Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 53

 


53.

Enjingipun Darim pamitan nglajengaken lampah wangsul dhateng Kedhungtuwung. Boten kacariyosaken reroncening margi, ingkang kocap Darim sampun dumugi ing Kedhungtuwung malih. Darim lajeng ngempalaken para warga, nami Kademangan Kedhungtuwung kabiwarakaken. Tiyang-tiyang sami remen manahipun awit papanipun sampun gadhah nami, langkung mongkog malih papan punika ingkang maringi nami Kanjeng Sultan Trenggana piyambak. Nalika para warga dipun anjak ngrembag bab tata lan lampahing paprentahan, sedaya sampun sarujuk menawi ingkang kalenggahaken dados Demang ing Kademangan Kedhungtuwung ingkang kapisan nenggih pun Darim. Wiwit punika, nami Darim lajeng santun mawi nami sepuh Ki Demang Kedhungtuwung Kapisan utawi Ki Kedhungtuwung ngaten kemawon.

"Para sedulurku kabeh" sasampunipun jumeneng minagka Demang, Ki Kedhungtuwung nunten paring sesorah dhumateng para warganipun "aku saiki wis dadi Demang ing Kedhungtuwung kene, nanging tak jaluk ora ana sing nganggep manawa Kademangan iki duwekku dhewe, awit Kademangan iki duweke wong akeh, klebu aku lan ndika kabeh sing wis babad yasa padhusunan iki. Mula, murih kabeh nduweni rasa andarbeni nanging ora rumangsa mangwasani becike para cikal bakal yaiku sing melu babad dhisik dhewe, kudu gelem lungguh dadi Demang ing kene. Cethane ngene, Demang Kapisan aku, sabanjure yen wis oleh limang tahun aku bakal masrahake kalungguhan iki marang parapatan Cikal Bakal maneh, banjur parepatan cikal bakal kudu milih salah siji saka cikal bakal nggenteni aku dadi Demang kanggo wektu limang tahun. Mangkono sabanjure turun maturun. Kepriye mungguh panemu ndika kabeh karo lekasku kang kaya mangkene iki?"

"Kula namung ndherek punapa ingkang sampun andika dhawuhaken Guru" Sambada salah satunggal saking cikal bakal wicanten, manut kemawon kaliyan Darim.

"Kula inggih ndherek kados ingkang dipun aturaken Kakang Sambada Guru" Lampit ngrojongi aturipun Sambada.

"Nuwun sewu Guru" Anggara wicanten badhe pitaken  "kados pundi kaliyan kalenggahan ingkang sampun wonten, sedaya cikal bakal sampun kaparingan dhawuh supados ngesuhi padhukuhan alit minangka bebau, saupami ing mangke kapiji nglenggahi palenggahan Demang gangsal tahun, kados pundi kaliyan jejibahanipun minangka bebau? punapa saged kalintiraken dhateng tiyang sanes ? punapa kedah dipun rangkep?".

"Kuwi ngene Ki Anggara" wangsulanipun Ki Kedhungtuwung "perkara kang gumanti nglungguhi jejibahan Bebau yen bebaune kapiji dadi Demang, bisa dirembug luwih dhsisik karo Demang sing bakal digenteni. Kepriye murih prayoganing laku".

"Inggih Guru ngestokaken dhawuh".

Gangsal tahun nindakaken kuwajiban minangka Demang, Darim sakalangkung ketungkul mikiraken para warganipun. Salebeyting gangsal tahun papan padhusunan sansaya wiyar, makaten ugi kaliyan siti garapan ugi tambah wiyar. Para warga sami ayem tentrem, nyambut gawe tansah kraos sekeca, boten wonten ingkang namung mikir betahipun piyambak. Lampah tulung tinulung sarta lampah kangge majengaken Kademangan tansah kukuh tumancep ing manahipun para warga. Kademangan gadhah bandha donya piyambak kangge ngragati kademangan, kalebet kangge pepancen para-para ingkang ngayahi wajib nyepeng bot-repoting kademangan ingkang limrah sinebat pamong. Kademangan Kedhungtuwung lajeng kondhang dumugi pundi-pundi, awit kajawi ulah ing tetanen para warga ugi wonten ingkang ulah laku dagang dhateng padhusunan-padhusunan sanes. Ugi kathah para sodagar ingkang mbeta daganganipun dhateng Kademangan Kedhungtuwung mriku.

Sareng sampun jangkep gangsal tahun anggtenipun dados Demang, Darim lajeng ngempalaken para Cikal Bakal kaajak milih calon ingkang badhe gumantos dados Demang. Parepatan lumampah kanthi sae, lan kasembadan asiling rerembagan netepaken Anggara ingkang kedah nggentosi Darim.

"Guru" Anggara matur dhateng Darim sasampunipun nampi kuwajiban gumantos dados Demang ing Kedhungtuwung mriku "sanadyan suwaunipun kula kekeh apamanggih bilih Kakang Sambada ingkang pantes anggentosi Guru dados Demang ing mriki, nanging gandheng kula kawon suwanten, malah kula ingkang  kapokoh nggentosi palenggahanipun Guru, kula inggih boten badhe suwala. Nanging kula nyuwun supados Guru tansah angulati sedaya laku jantra kula salebeting ngayahi jejibahan punika, sawanci-wanci nalisir saking paugeraning Kademangan tuwin Paguron Kedhungtuwung murih sampun ngantos nuwuhaken kapitunaning warga, kaparenga Guru paring penget dehateng kula".

"Iya, iya Ki Anggara, panjalukmu kang kaya mangkono iku bakal tak turuti" wangsulanipun Darim.

"Ugi dhumateng sedaya kadang Cikal Bakal, kula inggih nyuwun supados boten kendhat anggenipun sami angulati laku jantra kula, lan panyuwun kula dhateng para kadang ugi sami kaliyan panyuwun kula dhumateng Guru kala wau" Ki Anggara nglajengaken wicantenipun ingkang punika katujokaken dhateng para Cikal Bakal.

Para cikal bakal ugi lajeng sami saur manuk wangsulan anyagahi.

Estunipun nalika samanten salebeting manahipun Darim kethukulan raos kangen dhateng pepundhenipun nenggih Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging lan ugi kangen sanget dhateng Gurunipun nenggih Kanjeng Sunan ing Kudus. Nanging gandheng sampun anyagahi panyuwunipun Anggara, wasana raos kangen punika dereng saged dipun wujudaken. Ngendhem raos kangen pranyata awrat, setahun kalih tahun Darim taksih kiyat ngampet raos kangenipun. Nanging sareng sampun ngendhem raos kangen punika jangkep tigang tahun, raos kangen punika boten saged dipun ampah malih. Kawewahan kaliyan kanyatan kawontenanipun Kademangan Kedhungtuwung  ingkang langkung ngrembaka. Sadangunipun nyepeng parentah dados Demang, babarpisan Anggara boten pisan-pisan nalisir saking paugeran, malah kepara anggenipun nindakaken kuwajiban sakalangkung sae, ingkang uwohipun ndadosaken pagesanganing warga ing Kedhungtuwung sansaya makmur. Pramila kanthi sesidheman Darim lolos nilaraken Kedhungtuwung tanpa pamitan dhateng Demang Anggara punapa dene dhateng para Cikal Bakal sanesipun. Ing wanci tengah dalu, angleresi dinten Rebo Wage, Darim bidhal dhateng Kudus, ing pangangkah mangke sasampunipun lerem ing Kudus sawatawis wekdal, sokur-sokur saged kawewahan ngelmi dening Kanjeng Sunan Kudus,badhe nglajengaken lampahipun dhateng Pengging. Darim lampah ndharat kemawon, boten nunggang kapal kados padatanipun tiyang kekesahan. Awit Darim ugi niyat badhe angumbara.

"Rahayu salakumu Darim" pambagenipun Kanjeng Sunan Kudus nalika Darim sampun marak ing ngarsanipun.

"Awit pikantuk pangestu tuwin pandonga saking kanjeng Sunan, wilujeng lampah kula, bekti kula katur Kanjeng" wangsulanipun Darim kanthi trapsila.

Sasampunipun kabar kinabaran bab kawilujengan sacekapipun. Darim lajeng nyariyosaken, sasampunipun nindakaken dhawuhipun Sultan Trenggana ingkang sinerat ing serat kekancingan. Ugi anggenipun ngecakaken kawicaksanan andum damel kuwajiban dados Demang dhateng para Cikal Bakal Kedhungtuwung sadaya kacariyosaken dhateng Kanjeng Sunan ing Kudus.  Midhanget cariyosipun Darim ingkang makaten punika kala wau, Kanjeng Sunan Kudus sakalangkung rena panggalihipun, pangandikanipun :

"Aku banget senang krungu critamu Darim, kanthi mangkono katon  cetha menawa keng slira duwe kapribaden karo wong-wong ing salumrahe".

"Benten kados pundi Kanjeng? punapa lekas kula punika lepat?" Darim nyuwun pirsa.

"Wangsulanku : Ora!, ora luput. Sing tak karepake beda iku mangkene, barang sing aran lumrah menungsa kuwi seneng mburu kakuwasan, lire meh kabeh manungsa kuwi padha seneng nyekel panguwasa. Malah ora sethithik ketang  kepengine dadi panguwasa, manungsa padha lali banjur nempuh dalan sing ora bener, malah akeh sing paseduluran dadi pedhot, memitran dadi memungsuhan mung jalaran saka anggone wong mau kepengin nyekel panguwasa. Nanging kanyatane, sing sira tindakne adoh saka kuwi kabeh, keng slira malah mulangake lan paring conto sing becik kanthi cara kaya kang keng slira critakake iki mau. Ya muga-muga wae, para cikal bakal rewangira iku tetep lestariya nggondheli wewarah saka sliramu lan ora ana sing banjur lali, kaya laline  bocah cilik sing ngemut glali, krasa legi banjur wegah nglepeh maneh".

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...