cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
12.
Bagus dhewe ora tau ora bares karo kulawargane, iya karo bojone iya karo Maratuwane. Saben-saben bubar ngendhangi Ibune, Bagus mesthi banjur crita marang Karmini lan Mak Jiyah. Sing padha dicritani padha seneng anggone ngrungokne. Ora ana sing maido luwih-luwih ngluputne apa sing wis ditindakne Bagus marang Ibune. Malah Mak Jiyah sing uga wis rumangsa dadi sansaya tuwa kuwi kandha yen lekase Bagus sing ngono kuwi aran wis trep lan kudu dilestarekne.
"Kula kinten tiyang niku menawi empun sepuh tengpundi-pundi nggih sami, Pakne Arka" kandhane Mak Jiyah pas Bagus crita nek mau lagi wae sowan tilik ibune "rumaos sepi salebeting manah, mula nggih matur nuwun sanget dhateng panjenengan ingkang sampun kersa lenggah dhateng griya mriki. Cobi upami Pakne Arka rumiyin nekad ngajak Karmini medal saking griya mriki? Kula boten saged nggambaraken sepinten rekaosing manah kula. Lha tiyang nDara Putri kemawon ingkang katenggan bandha donya samonten kathahipun, badhe ngersakaken punapa-punapa kantun dhawuh, ngoten mawon taksih sok asring sekel penggalihipun, upami kula tebih kalih lare-lare, mendah sansaya sedhihipun manah kula?".
"Inggih mBah" wangsulane Bagus "mila menawi mireng sambatipun Ibu ingkang makaten nika, isinipun namung mesakaken".
"Lha inggih, Pakne Arka inggih kedah emut. Keng Ibu punika boten saged dipun wilang anggenipun nglabuhi Pakne Arka. Wiwit alit nalika Pake Arka dereng saged dhahar piyambak, dening keng Ibu dipun dulang, Pakne Arka kepengin saged tindak piyambak dipun tetah, dereng menawi Pakne Arka mular lan rewel, menawi Pakne Arka nembe gerah, keng Ibu tansah sabar lan boten nate rumaos eman ngurbanaken punapa kemawon kangge Pakne Arka.....".
"Inggih Mbah"
"Menawi sak niki sasampunipun keng Ibu Sepuh, namung ngersakaken sok dipun sowani kemawon, menawi Pakne Arka kawratan inggih nami kesangeten sanget".
"Inggih Mas" Karmini melu urun rembug "Mas kedah langkung kerep sowan niliki nDara Putri, Gusti Allah niku Maha Murah, boten-boten menawi rejekinipun Mas suda kathah menawi namung nyuda wekdal sedinten sak jam kangge sowan lan niliki nDara Putri, ingkang wonten malah pikantuk berkah ingkang langkung kathah".
"Awakmu kuwi jane apa ora bisa ta nek ngaturi Ibu kuwi ora nganggo sebutan nDara Putri ngono? Ibu kae maratuwamu ya?" kandhane Bagus nyendhu bojone.
"Nyuwun pangapunten Mas" wangsulane Karmini alus "benjang kemawon menawi nDara Putri sampun paring palilah dhateng kula ngaturi panjenenganipun kanthi sebatan Ibu, kula badhe ndherek dhawuh panjenengan, menawi sak niki kula dereng wantun, ajrih menawi kenging walat awit dereng pikantuk dhawuh".
"Iya, aku ya mesakne Ibu" kandhane Bagus maneh "Ibu kuwi tau dhawuh menyang aku nek kepengin pirsa wayah-wayahe sing lahir saka awakmu, nanging Ibu ora wani dhawuh supaya aku ngajak Arka lan Indri supaya sowan marang Eyange, Ibu kuwatir yen nganti konangan Tiok, utawa mBak Tien. Wong loro kuwi mesthi bakal muring, jeneh aku wae yen sowan Ibu kudu ngati-ati, murih wong loro kuwi ora ngerti kok".
"Inggih sampun, lare-lare kemawon kedah dipun kandhani murih boten kendhat menawi rampung sembahyang supados ndongakaken Eyang-eyangipun murih kaparingan rahmat lan berkahipun Gusti Allah" wangsulane Karmini "kalih nuwun sewu lho Mas, mbok Panjenengan niku menawi ngaturi Mas Tiok boten njangkar ngaten punika, menawi dipun tiru Arka punapa Indri rak boten sae ta?".
Krungu tembunge Karmini sing keri dhewe kuwi, Bagus ngguyu. Ngguyu sepa. Pancen wiwit Tiok nyatru dheweke biyen, Bagus wis wegah nyeluk Mas marang kakangane kuwi. Nganti saiki atine isih krasa lara, nalika Tiok ngunekne dheweke ora duwe utek merga wis kedanan karo Karmini, anake Tandhak Tayub sing nyambi dadi Lonthe. Nanging, batine Bagus ya mbenerake apa sing dikandhakne bojone kuwi mau, nek nganti Indri tiru-tiru bapake banjur nyeluk Arka kanthi njangkar ngono wae, kuwi sing luput dudu Indri, merga bocah kuwi mung niru apa sing wis diucapne Bapak-e.
Nyuuuuut...... Bagus bali kelingan kedadeyan sing lagi wae dirungokne saka bojone. Mau awan Tiok teka neng omahe, nggawa oleh-oleh kanggo dheweke, kanggo anake, nukokne barang-barang wong saomah kabeh rata, isih ninggali dhuwit Karmini, Mak Jiyah lan nyangoni anake, Arka karo Indri. Apa karepe?. Apa Tiok wis ilang rasa gething lan sengite karo Mak Jiyah sing kerep diarani lonthe? Apa Tiok wis ngerti yen sasuwene iki dheweke wis bali rukun karo Ibune?. Apa..... apa...... apa..... mbuh Bagus ora bisa nerusne angen-angene. Kegawa saka kesele awak, Bagus keturon dhewe.
Watara ngarepake parak esuk, Bagus nglilir. Saka kamar pasalatan lamat-lamat keprungu suwarane Karmini maca Al-Qur'an. Mbuh surat apa sing diwaca Bagus ora ngerti, wong Bagus ya durung bisa ngaji. Tau bukak-bukak rekake sinau nganggo Buku Iqra, nanging durung tutug wis kaselak nindakne gaweyan liyane, Bagus lagi bisa ngerti aksara arab tekan Iqra' loro thok. Nadyan mangkonowa, krungu suwarane sing wedok lagi ketungkul ngaji, atine Bagus ketuwuhan rasa geter, rasa kangen, rasa kepengin nyedhak marang paring urip marang dheweke. Suwara ngajine Karmini krasa beda karo suwara ngaji sing kerep dirungokne dening Bagus. Sanajan yen krungu suwarane wong ngaji, mbuh kuwi saka kaset utawa saka suwara langsung, ya ana rasa sing beda neng jero atine, nanging suwarane Karmini iki bener-bener beda adoh, saka rumangsane Bagus luwih nges lan luwih piye ngono. Alon-alon Bagus mlaku menyang sumur arep wudlu.
"Badhe sembahyang ta Mas? Gajege wau empun ngisakan ta?" Karmini nutup Kitab sing diwaca banjur nakoni sing lanang sing mlebu kamar pasalatan.
"Arep sembahyang wengi" wangsulane Bagus "embuh dumadakan wengi iki aku kangen karo Gusti Allah".
"Inggih mangga" Karmini nyauti "empun jam tiga, mangke pas rampung sembahyang dalu, pas manjing wekdal subuh, Mas mangke saged ndherek Jamaah teng Masjid, mangke Arka rak bungah saged bidhal jamaah sareng kaliyan Bapakne".
Bagus ora wangsulan merga wis ngadeg madhep mangulon ngangkat tangane miwiti sembahyang. Bener apa sing dikandhakne Karmini, lagi wae Bagus rampung olehe sembahyang, saka Masjide Kyai Anas wis keprungu suwarane wong maca shalawat, minangka tandha yen limang menit maneh wektu subuh wis teka. Alon-alon Bagus mudhun saka amben pasalatan arep mlaku metu. Karepe arep marani kamare Arka, anake. Nanging Bagus kecelik lagi wae nyingkap slambu sing kanggo tutup lawang kamar pashalatan Bagus weruh Arka wis dandan, bebetan sarung karo nyampirne sajadah neng pundhake.
"Ayo ndang Budhal Le" kandhane Bagus karo nyedhaki Arka.
"Bapak tindak masjid ta?" Arka takon sajak gumun.
"Iya mumpung bisa tangi esuk" wangsulane Bagus karo mesem "ayo budhal!".
"Nggih, Arka tak pamit Ibuk teng Pawon riyin" Arka wangsulan karo mlaku menyang pawon nusul Ibune sing lagi nata tempe dagangane, mengko bar subuhan arep digawa menyang pasar kaya padatan.
Karo mlaku, Bagus ngrasakne ana rasa aneh sing nggremet ing atine. Rasa kangen lan rasa kepengin bisa luwih cedhak karo Pangerane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar