Total Tayangan Halaman

Rabu, 22 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 37

 


37.

Dangu anggenipun Darim ngangen-angen pitutur ingkang dipun tampi saking Ki Gedhe ing Pengging punika kala wau. Menawi boten kenging taken dhateng tiyang ingkang boten mangertos punika pancen nyata gampil. Nanging kangge mangetosi tiyang sanes punika ngertos punapa botenipun punika ingkang sok angel. Awit nyata kathah tiyang ingkang boten mangertos nanging sampun rumaos ngertos, ugi boten sakedhik tiyang ingkang estunipun ngertos nanging piyambakipun boten rumaos ngertos. Ugi kathah tiyang ingkang boten mangertos nanging dipun tutupi api-api ngertos, murih tiyang sanes nganggep bilih piyambakipun ngertos. Inggih awit wohing pangangen-angen ingkang makaten punika, wasana Darim mantun-mantunaken matur malih dhateng Ki Kebo Kenanga :

"Estunipun sampun cetha punapa ingkang dados dhawuhipun Bapa punika, nanging gandheng kula ngrumaosi cupeting nalar kula, mugi Bapa kepareng paring dhawuh malih ing pundi kinten-kinten kula saged pinanggih tiyang saestu mangertos, murih lampah kula boten dhawah ing sasar susur".

"Wong sing ngrumangsani yen nalare cupet, kuwi tenane wong sing bakale dadi wong pinter, waton anggone ngrumangsani kuwi ora mung lelamisan" Ki Ageng Pengging paring wangsulan "satemene aku dhewe klebu wong sing ora ngerti kuwi mau, mula aku banjur mbudidaya murih ngerti. Mula yen kowe kepengin weruh sapa wong sing ngerti lan bisa kok takoni, coba kowe budhala menyang Kudus, sowan lan ngadhepa Kanjeng Sunan ing Kudus. Sanadyan aku satemene ya ora ngerti apa Kanjeng Sunan Kudus kuwi klebu wong sing ngerti utawa ora, nanging ora ana alane yen kowe nyuwun kalidamar marang Panjenengane, dene apa sing bakal diparingake marang kowe, mengkone bisa kok angen-angen mungguh bener lan lupute apa sing dadi kalidamare Kanjeng Sunan ing Kudus kuwi. Entenana sedhela, tak gawani layang mengko aturna marang Kanjeng Sunan Kudus, murih ora kangelan nggonmu arep marak, amarga tekamu kana sing kapisanan kuwi dhapur tak utus ngaturne nawala".

Wasana ing dinten punika ugi, Darim lajeng pangkat dhateng Kudus. Boten kacariyosaken reroncening kedadosan ingkang dipun panggihi Darim ing margi, kacariyosaken sampun Darim sampun marak ing ngarsanipun Kanjeng Sunan ing Kudus.

"Darim" pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus sasampunipun maos nawala ingkang kaaturaken dening Darim "Nawala peparinge Ki Ageng Kebo Kenanga wis tak waca lan wis tak ngerteni apa sing dadi surasane. Nanging eman banget, dene aku ora bisa paring kalidamar sing cetha marang keng slira. Jalaran aku karo Ki Ageng ing Pengging kuwi tenane ora beda. Lire, nganti titi wanci iki aku uga isih marsudi ing kawruh, sarana njingglengi dhawuh-dhawuhing Gusti sing tinulis cetha ing Kitab-E, kanthi pangajab supaya aku ora mandheg dadi wong sing ora ngerti. Nanging, jebul dadi wong ngerti kuwi mbutuhake kasabaran lan katlatenan sarta katekunan, yen kongsi ilang sabar, tlaten lan tekune mangka gegayuhan supaya bisa dadi wong sing ngerti, kuwi bakal gagar wigar tanpa karya.Nanging, keng slira aja banjur duwe pangira yen aku iki klebu wong sing ora ngerti lamun sayektine ngerti, luwih-luwih duwe panyana yen aku emoh paring kalidamar marang sliramu. Murih padhanging atimu, aku mung bisa aweh rerigen, yen rerigen iki kok anggep becik bisa sira enggo, dene menawa rerigen iki kok anggep rerigen sing tanpa guna, becik nengna lan tak pangestoni sliramu golek rerigen sing luwih becik".

"Dhuh Kanjeng Sunan" Darim matur malih dhateng Kanjeng Sunan ing Kudus "mugi Kanjeng Sunan boten sanggarunggi paring rerigen dhumateng kula, mugi enggal kadhawuhna badhe kula mirengaken kanthi saestu".

"Yen ngono,coba rungokna. Iki dina kaping rolas wiwit jumedhule rembulan kang kapisan, wiwit dina kaping telulas nganti dina kaping limalas, aku arep nyenyuwun marang Gusti supaya kaparingan pituduh murih bisa aweh Kalidamar marang sliramu. Yen keng slira ora kabotan, tak jaluk gelema ngrewangi aku kanthi nyedhak marang Gusti, dene saranane nyedhak nindakna laku pasa ing dina kang tak sebutake mau, banjur nyenyuwuna marang Gusti apa sing sira karepake. Mung welingku, aja pisan-pisan kowe nganggep olehmu nglakoni pasa iku minangka tukon murih Gusti kepareng ngabulake panyuwunmu, sabab satuhune Gusti ora mbutuhake apa-apa saka kawulaNe. Sajroning telung dina sliramu tak keparengake mapan ing dalem Kasunanan kene".

"Terang dhawuhipun Kanjeng Sunan, kanthi suka gambiraning manah, rerigen saking Kanjeng Sunan badhe kula lampahi".

Tigang dinten Darim nindakaken dhawuhipun Kanjeng Sunan ing Kudus, menawi siang cegah tedha sarana nglampahi siyam, saha nyambut damel mbantu bot repoting dalem Kasunanan, menawi sampun rampung nunten njingglengi Kitab Suci, ing wanci dalunipun ngathah-ngathaken nindakaken sembahyang dalu. Sadaya dipun niyati namung badhe nyaket dhumateng Gusti Ingkang Maha Wicaksana. Boten katalompen pepenginan murih saged manggih margi anggenipun ngupadi tiyang sepuhipun ugi kasuwunaken dhumateng Allah. Sasampunipun angsal tigang dinten anggenipun Darim nglampahi rerigenipun Kanjeng Sunan Kudus . Sasampunipun rampung nindakaken sembahyang Maghrib, Darim katimbalan marak dening Kanjeng Sunan. Suwaunipun Darim nginten menawi badhe kajarwanan menggah pitedahipun Allah babagan anggenipun nyuwun kalidamar, nanging jebul Kanjeng Sunan Kudus malah ngendika bab sanes.

"Darim, sesuk bubar sembahyang subuh, aku arep sowan Kanjeng Sultan ing Demak. Kaya padatan bakal didherekne sawatara santri pinilih cacah lima. Yen sliramu longgar tak keparengake ndherek pisan, mengko jaran minangka tunggangan kanggo sliramu supaya disiyagakne dening kanca santri" makaten anggenipun Kanjeng Suna Kudus paring dhawuh.

"Inggih Kanjeng Sunan" atur wangsulanipun Darim "sakalangkung ngaturaken gunging panuwun dene kula kaparengaken ndherekaken tindakipun Kanjeng Sunan".

Dinten enjingipun, ing plataran Dalem Kasunanan sampun santri gangsal sampun sumadiya, kapal kangge tungganipun Darim ugi sampun kasiyagakaken. Dumadakan Kanjeng Sunan Kudus nimbali Darim supados marak ing Pendhapa. Sanajan boten mangertos badhe kadhawuhan punapa, Darim inggih lajeng minggah dhateng Pendhapa.

"Sliramu mau bengi watara sabubare tengah wengi, nampa sasmita apa Darim?" pandangunipun  Kanjeng Sunan sasampunipun Darim marak ing ngarsanipun. Darim kendel sakedhap, ngemut-emut kedadosan ingkang dipun alami kala dalu. Darim lajeng emut bilih kala wau, sasampunipun nindakaken sembahyang dalu, boten kraos Darim ketileman iing pasujudan klawan linggih.

"Inggih Kanjeng Sunan" wangsulanipun Darim sasampunipun anggenipun ngemut-emut cekap "boten sengaja kula nyupena, sumerep kluwung ingkang sakalangkung endah ing langit sisih wetan, kula sakalangkung kasengsem dhumateng kluwung ingkang pancawarna punika. Nanging namung sagebyaran anggen kula ketileman lajeng tangi malih. Punika kenging kawastanan sasmita punapa boten, kula boyen ngertos".

"Sumurupa Darim, kuwi ngono diarani rukyah shahihah, tegese impen ingkang mengku makna, dudu impen sing amarga impen-impenen, dudu impen sing tekane merga kakehan turu. Boboting impen rukyah shahihah kuwi meh timbang karo sapra-patangpuluhe  wahyu sing ditampa para Nabi. Dene apa maknane impen sing kok tampa kuwi, mengko sawise ngadhep Kanjeng Sultan ing Demak, sliramu bakal dak jarwani, muga-muga wae, anggonmu aweh jarwa mengko ora nasarake marang jeneng sira. Wis, sajake jaran-jaran wis padha disiyagakne dening para Santri, mumpung isih esuk ayo dherekna lakukuku menyang Kasultanan Demak Bintara".

"Suwawi kula dherekaken Kanjeng Sunan".

Surya enjing dereng jumudhul, nanging Kanjeng Sunan Kudus sampun bidhal anggenipun badhe tindak dhateng nagari ing Demak.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...