36.
Nalika samanten sasurutipun Kanjeng Sultan Muhammad Yunus Ali Akbar Abdul Fatah, inggih panjenanganipun Kanjeng Pangeran Sabrang Lor ingkang jumeneng Nata ing Bumi Jawi nenggih Kasultanan Demak Bintara nuwun inggih Sampean Dalem Kanjeng Sultan Muhammad Trenggana Ali Akbar Abdul Fatah. Inggih Kanjeng Sultan Trenggana. Nalika samanten wonten lare nem-neman ingkang nami Darim, suwaunipun bayi ingkang dipun panggih dening Ki Ageng Pengging ing margi nalikanipun Ki Ageng Pengging miwah ingkang Raka Ki Kebo Kanigara tindak wangsul sasampunipun mbedhah Majapahit ingkang dipun ratoni Brawijaya Girindrawardana ingkang estunipun taksih kapernah Mantu miwah siswa dalem Sri Brawijaya lan kajumenengaken Adipati ing Keling, nanging wasana mbalela ing ratu nindakaken Kraman temah Sri Brawijaya lolos saking praja nginggahi Redi Mahendra inggih Redi Lawu. Bayi punika dipun panggih dening Ki Kebo Kenanga jalaran nangis kekejer ing satepining lepen alit, tanpa kamangertosan sinten tiyang sepuhipun. Kamangka ing mriku tebih ler te bih kidul, boten wonten padhusunan lan boten wonten titiyang ingkang mapan ing mriku. Ketang welasipun dhateng Jabang Bayi ingkang nandhang kasatan punika dening Ki Gedhe Kebo Kenanga bayi wau kapundhut kaparingan ngombe sarta kaasta kundur dhateng Pengging.
Sampun barang ingkang limrah, warta menawi Ki Ageng pengging manggih bayi ing margi punika nunten sumebar ing meh sadaya padhusunan ingkang mangayom ing Bumi Perdikan Pengging. Mila lajeng kathah ingkang sami martakaken dhateng Dalemipun Ki Ageng Kebo Kenanga. Kathah tiyang ingkang sami nembung badhe mupu jabang bayi ingkang boten kantenan sinten tiyang sepuhipun kala wau. Nanging, Ki Ageng Pengging boten ngeparengaken, malah lajeng ngendika :
"Kabeh wae padha seksenana, Bayi lanang sing tak temu ing pinggir dalan iki tak wenehi tetenger Darim amarga olehku nemu Darim iki prasasat kaya ana ing alam pangimpen. Bocah gandheng tak gawa mrene, ya dadi anake wong Pengging, sepisan maneh anake wong Pengging dudu anake Ki Ageng Pengging. Aku duwe kuwajiban aweh sandhang sarta pangan marang Darim nganti bocah iki diwasa, yen wis diwasa lan bisa mikir kanthi ganep bakal tak uculake, dimen golek lan milih dalan kianggo mikir uripe dhewe".
Nalika umur kalih welas tahun, Darim dipun supitaken dening Ki Ageng Pengging saha kasuwunaken berkah saha pangestu dhateng para sesepuh lan para Ngulama. Boten namung saking Pengging kemawon ingkang kepareng paring berkah dhateng Darim ingkang sampun kaakenan ngrasuk Agami Rasul, kanthi tandha dipun supit dening Kanjeng Sunan Jakfar Shadiq saking Kudus.
Sasampunipungaring tatunipun anggenipun tetak, Darim katimbalan marak dening Ki Ageng Pengging saha kaparingan dhawuh :
"Ngger Darim, saiki sira wis gedhe lan wis diwasa. Lan wiwit dina iki, sing bisa gawe suwarga lan nerakamu dudu sapa-sapa kajaba mung kowe dhewe. Kuwajibanku marang kowe rampung, mula kowe bisa milih, caramu urip liwat dalan sing kok senengi lan sing kok cocogi. Nek kowe kepengin urip dadi wong tani, kowe bisa milih garapan endi sing kok senengi. Yen kowe kepengin ngabdi marang Ratu, tak kira kowe uga wis duwe sangu, ngelmu agal alus sing tak wulangake marang kowe muga-muga bisa kok gawe sarana kanggo ngabdi menyang Demak Bintara, suwita marang Kanjeng Sultan Trenggana".
"Keparenga matur Bapa" wangsulanipun darim dhateng Ki Ageng Pengging "kairing raos sokur kunjuk mring Gusti Allah, saha atur panuwun ingkang boten saged kapetang dhateng Bapa ingkang dados lantaran kula taksih saged gesang ngantos dumugi sakniki, kaparenga kula badhe matur menggah ingkang dados pepenginaning manah kula".
"Dadi sasuwene iki kowe nggembol pepenginan sing durung kasembadan? ngono apa piye? banjur apa sing dadi pepenginanmu Darim?" Ki Ageng Pengging ndangu dhateng Darim.
"Inggih Bapa" darim matur kaliyan ngatos-atos, ajrih menawi ngantos damel boten renanipun Ki Ageng Pengging "estunipun pepenginan kula punika kenging winastan ngayawara, nanging kula nate nampi dhawuh saking Bapa bilih menggahing Gusti Allah boten wonten prakawis ingkang boten saged dipun mangertosi".
"Iya pancen mangkono" Ki Ageng nigas tembungipun Darim "pancen Gusti Allah iku Maha Wikan, Gusti Allah ngawruhi sing ana jagad lan sing ana sajabane jagad, awit kabeh kang ana, kabeh kang kasat mata utawa kang ora kasat mata, wis rinegem sajroning Maha Wikaning Gusti. Banjur apa pepenginan sing kok arani ngayawara kuwi mau?".
"Inggih Bapa, kula punika tata gelar wujud manungsa, mesthinipun kula punika inggih gadhah tiyang sepuh, gadhah bapa tuwin gadhah biyung jalaran kalebet mokal menawi wonten tiyang ingkang wontenipun tanpa lantaran wontenipun bapa tuwin biyung, kados ingkang asring kadhawuhaken dening Ki Ageng, bilih Gusti boten badhe anyulayani kodrat. Kamangka kodratipun manungsa punika wontenipun awit saking wontenipun Bapa Biyung. Nanging, kula inggih tansah emut dhawuhipun Bapa bilih kula punika dipun ramut dening Bapa tanpa kinwruhan sinten tiyang sepuh kula. Estu Bapa, kula kepengin sanget mangertosi sinten ingkang nglahiraken kula lan sinten ingkang ngukir jiwa raga kula".
Ki Ageng Pengging kendel sakedhap midhanget aturipun Darim ingkang makaten punika kala wau. Mila estu pepenginanipun Darim punika, kenging winastan ngayawara. Sampun malih sampun kalih welas tahun langkung sageda manggihaken tiyang sepuhipun Darim, jeneh nalika nembe kapanggih kemawon Ki Ageng Pengging ingkang dipun rencangi para Prajurit saking Pengging, boten saged manggihaken tiyang ingkang anakipun dipun seleh ing pinggir margi punika.
"Ngene ya Ngger" wasana Ki Ageng Pengging nunten paring dhawuh "nek sing kok takoni sapa wong tuwamu kuwi aku, mesthi aku ora bakal bisa mangsuli kanthi bener. Aja maneh kok wangsulan kanthi sanyatane, sedheng nganggo pangira-ira wae, aku ora bisa. Aja maneh nggoleki wong tuwamu sing selawase uripku durung nate ketemu, lha wong upama dikongkon nuduhne ing ngendi olehku nemu awakmu nalika samana wae, kira-kira aku wis lali karo panggonane. Nanging, aja cilik atimu. Arepa dikaya apa, kowe kuwi Darim muridku sing najan mbuh sepira akehe wis necep ngilmune Pangeran Handayaningrat, yen kowe duwe pepenginan kamangka pepenginan kuwi durung bisa kok sembadani, aja pisan-pisan kowe nglokro luwih-luwih banjur mutung, wong mutung sing nuwuhake pepenginan wurung, kuwi ora becik kedadeyane".
"Mila leres saha tansah kula pundhi ingkang dados dhawuh pangandikanipun Bapa" Darim nunten wicanten malih "samangke kula nyuwun pitedah kados prayogining lampah murih kula saged manggihaken utawi sakmboten-botenipun sumerep sinten sejatosipun tiyang sepuh kula punika?".
"Tindakna apa sing dadi kandhaku iki : sepisan aja pisan-pisan kowe takon marang sing ora ngerti, awit bisa-bisa wangsulane malah bisa njlomprongake. Kapindho : aja pisan-pisan pedhot ing pangarep-arep saka pitulungane Gusti, awit mung wong bodho sing medhot pangarep-arep marang pitulungane Gusti. Sumurupa : sing abot ora ateges ora bisa diangkat, sing angel ora ateges ora bisa ditindakne. Abot-entheng, gampang-angel kuwi kabeh bakal bisa dudu pepalang tumrap wong sing temen-temen duwe gegayuhan. Waton kowe tetep teteken tekun bakal katekan apa sing kok sedya, awit saka daya pitunganing Dzat Kang Maha Bisa".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar