SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih
57.
Sasampunipun rampung anggenipun nindakaken
siam tigang dinten, Darim pamit dhateng Sunan Kudus badhe dhateng Tingkir,
saperlu madosi putranipun Ki Ageng Pengging ingkang nami Karebet. Dening Sunan
Kudus Darim kaparingan pangestu miwah bidhalipun ugi kairingan pandongan
wilujeng. Boten kacariyosaken kedadosan ingkang wonten ing margi, Darim sampun
dumugi ing Dhusun Tingkir kanthi rahayu. Boten angel anggenipun madosi, Darim
ugi sampun dumugi dalemipun Ki Ageng Tingkir. Nanging sepinten mesguling
manahipun Darim, sasampunipun mlebet dalemipun Ki Ageng Tingkir lan ngaken
menawi kautus dening Kanjeng Sunan Kudus. Jebul ingkang manggihi dede Ki Ageng
Tingkir, nanging malah Nyi Ageng Tingkir ingkang lajeng paring dhawuh kaliyan
mbrebes mili.
"Kauningana anakmas, aku banget ngaturake
panuwun marang Kanjeng Sunan ing Kudus, sing nyata isih migatekne marang
tinggalane Ki Ageng ing Pengging sing dititipne ing Tingkir kene. Nanging, ing
titi kalungguhan iki, penere sabubare pendhak kapisane Ki Ageng Tingkir,
Karebet pamitan marang aku arep lelana golek sanguning urip. Dadi wektu iki si
Karebet sing uga sinebut Jaka Tingkir wis ora ana Tingkir maneh, mbuh kapan
olehe arep bali aku dhewe ya ora ngerti".
"Dados wekdal samangke Ki Ageng
Tingkir sampun murud ing kasedan jati? lan Dhimas Karebet tindak lelana boten
kantenan purugipun Nyi Ageng?" Sepisan malih Darim nakyinaken dhawuhipun
Nyi Ageng Tingkir.
"Bener mangkono iku kahanane
ngger" wangsulanipun Nyi Ageng Tingkir.
"Menawi makaten Nyai, kaparenga kula
nyuwun pamit saha nyuwun pangestu badhe madosi lan nusul kesahipun Adhimas
Karebet, angestokaken dhawuhipun Kanjeng Sunan Kudus, nuwun inggih ndherek
angreksa kasugenganipun putra tilaranipun pepundhen kula nenggih Ki Gedhe ing
Pengging" sareng sampun tita lan cetha bilih Mas Karebet utawi Jaka
Tingkir sampun boten wonten ing Tingkir malih, Darim nunten pamitan badhe
madosi.
"Yen pancen mangkono kang dadi
kersane, aku mung bisa melu anjurung donga ngger, muga-muga Gusti Allah paringa
pangayoman marang sliramu. Aku ya ora bisa aweh ancer-ancer menyang ngendi
parane si Karebet, nanging miturut padatan sing kulina ditindakne nalikane isih
manggon neng kene, Karebet kuwi senengane teki-teki ing papan kang wingit,
ngunggahi gunung nasak alas sing gawat, nindakne laku prihatin kanggo nggayuh
geyonganing kayun" wangsulanipun Nyai Ageng Tingkir.
Boten gantalan wekdal, Darim ugi lajeng
bidhal madosi Mas Karebet ingkang boten kantenan menggah panggenanipun. Kanthi
sangu pitedah sakedhik saking Nyai Ageng Tingkir, ingkang dipun tuju Darim
inggih ing papan-papan ingkang gawat lan wingit. Nanging ngantos boten kawilang
menggah cacahing panggenan ingkang dipun dugeni, parandene Darim dereng saged
kepanggih kaliyan tipak utawi ntilas-tilas ingkang nedahaken nate kaambah
dening Mas Karebet. Ngantos pinten-pinten wulan, minggahipun pinten-pinten
tahun Darim lelana, ngiteri laladan Demak Bintara bebasan ngantos tepung
gelang, meksa dereng saged manggihaken ingkang dipun padosi. Ngantos nalika
satunggaling dinten, nalika lampahipun Darim dumugi ing satengahing wana
ingkang mapan perenging redi Sindara, awit saking sayahing raga kawewahan
kirang waspadaning paningal, Darim kepleset lajeng dhawah kaplorot ing
salebeting jurang ingkang sakalangkung lebet, ingkang ndadosaken Darim boten
emut punapa-punapa malih. Darim ugi boten mangertos babar pisan raganipun
temangsang dhateng pundi lan kados pundi kawontenanipun awit icaling
kasadaraning Darim sareng kaliyan cumloroting raganipun saking lambening jurang
keplorot mangandhap.
Ngertos-ngertos Darim sampun ngraosaken
sukunipun dipun petegi dening tangan ingkang alus lan lembut. Lon-lonan Darim
mbikak mripatipun, nglirik nganan lan nglirik ngering. Jebul Darim sampun
ngglethak ing satunggaling dipan ingkang wiyar, linemekan klasa ingkang alus,
kadamel saking nam-naman mendhong ingkang alus lan endah, rinengga mawi
sesekaran warni-warni. Sirahing Darim sumeleh ing kajang ingkang empuk tur
gandanipun arum. Darim lajeng ngemut-emut punapa ingkang sampun kedadosan
dhateng badanipun. Ingkang dipun emuti dening Darim boten wonten malih kajawi
kala wau sukunipun kasrimpet oyod lajeng dhawah kaplorot. Pramila Darim lajeng
ngungun dene samangke sampun manggen ing satunggaling senthong ingkang jembar
lan gebyoging pasenthongan karengga-rengga endah mawi sesekaran miwah
sesunggingan ingkang maneka warni.
