima kegeret tenagane dhewe, meh wae kejongor mengarep merga pedhange sing mung ngenengi angin. Rangga mencolot nisih mangiwa, pedhang telu sing meh wae ngrajang awake bisa diendhani kanthi gampang.

"Sedhela maneh wayahe sepi bocah Dhi" Rangga ngelingne Marga.

"Iya Kakang, nek kepengin dolanan mengko wae nek ngono" wangsulane Marga karo ngguyu.

Gima lan kanca-kancane sing wis nesu merga pangrangsange ora oleh gawe, dadi sansaya nesu krungu tembung-tembung sing diucapne nom-noman loro sing dianggep ngece kuwi. Wong papat kuwi banjur bali pasang kuda-kuda, arep ngrangsang bocah nom loro sing ana ngarepe. Ora kaya dhek mau, Gima karo Jagul ngarahne pucuk pedhange menyang dhadhane Marga, Penthet karo Gena mButhil siaga arep ngrangsang Rangga.

Rangga lan Marga sing rumangsa wis ora duwe wektu rada dawa merga wancine wis meh sepi bocah, ora sabar maneh.  Rangga sing wis nyekeli teken Pring Kuninge kuwi aweh sasmita marang Marga. Mung sajroning wektu sing meh padha karo gebyaring that-thit, dumadakan Gima sakancane krasa pucuk pecute Marga wis nyenggol bangkekane sisih mburi. Wong papat kuwi kabeh tiba lungguh neng lemah, sila. Pedhang sing dicekeli padha ucul saka gegeman. Wong papat ora bisa ngobahne awake, Gima sakancane ora bisa ngetokne suwarane. Mung kari bisa ngobahne mripate sing plirak-plirik ora duwe daya apa-apa.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...