55.
Anggenipun Darim mirengaken pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus sansaya katrem. Kepengin enggal-enggal mangertos ing kawusananing cariyos. Nanging Sunan Kudus anggtenipun cariyos, sakedhap-sakedhap kendel, sakedhap-sakedhap unjal ambegan landhung ketingal bilih anggenipun cariyos kalimputan dening suwasananing kasungkawan. Darim ugi boten wantun anyelani, awit ajrih menawi nambahi sungkawanipun Sunan Kudus. Sasampunipun sawatawis kendel, Sunan Kudus inggih lajeng ngendika malih :
"Tekaku ing Pengging dipapag klawan sikep kang becik dening Ki Kebo Kenanga.Sing nalika iku ambarengi lagi wae Ki Kebo Kenanga rampung nggone slametan, slametan sepasaran putrane kakung".
"Ki Kebo Kenanga sampun kagungan putra Kanjeng Sunan?" tanpa sengaja Darim nyela nyuwun pirsa.
"Iya, Ki Kebo Kenanga kaparingan ganjaran dening Gusti wujuding putra kakung sing banjur kaparingan tenger Karebet" wangsulanipun Sunan Kudus.
Darim ngunjukaken sukur dhateng Gusti Allah, awit nalika Darim taksih mapan ing Pengging rumiyin Ki Kebo Kenanga dereng kersa pala krama.
"Ki Ageng Pengging banjur ngajak jejagongan aku ana ing Langgar" Sunan Kudus nglajengaken cariyosipun "ya ing kono kuwi mau banjur dumadi bawa rasa lan tukar kawruh antarane aku karo Ki Ageng Pengging. Nalika aku nyuwun pirsa ya gene Ki Ageng ora kersa marak seba menyang Demak, Ki Ageng paring dhawuh yen ora niyat mbalela ing ratu. Nanging, miturut panemune Ki Ageng, Demak lan Pengging iku ora beda. Ya iku padha-padha trahing Sri Brawijaya Kalima. Kaping pindhone mungguhing Ki Kebo Kenanga, titah iku duwe drajat sing padha yaiku padha-padha kawulane Gusti, kamangka wektu iku Ki Kebo Kenanga rumangsa wis manunggal kalawan Gusti, dadi yen Ki Ageng kudu seba menyang Demak, padha wae karo ngecakne Gusti seba marang kawula. Iki genah yen luput. Mula Ki Ageng banjur ora kersa seba menyang Demak".
Darim manthuk-manthuk, salebeting manahipun ngleresaken dhateng pamanggihipun Ki Kebo Kenanga kados ingkang dipun cariyosaken dening Sunan Kudus. Ora sak trepe nek padha-padha titah sing wujud manungsa banjur siji lan sijine rumangsa duwe kalungguhan sing luwih luhur banjur sing ora gelem manut dianggep mungsuh, kuwi cetha nek ora benere.
"Nanging" Sunan Kudus ngendika malih "nalika Ki Ageng tak aturi pemut yen jejering Sultan iku minangka Kalipah utawa wewakiling Gusti kanggo mranata lan marentahke kukum kang adil, kawula sa negara wajib anurut. Sing sapa tan nurut marang parentahing Katong, padha karo mbadal dhawuhe Hyang Maha Agung. Awit bakal ora ana pranatan lan paugeran sing kudu digugu, saben-saben wong bakal gawe paugeran dhewe-dhewe dijumbuhne klawan kabutuhane dhewe. Samono uga kuwajibaning Sultan, kabeh kawicaksanane Sultan kudu tundhuk klawan paugeran sing wis disarujuki dening para-para kang weruh ing kukum, yen ing Tanah Jawa wiwit Kaparentah dening Kanjeng Sultan kapisan paugeran kuwi sing melu yasa yaiku parepatan Wali Sanga. Yen ana tumindake Sultan sing nalisir saka paugeran kang wis tinetepake dadi paugeraning nagara dening parepatan luhur Wali Sanga, mangka Sultan wajib diemutake, lamun kongsi nekad, ing kono Sultan wajib dilengserake lan yen perlu kaptrapan pidana pati. Samono uga tumraping kawula, yen kumawani mbdal dhawuhing Sultan kang lelandhesan paugeran, mangka Sultan wajib nibakne kukum adil sarana paring penget marang kawula mau supaya netepi kuwajibane minangka kawula. Yen nganti nekad ora kena dielingake, kawula kasebut ateges wani marang pranatane nagara. Lan kang mangkono iku sinebut ing kukum pekih sing diarani bugah, tegese mbalela lan bugah iku gedhe pidanane. Yaiku padha karo pidanane Sultan sing nalisir saka paugeran kang wus ginarisake dening Parepatan Luhur Para Wali Sanga. Ing kono Ki Ageng banjur waleh".
"Waleh kados pundi Kanjeng ?" Darim nyela pitaken.
"Waleh, yen tenane Ki Ageng ngersakne dhawuh Dalem Sri Brawijaya Kalima yen sapungkure Kanjeng Panembahan Jin Bun, sing ngasta pusaraning praja kudu Trah Handayaningrat" Sunan Kudus paring wangsulan.
"Salajengipun kados pundi Kanjeng Sunan?" Darim nyuwun pirsa malih.
"Aku ya banjur matur, yen sing ngudokne lumakuning sabda kang kawecakne dening Sri Brawijaya kalima kuwi Gusti Sing Maha Nasa, dudu titah kaya aku apa dene Ki Ageng Pengging dhewe. Yen wis tiba titiwancine, mbuh apa sing dadi jalarane sing gumanti Keprabon dadi Sultan ing tanah jawa mesthi trahe Kanjeng Pangeran Handayaningrat lan bakal disengkuyung dening Parepatan Wali Sanga. Ora kena digege, luwih-luwih manawa panggegene kaya sing ditindakne Ki Ageng Kebo Kenanga iki, miturut kukum udanegara kasultanan tetep diarani luput lan mbalela ing pranatan, kuwi wajib nampa pidana".
"Sareng Ki Gedhe Pengging dipun ngandikani makaten lajeng kados pundi Kanjeng Sunan?"
"Ki Kebo Kenanga nglenggana ing kaluputane, nanging suthik ndilat idu sing wis kawetu. Mula banjur ndhadhagi apa sing pidana sing bakal ditibakne marang panjenengane Ki Ageng pengging ora bakal wegah, bakal diadhepi klawan jiwa kasatriyane. Aku sing banjur dadi bingung dhewe, jalaran tekaku ing pengging kuwi wis sinampiran purbawasesaning ratu lan wis nggegem pikukuh asiling rembug ing Parepatan Luhur Wali Sanga. Yen Ki Ageng Pengging mbeguguk Makuthawaron kaya mangkono, padha wae karo ngajak ngadu siyunge Bethara Kala karo aku" wangsulanipun Kanjeng Sunan Kudus ingkang lajeng kendel sarwi unjal ambegan landhung.
Darim saged ngraosaken sapinten repoting penggalihipun Kanjeng Sunan Kudus nalika samanten. Kados pundi raosing manah menawi kedah aben ajeng kaliyan Ki Ageng Pengging ing glangganing payudan. Kamangka sadangunipun punika Ki Ageng Pengging punika sakalangkung ageng kasok tresnanipun dhateng Sunan Kudus. Makaten ugi Sunan Kudus punika sanget ageng anggenipun bekti dhateng Ki Kebo Kenanga. Boten kraos Darim ndhingkluk, pikiranipun kaseret dhateng cariyos ribeting penggalihipun Kanjeng Sunan Kudus. Darim kemutan cariyos lelampahan ing perang agung bharata yuda ingkang sinerat ing Kitab Mahabharata, lelampahan ingkang dipun adhepi dening Sunan Kudus punika kados lelampahanipun satriyaning para Pandhawa nenggih Arjuna ingkang njegreg buneg nalika kedah aben ajeng dados mengsah kaliyan para pepundhenipun piyambak ingkang agteng katresnanipun dhateng para Pandhawa kados Resi Bhisma, Prabu Salya, Resi Drona lan sapiturutipun. Katujunipun, nalika samanten Arjuna sinisihan Sang Krisna, ingkang nunten ambabar wejangan Bagavatgitha. Lajeng ing lelampahanipun Sunan Kudus ingkang ngadhepi Ki Kebo Kenanga punika sinten ingkang badhe ambabar wejangan Bagavatgitha?.
"Wusanane" Kanjeng Sunan Kudus nglajengaken cariyosipun "gandheng aku ngrumangsani sepira mungguh kadigdayanku, kena diparibasakake timun mungsuh duren lamun kudu adu arep karo Ki Kebo Kenanga, sapa sing kuwawa nadhahi yen Ki Kebo Kenanga wis matak ajine sing aran Sasra Birawa? . Mula aku banjur ngunus pusakane sawargi Pangeran Surawiyata sing aran Keris Kyai Setan Kober, ukirane keris tak aturake marang Ki Ageng Pengging, supaya Panjenengane kersa nguntapne patiku murih aku bisa antuk nugrahaning pati utama yaiku gugur awit netepi kasatriyanku minangka dhutaning nata. Ing kono, banjur lelakone Prabu Salya kang wis matak ajine sing aran Candhabirawa ginelar maneh ing Langgare Ki Ageng Pengging, mung bedane yen Prabu Salya sing ora ana tandhinge kuwi runtuh awit tangise Nakula lan Sadewa, ing kene Ki Ageng Pengging runtuh kasudirane awit ora kuwat nampa pasrah pati uripku".
"Salajengipun kados pundi Kanjeng Sunan?" Darim nunten nyuwun pirsa malih.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar