Total Tayangan Halaman

Minggu, 31 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 13

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

13.

Nalika Bagus teka saka subuhan neng Masjid, Karmini wis ngenteni karo nyepakne dagangane sing diwadhahi tenggok, tempe kedhele dibunteli cilik-cilik. Nanging dina iki ditambah Tempe Benguk, dadi dagangane rada akeh. Pancen saben dina, Karmini kuwi nek budhal menyang Pasar ajeg bareng karo budhale Bagus. Karmini mudhun neng Pasar Kedunggalar, Bagus banjur nerusne lakune golek penumpang menyang Pos Angkudes neng Jogorogo. Mengko baline pas Bagus nglakokne angkudese  saka  Pasar Kedunggalar tumuju Pos Angkudes neng Sidowayah, Karmini diampirne sedhela menyang omah. Ngono kuwi saben dina.

 

"Isine amplop angsale maringi mBak Vero wingi nika mpun kula tingali Mas" kandhane Karmini pas angkudese Bagus wis mlaku teka tengah dalan .

 

"Iya, pira ?" Bagus wangsulan sakecandhake.

 

"Kathah lho Mas, setunggal juta, arta seketan kalih dasa lembar, gambare Pak Harto mesem" .

 

"Kok akeh temen? Kuwi rejekimu ya disimpen sing becik utawa ditanjakne ben ora ilang muspra" wangsulane Bagus ngandhani sing wedok.

 

"Damel napa nggih Mas?" Karmini takon.

 

"Ya terserah awakmu" wangsulane Bagus "aku mung meling becike aja dienggo royal nuku-nuku barang sing ora pati ana gunane, aja dientekne dienggo nuruti karep sing ora pati ana manpangate, sokur bage awakmu bisa ndawakne amale sing weweh, mbok tanjakne sing bisa migunani kanggo awake dhewe sokur kanggo wong liya barang. Sepisan maneh kuwi dhuwitmu dadi ya terserah awakmu".

 

"Nggih Mas, nanging kula nggih ngertos kok" Karmini guneman maneh, angkudese Bagus wis meh tekan Pasar Kedunggalar.

"Ngerti piye?" Bagus genti takon.

 

"Sanaosa niku dhakone kula sing gadhah, nanging mpun melih namung sa arta kula, lha wong jiwa raga kula kemawon sedaya kagungane panjenengan lho" wangsulane Karmini.

 

"Kandhamu kuwi thik ngelingake aku jaman manten anyar biyen neh?" Bagus ngguyu "wis tekan nggon, gek ndang mudhun, aku tak bablas nyang Jogorogo dhisik selak dienteni wong akeh".

 

"Nggih Mas" Karmini nyalami tangane sing lanang banjur diambung.  Bagus nimbangi karo ngelus-elus sirahe bojone sing ketutupan jilbab.

 

Sawuse Karmini mudhun Bagus banjur mancal gas mobile, nggendring tumuju Jogorogo. Tekan Prapatan Lor Gedhung Pancasila ana bocah Sekolah telu ngendheg angkudese, bocah telu kuwi pancen wis langganan saben budhal sekolah nyang SMA Jogorogo budhale kerep bareng karo budhale Bagus ngidul. Sawuse bocah sekolah telu kuwi munggah, Bagus arep nerusne laku, nanging saka ngarep ana mobil Taft GT ngedhim banjur nyedhaki Angudese Bagus.  Bagus ora sida nerusne laku, malah banjur mudhun saka mobil marani Taft GT sing mandheg nanging mesine durung mati kuwi.

 

"Awakmu mengko neng omah jam pira Gus?" jebul sing nyetir Taft GT kuwi Tiok sing arep budhal nyambut gawe, Tiok nakoni Bagus saka mburi setir, ora mudhun nyang aspalan kaya sing ditindakne Bagus.

 

"Nek rame ya Bar magrib wis neng omah Mas" wangsulane Bagus lumrah wae.

 

"Iya Dhik" Vero sing lungguh neng jejere Tiok genti sing omong karo mesem sajak semanak banget "aku karo Masmu mengko kepengin dolan nyang dalem".

 

"Iya mBak matur nuwun" Bagus wangsulan karo menyat bali menyang angkudese. Tiok ya banjur nerusne lakune.

 

"Niku wau Pak Pras Kepala Cabang BRI nggih  Pak ?" lagi wae bagus mapan neng mburi setir, salah siji saka penumpange takon.

 

"Iya mBak, apal karo mobile ya?" Bagus wangsulan karo genti takon, tangane ngobahne kontak nyetater angkudese.

 

"Enggih niku rak Bosse Bapak kula" wangsulane bocah sekolah sing dadi penumpang angkudese Bagus kuwi.

 

"Oo, Keng Bapak ngasta neng BRI ya?" Bagus takon maneh.

 

"Nggih dados Satpam Pak".

 

Bagus wis ora wangsulan maneh, karo nyetitekne dalan sing ana ngarepe pikiran sing mau bengi bali ngranuhi maneh. Duwe karep apa Tiok lan Vero kok arep mara menyang omahe kuwi? Nek mung arep butuh omong sakecap rong kecap mesthine cukup dikandhakne nek pas ketemu ana dalan kaya iki mau. Nanging Bagus ya ora bisa ndedawa angen-angene, merga esuk kuwi dalan wiwit rame. Bocah-bocah sekolah sing numpak sepedha pancal saka kidul, sing arep mlebu sekolah menyang SMP Siji Kedunggalar lan MTsN Kedunggalar wiwit akeh sing padha ngebaki dalan. Lumrah jenenge bocah sekolah sing isih durung pati keneng dikandhani. Dadi sing tuwa kudu dawa ususe.

 

Tekan Pos Jogorogo sing ngenteni wis pirang-pirang, Bagus ya cepet-cepetan ngingerne mobile arep mbalik ngalor ngangkut wong-wong sing wis wiwit mau padha ngenteni tekane. Sauntara angkudes liyane iya padha durung teka. Wis dadi pakulinan, penumpange Bagus kebak malah ana sing padha seg-segan neng lawang, ngadeg karo tangane gocekan palang lawang sing sisih dhuwur. Satemene Bagus ya ngerti nek ngono kuwi melanggar aturan lalu lintas, nanging kepriye maneh penumpang butuh enggal tekan ngenggon kabeh sauntara angkudese kajaba Bagus durung padha teka. Akhire ya dadi sesak ora karuwan ngono kuwi, ngono wae isih akeh sing durung bisa katut kekangkut. Mula Bagus ya kudu sabar, olehe nyetir dadi luwih lan sansaya ngati-ati banget, merga yen nganti ana apa-apane tetep wae Sopire sing bakal diluputake.

 

Tekan Pasar Begal penumpange Bagus wiwit suda, merga akeh sing padha mudhun ana kono. Tekan prapatan Sambirejo, ana wong nyegat kepengin melu, dening Bagus ya kudu diendhegi. Angkudes bablas mengalor arep menyang Kedunggalar. Ya nek wis tekan Pasar Kedunggalar ngono kuwi padatan Bagus ngenteni sedhela, banjur Karmini metu saka njero pasar olehe ngiderne tempene wis rampung. Pancen anggone dodolan tempe Karmini kuwi wis ana pelanggan tetape, tempe kedhele murni tanpa campuran apa-apa gaweyane Mak Ijah wis kondhang enake. Akeh-akeh pelanggane Karmini kuwi ya para Bakul neng pasar kono, bakul sing duwe toko gedhe-gedhe neng jero pasar. Dadi ora nganti awan dagangane ajeg nek wis entek. Nek wis ngono Karmini banjur nunut bareng sing lanang sing nggelak angkudese menyang Sidowayah, mengko mudhune ora nganti tekan omah nanging neng protelon cedhak omahe.

 

Nanging dina kuwi, beda karo padatan wiwit saka prapatan Sambirejo mau, atine Bagus krasa ora kepenak. Kamangka wiwit budhal saka omah mau nganti tekan Jogorogo atine krasa ayem lan seneng. Nanging, bareng ngliwati prapatan Sambirejo atine Bagus kok kaya gampang trataban ora karuwan. Mula kanggo njagani nek arep ana apa-apa, Bagus pilih meneng karo panyawange dipunjerne menyang ratan sing arep diliwati, aja nganti ana  kedadeyan apa-apa. Durung adoh anggone Bagus nggelak Angkudese ngliwati prapatan Kaliwowo, atine Bagus dadi trataban tenan. Ing pinggir ratan ketok Dasim, rewange Ibune sing kulina ngresiki pekarangan daleme Bu Asper, awe-awe ngendheg lakune Angkudes sing digelak Bagus.

 

"Arep menyang ngendi Kang Dasim?" saka dhuwur mobil Bagus takon.

 

"Nyuwun pangapunten Den" Dasim wangsulan karo mulat sajak kuwatir "anu keng Ibu.....".

 

"Ibu geneya? Keneng apa?" Bagus takon semu kaget.

 

"Keng Ibu dhawah teng kamar mandhi, kantaka" wangsulane Dasim groyok.

 

"Kapan? Saiki Ibu neng ngendi?"

 

"Nembe kemawon dereng enten gangsal menit, sak niki kula sarekaken ing kamar, dipun upakara kanca estri kalih tiyang-tiyang".

 

"Ya wis, entenana sedhela tak nyeluk Ibune Arka pisan".

 

Ora ngenteni wangsulan, Bagus mancal gas angkudese daya-daya ngeterne penumpange menyang Pasar Kedunggalar sing ora nganti sekilo adohe kuwi.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...