"Sampun wungu ta Kakangmas?"
dumadakan Darim dipun kagetaken kaliyan suwanten ingkang alus manuhara,
suwantenipun tiyang estri ingkang wau kraos ametegi sukunipun Darim. Darim
badhe tangi saking anggenipun glethakan, angkahipun badhe mapan linggih.
"Sampun kagem wungu rumiyin
Kangmas" tiyang estri ingkang taksih nem tur nggadhahi praupan ingkang ayu
kimbuhan manis, rambutipun panjang kaore dhateng wingking rinenggan dening reroncen
sekar melathi, apawakan weweg padhet, dedeg sedheng, pakulitanipun kuning ngemu
giring, punika wicanten kaliyan mesem temah katingal wajanipun ingkang ricik
amiji timun. nDadosaken Darim ndlongop karoban raos ingkang boten kenging
kacariyosaken kaliyan ukara limrah.
"Kagem sareyan rumiyin kemawon
Kangmas" priyantun estri ingkang ayunipun pindha widadari ngejawantah
punika wicanten malih "Kangmas tengga sakedhap inggih? Bapa kula aturanipun
tindak mriki".
Tiyang estri kala wau nunten mandhap
saking dipan, mlampah nilaraken Darim. Darim namung saged nglirik ningali
kaliyan glethakan, katingal sinjangipun lare estri wau kangge mlampah nyingkap
sakedhik, temah kentolipun ketingal, kemanak amentil-labu dawa (warnanipun
kados pentil labu nanging panjang), ndadosaken kumesaring manahipun Darim.
Sanaosa kala wau sampun dipun weling murih
Darim supados boten tangi rumiyin, nanging gandheng Darim rumaos sampun kesel
glethakan, mila lajeng tangi lan mapan linggih, nanging boten mandhap saking
dhipanipun. Kangge linggih badanipun Darim kraos sekeca, langkung-langkung
nalika kaisep hawa asrep ing pareden ingkang nyarengi tarikaning napas mlebet
dumugi lebeting dhadha, sarandhuning
badanipun Darim kraos seger sumyah kados kawewahan kekiyataning tenaga.
Dumadakan wiwaraning lawang senthong
kapiyak, satunggaling pawongan ingkang sampun setengah yuswa nanging katingal
gagah prakosa mlebet, ing wingkingipun tut wuntat ketingal lare estri ingkang wau nenggani
anggenipun Darim tilem.
"Ngaturake kasugengan sarawuh ndika
ing Padhepokan Sigawok kene Anakmas" pawongan pidegsa kala wau kanthi
kurmat mbagekaken Darim. Darim inggih nimbangi kaliyan manthuk kurmat,
tanganipun kekalih katangkebaken ing dhadha kanthi sembah kalbu.
"Ngaturaken genging panuwun Sang
Resi" wangsulanipun Darim.
"Inggih dipun tepangaken kemawon
anakmas, kula Ajar Pawaga ingkang angesuhi Padhepokan Sigawok mriki"
Pawongan wau anepangaken dhiri "dene punika anak kula estri Rara Sumarni".
"Inggih Bapa Ajar, nami kula Darim
lare ingkang kleyang kabur kanginan, kandhang langit kemul mega"
wangsulanipun Darim kaliyan sikep sembah kalbu "lan kula nyuwun
pangapunten, awit kulapiyambak boten mangertos dumadakan wonten samirana
ingkang anempuh dhateng kula temah kula dumugi ing papan ingkang sakalangkung
endah kados Kahyangan Tinjomaya mangejawantah punika".
"Angger Darim boten prelu mundhut
pangapura dhateng kula" Ajar Pawaga wangsulan kaliyan gumujeng alon
"awit rawuhipun angger Darim ing papan punika, mila kula ingkang mbeta,
sasampunipun Angger Darim kasrimpet dhadhungipun Mahesa Wulung lajeng kepleset
dhateng jurang. Gandheng kula tingali Angger dhawah kantaka mila nunten kula
boyong dhateng pasenthongan mriki. Lan supados Angger boten wonten ingkang
ngganggu damel dhateng Angger ingkang mrelokaken aso salira, kula kengkenan
anak kula pun Rara Sumarni murih anenggani anggenipun Angger Darim sare. Mila
kula inggih nyuwun pangapunten jebul Anak Kula Estri malah mbribeni Angger
Darim temah boten siyos sare kanthi sekeca".
"Bapa iki lho" dereng ngantos
Darim wangsulan sampun karumiyinan Rara Sumarni nyendhu tiyang sepuhipun
"wong aku iki ora mbribeni sarene Kangmas Darim lho, mung tak sawang
Kangmas Darim katon sayah banget mula banjur tak petegi sampeyane. Aku mau ora
sengaja nggugah, nanging Kangmas Darim wungu saka kersane dhewe".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar