(03)
-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Lakune dina ora tau leren mandheg, terus mlaku mengarep mbarengi tambahing umure manungsa. Slametan sewu dinane Taslim wis meh teka titi wancine, Marti ya banjur kaya lumrahe wong urip, banjur nglumpukne wragad kanggo nylameti bojone. Ana pitik lancur loro sing diingu wiwit cilik, arep dienggo ingkung, beras oleh nyisihne sak gelas saben dina, ditaker maneh ketoke ya wis cukup kanggo nggawe ambengan sega uduke, kari nambahi blanjane wae. Marti pancen olehe nduwe niyat nyewu bojone iki ora gedhen kaya wong-wong sing rada turah rejekine ngana kae. Nek lumrahe wong nyewu neng desa kono kuwi, dibelehne wedhus Marti cukup mbeleh pitik lancur loro wae. Ora arep ngundang wong akeh-akeh cukup tangga teparo kiwa tengene kono wae kanggo tahlilan.
"Suk Kemis aku direwangi lho Yu Nah" kandhane Marti marang Saminah, kancane nyambut gawe, ing sela-selane nandangi gaweyan neng nggone juragane "aku ya wis omong nyang juragane kok, suk kemis kuwi awakmu karo Giyem arep tak kon neng nggonku, dadi olehe neng kene prei sedina. Juragane ya wis ngolehi".
"Thik kon rewang ki, kowe duwe ewuh ta Mar? arep nyupitne Hajir apa piye? Calake rak ya Kang Kadimin wetan kono ta?" Saminah takon.
"Kowe kuwi piye ta Yu?" wangsulane Marti "genah Hajir ki wis sunat ngono kok? kae pas bareng bocah pirang-pirang disunati neng latar Masjid, ora mbayar malah ditukokne sarung, klambi, kupluk barang kae? Genah dhek emben kowe ya ngeteri jangan lombok, jaremu ben tatune ndang garing kae apa?".
"O, iya ya?" Saminah ndemek bathuke dhewe "lha suk Kemis kuwi kowe arep ewuh apa maneh?".
"Arep nironi Pake Hajir, pas sewu dinane Yu" wangsulane Marti .
"Iki dinane wis Selasa Kliwon, dadi suk Kemis kuwi Kemis Pahing, iya ta Yu?" Giyem sing nyambut gawene rada adoh melu nrambul gunem .
"Iya lha ngapa ta?" Saminah sing semaur mangsuli pitrakone Giyem.
"Ora, kuwi lho Yu Marti kuwi lho, nek Suk Kemis nyewu Pake Hajir, rak wis gak keduman Pon? Lha leh golek wedhus suk kapan? wong Pone wis dhek wingenane?" Giyem wangsulan nganggo pitakonan.
"Iki ora nganggo wedhus kok Yem" wangsulane Marti "wong aku wis dikandhani karo Bu Nyai Badrun, jane nylameti wong sing wis mati kuwi sing baku dongane wae, ya ora kudu pas dina petunge, nek pancen dibarengi karo sedhekah kranalah, ngono kuwi becike sedhekahe diwenehne menyang wong sing kesrakat wae, ora kudu nyembeleh wedhus, nek pancen ora nduwe ya ora perlu nekad, sing baku iklase ati wae. Bu Nyai dhek emben rak nyang nggonku, ngandhani bab kuwi karo aku diparingi beras telung bathok".
"O ngono ya Mar?" Saminah sing melu ngrungokne kandhane Marti semaur.
"Iya Yu".
Olehe padha rembugan mandheg, merga Sihmirah, Juragane mlebu pawon marani sing lagi padha nyambut gawe sinambi omong-omongan.
"Anu, Makne Hajir" durung nganti lungguh Sihmirah wis wiwit omong "anu, mengko sing kanggo slametan suk malem Jumuah kuwi, kowe ora sah repot-repot olehe mikir, beras neng kandhi tilas wadhah tepung terigu neng amben cedhak lawang kae, mengko gawanen mulih. Kanggo blanjane, suk kemis esuk ndadak wae, sing blanja ben Giyem karo aku, dhuwite ya wis eneng. Banjur Wedhuse Apan sing lanang kae, karo Mas Kadirin ya wis didhuwiti pisan, ben disembeleh lan ditandangi Apan pisan. Jaremu kanggo ingkunge kowe wis ngingu lancur dhewe?".
"Enggih Gan" wangsulane Marti karo mlenggong nyawang juragane "lha niku mengke petange pripun? wong kajeng kula ajeng climen-climenan mawon, kados sing dinasehatne Bu Nyai Badrun nika?".
Sihmirah mesem, ngerti sing dikarepne Marti kanthi pitakonan kang mangkono kuwi.
"Ora sah mbok gagas" kandhane Sihmirah sabanjure "kuwi kabeh minangka sumbanganku marang kowe, ben rada patut kaya lumrahe wong-wong nek nyewu ngana kae, pisumbang iki ora sepira ajine nek ngelingi karo lelabuhanmu karo lelabuhane Pake Hajir marang aku karo Mas Kadirin. Dadi kowe ora sah nggagas sing neka-neka".
"Oo, enggih Gan, matur nuwun sanget" wangsulane Marti "nggih lemah teles, mugi-mugi Pake Hajir teng mrika saged langkung tentrem.
"Iya" Sihmirah semaur banjur mrentah "wis, saiki berase kae ndang gawane mulih dhisik, ndang dilebokne Genthong Padaringan, ben berkahe tambah".
"Enggih Gan" wangsulane Marti, sing banjur nyelehne gaweyan sing ditandangi. Beras sing dituduhne Juragane kuwi banjur diindhit, digawa bali. Rada abot wong kira-kira isine ana telung centhak.
"Mesakne Marti ........." Sihmirah grenengan ijen bareng Marti wis metu saka pawon.
"Enggih, nggih Gan?" Saminah numpangi gunem "isih nom wis ditinggal mati sing jaler, ngopeni anak piyambakan".
"Lha nggih?" Giyem melu udhu rembug "jane Yu Marti niku tesih nem, nggih tesih ayu nggih Gan?".
"Lha iya lah" Sihmirah semaur "nek karo prawan-prawan kene ngono wae, ya isih ketok ayu si Marti ta Yem? wong najan ta Randha, Marti ki umure durung akeh, anake lagi siji, praupane lonjong resik, rambute dawa ngandhan-andhan, mripate, alise, idepe, lambene, janggute, irunge kabeh sarwa mantesi. Dhasar lencir, kulite kuning, solah lan slagane sarwa patut, ayune ora digawe-gawe kaya wong wedok sing seneng kemayu, anteng tur sregep nyambut gawe, apa-apa sarwa cag-ceg, trampil lan ora wegahan........".
"Biyuh-biyuh, jurgane ki nek ngalem tiyang kok ngungkuli Dhalang Nartosabdho nyandra Dewi Banuwati mawon neh........" Saminah nigas rembuge juragane karo ngguyu.
"Kok Ngalem, aku ki ora Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "pancen saknyatane Marti kuwi pancen ayu tenan, upama kae gak sabane neng sawah karo neng pawon ngene iki ngono, terus disampiri sandhangan sing rada patut sithik wae, mesthi ketok mentrong-mentrong kaya jambu darsana kemundhuh".
"Lha ketingale Yu Marti niku empun wonten sing ngajengi napa dereng ta Gan?" Giyem takon.
"Nek sing ngarepi ki mesthine ya akeh Yem" wangsulane Sihmirah "sing angel ki rak sing nocogi atine Marti?. Aja maneh kok mung ngarah dhudha sing wis rada umur, lha wong jaka-jaka sing isih gagah prakosa wae, kira-kira nek weruh Marti kuwi ya akeh sing padha nguku idune kok. Ning ya kuwi mau, dhek emben pas tak kandhani supaya Marti kuwi mikir golek bojo maneh, wangsulane jare durung bisa nglakoni, kajaba isih durung bisa nglalekne Taslim, jarene ngenteni nek Hajir wis rada gedhe dhisik".
"Ngoten niku lumrah Gan" Saminah nyauti gunem "duka nek bar sewune sing jaler niki, gek Hajir sak niki rak nggih empun rada gedhe, tiyang pun kelas setunggal".
"Iya Yu" dumadakan Sihmirah mripate kaca-kaca "jane aku ki arep nembung Marti, nanging isih menga mingkem lambeku, merga anake Marti ki mung siji, sirku Hajir ki rak arep tak pupu, sapa ngerti bisa dadi lantaran aku kaparingan momongan?".
Olehe Sihmirah kaca-kaca mripate kuwi merga Sihmirah kelingan karo kahanane sing wis meh patang tahun omah-omah, nanging durung kaparingan anak. Mesthi wae, kang mangkene iki ndadekne Sihmirah nelangsa, sanajan Kadirin wis bola-bali kandha supaya Sihmirah sabar, mengko nek wis wayahe Gusti Allah mesthi aweh turun marang dheweke.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar