52.
Sumerep Ki Lurah lan tiyang-tiyang Gunungwijil sampun sami mudheng kaliyan ingkang dipun kajengaken Darim rumaos remen manahipun. Awit kanthi makaten tiyang-tiyang Gunungwijil boten badhe gampil malih dipun apusi tiyang-tiyang ingkang wasis micara ingkang dipun bumboni kaliyan kapitadosan ingkang boten mlebet ing nalar. Mila ing jaman samanten boten namung tiyang Gunungwijil kemawon ingkang taksih nggadhahi kapitadosan ingkang aeng-aeng magepokan kaliyan bangsa alus, nanging meh ing pundi-pundi panggenan radin-radin taksih kathah tiyang ingkang nggadhahi cara kapitadosanipun makaten punika.
"Sepisan malih kula aturaken ing mriki" Darim lajeng wicanten malih "kula punika dede punapa-punapanipun Eyang Kepuh, malah kepanggih utawi sumerep kaliyan ingkang asmanipun Eyang Kepuh punika kemawon kula inggih dereng. mBok menawi para kadang sampun wonten ingkang nate kepanggih kaliyan Eyang Kepuh?"
"Dereng nate Raden" Ki Lurah Wiguna ingkang langkung rumiyin wangsulan "sadangunipun kula gesang mila kula inggih dereng nate sumerep".
Wangsulanipun Ki Lurah Wiguna kasambet kaliyan suwanten gumrenggeng malih saking tiyang-tiyang ing pendhapa Kalurahan niku.Gumrenggeng ingkang boten cetha, wonten ingkang lajeng damel dudutan bilih Eyang Kepuh niku namung ngayawara wontenipun, nanging ugi wonten ingkang taksih kukuh mitadosi bilih Eyang Kepuh niku nyata wontenipun sanadyan dereng sumerep wujudipun.
"Makaten para kadang" Darim nglajengaken wicanten "sanadyan kula dereng nate sumerep wujudipun Eyang Kepuh, nanging boten ateges menawi Eyang Kepuh punika namung cariyos ngayawara, ugi boten ateges bilih Eyang Kepuh punika estu-estu wonten. Saged nampi atur kula ingkang makaten?".
"Blaka suta, kula taksih bingung kaliyan ndhawuh punika Ngger" Ki Lurah Wiguna ingkang semaur.
"Cethanipun makaten" Darim wangsulan "punapa ingkang sinebat Eyang Kepuh punika wonten punapa namung cariyos ngayawara, punika boten baken. Ingkang baken kula lan andika sami tartamtu pitados bilih kajawi nitahaken kawula ingkang kasat mata, kados dene Manungsa, Kewan, tetuwuhan lan sadaya ingkang katingal. Gusti ugi nitahaken kawula ingkang boten kasat mripat, kados dene Malaikat, Jim, Setan, peri prayangan lan sanes-sanesipun. Inggih makaten punapa boten?"
"Inggih leres Raden" Ki Lurah Wiguna ngleresaken ingkang dipun ucapaken dening Darim. Tiyang-tiyang sanesipun ugi sami, sedaya ngleresaken wicantenipun Darim. Darim lajeng wicanten malih :
"Kajawi mangertosi bab kawulanipun Gusti ingkang kasat mripat tuwin ingkang boten katingal utawi ingkang sinebut bangsa alus utawi titah ingkang asipat gaib, ugi kedah dipun mangertosi bilih kajawi nitahaken jagad kangge mapanipun para titah punika ugi boten namung salembar. Liripun pinten-pinten lembar. Wonten salembar ingkang dipun cawisaken dados papanipun titah ingkang kasat mripat, ingkang wujudipun dharatan punika dipun cawisaken kangge manungsa lan kewan-kewan dharatan, wonten toya, punika cawisan kangge buron toya. Ingkang dharatan kaperang malih minangka kangge mapanipun manungsa lan rajakaya, ugi wonten dharatan ingkang dipun panggeni dening buron wana. Samanten ugi toya, wonten toya seganten punika kangge mapanipun buron seganten, ugi wonten kali lan telaga, punika kangge papanipun buron toya ingkang namung saged gesang ing toya ingkang tawa. Lan sanes-sanesipun".
Darim kendel sakedhap anggenipun wicanten, ningali tumanggapipun tiyang-tiyang ingkang dipun ajak wicanten. Pranyata sedaya sami manggut-manggut sajak sampun saged nampi kaliyan punapa ingkang dipun ucapaken Darim. Gandheng boten wonten ingkang nanggapi mawi pangucap, Darim lajeng wicanten malih :
"Wonten malih lembaraning jagad ingkang boten kasat mripat, liripun boten saged katingalan dening manungsa lan titah ingkang ingkang mapan ing jagad kasat mripat. Inggih punika kangge cawisan tumrap titah ingkang boten kasat mripat, kados dene wonten jagad kangge mapanipun para Malaikat, wonten jagad cawisan kangge bangsa Jim, setan, peri prayangan lan sapiturutipun. Salajengipun ingkang langkung baken lan kedah kauningan inggih punika sampiraning kuwajiban dhumateng titah, inggih punika titah kedah ngreksa jagadipun piyambak-piyambak murih jagad ingkang dipun panggeni boten gampil risak. Awit menawi jagad ingkang dipun panggeni risak, titah badhe manggih rekaos nglampahi gesangipun. Upaminipun menawi manungsa dhemen ngrisak sumber toya, menawi sumberipun mampet mangka manungsa badhe nandhang kasatan lan sanes-sanesipun. Inggih punapa boten?".
"Leres Raden" Ki Lurah semaur angleresaken wicantenipun Darim, lajeng kasambet kaliyan pitaken "lajeng sambetipun tiyang Gunungwijil kaliyan Eyang Kepuh ingkang cumondhok ing Pancuran Kepuh pinggir benawi punika kados pundi?".
"Punika makaten Ki Lurah" wangsulanipun Darim kaliyan mesem "kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, wontenipun kula lan andika sami dugi sapriki dereng nate kepanggih kaliyan Eyang Kepuh punika awit jagad ingkang dipun panggeni piyambak-piyambak. Dados, Eyang Kepuh punika punika mapanipun boten ing jagadipun awake piyambak punika. Nanging mapan ing jagadipun piyambak, kenging ugi winastanan mapan ing waliking jagad ingkang awakipun piyambak panggeni. Dados pancuran lan sakiwa tengenipun punika kalebet wit kepuh ageng punika estunipun cawisan kangge manungsa ing Gunungwijil mriki cawisan ingkang wajib dipun reksa dening ingkang dipun cawisi. Dados upami wonten tiyang ingkang sengaja damel risak ing Pancuran Kepuh upaminipun, lajeng manggih sakit, punika boten awit kenging walatipun Eyang Kepuh, nanging awit kesiku dening Gusti lumantar sipat-sipating jagad ingkang tinitahaken. Kados dene tiyang ingkang nandhang mlonyoh kulitipun awit penekan dhateng witing ingas, puniku boten awit kenging walatipun sinten-sinten, nanging awit kaprabawan dening sipating jagad ingkang wonten tlutuh miwah kajengipun ingas".
"Inggih Raden" Ki Lurah Wiguna miwah tiyang-tiyang ingkang kempal ing pendhapa kalurahan punika sami manthuk-manthuk ketingal menawi sampun saged nampi punapa ingkang dipun kajengaken dening Darim.
Nalika samanten wancinipun sampun nglangkungi wanci tengah dalu. Sakedhap malih gagat rahina. Nanging tiyang-tiyang ingkang mlempak ing pendhapa Kalurahan Gunungwijil punika boten wonten ingkang katingal ngraosaken raos ngantuk, inggih jalaran sami kasengsem anggenipun sami rerembagan kaliyan Darim.
"Nuwun sewu Raden" dumadakan Kebayan Sepuh ingkang sonten wau tumut udhu pamanggih bab walat saking Eyang Kepuh ngangkat drijinipun nyuwun wekdal badhe wicanhten.
"Inggih wonten dhawuh punapa Ki?" Darim suka tanggapan kanthi kurmat.
"Menawi dede wayahipun Eyang Kepuh, Raden punika sinten? saking pundi menggah pinangkanipun? lajeng sinten ingkang Raden sebat mawi asma Raden Sawung Dhedhali dhateng Ki Ratasu kala wau? . Punapa Raden punika mila utusaning Gusti murih paring pepajar dhateng tiyang-tiyang ing Gunungwijil mriki?" Kebayan sepuh punika wangsulan kaliyan pitaken kathah-katah "Mugi Raden kepareng paring katrangan dhumateng kula miwah para warga Gunungwijil, Raden"
Darim gumujeng remen ugi ngraosaken lucu kaliyan pitakenanipun Kebayan Sepuh punika.
"Inggih Ki, sepisan malih kula matur" Darim lajeng wangsulan "kula mila dede punapa-punapanipun Eyang Kepuh, kula punika estunipun lare kleyang kabur kanginan, wiwit aloit kapupu dening Ki Gedhe ing Pengging minangka siswanipun, lajeng dening Ki Ageng Pengging inggih Ki Kebo Kenanga, kula kadhawuhan ngangsu kawruh dhateng Kanjeng Sunan ing Kudus, salajengipun awit kepareng dalem Gusti Prabu, nenggih Kanjeng Sultan Trenggana nalika kula kaajak sowan dhateng Demak dening Kajeng Sunan Kudus, kula kapiji dados abdi dalem Kraton Demak lan kadhawuhan dening Kanjeng Sultan murih babad wana lan yasa padhusunan ing sangandhaping Redi Lawu iring ler wetan sapinggiring benawi ageng, ingkang samangke sinebat Kademangan Kedhungtuwung. Kula dede utusanipun Gusti Allah Ki, anggen kula dumugi mriki punika awit kaajak dening Ki Lurah sasampunipun Ki Lurah uninga bilih cariyos bab walat saking Eyang Kepuh punika jebul namung ngayawara, dene nami Sawung Dhedhali ingkang kula sebat ing ngajengipun Ki Ratasu kala wau, inggih namung nami rekan, kangge males dhateng Ki Ratasu ingkang sampun ngapusi kanthi ngaken minangka siswanipun Eyang Kepuh. Dados kangge ngadhepi tiyang ingkang remen ngapusi kados Ki Ratasu punika mila perlu gentos ngapusi. Nanging ngapusi murih pikantuk kasaenanipun tiyang kathah, boten ngapusi awit pados kauntunganing dhiri pribadi".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar