Total Tayangan Halaman

Jumat, 01 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 56

 


56.

Sunan Kudus kendel dangu boten paring wangsulan, pasuryanipun ketingal sungkawa malah ing socanipun ketingal kekembeng waspa. Darim inggih lajeng boten wantun kumecap pitaken. Malah inggih lanjeng ndhingkluk tumungkul ing siti. Darim saged ngraosaken menggah awratipun Kanjeng Sunan Kudus anggenipun badhe ngendikaken lelampahan ingkang saestu ngodhengaken penggalihipun. Nanging dangu-dangu Kanjeng Sunan Kudus ugi lajeng ngendikan kanthi suwanten ingkang cetha :

"Wiwitane Ki Kebo Kenanga semu duka ngandhakne nek aku iki senapati sing licik, ora duwe kaprawiran ora bisa dadi piyandeling negara tega, awit isih nduweni pangeman marang sing cetha dadi mungsuhe negara. Luwih licik maneh bareng masrahne nyawane marang sing kudune diadhepi kanthi kekuwatan atosing balung wuleting kulit, kuwi cetha yen dudu sipating satriya. Awit darmaning satriya kuwi linandhesan kukum adil, kang ana amung pidana utawa ganjaran. Sikepku kang mangkono iku diarani sikeping wadon wandu. Nanging panggah aku ora gigrig, tekadku aku ora bakal mbadal dhawuhing ratu, uga ora bakal wani karo pepundhenku. Yen kongsi aku mundur saka payudan tegese aku iki satriya sing ora duwe kaprawiran,lan pantes nampa pidananing ratu. Kosok baline aku uga ora bisa nggambarake sepira gedhening walat sing bakal tak tampa yen aku nganti cilik nglarani gedhene nganti merjaya pepeundhen sing wis akeh paring tuntunan marang aku. Wekasane, Ki Kebo Kenanga mupus ing penggalih. Panjenengane ngersakne aku ora mundur saka payudan lan ora wani karo pepundhen, banjur Ki Kebo Kenanga kepareng arep miyak wiwara kang misahake  alam apngalollah lan alam Datullah. Nanging sadurunge manjing alam apngalollah Ki Ageng Pengging banjur nitip weling supaya ing mbesuk aku gelema nampa putrane sing aran Karebet dadiya siswaku lan katuntun ing marganing karahayon, sarta kang kapindho supaya aku ndherek ndedonga muga-muga sadaning Kanjeng Sinuhun Sri Brawijaya Kalima bisaa enggal numusi. Sawuse pamundhute Ki Kebo Kenanga tak saguhi, panjenengane banjur nulad lekase Syekh Siti Jenar, ngelus githok mawa epek-epek sinartan panyuwunan marang Gusti Kang Maha Urip yen kepengin urip langgeng ing alam Apangalollah. Kabul panyuwune Ki Kebo Kenanga, paribasan nginaga durung abang, ngidua durung asat, Ki Ageng Pengging seda sajroning laku samadhi. Para santri lan pandhereke Ki Kebo Kenanga, sing uga melu nyekseni anggone rembugan Ki Kebo Kenanga karo aku, sing cacahe pitu, banjur padha tiru-tiru kabeh ndherekne jengkare Ki Ageng Pengging manjing alam apngalollah. Kang katon ing langgar kono kuwi pating glinting ana mayit wolu, yaiku jisime Ki Kebo Kenanga lan mayite para santri kang pinilih" Kanjeng Sunan Kudus mungkasi anggenipun cariyos.

"Dados Ki Ageng Pengging seda punika awit karsanipun piyambak inggih Kanjeng Sunan?" Darim lajeng nyuwun pirsa malih.

"Aku ora ngarani nek Ki Gedhe Kebo Kenanga kuwi seda" Kanjeng Sunan Kudus ngendika "jalaran yektine Ki Kebo Kenanga kuwi wis milih anggone ngrantu timbalaning Gusti Kang Maha Nasa kuwi mapan ing alam apngalollah, ragane Ki Ageng Pengging katitipake ing sajeroning kuburan kuwi mung sawatara wektu, murih wong-wong padha ora weruh sejatining wewadi, jasade Ki Kebo Kenananga lan para santrine uga banjur tak suceni, tak sembahyangi lan tak kubur kaya lumrahe angrukti kunarpa. Awan jasad-jasad kuwi tak lebokne bumi, bengine udan deres banjur sinusul suwara bledheg wolu sesahutan tunggal sawektu, iku ngono sasmitaning gaib yen ragane Ki Kebo Kenanga lan para santrine wis nyawiji karo aluse ing alam apngalollah, dadi saupama kuburan kuwi dibungkar, yegti wis suwung".

"Sabanjure aku lan wadya bala saka Demak uga bali. Kabeh dumadine lelakon kang kaya mangkono iku ora ana sing kecicir, tak aturake marang Kanjeng Sultan sarta Parepatan luhur Wali Sanga. Kanjeng Sultan Trenggana lan Parepatan Luhur Wali Sanga, ngunjukne panuwun marang Allah awit ora sida ana perang gedhe antarane Demak lan Pengging. Bab moksane Ki Gedhe ing Pengging lan pitu santrine, kudu pinupus yen lakuning pepesthen kudu kaya mangkono. Mung sing ndadekne kuciwaning atiku, embuh sapa sing miwiti banjur sumebar warta sing tak arani wis ngremehake kasudirane Ki Ageng Pengging lan pitu santrine, uga ngucemake asmaku kadidene wong sing ora weruh ing kabecikan. Iya ing Demak, iya ing Kudus, ing Pengging lan meh kabeh ing tlatah negara jawa".

"Kabar ingkang kados pundi Kanjeng Sunan?" Darim nyuwun pirsa.

"Yaiku kabar sing nyritakne yen wis dumadi perang tandhing antarane aku karo Ki Kebo Kenanga, ana kusuting yudane Ki Ageng Pengging kena tak langga karo Kyai Brongot Setan Kober, temah dadi lan gugure. Para santrine sing cacah pitu padha bela pati lan kabeh padha prapteng pralaya amarga ketaman Kyai Brongot Setan Kober sing ana tanganku" wangsulanipun Kanjeng Sunan Kudus kaliyan polatan ingkang ngemu raos sungkawa lan prihatin.

Darim ugi lajeng nglenggana, bilih awit pokaling tiyang ingkang baud crita, kamangka boten mangertosi kedadosanipun sok nganggit-anggit cariyos ingkang tebih kaliyan kanyatan. Kados cariyos ingkang ngabaraken bilih bedhahipun nagari ing Majapahit sarta lolosipun Sri Brawijaya punika awit saking pokalipun Raden Patah ingkang madeg kraman ngurug perang tanpa layang panantang. Kamangka kanyatanipun, bedhahing nagari Majapahit awit saking degsuranipun Adipati Girindrawardana ingkang nglimpe nyuduk saking pengkeran. Sarta kendhangipun Adipati Girindrawardana ingkang ngagem asma Brawijaya awit saking pambudidayanipun Sultan Yunus saha Pangeran Handayaningrat ingkang nglurug dhateng Majapahit, ingkang senapatinipun inggih Raden Jakpar sodik utawi Kanjeng Sunan Kudus.

"Sawuse cetha nggonku carita" sasampunipun radi dangu kendel Sunan Kudus lajeng ngendika malih "saupama aku njaluk tulung marang keng slira, apa keng slira ora kabotan Darim?".

"Dhuh Kanjeng Sunan pepundhen kula" wangsulanipun Darim "punapa ingkang kadhawuhaken dening Kanjeng Sunan, sauger boten cengkah kaliyan dhawuhing Gusti Ingkang Maha Nasa, saestu badhe kula estokaken kaliyan remening manah".

"Gandheng kuwajibanku ing Kudus kene iki ora bisa tak tinggal suwe-suwe, kamangka aku uga rumangsa kasampiran kuwajiban ngreksa kaslametane Karebet putra kakunge Ki Kebo Kenanga sing isih durung diwasa, yen keng slira ora kabotan aku njaluk tulung melua ngawat-awati kahanane Karebet, aja nganti ana titah sing ngganggu gawe marang kaslametane" Kanjeng Sunan Kudus paring dhawuh.

"Inggih Kanjeng Sunan" Darim wangsulan kaliyan suka gembira "dhawuhipun Kanjeng Sunan badhe kula lampahi, malah menawi kaparengaken dinten mangke kula badhe bidhal dhateng Pengging".

"Sumurupa Darim" Kanjeng Sunan Kudus ngendika malih "samoksane Ki Ageng Pengging Karebet banjur kapundhut putra dening Ki Gedhe ing Tingkir, dadi wektu iki Karebet ora ana ing pengging maneh nanging ndherek ingkang uwa ing Tingkir".

"Menawi makaten kula kedah dhateng Tingkir Kanjeng Sunan?"

"Prayogane pancen mangkono" Kanjeng Sunan paring pitedah "sowana ing ngarsane Ki Ageng Tingkir matura yen didhawuhi Sunan ing Kudus supaya keng slira ndherek suwita ing Tingkir, ngono wae. Mengko Ki Gedhe Tingkir wis pirsa mungguh apa kang kudu keng slira tindakake. saiki rembulan nuduhake tanggal kaping rolas, sadurunge sliramu budhal menyang Tingkir, tindakna laku pasa telung dina yaiku ing tanggal telulas, patbelas lan limalas, yen uwis keng slira bisa budhal menyang Tingkir".


ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...